Upacara Wiwit

26 April, 2006

Wiwit mujudake tatacara Jawa sing diadani saben panen pari. Tatacara Wiwit wis arang keprungu, nanging dening warga Dhusun Nitiprayan, Kasihan, Bantul, isih diuri-uri.

Salah sijining tokoh masyarakat sing biyasa nyepuhi upacara Wiwit (methik pari) asmane Mbah Sedyaprada (65 taun). Duwe anak enem, kabeh wis mentas, ana sing dadi guru, ana sing nyambutgawe swasta. Senajan mung buruh bisa nyekolahake anak lan putune. Saben ing Dhusun Nitiprayan wiwit ana panen, piyambake sing dipitaya warga amrih mimpin acara Wiwit. Ing ngisor iki katur wawancarane JB karo Mbah Sedyaprada bab upacara Wiwit.

Kadospundi Mbah larah-larahipun wonten upacara Wiwit?

Upacara Wiwit, nek neng Jawa Timur karan upacara methik pari. Kapan dianakake sing sepisanan, aku ora ngerti, jalaran aku mung nerusake tilarane leluhur. Panenan pari bisa becik lan orane gumantung marang Gusti Sing Akarya Jagad.

Upacara Wiwit iku desa siji lan sijine pancen beda. Ana sing ngarani upacara Labuh. Lan ana sing mastani Nglenggani utawa Wiwit. Neng Jawa Timur karan Methik! Wiwit iku kanggone kadang tani klebu mangsa sing banget nyenengake. Mula perlu nindakake acara iku. Acara Wiwit iku kaperang dadi loro. Sing sepisan ing papan bulak pari dipanen, ditengeri kanthi methik pari manten. Saperangan banjur mboyong pari manten menyang omahe sing duwe pari, tumuli mapanake ing lumbung. Acara sing iki sinebut mboyong pari manten.

Panen sepindhahan punapa wonten gandhengipun kaliyan dinten pasaran?

Wong Jawa pancen percaya banget karo petungan dina pasaran. Methik pari kudu milih dina sing becik manut keyakinane sing duwe pari, bisa Senen Paing utawa dina becik liyane. Bojone sing duwe pari, anake, perane gedhe banget. Jalaran dheweke sing nyiapake ubarampene. Ning nek ana alangan bisa dipasrahake wong liya sing bisa gawe sajen.

Sajene awujud jadah woran, lintingan bekatul (katul), sega sambel gepeng dhele sing wis digoreng, kembang boreh, wedhak, abon-abon, kinang, juruh, pulo gimbal pulo gringsing, godhong pulutan (Urena labato), endhog, rakan (arupa uwi-uwian). Senthe (Colacasiaesculenta), pisang sepet kukus, jewawut (Panicumviride), tebon, jejali.

Jejali, jewawut, lan tebon digerus alus. Rakan didokok ana ing panjang ilang –kranjang sing digawe saka janur– sabanjure tumpeng alus, tumpeng among-among, sega gurih, sega liwet, sega golong gilig, kupat luwar cacahe loro, kupat lepet loro, kupat bucu lima, menyan, klasa, kain (jarit) anyar, parem, jungkat, pengilon, ani-ani, kinang, sayur menir, godhong kelor. Barang-barang mau banjur digawa menyang pinggir sawah sing arep dipanen.

Dina sing becik wis katemtokake. Yen tiba dina Senen Paing, Senen neptune papat lan Paing sanga, gunggunge 13. Merga parine manten sajodho, gunggunge pari sing dipethik ana 26 gagang pari. Sawise ndonga sinambi mbakar menyan tumuli ngani-ani njupuk 26 gagang pari diiket dadi siji. Ya iki sing jenenge pari manten Sri-Sadana. Sawise iku sajen-sajen sing ana panjang ilang padha didum mligine marang bocah sing melu Wiwit.

Sawise iku pari manten diboyong nuju omahe sing duwe sawah kaya boyongan manten. Dene sajene diseleh ana lumbung awujud klasa sing dhuwure diwenehi jarit anyar lan piranti dandan wanita kaya ta wedhak adhem, parem, jungkat, pengilon, kinang, kembang boreh. Kajaba iku uga ana jangan menir, godhong kelor, ani-ani, bekatul, lan menyan. Sawise sajen cumepak jangkep, pari manten saka sawah banjur dilebokake ana jero lumbung. Sabanjure kabeh pari sing mentas dipanen uga dilebokake ana jero lumbung kono dadi siji karo pari manten.

Mbah, werdine sajen-sajen niku napa?

Sajen kayadene jajan pasar, rakan, utawa uwi-uwian mengku pralambang dina pasaran lan dina pitu wiwit Senen tekan Minggu. Windu wolu sarta surya rolas (gunggung sasine). Dadi anggone nganakake Wiwit petungane sawise srengenge lingsir, watara jam 12 munggah. Lha wong Jawa etungane panen ana papat: Suku, Watu, Gajah, lan Buta. Nek tiba Suku entuke mung gagang, tegese parine ora ana entuke, mung sikil. Nek tiba Watu parine awet dipangan ora gampang entek. Tiba Gajah katone panenane akeh nanging parine gabug. Nek tiba Buta pira-pira wae entek dimangsa buta.

Pari manten klebu pari sing suci mula wektu digawa tumuju omah kaya methuk manten boyongan. Lan kanggo nindakake Wiwit pantangane ora kena njupuk dina Jemuah, iku dinane Wali, lan ing dina iku Dewi Sri dewine pari nembe sare. Nek nganti wungu lan duka sing tuna kadang tani dhewe.

Ature: R. Dwi S.
JB 35/LX, 30 April-6 Mei 2006


Kapan Basa Jawa Rineksa? (1)

26 April, 2006

Tulisan ngenani nasibe Basa Jawa satemene wis asring kapacak ing kalawarti lan ariwati pirang-pirang. Malah kalawarti kita JB kinasih iki uga wis wola-wali olehe macak tulisan kang wose pisambat bab saya mungkrete papan sarta kalodhangan kanggo Basa Jawa. Saengga kang rinasa dening para nupiksa mung saur rembug, dudu cancut gumregut. Lire, senajan kahanane Basa Jawa iku wis cetha yen kalungguhane/papane nelangsa, nanging sing dadi underaning rembug nganti dikongresake rambah kaping telu tur prabeyane akeh ngebreh, amung manut teorine sing padha nguja gagasan. Mungguh kepriye cak-cakane, ora gupuh ora aruh. Bab sing kaya ngono kuwi satemah juntrunge malah kena kanggo bahan rembugan maneh, kang tundone banjur kongres maneh – kongres maneh. Mangka satemene sing paling ndheseg dibutuhake iku dudu kongres, nanging pangrewes murih kalungguhane Basa Jawa sangsaya teges!

KANGGO NDHASARI PRIBADI

Dadi cethane senajan kongres iku perlu, nanging dening bebrayan ora dibutuhake yen ora bisa dirasakake asil nyata kang ana sesambungane karo wulangan Basa Jawa ing sekolahan. Mula awewaton kasunyatan iku, iba becike yen kongres iku aja mung kandheg ing canggih. Alias sing dirancang ora kepanggih! Jalaran senajan sing dituntut dening Kongres Basa Jawa iku kaya-kaya mathis banget, yaiku supaya wulangan Basa Jawa melu dienggo nemtokake munggah/lulus-orane siswa, nanging yen tanpa dikantheni guru kang dhemen tumemen, ora mokal tuntutan iku bakal dipinangkani kanthi cara guru ngundhakake bijine muride. Dadi ora merga ngrasa kepradhah banjur tumuli gumregah ngetrepi marang apa kang kajibah. Iya karana satuhune gurune dhewe uga ora mumpuni ing bab mau. Kepriye bisa matrap muride yen gurune dhewe ora kaconggah?

Basa Jawa bakal nyata saya apik nasibe sauger dipapanake kanggo ndhasari pribadine siswa-siswi. Lire Basa Jawa dibalekake maneh kalungguhane minangka basa pengantar kanggo menehake wulangan ing TK sarta SD klas siji lan klas loro. Karana yen dieling-eling, nasibe Basa Jawa nelangsa wiwit nalika wulangan kanggo klas siji lan klas loro SD sing sakawit nganggo pengantar Basa Jawa, diganti nganggo Basa Indonesia. Pase wiwit ajaran taun 1975.

Sadurunge taun iku guru anggone marahi maca-nulis (lan mulang materi liyane) marang muride klas siji nganggo Basa Jawa, kanthi ngeja n-i = ni, ni-ni = nini, lan sateruse. Semono uga basa kanggo mulang bocah klas loro SD uga isih Basa Jawa. Bareng munggah klas telu lagi diwulang Basa Indonesia. Nanging wiwit taun 1975 iku basa pengantar kanggo mulang klas siji lan sateruse wis langsung Basa Indonesia. Semono uga buku kanggo ajar maca-nulis klas siji kang maune kanthi ngeja ni–ni = nini disuwak, diganti: ini budi lan sapanunggalane.

Iya wiwit wektu iku Basa Jawa saya kasisih. Jalaran kasuwake Basa Jawa kang kanggo mulang klas siji sarta klas loro SD ndayani wong tuwane bocah-bocah banjur padha migunakake Basa Indonesia kanggo basa pacelathon ing padinan. Awit petunge, kanthi migunakake Basa Indonesia kanggo caturan padinan, njalari si bocah dadi lanyah lan kulina karo Basa Indonesia, saengga nalika mlebu sekolah wis langsung mudheng marang piwulang kang ditampa.

KAPITUNAN GEDHE

Kabeh mau ndayani Basa Jawa saya ringkih lan kasisih.Yen kita tlesih, kita tumuli bisa nguningani lamun kita bakal ketaman kapitunan gedhe. Awit kanthi ngulinakake mung nganggo Basa Indonesia thok, kita mesthi bakal kepaten Basa Jawa kang dadi peranganing jatidhiri kita. Kamangka becike kapribaden iku tetep ngugemi wutuhing jatidhiri. Ora kok malah ngilari jatidhiri!

Sabanjure kanthi ora mapanake Basa Jawa minangka basane dhewe kang kudu diajeni sarana dileluri, iku padha karo lumuh ing unggah-ungguh, amarga Basa Jawa iku mujudake basa kang wutuh ing bab unggah-ungguh. Saliyane iku, kanthi mung migunakake Basa Indonesia lan nyingkur Basa Jawa, padha karo nyuda kasugihaning tetembungan (perbendaharaan kata-kata)-e bocah. Amarga Basa Jawa iku sugih banget tetembungan. Saking sugihe, akeh tembung-tembung Jawa sing ora ana tembunge ing Basa Indonesia. Kamangka murih teteh caturan nganggo basa pirang-pirang, kejaba lumantar kursus uga diwiwiti srana kulina sugih tembung.

Ateges salah sijine cara mikukuh kalungguhane Basa Jawa yaiku kanthi migunakake kanggo caturan padinan, cilike tumrap kulawarga, munggahe dibalekake maneh kanggo srana mulang klas siji lan klas loro SD. Iku ora mitunani nanging destun mikolehi.

Lan kabukten kanthi mapanake Basa Jawa sacara samesthine, subasitane wong anom marang wong tuwa, kalebu murid karo gurune uga luwih becik. Apa maneh yen katitik saka jaman kawuri, yaiku nalika embah-embah kita padha sekolah, senajan diwulang Basa Landa lan Jepang, malah ora sithik uga sing diwulang Basa Inggris, nanging tetep ngopeni lan ngrumat Basa Jawa.

Nanging nyatane para embah-embah kita uga ora rumangsa kareridhu nampa sakehing wulangan basa liya kanthi tetep migunakake Basa Jawa minangka basane dhewe sabecik-becike. Tur tetela embah-embah kita uga ora padha nengenake kabutuhan dhaerahe dhewe-dhewe. Malah gelar nyatane laire persatuan lan kesatuan uga saka embah-embah kita kang padha ngopeni lan ngrumati basa dhaerahe dhewe-dhewe.

Dadi yen ana panemu kang ngandhakake menawa pangrumating basa dhaerah iku marahi nyenyubur rasa kedhaerahan lan nyengkarake rasa persatuan apadene kesatuan, iku ora mathuk. Sing nuwuhake cecongkrahan nganti mbedhah persatuan lan kesatuan iku kaumbare paham politik kang ngandhemi yen mung pahame dhewe sing paling apik. Satemah ngorbanake liyan iku dadi kayadene kebutuhan.

Ora mokal uga kajongkenge Basa Jawa saka adeging sakawit karana kiprahing politik. Sebab kanthi ringkihing Basa Jawa, ateges ringkih uga tatananing unggah-ungguh. Tanpa kaiket ing unggah-ungguh, sapa wae bisa tanpa rasa ewuh-pakewuh anggone nempuh marang kang kaanggep ora jumbuh!

Ature: Hastarahardja
JB 35/LX, 30 April-6 Mei 2006


Upacara Sesaji ing Karaton Surakarta (4)

26 April, 2006

Saben 17 Sura, karaton nganakake sesaji dhukutan kanggo mengeti adeging negari dalem Karaton Surakarta Hadiningrat, mapan ana Bangsal Maligi. Ing adicara iki kawaosake dedongengan dumadine Karaton Surakarta kang kapethik saka pupuh-pupuh tembang Dhandhanggula ing Serat Pindhah Negari.

Wosing cita nyejarahake sawise Plered binedhah Trunajaya lan Sultan Amangkurat seda ana Tegalwangi, dening putrane sawargi, Amangkurat Amral, karaton dipindhah menyang Kartawani (Kartasura). Lestari nurunake nata papat, Kartawani wekasane uga nyusul ambruk nalika pecah geger Pacinan. Dening Sinuhun PB II karaton nuli kapindhah menyang Dhusun Sala sing sabanjure katelah Karaton Surakarta Hadiningrat. Boyong kedhaton katindakake tanggal 17 Sura taun Jawa 1670.

Sesaji dhukutan arupa sepasang bekakak, sega liwet, sega golong, ayam goreng apadene panggang, bandeng, jenang abang, putih, lan biru, ketan patang warna (abang, ijo, biru, putih). Dipepaki jajan pasar wujud tela, pis pohung, srabi, apem, enthik (ginawe saka lompong), pohung kathok (digodhog tanpa dionceki kulite), jeruk, kates, pisang, sarta sawo. Kajaba saka kuwi uga diadani barikan kanggo tulak balak.

