Syekh Maulana Maghribi Kang Nurunake Ratu-Ratu Mataram

28 Mei, 2006

Tekan saprene Parjiyono mengkirig yen kelingan pengalaman nalika tirakat sujarahan ana makame Syekh Maulana Maghribi ing Gunung Sentana, salor-wetane cepuri Parangkusuma, Parangtritis, Yogyakarta. Nalika semana udakara jam loro bengi. Lagi enak-enake turu ana bangsal palereman karo kancane sadesa dumadakan krungu swara thing…thung…thing…thung…brung, sora banget mawali-wali kaya swarane gamelan jathilan. Baca entri selengkapnya »


Sejarahe Aksara Jawa

28 Mei, 2006

Ing rubrik LSW JB No. 28 Minggu II sasi Maret 2006, Bapak Yusuf Asmara mundhut priksa bab sejarahe akasara Jawa. Yen ora kleru sing dikersakake Bapak Yusuf Asmara iku aksara Jawa anyar kanthi aksara legena cacah 20 wiwit HA nganti NGA. Yen bener mangkono, keparenga penulis ngaturake tulisan bab sejarahe aksara Jawa kasebut, ringkesan saka sawatara buku-buku kapustakan.

Ing buku HA NA CA RA KA (Bp. Slamet Riyadi) babarane Yayasan Pustaka Nusantara Yogyakarta diandharake manawa ngrembug sejarahe aksara Jawa anyar kang uga diarani sastra sarimbagan utawa carakan iku ora bisa dipisahake karo rembug bab kelairan lan pandhapuke aksara kasebut. Miturut Bp Slamet Riyadi ing bukune kang isi kelairan, penyusunan, fungsi, lan maknane Ha-Na-Ca-Ra-Ka kasebut ana konsepsi cacah loro kanggo nlusur kelairane aksara Jawa lan penyusunan abjad ha-na-ca-ra-ka, yaiku konsepsi secara tradisional lan konsepsi secara ilmiah.

KONSEPSI SECARA TRADISIONAL

Adhedhasar konsepsi secara tradisional laire aksara Jawa digathukake karo Legenda Aji Saka, crita turun-temurun awujud tutur tinular (dari mulut ke mulut) bab padudon lan perang tandhinge Dora lan Sembada jalaran rebutan keris pusakane Aji Saka sing kudune tansah padha direksa bebarengan ing pulo Majeti. Wusana Dora lan Sembada mati sampyuh ngeres-eresi.

Nalika arep angejawa, Aji Saka kang didherekake para abdine sing jenenge Dora, Sembada, Duga, lan Prayoga lerem ing pulo Majeti sawatara suwene. Sadurunge nerusake laku angejawa, Aji Saka ninggal pusaka awujud keris. Dora lan Sembada kapatah ngreksa kanthi piweling wanti-wanti, aja pisan-pisan diwenehake wong saliyane Aji Saka dhewe sing teka ing pulo Majeti njupuk pusaka kasebut. Aji Saka banjur nerusake laku dikanthi Duga lan Prayoga. Dene Dora lan Sembada tetep ana pulo Majeti ngreksa pusaka.

Sawise sawatara lawase, Dora lan Sembada krungu kabar manawa Aji Saka wis dadi ratu ing Medhangkamulan. Dora ngajak Sembada ninggalake pulo Majeti ngaturake pusaka marang Aji Saka. Sarehne Sembada puguh ora gelem diajak awit nuhoni dhawuhe Aji Saka, kanthi sesidheman si Dora banjur menyang Medhangkamulan tanpa nggawa keris. Marang Aji Saka si Dora kanthi atur dora wadul warna-warna.

Dora kadhawuhan bali maneh menyang pulo Majeti. Gelem ora gelem Sembada kudu diajak menyang Medhangkamulan kanthi nggawa keris pusaka. Dora banjur budhal. Jalaran panggah ora percaya marang kandhane si Dora, Sembada puguh ora gelem diajak jalaran nuhoni dhawuhe bendarane, lan precaya manawa Aji Saka bakal netepi janjine mundhut pusakane tanpa utusan. Lelorone padha padudon rebut bener, banjur pancakara perang tandhing rebutan keris. Wasana Dora lan Sembada padha mati sampyuh ketaman keris sing dienggo rebutan.

Sawise sawatara suwe Dora ora sowan maneh ngajak Sembada ngaturake keris pusaka, Aji Saka banjur utusan Duga lan Prayoga nusul menyang pulo Majeti. Bareng tekan pulo Majeti saiba kagete Duga lan Prayoga meruhi Dora lan Sembada padha mati ketaman pusaka sing isih tumancep ing dhadhane. Sawise ngupakara layone Dora lan Sembada kanthi samesthine, Duga lan Prayoga banjur gegancangan marak ratu gustine ngaturake pusaka lan pawarta bab patine Dora lan Sembada.

Midhanget ature Duga lan Prayoga, Aji Saka sakala ngrumangsani kalepyane dene ora netepi janji mundhut pribadi pusaka sing direksa Dora lan Sembada. Minangka pangeling-eling, Aji Saka banjur ngripta aksara Jawa legena cacah wong puluh wiwit saka HA nganti NGA.

HA NA CA RA KA
Ana caraka (utusan)

DA TA SA WA LA
Padha suwala (padudon, pancakara)

PA DHA JA YA NYA
Padha dene digdayane

MA GA BA THA NGA
Wasana padha dadi bathang

Iku mau konsepsi secara tradisional bab kelairan lan penyusunane aksara Jawa anyar. Pancen abjad aksara Jawa sing 20 cacahe lan disusun dadi patang larik iku, mujudake guritan sing gampang diapalake lan dieling-eling (memoteknik), mligine tumrap sing lagi wiwit sinau maca lan nulis aksara Jawa. Abjad sing kaya guritan lan digathukake karo legenda Aji Saka mau saya narik kawigaten bareng dikantheni gambar padudon, perang tanding lan mati sampyuhe Dora lan Sembada.