Nonton tatarakite, sesaji dhukutan kang samengko dilestarekake kena diarani wis ngalami owah-owahan. Awit, sadurunge diujubake nganggo donga manut agama Islam minangka penutup, luwih dhisik diwaosake donga-donga agama liyane, yakuwi Kristen, Hindu, lan Budha. Minangka rerangkene sesaji, biyasane ing dina-dina candhake diananake labuhan ana Samodra Kidul sarta Gunung Lawu.

WILUJENGAN GANTI ASMA

Nalika ana putra utawa putrining nata sing nembe lair adate dianakake upacara kanggo paring jeneng. Semono uga nalika ganti asma. Apa maneh yen sing ganti sesebutan pangeranpati sawise kajumenengake nata dadi Sinuhun Pakoe Boewono, wilujengane kaanakake kanthi semuwa manut pranatan sing wis lumaku.

Sawatara dina lebar dikepyakake jumeneng nata, Karaton Surakarta tan lali ngleksanani wilujengan ngapem (gawe apem) kagem KGPH Hangabehi sing sateruse ganti asma jeluluk Sampeyandalem Ingkang Sinuhun Kanjeng Susuhunan (SISKS) Pakoe Boewono (PB) XIII, populer karan Sinuhun Behi. Slametan dikantheni sesaji katindakake wiwit ngebluk jladren kang ditindakake dening para rayi dalem. Apem sing digawe banjur disunduki kaya sate. Apem ing bageyan paling dhuwur kagawe rada gedhe. Dadi, wujude memper payung. Dawane ngancik sadedege Sinuhun Behi. Yen dietung cacahe luwih saka 500 apem. Iki mujudake pralambang yen nata mono kadidene payung agung, kudu bisa ngayomi, ngesuhi sarta ngayemi.

NGISIS RINGGIT

Ngisis ringgit utawa wayang kulit sejatine ora kalebu upacara ritual. Nanging kepriyea wae sing jenenge ngrumat pusaka ngono tetep ana pakeme sarta sarat-saranane dhewe. Kajaba wektune wis ditetepake, abdidalem sing kajibah ngayahi uga mligi.

Pusaka dalem ringgit ing Karaton Surakarta iku akeh cacahe. Antara liya kang kalebu baku yakuwi wayang kulit purwa Kyai Pramukanya komplit sakothak yasane sawarga PB II nalika isih ngedhaton ing Kartasura. Kyai Mangu, Kyai Kanyut, lan Kyai Pramukanya Kadipaten tilarane PB III. Dene PB IV yasa ringgit Kyai Jimat sarta Kyai Kadung. Wayang sing sinebut pungkasan iki nedhak Kyai Kanyut kanthi ukuran luwih gedhe watara limang sentimeter. Engga seprene Kyai Kadung kabiji minangka ringgit kang paling becik kualitas sunggingane, bedhahan, lan pola warnane.

Wayang-wayang pusaka mau saben sepasar diwetokake saka gedhong panyimpene saperlu diisis ing Sasana Handrawina dimen ora kepangan jamur.

JAMASAN KANJENG NYAI SETOMI

Kanjeng Nyai Setomi kalebu pusaka sing diaji-aji karaton. Wujude mriyem. Gedhe lan cilike ora akeh kang weruh. Aja maneh warga umum, kadang sentana dhewe wae durung karuan pirsa. Mapane ana ing gedhong pusaka ing jero karaton. Nanging disimpen ing Bangsal Witana, Sitihinggil, katutup kanca santen rinenggan langse mori putih.

Jamasan katindakake setaun sepisan sawatara dina sadurunge Garebeg Besar. Abdidalem sing njamasi ora mung kalung samir. Luwih saka iku kudu nganggo sumping gajahngoling. Awit wis disumpah dening karaton, ora ana siji wae ing antarane abdidalem mau kang kumawani kojah mungguh kepriye wujud sarta ukurane mriyem kasebut.

Ana panduga mriyem iki mujudake salah siji saka sepasang mriyem gaweyane Portugis kang dipisungsungake marang Pangeran Jayakarta nalika jaman Demak. Nalika Sultan Agung jumeneng nata, mriyem sepasang kasebut kapundhut menyang Mataram, diseleh ana kiwa lan tengene Kori Brajanala, sing sabanjure katelah Kanjeng Kyai Setama lan Kanjeng Nyai Setomi.

Sateruse Kanjeng Kyai Setama diulihake menyang Kutha Inten ing Jakarta lawas, awit ujaring gotek, kerep mrimpeni. Mriyem iki samengko disimpen ana Museum Pusat, lan populer disebut Si Jagur. Dene Kanjeng Nyai Setomi tetep ana Mataram, lan tumekane seprene diwaris Karaton Surakarta.

Nitik saka jenenge, Setama lan Setomi kuwi mriyem gaweyan pabrik Santo Thomas utawa Saint Thome, tlatah kolonine Bangsa Portugis ing India kang saiki disebut Madras. Kabeh mriyem asil produksine pabrik iki racak tinengeran cap tulisan Saint Thome. Ilat Jawa ngucapake dadi Setomi.

Versi dongeng ngandhakake Setama lan Setomi kuwi mriyem pujan. Ing sawijining wengi kacarita sang nata ing Pajajaran nyumpena entuk pusaka sekti gegamane dewa. Awit mung dhapur ngimpi, nalika nglilir pusaka mau melu musna. Cuwa penggalihe sang nata. Mula, nuli ngutus patih nglari gegaman pamunah satru sekti mau.

Jibeg tan ngreti kudu nggoleki menyang ngendi, Ki Patih bebarengan lan garwa wekasane samadi kekancing lawang ana daleme. Kacarita sawatara candra candhake nata Pajajaran ngutus abdidalem nimbali Ki Patih saperlu didangu anggone ngayahi gawe. Kepatihan tinemu sepi. Utusan banjur mbukak kori kamar, katon ana mriyem sajodho malihane Ki sarta Nyai Patih. Mriyem sepasang kuwi sing sabanjure karan Kanjeng Kyai Setama lan Kanjeng Nyai Setomi.

Ature: KP Edi Wirabumi SH MM CD
Pengageng Badan Pengelola Karaton Surakarta
JB 35/LX, 30 April-6 Mei 2006


Alun-alun Kidul, Paleremane Para Dewa

26 April, 2006

Ujare kandha, sok sapaa kang kasil mlaku liwat sela-selane wit ringin kurung kanthi mripat ditutup, kabeh panjangkane bakal bisa kasembadan. Gus Dur antuk dhawuh spiritual supaya nindakake Ruwatan Bumi Nusantara ing Alun-alun Kidul iki.

Alun-alun kidul kang dumunung ana saburine Kraton Ngayogyakarta, durung suwe iki digunakake kanggo nggelar upacara Ruwatan Bumi Nusantara, ing antarane dirawuhi Gus Dur, budayawan Drs. C. Bakdi Sumanto, Jenderal TNI (Purn) Ryamizard Ryacudu, Walikota Yogayakarta Herry Zudianto. Ruwatan iku mujudake salah sijine cara spiritual kanthi nengenake adat budaya kanggo ngentasake bangsa Indonesia lan bumi Nusantara saka juranging kasangsaran lan kacingkrangan, multikrisis lan bencana alam.

Ing kalodhangan iku Gus Dur mratelakake menawa anggone nganakake Ruwatan Bumi Nusantara kuwi dudu laku klenik utawa gaib-gaiban, nanging bisa ditampa kanthi nalar. Lire upacara ruwatan iku mujudake usaha kanggo ngresiki sesuker kang tumanduk ana anggane bangsa Indonesia lan bumi Nusantara. Yen sesuker iku awujud batiniah, mesthine carane ngresiki iya kudu secara batiniah.

Dene anggone milih papan Alun-alun Kidul Kraton Ngayogyakarta, jalaran secara kosmologis alun-alun kidul utawa alun-alun pungkuran iku wiwit jaman Majapait, Demak, Pajang nganti tekan Mataram Yogyakarta lan Surakarta mujudake “penyeimbang” tumrap alun-alun lor.

Alun-alun lor disimbolake kadidene sato galak utawa macan kang nduweni watak rame, saengga nyocogi karo kosmologi Jawa kang nggambarake yen alun-alun lor iku minangka wujud saka godhaning kadonyan (duniawi). Dene yen alun-alun kidul disimbolake kadidene gajah utawa liman kang nduweni watak anteng, mula banjur disanepakake minangka papan paleremane para dewa. Mula wis klebu dadi tatacara, menawa pinuju ana sedan, jenasahe para nata utawa sentana dalem Kraton Ngayogyakarta sadurunge disarekake ing Pajimatan Imogiri mesthi luwih dhisik dikirab ngliwati alun-alun kidul kang jembare watara 2,5 hektar iku.

Yen disawang sakeplasan, isen-isene alun-alun kidul pancen ora ana bedane karo alun-alun lor. Turut pinggir alun-alun ana sakehing uwit woh-wohan kayata pelem, kuweni, pakel, sawo bludru lsp. Alun-alun kidul yen wayah esuk utawa sore katon regeng jalaran kanggo bal-balan, olah raga, senam, lan nonton gajah kang dikandhangake ana sisih kulon alun-alun. Yen wayah awan, sakupenge alun-alun kidul dimanfaatake masyarakat kanggo dol-tinuku barang-barang bekas utawa dodol klithikan. Dene yen wanci bengi, papan iki dadi papan kanggo santai (ngaso) sinambi nikmati jagung bakar, wedang ronde, bakmi godhok, utawa lomba “masangin”, yaiku mlebu ana ing sela-selane wit ringin kurung cacah loro kanthi mripat ditutup kain ireng. Ujare kandha, sapa kang bisa mlaku liwat sela-selane wit ringin kurung iku kanthi mripat ditutup, kabeh panjangkane bisa kasembadan.

Wit ringin kang ana alun-alun kidul cilik, cacahe ora akeh kaya alun-alun lor, yaiku mung ana papat lan kabeh tanpa jeneng. Sing loro mujudake wit ringin kurung lan sing loro kaparingake ana sisih kidul sadurunge gapura Supit Urang kang mujudake dalan tumuju plengkung Nirbaya. Papan antarane gapura Supit Urang tekan plengkung Nirbaya (plengkung Gadhing) saiki wis kebak kios. Kamangka biyen ing papan iki mung tinemu paseban utawa pacaosan prajurit utawa abdi dalem kang jaga plengkung Nirbaya.

Yen ing taun 1925 alun-alun lor diyasani dalan-dalan alus, semono uga alun-alun kidul uga nduweni dalan butulan kang sambung karo kampung kiwa-tengene cacah lima. Kang mangidul tumuju nyang plengkung Nirbaya mau, sing loro arah mangulon tumuju ing kampung Patehan sing iring kidul, lan kampung Ngadisuryan (Penandhonan) ing iring sisih lor. Sarta maneh ing iring wetan, sing dalan lor tumuju nyang kampung Langenastran, dene sisih kidul nyang kampung Langenarjan.

Ing sisih lor alun-alun kidul iki ana Siti Hinggil Kidul kang nalika jaman kawuri digunakake Sri Sultan kanggo mriksani gladhen prajurit. Nalika jamane Sri Sultan HB IX ngasta pusaraning praja, papan iki banjur didegi gedhong Sasana Hinggil Dwi Abad kinarya pepenget tumrap pahargyan 200 taun madege kutha Ngayogyakarta dhek taun 1956. Gedhong iki engga seprene saben wulan digunakake kanggo giyaran langsung pagelaran wayang kulit dening RRI Nusantara II Yogyakarta.

DADI RUWANG PUBLIK

Miturut cathetan sejarah, wiwit jaman biyen alun-alun kidul mujudake “ruangan publik” kang asring digunakake kanggo maneka warna kegiyatan. Biyen digunakake kanggo gladhen keprajuritan. Yen arep ana grebeg, sepuluh dina sadurunge, para prajurit wis tata-tata nganakake gladhi baris saka Kumendhaman menyang alun-alun kidul lawase pitung dina lan dilakoni saben sore, dina kaping wolu towong ora gladhi, banjur dina kaping sanga gladhi resik, sorene maneh towong lan dina kaping 10 wanci jam 7 esuk para prajurit wis padha kumpul saperlu budhal menyang alun-alun lor nindakake upacara Grebeg.

Menawa ana gladhi resik alun-alun kidul regeng banget. Menawa Ingkang Sinuwun ora pinuju pambengan, mesthi rawuh nitih turangga kadherekake para sentana dalem, dene menawa pinuju gerah nitih rata Kanjeng Kiai Harsunaba katarik jaran papat. Ing alun-alun mau Ngarsa Dalem nindakake pamriksanan (inspeksi pasukan) lan nampi pakurmatan barisaning prajurit kang ing samengko karan “defile”. Sapa wonge sing ora arep kepingin weruh ratu Gustine. Mula jaman kawuri wong ya mesthi tumpleg bleg. Mung wae anggone nonton ora kena ngegla lan prasasat mung ungak-ungak tembok utawa nginjen-ijen.

KRT Sosrodiharjo (RH Agus Wiyarko, SE) Ketua Panitia Ruwatan Bumi Nusantara (RBN) nalika ditemoni JB mratelakake menawa Gus Dur milih Ki Timbul kang nindakake ruwatan, jalaran Ki Timbul klebu dhalang sejati.

“Sing terang ing ruwatan iki ora ana nuansa politik, kabeh murni cara kejawen,” ngono ngendikane KRT Sosro. Sadurunge ngadani ruwatan ing Alun-alun Kidul, Gus Dur anjangsana menyang papan-papan sing isih dianggep sakral lan duwe daya spiritual dhuwur, yakuwi Kraton Majapahit (ing Trowulan, Mojokerto), Demak, Kasunanan Surakarta, lan Kasultanan Jogjakarta.

“Ruwatan diadani ing alun-alun kidul merga Gus Dur entuk pituduh saka dhawuh spiritual,” ngendikane KRT Sosro.

Ature: Amien Nugroho/R. Dwi S.
JB 35/LX, 30 April – 6 Mei 2006


Wong Kalang Ngidak-idak Ratu

19 April, 2006

Wong Kalang, diarani mangkono jalaran uripe pancen dikalangake. Asale saka Bali lan ngrasuk Hindu, mula jaman dhisik yen tilar donya mayite ana sing diobong, njur akeh sing nyebut Kalang Obong. Sok ana sing nakokake apa bener wong Kalang duwe buntut?

Wong Kalang ing jamane Sultan Agung kacarita jare isih tedhak turune wanara. Iku ana uthute mujudake pasemon tumrape uwong-uwong sing kondhang kadidene ahli wewangunan, sing mesthine trampil memenek iku. Sesurupan bab wewangunan Jawa iku dhisik tau ana sing karan kawruh kalang.

Tekan taun 1920-an manggone ing Tegalgendu, sisih kulone kreteg kali Gajah Wong. Biyen tau ora kena manggon ing Kotagede. Menawa ana sing tilar donya ngadani cara upacara obong Kalang, yakuwi ngobong tiron awake wong sing tilar donya mau manut tatacara Hindu. Dene layone dikubur kaya salumrahe.

Wong Kalang sing wis suwe manggon ana Kotagede sateruse akeh sing ngrasuk agama Islam, nanging saperangan isih ana sing nduweni adat dhewe sing ora padha karo wong Kotagede asli. Wong Kalang biyen kondhang endogami. Ana sing ngrabi ponakane dhewe, klebu ponakan sing sepisanan. Kadhangkala ana sing disebut-sebut ijolan bojo karo sasama Kalang sing uripe sakalangan. Jare biyen uga akeh sing nekad nerak pager ayu. Malah tau ana ing jamane Kanjeng Panembahan Senapati (Ratu Mataram) –kaya sing dipratelakake Drs. Achmad Charis Zubair, Pimpinan Pusat Dokumentasi (Pusdok) Kotagede– wong Kalang duwe buntut.

“Sejatine anggone diarani duwe buntut iku asal-muasal prakarane mung prasaja,” ngono critane Pak Charis. Panembahan Senapati iku biyen garwa selire rak akeh. Terus kacarita ana salah siji selir klangenane sing didhemeni sawijining Mantri Kalang. Mesthi wae bab mau banjur ndadekake dukane Sang Panembahan.

“Ora ngerti matur nuwun! Wis diwenehi kalungguhan Mantri Kalang kok isih kurang ajar. Pancen dhasare sona,” ngono Pak Charis ngendika prekara dukane Panembahan Senapati marang paraga Kalang kang wus wani marang ratu mau. Nganti nibani tetembungan kaya mengkono, sing sateruse njangget, ninggal tilas sing ora gampang ilang-ilangane, banjur kaya dadi kapercayan ing saperanganing masyarakat lan sinebut duwe buntut iku.

Ing Kotagede taun 1920-an, ana rong golongan wong Kalang sing dikalangake, yakuwi Kalang Tegalgendu mlebu wilayah Kasunanan Surakarta, lan Kalang Kasultanan Jogjakarta. Kepala Sub Kalang Surakarta nampa sebutan Mantri Kalang, tugase yakuwi ngawasi pasedhiyan kayu kanggo ndandani pembangunan makam para raja ing Kotagede. Wong Kalang kajaba ahli pertukangan uga ahli ukir, sarta pinter nyetel blandar lan usuk. Mula bangunan makam Kotagede wewangunane mirip, ngemperi gaya arsitektur Bali.

Dene sub kelompok Kalang Jogjakarta secara tradhisional biyen nangani transportasi barang saka kutha pelabuhan Semarang ing pesisir lor karo Kotagede Jogjakarta. Dhek jaman semana Kotagede mujudake kutha dagang sing kondhang ing saindenging pulo Jawa lan akeh dodolane barang arupa perak, bathik cap, tembaga, wesi kanggo dandang, piranti kendhil, alat tetanen, lan malam kanggo mbathik. Uga barang-barang arupa kerajinan perak lan emas sing nduweni pangaribawa desain Eropa kayata desain keris, pendhok (gagang keris), warangka keris, ali-ali, timang, rante jam bandhul, anting-anting, sabuk, lan klithingan.

Wong Kalang Jogjakarta nampa mandhat monopoli saka Karaton Jogjakarta. Uga nampa keuntungan gedhe saka sektor perekonomian padesan lan transportasi. Saka owahe jaman, sub Kalang Surakarta uga entuk lisensi saka Kasunanan kanggo mbukak omah gadhen ing sadhengah papan. Kanthi mbukak usaha gadhen iku njalari wong Kalang sugihe saya ndedel. Sub Kalang Jogjakarta uga sukses nambah transportasi barang kanthi migunakake sepur, mobil, lan jaran. Wong pribumi sepisanan ing tanah Jawa sing duwe mobil kuwi iya wong Kalang. Sugihe wong Kalang bisa dideleng saka omahe sing gedhe-gedhe. Salah sijine sing manggon ing sisih wetane Kali Gajah Wong taun 1926 wae wis duwe garasi mobil loro kanggo ngandhangake sedhane cacah wolu lan gedhokan kanggo kandhang jarane cacah 20.

GAMBAR RATU LANDA

Wong Kalang , kacarita klebu wong sing tingkahe aneh-aneh. Nalika Perang Donya I ana sawijining keluwarga Kalang sing sugih banget. Merga dhuwite cring gulden akeh, nganti bingung anggone nyimpen. Mula jubin pendhapa omahe dipasangi dhuwit cring sing ana gambare Ratu Landa Wilhemina mlumah. Dadi yen ana wong mertamu, sikile wong-wong pribumi mesthi bakal ngidak-idak mustakane Ratu Landa.

Krungu Ratune Landa kerep diidak-idak mustakane, Residen Jogjakarta dadi jengkel, ratu sing dipundhi-pundhi kok sirahe diidak wong pribumi. Merga ora ana ukume, kanggo nglereni ada-ada kasebut mung kanthi gawe aturan, dhuwit Ratu Wilhelmina mau olehe masang ora oleh mlumah, nanging ngadeg, lingire ana dhuwur.

Ana maneh sing kandha, menawa wong Kalang iku anggone nyimpen dhuwite ana kamar peteng kaya gudhang srana dibungkus nganggo sajinis kampluk. Lan asring dilombakake. Sapa sing bisa nebak pira cacahe dhuwit ana jero kanthongan mau bakal entuk bebungah. Dene yen kliru, upahe, wong sing melu sayembara dikeplaki.

Pancen kerep dicritakake sing aneh-aneh ngenani sedulur-sedulur Kalang kuwi. Ning sing bener ora duwe buntut. Malah klebu wong-wong sing nduweni kabisan-kabisan mirunggan ing sawenehing pakaryan.

Ature: R. Dwi S.
JB 34/LX, 23-29 April 2006


Lelakone Mbok Jebrag

19 April, 2006

Warga Desa Banaran, Kecamatan Tugu, Kabupaten Trenggalek, yen ditakoni sapa kuwi Mbok Jebrag mesthi akeh sing padha ngerti. Luwih-luwih wong asli kono sing urip ing taun 1960-an.

Nganti saiki Mbok Jebrag isih kerep dadi crita. Lelakone durung ilang saka angen-angene wong akeh. Sejatine wanita sing umure 75 taun kuwi jenenge Mariyem. Kira-kira taun 1950-an nganti taun 1965-an tansah dadi pocapane wong lanang-lanang ing sakiwa-tengen desane, ora perduli cah enom apa wong tuwa.

Jaman semana prasasat ora ana wong lanang sing ora kesengsem karo ayuning rupane. Pawakane lencir dhuwur, kulite kuning mrusuh, irunge ngrungih, lambe tipis, yen mesem ajeg mencutake wong lanang. Critane wong tuwa-tuwa kasebut dibenerake Mbok Miatun (70), adhine Mariyem. Ngakoni manawa mbakyune kuwi rikala jaman enome pancen dadi kembang desa.

“Ning emane mbakyuku kuwi ora kuwat drajad. Senadyan rupane ayu lan pawakane sampurna, ananging kurang kuwat imane. Kaping enem rabi isih kanggo rebutan wong lanang,” kandhane Mbok Miatun sing dibenerake dening Mbah Kaelan, bojone.

Taun 1950-an Mariyem utawa Jebrag kuwi wis omah-omah. Dirabi dening jaka tangga desa sing jenenge Slamet. Sejatine anggone mbangun bale wisma wis mapan kepenak lan ayem tentrem. Dheweke dodolan panganan mateng lan diyasakake omah dening sing lanang ana cedhake wong tuwane si Slamet. Ndilalah nganti sawetara wektu anggone omah-omah durung duwe anak.

Anggone bukak warung panganan mateng larise ora jamak. Ora maido lha wong sing dodol ayu tenan. Dene Slamet pakaryane tani lan srabutan liyane. Anggone dodolan mau asile uga lumayan. Wiwit iku dheweke mbukak petualangan urip sing anyar. Salah sijine wong lanang sing dadi langganan warunge, pawongane pideksa, bregas, tumpakane sepedha merek Gazelle kasil njiret atine. Slamet, bojone, kudu nglilakake Jebrag sing banget ditresnani iku dirabi wong lanang liya.

Nalika semana wewengkon Trenggalek alase isih ketel. Mula mandor alas tumekane sinder prasasat dadi wong kinurmat. Wektu semana sing dadi sinder priyayi saka Pare jenenge Pak Sis. Sinder alas sing kulina turne turut desa-desa wusanane kepethuk karo Mariyem. Pak Sinder kayungyun gandrung kapirangu. Diglenak-glenik wusanane wong wedok sing wis rabi ping pindho iku gelem dipek bojo.

“Pak Sinder kuwi senadyan umure wis rada tuwa nanging tresnane karo mbakyuku jian kepati-pati. Prasasat apa sing dijaluk mesthi dituruti. Jaman semana mbakyuku sugih. Dheweke dening Pak Sinder diyasakake omah gedhong loro. Uga ditukokake lemah lan sawah. Uga digawekake pabrik tahu. Senadyan Mariyem dilulu bandha dening sing lanang ananging bojo tuwane Pak Sinder ora tau serik babarpisan. Wis nglenggana apa anane,” ngono kandhane Mbok Miatun nyritakake lelakone mbakyune.

Dhasar wis dadi garising urip. Senadyan urip mulya dadi bojone “ndara” lan kinubeng bandha, sajake uripe Mariyem wiwit kasepen. Pak Sinder kerep tilik mulih mbok tuwa menyang Pare. Bab kuwi sing ndadekake dheweke kerep ijenan ana ngomah.

Kalodhangan kuwi digunakake saapik-apike dening salah sijine jaka kono sing aran Bas. Bas umure luwih enom lan luwih bregas. Bocah lanang kuwi pancen pinter ngrayu. Dhasar imane kurang kuwat, Mariyem mlayu karo Bas menyang Lampung. Bandha pawewehe Pak Sinder samono akehe ditinggal sebrung ora diurusi. Embuh parane menyang endi ora ana sing ngerti. Pak Sinder dhewe, rumangsa dikhiyanati banjur mati ngenes.

Teka tanah Lampung Sumatra ora ana sing ngerti kepriye uripe wong sakloron. Ngerti-ngerti Mbok Miatun meruhi Bas mulih dhewe. Sebab Mariyem wis direbut juragan kopi sugih ing Lampung. Sawetara wektu Mariyem uga nusul bali menyang Banaran. Ananging Mariyem sing saiki beda karo nalika budhal biyen. Dheweke bali saka Lampung ing kahanan stress lan ngengleng. Ora wurunga sing kepothokan Mbok Miatun minangka adhine wedok. Digolekake wong tuwa lan dhukun prasasat tepung gelang ora ana sudane. Ujare wong tuwa sing nambani padha: larane digawe uwong!

“Olehku nggolek-nggolekne mbakyu ipe wis tekan endi-endi. Kabeh wong tuwa wangsulane padha. Yu Mariyem klambine dicolong marune dilebokake kuburan growong. Mula ora bisa waras sakteruse,” ngono panuturane Mbah Kaelan sing ora kurang-kurang anggone nggolekake tamba.

Dinane iki kahanane Mariyem utawa Mbok Jebrag memelas banget. Manggon ana omah asil swadayane tangga teparo ukuran 3 x 4 m utawa kira-kira sak ukurane pos kamling utawa toilet ing terminal bis kae. Jerone kaya susuh. Kuwi bae yen udan bocor amarga gendhenge sok disogoki dhewe.

Senadyan ta kaya ngono, bab mangan dheweke ora gelem nampa pawewehe liyan. Saben dina Mbok Jebrag turut tegalan golek kayu rencekan utawa blarak. Kayu lan blarak sing digawe sapu sada kasebut ditawakake tangga teparo. Wujude ora mingsra. Ananging gandheng kabeh wis paham yen Jebrag ngono pikirane wis ora pati normal mula diijoli dhuwit.

Nalika dum-duman dana BLT kepungkur Mbok Jebrag rada kangelan anggone nyairake danane amarga dheweke ora duwe KTP. Nalika arep difoto malah mlayu amarga wedi.

Ature: Agus Prasmono
JB 34/LX, 23-29 April 2006


Upacara Sesaji ing Karaton Surakarta (3)

19 April, 2006

UWAL saka sistem kapercayan kang wis lumaku, bab Kanjeng Ratu Kidul uga ana kang duwe panemu menawa iku luwih mujudake basa perlambang. Nata minangka personifikasi utawa keturunan dewa wis dadi bageyane legenda karaton wiwit kuna-kunane. Prabu Erlangga ratu Kahuripan, umpamane, dicritakake kadidene titisane Hyang Wisnu. Mangkono uga Jayabaya nata agung ing Kedhiri. Kyai Ageng Tarub cikal-bakal kang nurunake raja-raja Tanah Jawa nggarwa widadari Nawangwulan. Panembahan Senapati kang adeg karaton Mataram sarta nata-nata saturune jinatukrama Kanjeng Ratu Kidul (mriksanana bab Labuhan Dlepih lan Bedhaya Ketawang).

Crita-crita mangkono mau, manut panemune para ahli sejarah, mujudake salah sijine sistem kanggo nguwatake utawa nglestarekake status quo kekuasaan. Nata digambarake minangka titah kinacek. Sasurute Demak Bintara, punjering karaton-karaton Jawa nglereg menyang pedhalaman. Cagak perekonomiane melu owah. Sing maune saka dagang lelayaran banjur ngendelake tetanen. Jroning mangsa transisi iki dinuga Mataram rumangsa perlu manfaatake mitos Kanjeng Ratu Kidul. Jroning konteks iki, manut saweneh ahli, Ratu Kidul dikarepake minangka simbolisasine segara. Lire, karaton bakal bisa ngrembaka sarta kuncara lamun bisa nguwasani samudra.

SUNAN LAWU

Saweneh gotek sing dipercaya ing karaton nyebutake, Sunan Lawu kuwi kembarane PB IX, putrane Sinuhun PB VI. Nalika PB VI yuswa 24 taun kakendhangake Walanda menyang Ambon (1830) sawise kadenangan mbantu perjuwangane P. Dipanagara. PB VI nilar garwa prameswari Kanjeng Ratu Hemas utawa Kanjeng Ratu Ageng kang nembe wawrat enom.

Nem wulan candhake, tanggal 22 Desember 1830, Kanjeng Ratu Ageng babaran ing Karaton Surakarta katengga KGPH Mangkubumi, kapernah raka kaipe. Bayi lair cenger, ning eloking lelakon tan ana wujude. Let sauntara keprungu maneh tangise bayi. Dipirsani KGPH Mangkubumi bayi kang lair sumusul iki maujud. Sateruse pinaringan asma Gusti Raden Mas (GRM) Duksina.

Ngarepake supit GRM Duksina gerah santer. Sadina-dina mung sareyan ana ing kanthil. Kanjeng Ratu Ageng dadi banget sungkawa. Akeh abdidalem kang padha tuguran melu prihatin.

Nuju sawenehing wengi muncul sawijining bocah umur-umuran ngancik jejaka kang sowan tanpa dingerteni sangkane. Rupa, prejengan, sarta dedeg-piadege ora slewah karo GRM Duksina. Iku ngono dipercaya bayi sing lair terus ora katon kae, sing jare banjur digawa Sinuhun Lawu lan kapundhut dadi putra kapatedhan asama Sunan Lawu, lan sateruse ngratoni alam gaib ing Gunung Lawu. Tekane karaton saperlu caos tamba marang keng rakane. Ora gantalan dina, GRM Duksina pulih waras-wiris. Ing tembe panjenengane kelakon marisi dhampar keprabon sesilih Sinuhun Pakoe Boewono IX (1861-1893). Karana iku sesambungan antarane Karaton Surakarta lan Gunung Lawu kuwi kena diarani duwe hubungan kekeluwargaan.

KYAI SAPUJAGAD

Banjur sapa sejatine Kayi Sapujagad lan Raden Ringin Anom sing tunggu Merapi kuwi? Nganti seprene pancen durung ditemokake cathetan asal-usule. Sing genah ora mung karaton, ning sakehing pedunung ing Merapi percaya banget yen gunung kasebut karaton kajiman.

Manut keyakinane penduduk, Paseban –papan kanggo labuhan– sing dumunung ing Gumuk Kendhit ing pereng kidul kuwi ora liya punjering Karaton Merapi. Kori utawa gapurane ing Gumuk Wutah. Dene Kinaharjo, desa persis sangisore puncak –minangka plataran alun-alun. Sinebut karaton kajiman awit dhanyang Merapi iku ora mung siji, nanging sanga, kang saben sijine duwe andhahan lan ayahan dhewe-dhewe:

Kyai utawa Eyang Sapujagad kabiyantu Kyai Branjangkawat lan Kyai Krincingwesi nguwasani laladan kawah. Mbledhos lan orane Merapi dadi wewenange Kyai Sapujagad. Eyang Rama sarta Eyang Permadi, kekarone katelah Eyang Merapi, ngratoni pedhanyangan Merapi. Nyai Gadhungmlathi, tetungguling lelembut wedok, tugase njaga kesuburan sawernaning tetuwuhan gunung. Kyai Kartodimeja, senapati prajurit kajiman ayahane njaga rajakaya sarta kewan alasan kang urip ing alas Merapi. Kyai Petruk, jejibahane ngelingake warga liwat ilapat utawa impen sawayah-wayah Merapi njeblug. Kyai Antaboga, nguwasani sikile Merapi, kabantu jim-jim liyane njaga gunung supaya ora runtuh. Kyai Wola-wali ngreksa korining karaton kajiman, lan Kyai Sapuangin tugase ngatur lakuning angin.

Saweneh ahli ngandharake, konsep kapercayan mengkono mau nuduhake pola interaksi tembayatan antarane warga Merapi lan ekosistem alame. Kanthi mengkono bab-bab kang satleraman dinulu aeng lan nuwuhake pitakon, bisa digoleki wangsulane. Kapercayan kaya ngono uga ndayani tuwuhe rasa aman kanggo tetep dedunung ing kukuban kono, kang kerep sinebut mbebayani saking kerepe Merapi krodha.

Ancaman njebluge Merapi ora mung arupa lahar mengangah, ning uga “wedhus gembel” utawa awan panas sing kuwawa nggosongake desa saisen-isene. Ning padunung ing kono yakin nadyan Merapi temen-temen mbladhos, ora bakal ngrusak karatone dhewe. Nonton mapane, Gumuk Wutah kena sinebut saemper tameng saengga lahar ora mili marang padesan. Semono uga Gumuk Turgo, gunung cilik kuwi kacarita luwih tuwa, malah isih kapernah bibine Merapi, mula uga katelah Gumuk Bibi. Mbledhosa sakayange, Merapi kuwi dipercaya ora bakal nglumpati bibine dhewe.

Sajroning wektu sangang abad, Merapi mbledhos ora kurang saka kaping 90, ning racake sing dadi kurban malah padhusunan sangisore Kinaharjo. Kacarita mbledhose sing hebat dhewe dumadi sewu taun kepungkur, ing taun 1006, sing nyababake puluhan candhi ancur kurugan pasir lahar. Kedadeyan iki sateruse kerep katelah kadidene mahapralaya sing nyebabake musnane sentra kabudayan Jawa kuna ing Jateng, lan Mpu Sindok banjur mindhahake kratone menyang pinggire Kali Brantas ing Jatim.

Ature: KP Edi Wirabumi SH MM CD
Pengageng Badan Pengelola Karaton Surakarta
JB 34/LX, 23-29 April 2006


Pranata Mangsa Lan Tetanen

19 April, 2006

Pranata mangsa punika sampun dados paugeranipun tiyang ingkang manggen ing pulo Jawi wiwit jaman kina. Pranata mangsa punika petangan musim utawi petangan wulan ingkang ngangge dhasar taun Saka utawi taun Aji Saka, ingkang salajengipun kawastanan taun Jawi. Dene kepentinganipun kangge dhasar petangan wekdal manawi badhe wiwit tetanen utawi misaya mina. Kala jaman kina asil lan botenipun ulah tetanen lan misaya mina katemtokaken sanget dening kemirahanipun Gusti Ingkang Maha Agung. Pramila ngginakaken pranata mangsa kedah trep. Kajawi punika ugi gegayutan kaliyan wonten-botenipun rubeda ingkang arupi ama, banjir, sarta kekirangan toya.

Saben mangsa gadhah sipat piyambak-piyambak, bab punika saged katitik saking wontenipun ewah-ewahan, ing antawisipun ingkang ketingal wonten ing tethukulan, sato, angin, mega, lan lintu-lintunipun.

Owah-owahan mangsa punika tansah lumampah gantos kadosdene rodha, ingkang salajengipun wangsul malih kados kawontenan sakawit. Astrolog Eropa ndamel pranata mangsa adhedhasar ubengipun lintang, kadadosaken 12 ubengan. Dene ubengan lintang satunggal lan setunggalipun mawi let 30 derajat. Nanging boten ateges ing ngrika wonten 12 mangsa. Ubenganipun lintang kalawau kawastanan zodiak.

Mangsa ing Eropa kaperang kados kaserat wonten ing ngandhap punika:
Mangsa Semi, mawi tetenger lintang Aries, Taurus, lan Gemini. Panas (Cancer, Leo, Virgo). Gugur (Libra, Scorpio, lan Sagitarius). Asrep (Capricorn, Aquarius, lan Pisces).

Wondene miturut pranata mangsa Jawi kaperang dados 12 mangsa, inggih punika: mangsa Kasa mawi tetenger lintang Sapi Gumarang. Karo (Tagih). Katiga (Lumbung). Kapat (Jaran Dhawuk). Kalima (Banyak Angrem). Kanem (Gotong Mayit). Kapitu (Sang Bima Sakti). Kawolu (Wulanjar Ngirim). Kasanga (Wuluh). Kasepuluh (Waluku). Desta (Lumbung), lan Kesada (Tagih).

Mangsa punika ugi kenging kangge nengeri watakipun bayi ingkang nembe lair. Upaminipun bayi ingkang lair ing mangsa Kapat sipatipun remen karesikan, dene bayi ingkang lair ing Mangsa Kasanga sipatipun boros.

Salajengipun ngengingi bab umur, wiwit, candra lan tandha-tandha alam saged kawaos kados ing ngandhap punika:

Mangsa Kasa (umur 41 dinten). Wiwit tanggal 22 utawi 23 Juni. Candra: Sotya murca saking embanan. Tandha alam: ron-ronan sami rontok, kathah walang, kumbang lan jangkrik, anginipun dipun sebut Tata (sae), arah saking ler wetan, kathah bledug.

Mangsa Karo (umur 23 dinten). Wiwit tanggal 2 utawi 3 Agustus. Candra: Bantala rengka. Tandha alam: bumi pecah-pecah, wit kapuk sampun wiwit semi, anginipun dipun sebut Gati tegesipun kebak pangertosan arah saking ler wetan, santer, kathah bledug.

Mangsa Katelu (umur 24 dinten). Wiwit tanggal 25 utawi 26 Agustus. Candra: Suta manut ing bapa. Tandha alam: wit-witan ingkang mrambat sampun sami mrambat, deling lan pala kependhem wiwit thukul, anginipun dipun sebut Wiyasa tegesipun ngrugekaken utawi palsu, raosipun asrep lan sekeca, sering kedadosan angin munyer.

Mangsa Kapat (umur 25 dinten). Wiwit tanggal 18 utawi 19 September. Candra: Waspa kumembeng jroning kalbu. Tandha alam: sumber kathah ingkang mampet, wit kapuk sampun wiwit woh, peksi sami damel susuh, kewan suku sekawan sami kawin, winih ulam wiwit nyebar, anginipun dipun sebut Pancawarna tegesipun lampahipun molah malih, kawontenan mega awon.

Mangsa Kalima (umur 27 dinten). Wiwit tanggal 13 utawi 14 Oktober. Candra: Tirta marta sumawur ing jagad. Tandha alam: wiwit wonten jawah, wit asem sampun semi, wit-witan ingkang mrambat sampun medal ronipun, kathah sawer medal, anginipun dipun sebut Bayu naminipun dewa angin, arah saking ler kilen, santer lan molah malih arah.

Mangsa Kanem (umur (43 dinten). Wiwit tanggal 9 utawi 10 Nopember. Candra: Rasa mulya kesucian. Tandha alam: woh-wohan sampun wiwit mateng, kewan toyo sampun dados dhewasa lan medal suwiwinipun, angin dipun sebut Ler saking arah ler kilen.

Mangsa Kapitu (umur 43 dinten). Wiwit tanggal 22 utawi 23 Desember. Candra: Wisa kentir ing maruta. Tandha alam: kathah titah ingkang nandhang sakit panas lan madharan, jawah terus-terusan, lepen sami banjir mega awon (surem), anginipun dipun sebut Buwana, arah saking kilen banter lan mawi ebun.

Mangsa Kawolu (umur 26 dinten). Wiwit tanggal 3 utawi 4 Pebruari. Candra: Anjrah jroning kayun (kathah pepenginan). Tandha alam: kathah kucing jejodhowan, uret lan gegremetan sami ngrisak taneman, kathah wit ingkang pejah, anginipun dipun sebut Pawana, banter arah saking kidul kilen, jawah sampun wiwit suda.

Mangsa Kasanga (umur 25 dinten). Wiwit tanggal 1 utawi 2 Maret. Candra: Wedaring wacana mulya. Tandha alam: suwantenipun kewan gegremetan terus-terusan, wekdalipun sato ngrebda, kathah penyakit panas lan kulit, kawontenan tentrem lan aman, anginipun dipun sebut Samirana, asrep, sekeca, kalem arah saking kidul kilen.

Mangsa Kasepuluh (umur 24 dinten). Wiwit tanggal 26 utawi 27 Maret. Candra: Gedhong mineb jroning kalbu. Tandha alam: kathah sato ingkang mbobot, kathah peksi damel susuh, wiji ulam nyebar, kewan gegremetan ical, siti sampun wiwit aking, anginipun dipun sebut Wisikan, sumilir, arah saking kidul wetan.

Mangsa Desta (umur 23 dinten). Wiwit tanggal 19 utawi 20 April. Candra: Sotya sinarawedi. Tandha alam: peksi sami ngopeni anakipun, peksi dhewasa sami rontok wulunipun, anginipun dipun sebut Tata saking arah kidul wetan.

Mangsa Kasada (umur 41 dinten). Wiwit tanggal 12 utawi 13 Mei. Candra: Tirta sirna saking sasana. Tandha alam: hawa asrep, siti aking, kathah bledug, kathah penyakit panas, anginipun dipunsebut Pandawa angin sekti saking sedherek gangsal, arah saking wetan.

Makaten wedharan ingkang magepokan kaliyan pranata mangsa mugi wonten guna paedahipun, mliginipun kangge among tani lan misaya mina. Senajan ta jaman sampun majeng boten wonten awonipun manawi ingkang kawogan tetep migunakaken pranata mangsa punika kangge paugeran.

Ature: Soetojo Riyadi
JB 34/LX, 23-29 April 2006


Rebutan Apem Yaqowiyyu

10 April, 2006

Perayaan Yaqowiyyu utawa ongkowiyyu miturut lafal Jawa mujudake sawijining upacara tradhisi kang kawentar, katindakake kanthi nyebar apem ana ara-ara sapinggire kali Soka ing kidul Masjid Agung Jatinom, Kecamatan Jatinom, Kabupaten Klaten. Upacara tradisi setaun sepisan iku katibakake dina Jemuwah minggu kapindho ing sasi Sapar, lan tansah narik kawigatene masyarakat.

Ing dalan-dalan kang tumuju lokasi perayaan, katon umbul-umbul, baliho, lan spandhuk ngemot tulisan “Selamat Datang di Perayaan Yaqowiyyu”. Seminggu sadurunge “puncak acara” nyebar apem diadani pasar malem ing alun-alun Jatinom. Atusan pedagang nggelar maneka barang dagangan ing sakiwa-tengene dalan tumuju makame Ki Ageng Gribig lan Masjid Agung Jatinom. Uga ana pasar tiban ing saelore masjid. “Cekake kanggo taun 2006 iki bener-bener digawe meriah, regeng, lan gayeng,” pratelane Daryatmo saka Dinas Pariwisata Kabupaten Klaten.

Puncak acara tradhisi Yaqowiyyu taun iki tiba dina Jemuah Pon tanggal 16 Sapar 1939 Alip utawa 17 Maret 2006. Jatinom prasasat bisa diarani banjir uwong. Maewu-ewu wong saka ngendi papan, kayata Sala, Yogyakarta, Wonogiri, Boyolali, Salatiga, Semarang, Blora, Magelang, Madiun, lan sapiturute padha tumplek bleg ngebaki ara-ara ing sapinggire kali Soka, arep ngrayah apem kang disebar saka dhuwur panggung kang dhuwure watara pitung meter.

Tradhisi iku kawiwitan sabubare shalat Jumat ing Masjid Besar Jatinom. Luwih dhisik diadani upacara kirab gunungan apem cacah loro saka plataran Masjid Agung Jatinom tekan ara-ara pinggir kali Soka. Gunungan apem cacah loro iku dumadi saka gunungan kakung sumbangan saka Kraton Ngayogyakarta lan gunungan estri sumbangan saka Kraton Surakarta. Kirab gunungan apem iki kairing musik hadrah, paraga Kyai Ageng Gribig kang katindakake dening tokoh masyarakat Jatinom Drs. Suharto, paraga Ki Guntur Geni, rombongan Muspida Pemkab Klaten, lan pangombyong liyane.

Sawise gunungan iku didongani, Bupati Klaten Sunarna SE, lan Muspida, banjur mucuki nyebar apem saka panggung. Sawise purna anggone nyebar apem katindakake dening panitia saka sadhuwure panggung cacah loro. Saben ana apem disebar saka dhuwur panggung kapapag surak ambata rubuh. Pengunjung banjur padha rebut ducung ngrayah apem kang disebar iku. Senajan apeme ana sing kepidak-pidak nganti pendeng, parandene akeh pengunjung sing gelem njupuk. “Kula openi jalaran kula pitados apem menika taksih wonten berkahipun. Apem asil rayahan menika boten badhe kula tedha, nanging kula petak wonten ing sabin utawi tegalan gadhahan kula. Insya Allah kanthi cara menika siti ing sabin saha tegalan kula badhe langkung subur lan asil panenane saged tikel-tikel,” kandhane Ny Muji Rahayu (68) asal Salatiga marang JB.

SEJARAHE YAQOWIYYU

Tradhisi Yaqowiyyu kang wis katindakake wiwit taun 1589 Masehi utawa taun Gaka Tumba 1511, sekawit mujudake dongane Ki Ageng Gribig kang unine mangkene: “Ya qowiyyu qowwina wal muslimin ya qowiyyu ya rozaq warzuqna wal muslimin”. Tegese, “Dhuh Gusti Ingkang Maha Kiyat, mugi Panjenengan paringaken kekiyatan dhumateng kula sedaya ugi kaum muslimin. Dhuh Gusti Kang Maha Kiyat lan Ingkang Paring Rejeki, mugi paringa rejeki dhumateng kula sedaya ugi dhumateng kaum muslimin”.

Donga mau diwaos Ki Ageng Gribig rikala kondur ibadah haji ing Mekkah, kanthi ngasta oleh-oleh roti gimbul cacah loro. Pranyata sing nyuwun oleh-oleh ora mung putra wayah, nanging uga tangga teparo. Supaya para tamu kabeh kumanan, Ki Ageng Gribig banjur paring dhawuh marang Nyai Ageng Gribig supaya roti loro mau dijur terus dicampur jladrenan apem. Dhawuhe Ki Ageng Gribig iku ditindakake, wusana kabeh tamu bisa kumanan oleh-oleh saka Mekkah. Kedadeyan mau dening putra wayah dalah para santrine dilestarekake, saben sasi Sapar padha gawe apem karo maca donga kang nate diwaos dening Ki Ageng Gribig kasebut.

Sapa satemene Ki Ageng Gribig iku? Ana pirang-pirang versi. Sing paling tinemu ing nalar yakuwi versi sing ngandhakake menawa Ki Ageng Gribig sejatine tedhak turune Prabu Brawijaya V ing Majapahit. Nalika isih timur asmane Syech Wasibageno. Buku Muhammadiyah Setengah Abad 1912-1962 kang diwetokake dening Departemen Penerangan RI nyebutake menawa Ki Ageng Gribig iku keturunane Maulana Ibrahim lumantar Maulana Ishaq, Maulana Inul Yaqin, banjur Maulana Muhammad Fadhilah (Prapen) kang sabanjure peputra Maulana Sulaiman lan nurunake Ki Ageng Gribig. Bareng ditlusuri terus banjur bisa kawuningan menawa KH Achmad Dahlan utawa Muhammad Darwis kang ngedegake Muhammadiyah iku uga keturunan saka Ki Ageng Gribig.

Ki Ageng Gribig uga klebu sawijine priyayi kang prasaja, senajan cinaket karo Sultan Agung Hanyakrakusumo ing Mataram. Rikala semana Ki Ageng Gribig kasil nyirep dahuru kang katindakake Adipati Palembang kang arsa mbalela marang Mataram. Ora sarana ginebug ing perang, nanging mung kanthi pangandikan kang manuhara kang bisa nglilihake manah. Saka karsa dalem Sultan Agung, Ki Ageng Gribig banjur kaparingan kalenggahan minangka Bupati Nayaka. Nanging Ki Ageng Gribig ora kersa jalaran panjenengane luwih remen dadi ulama ing Desa Jatinom ketimbang dadi pejabat.

Senajan mengkono sesambungan antarane Ki Ageng Gribig lan Sultan Agung tetep lestari, kepara sangsaya rumaket. Luwih-luwih bareng Ki Ageng Gribig pinaringan sisihan rayi dalem Sultan Agung kang sesilih Raden Ayu Emas Winongan, katambah pinaringan kalenggahan minangka alim lan amir (pemimpin) ing tanah perdikan Mutihan.

Ing Perdikan Mutihan iki Ki Ageng Gribig mbangun masjid, yasa alun-alun, ngedegake pesantren sarta madrasah. Kejaba kuwi uga ngadani maneka warna kegiyatan kang mahanani pamore Perdikan Mutihan ing Jatinom sangsaya gumebyar pamore, kayata pondok Ramadhan kang mligi nyinau lan ngaji Al Quran, shalatul lail (shalat tengah wengi) kanthi jamaah, pengajian umum, lan sapiturute. Tekan saiki kegiyatan kang wis atusan taun umure iki isih lumaku.

Ature: Amien Nugroho
JB 33/LX, 16-22 April 2006


Mantiqu’t-Thair Rembug Bab Mistik (2)

10 April, 2006

Pambukaning crita, Attar atur pepudyan marang Kang Karya Jagat lan para leluhur minulya kang wis sumare. Banjur nyaritakake manuk cacah 13 kang padha neneka saperlu nganakake pirembugan. Yaiku manuk hudhud kang dadi cucuk lampahe Nabi Sulaiman nalika njajah desa milang kori, mucicha kang gegayutan lan Nabi Musa, nuri, pitik alas, elang kang minulya, pikau, bulbul asal Taman Cinta, merak asal taman akori wolu, kuau utama, tekukur, dara, rajawali lan pingki emas (goldfinch).

Kang dadi pokoke pirembugan yaiku bab karaton manuk lan rajane. Saben manuk pinaringan wektu atur pangandikan, pamawas, sarta panemu. Pungkasane rembug para manuk padha sepakat nggoleki raja manuk kang misuwur karan Sang Simurgh.

Hudhud kang duwe kawruh ala-becik njlentrehake sapa ta Simurgh kuwi. Simurgh yaiku raja manuk kang sejati, dedunung ing suwalike gunung-gunung Kaf (barisan gunung kang ngupengi bumi). Panjenengane cedhak lan awake dhewe, ananging awake dhewe adoh saka panjenengane. Papan dununge ora bisa ditekani. Nyebut asmane wae ora ana sing bisa. Ing sangarepe gumantung satus ewu tabir cahya lan pepeteng. Hudhud uga nyaritakake sesambungan antarane Simurgh lan para manuk. Para manuk sejatine amung ayang-ayange Simurgh. Amarga sing duwe gegambaran Simurgh kuwi hudhud, mula dening para manuk hudhud kapatah dadi cucuk lampahing para manuk sajrone nggoleki papan dununge Simurgh.

Kocap, para manuk wis padha mumbul ngawiyat. Akehe kang melu ora mung 13 wae, ananging ewon. Ora keri bebek, manuk guwek, bangau, lan humay. Kang pungkasan digambarake sirah lan swiwi rajawali, awak singa.

Sajrone lelaku para manuk nemoni pepalang kang gunggunge ora kurang saka 21. Kayata ora pracaya marang hudhud, drengki, srei, was sumelang, sombong, kurang waspada, nengenake kabiraen, wedi marang pati, wedi yen ditolak lsp. Kanthi sabar lan wicaksana, hudhud ngandhani para manuk piye bisane luwar saka pepalang lan atur uninga menawa sajrone lelaku bakal ngliwati jurang/lembah cacah pitu.

Kapisan Lembah Pencarian. Ing kene bakal mrangguli sakeh godha kang asipat wadhag apadene alusan. Para manuk diajab padha bisa ngosongake dhiri pribadi kanthi sabar tawakal. Kadwi Lembah Cinta. Ing kene para manuk diajab padha nguwatake tali sih katresnan minangka obore lelaku. Katri Lembah Keinsyafan. Ing kene para manuk diajab padha tetep mantep ing panggayuh, ora wus sumelang ing galih. Kacatur Lembah Kelepasan. Ing kene wis ora ana maneh nafsu lan pepinginan. Akeh kedadeyan ora klebu nalar, mbingungake, mula para manuk diajab tetep mantep ing batin.

Kapanca Lembah Ketunggalan. Ing kene para manuk bakal ilang saka panyawang, lebur manunggal lan wujud tunggal. Ora bisa dibedakake maneh indentitas siji lan sijine. Ngenani kemanunggalan iki, penulis duwe pamawas beda. Manunggal mono kaya dene manunggale temanten lanang lan wadon. Siji lan sijine ora kelangan indentitas. Sawise manunggal, bali marang wujud sakawit. Mula sastra mistik akeh kang nggunakake pasemon temanten kang misuwur karan pernikahan mistik, sajrone nerangake kemanunggalan, manunggaling kawula lan Gusti.

Kanem Lembah Keheranan. Ing kene para manuk bingung, sedhih, lan nandhang duhkita. Ana tresna lan mbangun katresnan ananging ora ngerti karo sapa. Nindakake kegiyatan, ananging ora ngerti kegiyatan apa. Para manuk dumunung ana ing alam ketidaktahuan. Kasapta Lembah Kemiskinan lan Ketiadaan. Sinebut miskin amarga apa kang dadi duweke para manuk ora ana ajine menawa katandhing lan kang sumedya ing lembah kemanunggalan. Lembah dhuwur dhewe kang sejati. Ora ana kang ngungkuli, nandhingi, mula ingaran ketiadaan, tan ana kang madhani ing donyane para manuk.

Manut pangrasaku, lembah kanem lan kasapta sipate amung njangkepi gegambaran lembah ketunggalan. Mula lembah kapanca, kanem, kasapta bebarengan bisa sinebut lembah ketunggalan.

Krungu kandhane hudhud, para manuk cacah ewon banjur nglumpruk kapiluyu, ngerti sepira abote lan angele lelaku. Pungkasane amung manuk cacah 30 kang bisa tumuju papan kang dituduhake dening hudhud. Jalarane ana kang mati, ilang ing segara, mati kaliren, rebutan pakan, nglokro ora nyumurupi gegambaran sawiji apa, lsp.

Manuk kang kari padha bingung, sedhih, kesel, kelangan wulu lan swiwi. Kocap para manuk wis ana ing sangarep Kori Kamulyan kang tan kena kinaya apa, hakekat kang ora bisa dipahami, wujud kang ngungkuli salwiring pikiran lan kawruh duweke makhluk.

Katon ewonan surya padhange siji ngungkuli sijine. Katon ewonan candra lan kartika sarwa edi endah nengsemake. Nyumurupi kaelokan iku para manuk ngungun kamitenggengen, banjur ngucap, “O Panjenengan kang luwih mencorong katimbang surya, sing gawe sang surya kayadene zarrah sawiji, apa awakku katon ing ngarsa panjenengan? Ah apa kang dadi jalaran awake dhewe gelem nandhang sengsara ing dalan kuwi mau? Sawise ninggalake sakabehe klebu diri pribadi, tangeh lamun bisa entuk gawe. Ora perduli ing kene ana lan orane awake dhewe.

Sauntara para manuk nglumpruk wus sumelang. Dumadakan lawang kori binuka, pangarsane abdi dalem kraton metu anitipriksa para manuk kang kari 30 kuwi, “He kowe para manuk, saka ngendi asalmu? Duwe karep apa neneka ing papan kene? Sapa jenengmu? Ngendi omahmu? Apa kang bisa mbok tindakke dening kowe kang ora luwih gedhe saka awu?”

Sumaure para manuk, “Tekaku ing papan kene nedya nyatakake menawa Sang Simurgh mono sejatine rajaning para manuk. Sih katresnanku kang luber mbaleber njalari awakku kelangan akal lan tentreme pikir. Nalika mangkat kancaku akeh, saiki kang kari mung 30. Awakku ora percaya menawa Sang Raja bakal duka. Ah ora, Panjenengane bakal nyawang kebak kamurahan.”

“O, kowe kang kisruh ing ati lan pikir, mangertiya ana utawa ora kowe ing jagat raya, Raja tetep langgeng. Sakehe makhluk ing donya ora luwih gedhe katimbang semut. Bisamu mung nggarundel ngedumel. Yen mangkono baliya marang asalmu, awu kang ora duwe aji.”

Sumaure para manuk, “Apa Raja Kang Agung bakal nolak kanthi angina? Elinga marang ngendikane Majnun duk ing nguni. Aku luwih seneng nampa pangina katimbang pepudyan mawerna saka para wanita.”

Pangarsane abdi dalem ngendika, “Cahyaning kaluhuran bakal sumorot dhewe. Pikiran bakal kaangkat saka salwiring jiwa. Apa paedahe yen jiwa remuk dening satus dhuhkita. Apa paedahe dumunung ing kaluhuran apadene ing pangina?”

Sumaure manuk, “Piye carane kupu-kupu bisa nylametake awake saka geni mangalad-alad, nalika dheweke nedya manunggal lan geni kuwi mau?”

Meruhi sapira teteg tatage para manuk, pangarsane abdi dalem banjur mbukakake lawange kori. Mbaka siji tabir kasingkapake, katon cahya dudu sabarang cahya umancur mencorong. Para manuk banjur lungguh ing sandhuwur masnad, palenggahane Kang Minulya lan Agung. Para manuk diwenehi nash lan pininta amaca sarta anglelimbang.

Nalika wis meneng anteng uwal saka sakabehe reridhu, para manuk krasa yen Simurgh ana ing kono. Sakabehe tumindak kang wus kelakon ilang saka panyawang. Sang Surya Kaluhuran amancarake cahyane. Nalika nyawang awake dhewe, meruhi menawa dheweke uga Simurgh.

Para manuk banjur sadar, menawa dheweke lan Sang Simurgh kuwi wujud tunggal lan nyuwun supayane Sang Simurgh miyak apa kang dadi wewadine ketinggalan.

Sang Simurgh ngendika, “Sang Surya Kaluhuran yaiku pangilon. Sapa kang ngilo weruh jiwa lan ragane sawutuh. Amarga kang teka manuk cacah 30, kang katon ing jero pangilon cacahe uga 30. Mula dipadha eling senadyan kowe kabeh wis salin wujud sawutuh, ananging sejatine kang mbok sawang yaiku kahananmu duk ing nguni.

Yen kowe ngliwati jurang-jurang ing dalan rohani, nindakake kuwajiban sing apik, bakal nyumurupi hakekate lan kasampurnan-Ku. Wis jamak lumrah menawa kowe ngungun, gumun. Mula ajur-ajera kowe lan awakku kanthi jaya lan gembira. Kowe bakal nyumurupi awakmu dhewe.”

Para manuk banjur ajur-ajer lan Sang Simurgh. “Sakabehe kang wis mbok deleng, rungu, apadene mbok sumurupi, dudu kawitan kang prelu disumurupi. Amarga pomahan bobrok ing donya dudu papan dunungmu, prayoga mbok tinggal. Golekana kang dadi pepokoke uwit, ora sah mbok gape ana lan orane cecawange.

Tilas sinerat ring Kayunan ri Yogyakarta, dina Umanis Sukra wukir, titi casi kasanga, wiku sembah nawa tunggal.

Ature: H. Made Satyapara
JB 33/LX, 16-22 April 2006


Upacara Sesaji Ing Karaton Surakarta (2)

10 April, 2006


LABUHAN ing Gunung Lawu dileksanakake ing Arga Dalem, sawijining petilasan wingit caket puncake gunung. Kang dilabuh nyamping limar ketangi, bathik cangkring, kampuh lurik poleng tumpal toyamas, sarta dhesthar jinggaloka. Uga paningset jinggaloka, gadhung mlathi, gadhung byur, paningset jambon, dringin, lurik songer, lan lurik tuluh watu. Ubarampe liyane rokok wangi, lisah sepuh, konyoh, menyan, ratus lan songsong pethak seret. Ujube kagem Kanjeng Sunan Lawu kanthi pangajab murih karaton lumebere rakyat tansah pinaringan rahayu kalis sawernaning bebendu.

LABUHAN MERAPI

Upacara iki katindakake ing sawijining patilasan karan Paseban. Barang lan ubarampe kang dilabuh sairip karo Labuhan Lawu. Bedane dhesthar kang kalabuh ing Merapi cakrike daramuluk, songsonge kuning seret. Ketambah ubarampe woh kambil watangan sengkelat wungu plisir ijo. Ujube kagem Kanjeng Ratu Sekar Kedhaton, Kyai Sapujagad, lan Raden Ringin Anom kang pinercaya mbaureksa Merapi.

Labuhan Segara Kidul, Lawu, sarta Merapi, njangkepi sesaji Maesa Lawung kang kalebu salah siji ing antarane upacara baku cacah wolu tumrap Karaton Surakarta. Samodra Kidul, trep karo arane, dumunung ing kidul Karaton Surakarta. Alas Krendhawahana ing elor, Merapi ana kulon, lan Gunung Lawu ing wetan. Kabeh mujudake unsur kekuatan alam ing keblat papat kang ngreksa kayuwanane karaton minangka pancer ing tengah.

Wiwit jaman kuna, konsep pajupat iki wis ana ing masyarakat, ing saben arah mata-angin dipercaya ana sing ngreksa, arupa wewujudan alam kang duwe daya magis. Sarana laku utawa upacara tinamtu sumber-sumber kekuatan mau bisa dialap sawabe.

LABUHAN DLEPIH

Labuhan ing Dlepih, Kecamatan Tirtamaya, Kabupaten Wonogiri katujokake marang Kyai lan Nyai Widanangga. Kang kalabuh nyamping limar wiyar, nyamping solok, nyamping lurik brekutut, nyamping bathik cangkring, semekan lurik songer, semekan dringin, menyan, lisah sepuh, konyoh, sarta ratus utawa dupa wangi.

Dlepih utawa Alas Kayangan iku petilasan pratapane Danang Sutawijaya nalika nggayuh wahyu karaton. Ing papan iki pepanggihane sepisanan karo Kanjeng Ratu Kidul Kencanasari. Ratu Kidul saguh ngewang-ewangi sauger putra Pemanahan iku kersa digarwa. Tembene Sutawijaya sawise babad Alas Mentaok nganti dadi negara Mataram, madeg nata jejuluk Panembahan Senapati nggenteni Karaton Pajang sasurute Sultan Adiwijaya.

GUWA WEDHUSAN

Sesaji ing Guwa Wedhusan, kalebu tlatah Bekonang, Kabupaten Sukoharjo, samengko wis arang katindakake. Nalika sugenge PB X tradhisi iki dilestarekake. Labuhan Guwa Wedhusan ujube kanggo Kyai Buto Ijo sarta Kyai Dhadhung Awuk. Kang dilabuh ing antarane kopi jenewer, lisah konyoh, rokok wangi, menyan, lan payung ijo seret.

KONSEP KAPERCAYAN

Sapa ta Sunan Lawu, Ratu Kidul, lan Kyai Sapujagad kuwi? Paraga-paraga mistis iki bener-bener nyata apa mung dhapur karangan? Kanggone karaton, uwal saka telaah utawa analisa moderen, paraga-paraga mau dipercaya ana. Sawarga Sinuhun PB XII nate ngendika, “Tumrapku pribadi, lelandhesan wecane leluhur sing daktampa, tokoh-tokoh mau mligine Kanjeng Ratu Kidul kuwi nyata, dudu mung mitos.”

Buktine nalika mengeti tingalan jumenengane, ana saweneh tamu Walanda sing nyoba ngrekam beksan Bedhaya Ketawang nganggo handycam. Sawatara sasi candhake, panjenengane antuk kiriman kaset video saka Walanda, “Bareng dakputer isine dudu beksa Bedhaya Ketawang, nanging aluning Samodra Kidul sing jumlegur tanpa kendhat,” ngendikane sawargi. Liwat layange marang Sinuhun, pawongan Landa kasebut uga nelakake gawoke ngalami kaelokan kasebut.

Sawargi HB IX, Sultan Ngayogyakarta, kepara nate sapatemon langsung kalawan Kanjeng Ratu Kidul, nadyan ora diblakakake ana ngendi. Ing buku Tahta Untuk Rakyat kanggo mengeti 70 yuswane, Sultan ngendikakake sawise sesirih panjenengane klakon dirawuhi paguwasa gaib Samodra Kidul kuwi. Kepriye wujude? Sultan paring gambaran, “Ngepasi rembulan nedhenge munggah, Eyang Ratu Kidul katon pindha kenya kang banget endah ing warna. Amung mbarengi mbulan wiwit ngglewang, wiwit malih saya sepuh.” Iku tegese pepanggihan antarane Sultan lan Ratu Kidul ora mung sakedhepan netra, ning cukup taneg, paling ora separo wengi.

Tekan seprene perbawane Kanjeng Ratu Kidul isih banget krasa ing bebrayan. Akeh adat utawa tradhisi ing masyarakat pesisir kidul wiwit saka Jawa Kulon tekan Wetan, ora uwal saka pengaruhe paraga mistis kasebut.

Warga Parangtritis percaya kanthi nyuntak banyu degan menyang segara ing sasi Sura, Ratu Kidul bakal suka kawilujengan, ngedohake saka bebendu lan pageblug. Adat iki ing kono disebut tulak balak. Ing Karangbolong, Kebumen, ngarepake panen susuh walet diadani upacara ngalap berkah, murih panene susuh becik lan para tukang ngundhuh kang mudhun liwat wot pring menyang guwa-guwa ing pereng-pereng karang padha slamet.

Ing pesisir papan wisata kabangun wewangunan sairip pendhapa kaca. Majang barang-barang kayata jarik bathik, slendhang, setagen, kacu, kaos, rasukan, udheng, lan sajinise. Jare penduduk iku pepenget marang pawongan sing wis kasil uripe, yen lali ngleksanani caos dhahar ngalap berkah, bisa nemahi musibah.

Kadang misaya mina ing Sukabumi, Cilacap, ing saben wektu tertamtu uga nganakake upacara ritual. Ing Jabar umume karan pesta laut, ing Jateng sedhekah laut. Ing Jatim, ing Munjungan, Trenggalek, ana adat longkangan minangka wujud syukure masyarakat marang Rara Putut sing manut kapercayan anak wuragile Ratu Kidul sing njaga katentreman lan kasuburane desa Munjungan. Ing Desa Seroja ana tradhisi slarangan sing kaujubake kanggo Lara Lungit, mbarepe Ratu Kidul. Upacara adat ing Desa Sriganggam ujube kanggo Raden Jayengbaya, putra nomer loro. Tradhisi malangan ing Desa Sarimulya ujube kagem Raden Pramuda, putra nomer telu, lan adat jarakan ing Majasanga katujokakek marang Rara Sumala, anak nomer papat saka Kanjeng Ratu Kidul.

Kabeh mau mbuktekake gedhening pengaruhe Kanjeng Ratu Kidul ing tradhisi kapercayane masyarakat Jawa.

Ature: KP Edi Wirabumi SH MM CD
Pengageng Badan Pengelola Karaton Surakarta
JB 33/LX, 16-22 April 2006


Desa-desa Kristen ing Jawa Timur

10 April, 2006

Desa Kristen secara de jure ing Indonesia ora ana. Sebutan iki ing Jawa Timur biyen digunakake kanggo desa lan dhusun/dhukuh sing wargane kabeh nganut agama Kristen Jawa (saiki arane Greja Kristen Jawi Wetan dicekak GKJW). Desa-desa iku maune alas greng sing dianggep angker banjur dibabat dening wong-wong Kristen atas palilahe gubernemen (pemerintah Hindia Walanda).

Desa lan dhusun Kristen sing cacahe 41 iku, saiki wis dadi desa Pancasila. Wargane campuran kagawa saka mekar lan majune jaman. Desa Kristen paling tuwa yaiku Ngoro lan Mojowarno ing Kabupaten Jombang. Sing paling populer Mojowarno sing duwe rumah sakit, sekolahan TK nganti SMA, lan greja antik.

Ing buku Benih yang Tumbuh VII (GKJW lan Lembaga Penelitian dan Studi Dewan Greja-gereja di Indonesia, 1976) rakitane Pendhita Handoyomarno Sir, STh., alas Ngoro dibukak taun 1827. Sawise iku alas Kracil sing kawentar angker, 6 km salore Ngoro utawa 8 km sakidule Mojoagung, dibukak taun 1847.

Saka Mojowarno sawetara wong Kristen Jawa sing kepengin “suket luwih ijo” (urip luwih kepenak lan mandhiri) banjur mbukak alas, meh anjrah sa-Jawa Timur. Ana sing mbukak alas ing sikile Gunung Kawi sisih kidul dadi desa Peniwen, ing wilayah Kecamatan Kromengan, Kabupaten Malang. Ana sing mbukak alas ing Malang sisih kidul dadi desa Suwaru, Sitiarjo, Rowotrate, Tambakasri, mengetan liwat Segara Kidul mbabat alas dadi desa Pujiharjo lan Tempursari.

Kejaba Tempursari (bawah Lumajang) desa-desa Kristen bukakan taun 1900-an yaiku Tunjungrejo. Dene ing bawah Jember yaiku Sidomulyo, Sidoreno, Sidorejo, lan Rejoagung. Notog mengetan, simbah buyute wong GKJW iku, mbukak alas bawah Banyuwangi lan Situbondo dadi desa Purwodadi, Purwosari, Tulungrejo, Wonorejo, lan Ranurejo.

Ing bawah Jombang thukul desa utawa dhusun Kristen liyane: Kertorejo lan Bongsorejo. Ing Mojokerto uga ana: Segaran (Dlangu). Ing Sidoarjo: Mlaten lan Sidokare. Wong Kristen Jawa uga mbabat alas sisih kulon dadi desa Maron (Blitar), Tumpuk (Tulungagung), Segaran, Sindurejo, Sidorejo, Sambirejo, Tunglur, Jatiwringin, Wonoasri (Kediri), Aditoya (Nganjuk), Ketanggung, lan Wotgalih (Ngawi).

KAYA SEGARA

Salah sijine desa Kristen sing umure kliwat saabad yaiku Segaran, Kecamatan Wates, Kabupaten Kediri, watara 21 km sakidulwetane kutha Kediri. Desa lan pasamuwan Kristen iki dhek 9 Oktober 2005 umure nyandhak 118 taun. Yen dietung saka dibukake dhek taun 1862, umure luwih tuwa maneh.

Miturut panalitine Pak Sih Handoyo Djoar, SPd., tokoh Segaran, desa iki dibukak wong-wong Kristen asal Mojowarno sing manggon ing desa cilik Purworejo lan Sindurejo (sakidule Pare, cedhak Wates) dipimpin Kyai Silvanus. Tekane kyai –sebutane tokoh Jawa sing mumpuni bab agama Kristen rikala semana—iki ing kono taun 1862 banjur mbukak alas. Jalaran dhukuh sing lagi dibukak kebanjiran nganti kaya segara, desa anyar iku banjur karan Segaran.

“Inggih Kyai Silvanus punika tokoh sepisanan ingkang mbangun pasamuwan Segaran,” dhawuhe Pak Handoyo (50), guru SMP Negeri 3 Wates.

Nalika semana Segaran arupa padhukuhan, klebu Desa Gadungan, dipimpin kamituwa. Saya suwe saya reja awit ketekan wong-wong saka Ponorogo sing wis ngrasuk Kristen. Kepriye nalare madege Pasamuwan Segaran kok tanggal 9 Oktober 1887? Sawise Segaran sagrejane madeg ing kana, ditindakake baptisan sepisanan wong lima sing manjing Kristen dhek tanggal 9 Oktober 1887.

Dadi 1861-1862 desa Kristen iki wis lair. Diresmekake dadi pasamuwan diwasa 9 Oktober 1887. Nalika semana jenenge Pasamuwan Purworejo senajan desane wis karan Segaran. Majelis Agung GKJW (sing ngatur lan ngoordinasi pasamuwan-pasamuwan GKJW sa-Jawa Timur) dhek taun 1995 nyetujoni jenenge dadi Pasamuwan Segaran salaras karo jeneng desane.

Pasamuwan Segaran saiki wargane 2.711 jiwa (849 brayat) klebu Pepanthan Sugihwaras, Sumberpetung, Sanding, lan Petungombo ing sikile Gunung Kelud, dipimpin Pdt. Puspo Garjito, SSi. Dene kepala desane sing uga warga GKJW yaiku Pak Teguh Priyono Djoar, BPA.

Ing Segaran sing sugih salak enak iki, kabudayan Jawa diopeni temenan. Gamelan kerep kanggo ngiringi pepujian sajrone pangabekten ing greja. Para bocah, remaja, mudha lan diwasa, akeh sing pinter nindakake kesenian Jawa klebu sendratari Babad Segaran. Nalika mengeti 118 taun umure Segaran, panitia nanggap wayang kulit kanthi dhalang Ki Sun Gondrong saka Tulungagung kanthi pesindhen pitu.

Riyaya Paskah 16 April iki acarane ing Segaran apa? Adate ing kana sing reja yen pas Tahun Baru, sing prasasat dadi ajang reuni keluarga. Natal lan Paskah biasa-biasa bae kanthi acara pangabekten ing greja lan sakramen bojana suci kanggo nyegerake iman lan saya ngraketake patunggilan karo Gusti Allah lan sapepadhane titah.

Ature: Dhani
JB 33/LX, 16-22 April 2006


Upacara Sesaji ing Karaton Surakarta (1):

7 April, 2006

KAJABA nglestarekake upacara pokok cacah wolu, tumeka seprene ing Karaton Surakarta uga isih tinemu sawatara upacara-upacara liya. Lan tumrap karaton, sing jenenge upacara adat ngono mesthi ora ninggal sesaji.

Sesaji saka tembung sajen. Tegese barang –mligine arupa dhaharan– sing diladekake. Tujuane kang baku kanggo sarana nyuwun kaslametan kanthi cara nyelarasake hubungan jagad cilik-jagad gedhe (mikro-makrokosmos). Geseh ing antarane kekarone dipercaya bisa mahanani rasa nora tentrem. Karana kuwi sesaji uga asring katelah caos dhahar utawa wilujengan.

Ora mung ing karaton, sesaji uga isih ngrembaka ing masyarakat. Wiwit saka ningkahan, kelairan, sripah, ruwatan, adeg omah, wetonan, panen, sedhekah bumi, tekan merti desa kena dipesthekake nggunakake sesaji. Wujud sing disajekake maneka-werna, gumantung keperluane.

Ing karaton, jinise sajen kepara bisa ngancik atusan, pating clekunik diwadhahi takir gedhe-cilik. Sakehing sajen kang digawe mau racake ora enak dipangan, kayata cok bakal utawa gecok mentah lan sapanunggalane. Terkadhang sajen uga dikompliti dhaharan sing dadi karemane para nata swargi.

Wujud lan jinise sajen gumantung marang tujuan, panggonan, sarta sapa sing diwenehi. Saben upacara ritual beda sesajine. Mula, ora saben uwong bisa gawe. Saupama ana, regenerasine uga klebu rekasa, awit banget mbutuhake ketlatenan, ketrampilan, keprigelan carane ngolah, sarta isih ketambahan kudu setiti. Ing Karaton Surakarta ayahan mligi iki katindakake dening abdi dalem Gandarasa.

Ritus sesaji ing karaton intine kaperang dadi rong golonan. Sesaji pepak ageng lan pepak alit. Sajen pepak ageng rupa sarta jinise dumadi saka ketan biru rinenggan enten-enten, sega putih, ingkung pitik bumbu areh, irisan timun, goreng dhele ireng, lombok ijo, brambang, uyah, tumpeng megono nganggo endhog sawiji, tumpeng asahan salawuhe kayadene ragi, tempe goreng, kripik paru, dhendheng sapi, sambel goreng ati, asem-asem, mihun goreng, krupuk urang, lan krupuk abang. Saben lawuh kawadhahan takir sudhi.

Sajen pepak alit arupa jajan pasar, gedhang raja utawa gedhang susu setangkap, irisan pohung, tela, tales, uwi, gembili, jenang abang-putih, jenang katul, ketan patang werna (abang, putih, ijo lan kuning) karenggan enten-enten, srabi putih gedhe-cilik, jongkong, hawug-hawug, gula jawa, sega tumpeng, sega golong sepasang, pitik goreng (perangan dhadha utawa pupu) pecel, jangan menir, jangan thokolan, sambel jenggot, lalapan godhong kemangi, gereh, tempe goreng, dhele goreng, sarta klasa bangka.

Becik sesaji pepak ageng utawa alit biasane dikompliti bekakak, tumpeng sewu, sarta bokor kanggo ngobong menyan madu utawa ratus wangi. Kajaba kuwi isih ketambahan ubarampe liyane sing ora nate keri yaiku dhuwit receh ing takir sudhi mligi. Werdine, yen salah siji utawa luwih jinise sajen ana sing tanpa disengaja kelalen ora digawe, para baureksaning karaton bisa tuku dhewe ing pasar gaib.

Akeh upacara karaton –saliyane upacara baku cacah wolu- kang mbutuhake sesaji mirunggan. Upacara-upacara kasebut antara liya labuhan, pengetan adeging nagari, ganti asma, ngesis ringgit, jamasan Kanjeng Nyai Setomi, lan gebyagan Bedhaya Ketawang.

LABUHAN

Labuhan mengku teges mindhah utawa mbuwang sakehing bab utawa daya-prabawa ala kang bisa nekakake brahala tumrap panguripane manungsa. Mula kuwi sing kudu dipindhah lan dibuwang bisa arupa barang kang maujud lan ora wujud.

Ritual labuhan wis ana wiwit jaman karaton-karaton Jawa kuna. Wiwit mangsane Karaton Mataram kang sabanjure dilestarekake tumeka seprene, upacara iki biasane katindakake nalika ana jumenengan nata, kepyakan pangeranpati, pikraman agung, sarta keperluan-keperluan liyane manut dhawuh dalem sinuhun.

Tumrap Karaton Surakarta ing antarane sawatara panggonan kanggo labuhan, kang wigati dhewe yakuwi Segara Kidul, Gunung Lawu, sarta Gunung Merapi. Dene labuhan ing Dlepih sarta kadhangkala ing Guwa Wedhusan dalah papan liyane mung dhapur pelengkap.

LABUHAN SEGARA KIDUL

Jaman para nata kawuri sadurunge labuhan katindakake ana Pesisir Kidul, para abdidalem sing kapatah merlokake nyekar pasareyane Panembahan Senapati ing Kutha Gedhe, makame Sultan Agung ing Imogiri, sarta leluhur liya kang sumare ing Girilaya lan Banyusumurup. Dene barang-barang sing dipisungsungake Kanjeng Ratu Kidul Kencanasari arupa salembar nyamping cindhe cemeng, nyamping pandhan surat ijem, nyamping limar wungu, nyamping solok abrit, solok kasar pangiring, nyamping bathik cangkring, nyamping lurik kepyur lan nyamping lurik tuluhwatu.

Kajaba iku uga semekan-semekan mlathi tepen, jingga byur, udaraga, banguntulak tepen, pandhan binethot lugas, gadhung mlathi lugas, podhang sinesep sari, banguntulak, lurik songer sarta semekan dringin. Katambahan panunggul kanigara, panunggul mathak, songsong gilap tis, menyan, lisah sepuh, konyoh, lan ratus wangi.

Barang-barang sing dilabuh kasebut diwadhahi dadi pirang-pirang pethi. Sawise donga diujubake abdidalem suranata, pethi kakentirake amrih kasaut alun tumuju tengah samodra. Manawa pethi ora bali minggir kesurung ombak, pratandha ketrima Kanjeng Ratu Kidul.

Nalika ana nata seda, sawatara tilas agemane katut dilabuh. Ing antarane arupa dhesthar wulung, sandhangan sasat dhampar patang pengadeg, singep pusaka dalem, panunggul mathak biru, songkok, panunggul cemeng tilas kanigara, lan songsong gilap.

Umume masyarakat nganggep kanjeng Ratu Kidul iku padha karo Nyai Rara Kidul. Tumrap karaton pangertene Kanjeng Ratu Kidul Kencanasari kuwi dudu mung panguwasa mistis Segara Kidul wae, nanging uga kang ngratoni pedhanyangan sa-Tanah Jawa. Dene Nyai Rara Kidul iku patihe.

Ature: KP Edi Wirabumi, SH MM CD
Pengageng Badan Pengelola Karaton Surakarta
JB 32/LX, 9-15 April 2006


Mantiqu’t-Thair, Rembug Bab Mistik (1)

7 April, 2006

Manut lumakune sejarah, manuk tinamtu asring didunungake dadi simbol kang dadi wewakile sawenehe bab sarta titihan. Manuk kang dadi titihan, kayata Visnuratha arane manuk garudha kang dadi titihane Dewa Wisnu. Ing kitab Silparatna, kasebutake saperangan gegambaran ngenani manuk garudha kang duwe tangan cacah wolu, siji lan sijine digambarake nggawa kamandalu, gada, sankha, kadga (pedhang), naga, lan sing loro manganjali. Rai putih (sitanana) swiwi abang (rakta paksha), awak kuning asemu emas (suvarna kaya). Saliyane dadi titihane wisnu, garudha uga dadi titihane Yanaka Simha, Budha Wajrapatni, Budha Amoghasiddhi.

Pepethan manuk garudha bisa panjenengan pirsani ing Museum Trowulan, kompleks pacandhen, plataran, lan relief candhi Wisnu Prambanan, Museum Pusat Jakarta, candhi Gampingan, guwa Sela Mangleng lsp. Banyak (hamsa) titihane Dewa Brahma. Manuk merak titihane Skanda lan Dhyani Budha Amitabha (mirsanana buku asesirah Epigrafi Dan Sejarah Nusantara, Puslitarkenas Jakarta 1995). Manuk cacah papat titihane Bathari Sri, kacetha ing kitab Tantu Panggelaran unine: Rep tke wahana bhatari sri, manuk patang siki kwehnya lwirnya kitiran puter wuwu-wuru spang dara wulung. (Th DT Pigeaud, de Tantu Panggelaran, s’Gravenhage 1924 kaca 61). Kang narik kawigaten, sabanjure kasebutake kitiran nggawa wiji putih, dara wulung wiji ireng, wuru-wuru spang wiji abang sarta puter wiji kuning.

Banjur manuk Al Buraq kang tegese kang tansah sumorot, titihane Kanjeng Nabi Muhammad nalika mi’raj munggah langit sap pitu ngadhep Gusti Allah. Digambarake kayadene jaran sembrani, sirah manungsa, awak jaran, swiwi lan buntut awulu merak. Saben titihan angemu crita wigati.

Manuk kang didunungake minangka simbol , contone kutut. Para priya Jawa kang isih ngugemi konvensi tinggalane para leluhur, ndunungake kutut minangka salah sijine simbol mandireng pribadi bebarengan lan wisma, wanita, curiga, sarta turangga. Durung bisa sinebut jangkep uripe para priya yen lelimane durung maujud.

Beda lan wong Indian, manuk gagak kang mumbul ngawiyat ing gegana didunungake dadi simbol roh duweke warga kang wis sumare. Manuk garudha kang kagolong makhluk uranis (langit) didunungake dadi simbol masculinum, kanggo mbedakake karo sarpa kang kagolong makhluk chtonis (bumi) kang dadi simbole feminium. Manuk garudha uga dadi simbol watak tuhu setya marang bebener lan urip. Kacetha ing lakon Garudheya, upayane garudha golek tirta perwitasari minangka pitukone Winata kang ibu kang kinunjara dening Dewi Kadru. Lelakone garudha bisa panjenengan pirsani tinatah aneng candhi Kidal Malang, candhi Kedaton Kraksaan, lan Candhi Sukuh.

Manuk elang bondol (Haliastur indus) didunungake dadi lambang jatidirine pamarentah DKI Jakarta bebarengan lan salak Condet. Manuk kolibri dening wargane suku Maya ing tlatah Amerika sisih kidul kaanggep simbol Dewa Matahari kang lagi namur laku. Manuk condor kang urip ing tlatah Amerika kidul kayata Peru, Argentina, Kolombia, didunungake dadi simbol rohe Gunung Andes. Manuk dara putih memplak kang mencok ing pundhake Nabi Isa AS, didunungake minangka simbol Roh Suci kang paring pepadhang lan madhangi urip rohani. Banjur manuk hong kang digambarake asesirah manuk mas, cucuk nuri, awak bebek mandarin, wulu merak, sarta sikile sikil bango, didunungake dadi simbol sucining ati.

Manuk Nuri kang gambare ngrenggani kamar pacandhen kayata ing Plaosan, Banyunibo, Sewu, dadi simbol jiwaning manungsa nalika mulih marang mulanira manunggal lan Brahman. Maneh bebarengan manuk bango, gagak, banyak kang saba ing patirtan didunungake dadi simbol jiwaning manungsa kang wis suci, sinucenan toyaning patirtan, kacetha ing prasasti Siwagrha 856 M kang unine: kita baka kaka hansa waniyaga niraga wayat ta diyus manemwaha trasiha siddha ta yatra siha (mirsanana bukune Casparis asesirah Prasasti Indonesia Jilid II Bandung 1956 kaca 315).

Liya kuwi ing Serat Suluk Kawula Gusti kang ngemot ngelmu manunggaling kawula-Gusti, kacetha ing pada kang unine: campuh kula lan gusti/ tanpa mangsa ashepipun/ awimbuh kawimbuhan/ praba prabaning ngaurup/ basa praba busanning uripira. Tinemu manuk cacah sanga. Manuk dhandhang dhemen jim jabaran. Podhang karem marang sastra Arab Alip. Bendol sastra lam min. Manuk greja sastra jim kekaremane. Peksi bido milih reh. Manuk menco dhemen marang kencenging pikir bab jumeneng pati, mati sajroning urip. Manuk grudha, manuk jalak dhemen marang jagat suwung nalika durung ana bumi lan langit. Manuk urang-urangan dhemen marang johar kang mancur-mancur padhanging pati. Nitik saka isine suluk sajake manuk kuwi mau didunungake dadi lambang sukma kang wawan pangandikan lan Ki Sara, sajrone nggayuh manunggaling kawula-Gusti.

Banjur ing buku Mantiqu’t-Thair utawa Musyawarah Burung kang kagolong sastra mistik kang nyritakake lelampahane manuk cacah ewon nggoleki Simurgh sang pangarsane salwiring manuk ngliwati jurang cacah pitu. Sajake manuk uga didunungake dadi lambange suksmaning manungsa sajrone nggayuh kasampurnaning urip rohani. Isine narik kawigaten. Tumrap sastra mistik, basa kang digunakake krasa prasaja, senadyan tinemu istilah kang krasa asing ing kuping, upamane tembung zuhnar, khirka, masnad. Amarga narik ati, rembug bab Musyawarah Burung nedya katur ing andharan iki.

ATTAR

Buku Musyawarah Burung judul asline Mantiqu’t-Thair mujudake salah sijine sastra mistik karangane Faridu’d-Din Abu Hamid Muhammad bin Ibrahim kang miyos taun 1120 ing sacedhake kutha Nisyapur ing Persia sisih kidul kulon. Misuwur karan Attar kang ateges Panyebar Wewangi, amarga karya sastra mistik karangane kang cacahe ora kurang saka etungan 200 saloka (suluk) amrik mawangi ngebaki donyane sastra mistik ing jaman semana.

Adhedhasar cathethan ing buku pribadine bisa disumurupi menawa nalika isih timur sugeng ing Meshed lawase ora kurang saka 13 taun. Ing taun sabanjure ninggalake omahe wong atuwane. Kang dadi jalarane, ing sawijining dina nalika lungguh ing sangarepe lawang warunge bebarengan lan kanca, ana sawijining darwis kang neneka lan mampir sedhela, amarga mambu ganda amrik wangi sumebar. Unjal ambegan lan ngisep ganda wangi kuwi mau, dheweke banjur nangis.

Attar rumangsa menawa darwis kuwi mau nedya gawe gorehing galih, mula banjur katundhung lunga. Darwis kuwi mau ngendika, “Ya wis, yen ora ana kang nggondheli lungaku, duwekku among khirka, mangertiya Attar sejatine aku sedih mikirake kowe, apa kowe nate mikirake bab pati sarta duwe kasedyan ninggalake sakabehe duwekku?”

Attar wangsulan, “Aku dhewe nedya urip miskin nalika wis ngunduri sepuh lan nedya dadi sawijining darwis.”

Darwis kuwi mau ngendika, “Enteni wae!” Banjur teturon lan ora let suwe mati.

Sapatemon lan darwis mau nggugah urip rohanine, banjur ninggalake warunge keng rama, dadi salah siji muride Syaikh Bukn-ud-din. Panjenengane wiwit sinau ilmu sufi. Sabanjure njajah desa milang kori ing negara manca 39 taun lawase. Sinau ing papan dununge para sufi saperlu ngumpulake tulisane para sufi sarta sawernane crita lan legenda. Sawise olehe ngangsu kawruh rinasa cukup, banjur bali menyang Nisyapur. Ing kene pamawase bab ngelmu sufi katulis awujud sajak lan prosa kang cacahe atusan. Karyane kang paling misuwur ya Musyawarah Burung kuwi mau.

Emane wanci seda lan pasareyane ora disumurupi klawan gumathok. Dinuga seda ing sakitere taun 1230. Ing sanjabane kutha Nisyapur tau ditemokake watu nisan dening Nicholas Khanikoff taun 1863, mawa tulisan kang nyritakake riwayat sugenge Attar sasedane kang dumadi ing jaman Hulaku Khan (Jeng His Khan). Mati sahid. Dinuga ing papan kono olehe nyarekake Attar.

Ature: H. Made Satyapara
JB 32/LX, 9-15 April 2006


Achmad Basuki, Kolektor Sepedha Kuna

7 April, 2006

Ing taun 1990-an sepedha kuna utawa sepedha kebo tau ngetrend, regane bisa nganti yutan rupiah. Malah ana sing ngregani telung yuta luwih. Tumrap sing seneng sepedha kebo, prekara rega dudu pepalang. Sing jenenge hobi pancen perlu wragad ora sithik. Kanyatan iki diakoni dening Achmad Basuki (53), kolektor sepedha kuna saka Desa Blawe, Kecamatan Purwoasri, Kabupaten Kediri. Sepedha kuna merek apa wae lan kepriye modhele dheweke duwe.

“Wiwit isih cilik aku wis kedanan marang sepedha pancal. Budhal sekolah wae golek silihan. Anggonku bisa duwe sepedha sawise adol omah,” critane Pak Bas nalika ditemoni wartawan JB ing daleme.

Sajake sepedha pancal pancen ora bisa uwal saka panguripane. Kanthi adol sepedha Pak Bas njur bukak usaha klambu lan korden. Usahane cilik-cilikan merga pawitane pas-pasan. Kanthi nunggang sepedha pancal klambu lan korden dipasarake ing plosok-plosok desa utawa dititipake ing pasar-pasar tradhisional. Saiki usahane wis bisa dirasakake asile lan dheweke klebu pengusaha sukses. Sepedha motor lan mobil diparkir ing plataran omah. Truk lan kendharaan rodha papat liyane diparkir ing garasine sing cukup jembar. Karyawane ora kurang saka 35, asal warga Desa Blawe kono wae. Senajan wis sukses anggone dadi pengusaha klambu nanging Achmad Basuki ora ninggalake sepedha pancal sing tau diajak lara lapa.

Wektu iki sepedha pancal koleksine Pak Bas gunggunge ana 220 iji! Sing 168 iji klebu sepedha kuna utawa sepedha kebo. Kendharaan tradhisional samono akehe kuwi disimpen ing ruwang tengah, iringan omah, gudhang, lan garasi. Sajake Pak Bas nedya mbuktekake yen dheweke pancen gandrung marang sepedha pancal. Saking gandrunge marang sepedha nganti jam meja lan sawetara hiasan bufete dimodhel kaya sepedha.

“Sepedha kuna sing paling tuwa digawe taun 1910. Isih wutuh, lampu berkone wae isih cublik,” kandhane bungah.

Ing antarane atusan sepedha kasebut ana siji sing klebu paling unik. Yakuwi sepedha sing sawutuhe digawe saka kayu. Sepedha kayu kuwi olehe “nemu” ing Ngawi taun 2002, ditebus kanthi rega sayuta rupiah. Jalaran digawe saka kayu lan umume klebu tuwa, sawetara bageyan kropos lan kapeksa diganti. Antara liya peleg, ban, lan sawetara bageyan sing wigati diwenehi plat murih luwih kuwat. Sepedha kayu iki dinuga digawe sadurunge taun 1900. Panduga kuwi dikandhakake sawenehing petugas museum kenalane.

DHUWURE NEM METER

Bisa uga ora ana wong sing gandrunge marang sepedha pancal kaya Achmad Basuki. Priya sing peputra telu iki sajake durung marem karo atusan sepedha kunane. Ngelingi wangune sepedha wis ora ana sing narik kawigaten, dheweke njur ngupaya ngrakit sepedha dhuwur. Karan sepedha dhuwur jalaran dhuwure wiwit loro nganti telung meter luwih. Sepedha dhuwur gunggung selawe iji kuwi ditata tharik-tharik ing garasi. Ing garasi kasebut uga ana sawetara karyawan sing mligi ngrumat ndandani sepedha kuna kang ditata kanthi rapi.

Salah siji ing antarane sepedha dhuwur kasebut ana sing dhuwure meh nem meter. Penere 5,8 meter. Nalika JB mrana (21/3) sepedha jangkung kasebut lagi disengkud pangrakite. Miturut Pak Bas sepedha jangkung kuwi wis didhaftarake menyang Museum Rekor Indonesia (MURI). Manut rancangan tanggal 1 April petugas saka MURI bakal teka saperlu mbuktekake kanyatane.

“Sepedha jangkung kuwi ngentekake wragad ora kurang saka telu setengah yuta. Kawitane anggone nyetel rada kangelan. Rantene wae ana wolung pasang. Sepedha jangkung kuwi kita garap suwene patang minggu,” jlentrehe Pak Bas.

Agung (18) salah siji karyawane Pak Bas kandha wis kerep nunggang sepedha dhuwur rakitane boss-e. Dheweke uga wis blajar nunggang sepedha jangkung sing sedyane kanggo mecahake rekor MURI kasebut. Sing dikuwatirake nalika nunggang si jangkung kuwi ora liya tekane angin. Mula ing sacedhake ban ngarep lan buri kudu dijaga wong wolu. Yen sawayah-wayah oleng keterak angin ana sing nggondheli murih ora kebacut ambruk.

Wangune sepedha jangkung kuwi ora beda karo sepedha pancal liyane. Mung dhuwure wae sing diunggulake. Njur geneya Pak Bas sengaja ngrakit sepedha dhuwur nganti selawe iji? Diakoni yen sepedha-sepedha sing dhuwure ora lumrah kuwi mung saderma kanggo promosi. Dudu promosi ngenani usaha klambune, nanging promosi kanggo ngenalake desane.

Prelu kawuningan yen Dhusun/Desa Blawe papane rada mencil ing tengah sawah. Menyang desa iki kudu ngliwati dalan makadham sing pating gronjal. Sepedha dhuwur rakitane Pak Bas kasebut kerep mubeng-mubeng menyang kutha Kediri utawa kutha-kutha kecamatan liyane, ya liwat dalan kuwi. Kanthi cara iki diajab akeh warga Kediri kenal karo Desa Blawe.

Pak Bas ora mung seneng koleksi sepedha kuna lan ngrakit sepedha dhuwur. Nanging rasa tresnane marang sepedha uga diwujudake kanthi cara ngleksanakake acara fun bike ing saben mengeti Hari Jadi Kediri. Suwalike Pak Bas uga ora tau gothang lan tansah melu ngramekake acara fun bike ing ngendi bae. Kutha-kutha sing tau dilurug antara liya Surabaya, Malang, Sidoarjo, Jember, Sragen, Solo, Yogyakarta, Purwokerto, lan Semarang. Ing Hari Jadi Kabupaten Kediri sing ka 1202 taun iki Pak Bas gawe acara fun bike ing dina Minggu tanggal 2 April. Para biker saindenge Jatim lan Jateng diundang. Sejene ngundang Bupati Kediri, acara kang ngiming-iming hadiah pengaji ora kurang saka 150 yuta rupiah iki uga ngundang rawuhe Gubernur Jatim lan Wagub.

“Yen sepedha jangkung kuwi kasil mecahake rekor MURI, aku nedya ngrakit sepedha sing luwih dhuwur maneh kang bisa ditunggangi wong pitu utawa wolu,” ngono kandhane Pak Bas karo nyengklak sepedhahe.

Ature: Oemaryanto
JB 32/LX, 9-15 April 2006


Geguritan Dawane 604,2 Meter

7 April, 2006

Ana 850 siswa-siswi SMP Negeri 02 Pemalang, Jateng, nggawe (nulis) geguritan ing kain putih dawane 604,2 meter. Puisi basa Jawa mau ditulis nganggo spidhol, dirampungake jroning wektu kira-kira 30 menit. Mula banjur kecathet mlebu buku Musium Rekor Indonesia (MURI).

Miturut Direktur MURI, Ocke Rubino, nggawe geguritan ing kain dawane 604,2 meter lagi ana sepisan iki ing Indonesia. Rekor kang meh padha kang tau ana, yaiku nggawe puisi basa Indonesia dawane 570 meter dening Laskar Merah Putih ing Jakarta, taun 2003. Ana maneh rekor nggawe puisi ing dhuwur stiker ing Semarang.

“Kanthi mangkono, nggawe geguritan kang ditindakake dening siswa-siswi SMP Negeri 02 Pemalang iku durung tau kedaden ing sasuwene iki,” kandhane Ocke Rubino nalika masrahake sertifikat MURI.

Kepala SMP Negeri 02 Pemalang, Drs. Zaenul Arifin ngandhakake, geguritan karyane siswa-siswi iku dudu saderma kanggo golek sensasi utawa popularitas. Nanging minangka wahana pendidikan marang generasi muda jroning nresnani karya seni sastra Jawa. Dheweke uga duwe rancangan asil karya arupa geguritan siswa kuwi arep digawe buku. Merga karya-karyane orisinil lan kepetung becik.

“Pelajaran sastra ing SMP Negeri 02 Pemalang oleh tanggapan apik saka siswa-siswine. Apresiasi sastra ora mung diwujudake jroning majalah dinding (mading) bae, nanging uga pembentukan klompok sastra,” kandhane Zaenul Arifin.

Acara ngarang geguritan kang dibukak Bupati Pemalang, HM Machroes, SH jam 09.15 esuk iku ditindakake ing sadawane Jl. Sumbing (ngarep SMP Negeri 02 Pemalang), Jl. Pemuda, lan Jl. Merbabu. Kanggo njaga keslametane bocah-bocah, dalan gedhe iku ditutup kanggo kabeh kendharaan.

Pemandhangan nulis geguritan ing dhuwur kain dawa kasebut narik kawigatene masyarakat. Apa maneh, nalika cacah 850 siswa-siswi kuwi tharik-tharik ndhodhok ing sadawane kain putih dawane 604,2 meter. Karya kang diasilake isi 883 geguritan, mayoritas temane bab katresnan.

Ature: Rita S.
JB 32/LX, 9-15 April 2006