KONSEPSI SECARA ILMIAH

Miturut Prof. Dr. Poerbatjaraka, sadurunge wong-wong India angejawa, wong Jawa durung duwe aksara. Basa pasrawungane mung nggunakake basa lesan. Kanthi anane aksara kang digawa saka India kasebut saka sethithik basa tinulis wiwit digunakake. Pancen aksara ora mung dadi piranti komunikasi sarana tulisan, nanging luwih saka iku aksara uga dadi ukuran kemajuane budaya sing ndarbeni aksara kasebut. Peradaban sing wis nggunakake basa tinulis kanyatan luwih maju tinimbang sing ora/durung duwe aksara.

Miturut Casparis, sajroning sejarah peradaban etnik Jawa, tulisan sing paling tuwa ditemokake awujud prasasti kanthi nggunakake aksara Pallawa, nuduhake tandha wektu sadurunge taun 700 Masehi. Sadurunge iku etnis Jawa mung nggunakake basa lesan. Sawise ditemokake sawatara prasasti liyane, baka sethithik ditindakake studi paleografi (ilmu kanggo nyinaoni aksara kuna).

Miturut studi paleografi sing ditindakake Casparis, ana limang periode aksara Jawa. Periode kapisan (aksara Pallawa) dening Bp. Atmodjo diperang maneh dadi loro. Kanthi mangkono kabeh ana nem periode, yaiku:

1. Aksara Pallawa tataran wiwitan, digunakake sadurunge taun 700 M. Contone tinemu ing prasasti Tugu ing Bogor.

2. Aksara Pallawa tataran pungkasan, digunakake ing abad VII lan tengahan abad VIII. Tinemu ing prasasti Canggal ing Kedu, Magelang.

3. Aksara Jawa kuna kawitan, digunakake taun 750-925 M, contone tinemu ing prasasti Polengan ing Kalasan, Yogyakarta.

4. Aksara Jawa kuna tataran pungkasan, digunakake taun 925-1250 M, tinemu ing prasasti Airlangga.

5. Aksara Majapait, digunakake ing taun 1250-1450 M. tinemu ing prasasti Singosari lan Malang, sarta ing lontar (ron tal) Kunjarakarna.

6. Aksara Jawa anyar, digunakake taun 1500 M nganti saiki. Tinemu ing Kitab Bonang lan buku-buku sabubare iku.

Lair lan ngrembakane aksara Jawa raket sesambungane karo lair lan ngrembakane basa Jawa. Aksara Jawa anyar lair sawise basa Jawa anyar digunakake kanthi resmi ing sajroning pamarentahan, saora-orane wiwit taun 1500 M. Wektu kasebut punjere pamarentahan ing Jawa ana ing Demak. Mula ana sing duwe panemu manawa aksara Jawa anyar wiwit digunakake kanthi resmi nalika jaman Demak. Panemu iki disengkuyung antara liya karo bukti awujud naskah kanthi tulisan aksara Jawa anyar yaiku Kitab Bonang.

Bab taun kelairane aksara Jawa iki padha karo andharane Bp. Moch. Choesni ing majalah JAMBATAN edisi khusus babaran Lembaga Javanologi Surabaya kang didumake marang para peserta Kongres Basa Jawa II ing Batu, Malang sasi Oktober taun 1996. Nanging beda versine. Bapak Moch. Choesni nggathukake kelairane aksara Jawa anyar karo tekane muhibah utawa kunjungan persahabatan saka Tiongkok menyang tanah Jawa (Majapait) kang dipandhegani Laksamana/Jendral Cheng Ho (Jeng Ho) kanthi ngirid wadyabala pirang-pirang ewu cacahe sikep gegaman.

Ing rubrik Opini koran Jawa Pos Senen, 15 Agustus 2005, kanthi irah-irahan Cheng Ho dan Nebula China, Dr. Asvi Warman Adam (ahli peneliti LIPI Jakarta) nyebutake ekspedisi kapisan numpak prau cacah 300 kanthi penumpang 27.000. Ma Huan, penerjemah sing wis ngrasuk agama Islam, uga melu dadi penumpang.

Bp. Moch. Choesni nyangga-runggekake (meragukan) apa bener tekane caraka kanthi sandiyuda Sam Poo Kong sing diwerdeni tiga perkasa pembalas dendam samono akehe iku ‘kunjungan persahabatan’ kang tulus? Apa ora ana gandheng-cenenge karo pangrabasane wadya bala Tiongkok kang sumedya nguwasani Singasari sing digagalake dening Raden Wijaya lan Arya Wiraraja dhek taun 1293? Ma-ga-ba-tha-nga alias “mangga batangen”, mangkono pepuntoning andharan sawise ngonceki kanthi njlimet surasane ha-na-ca-ra-ka (ana utusan), da-ta-sa-wa-la (tanpa peperangan), lan pa-dha-ja-ya-nya (padha jayane, kasembadan sedyane).

Ing ngarep wis diaturake, secara tradisional urutan abjad ha-na-ca-ra-ka digathuk-gathukake karo legenda Aji Saka. Nanging data literer nuduhake menawa naskah utawa teks sing ngemot urutan utawa abjad ha-na-ca-ra-ka ora mesthi digathukake karo legenda kasebut. Upamane Serat Sastra Gendhing, Serat Centhini, Serat Sastra Harjendra, Serat Saloka Jiwa, lan Serat Retna Jiwa. Kabeh serat (buku/tulisan) kasebut isi abjad ha-na-ca-ra-ka kagandhengake karo filsafat utawa ngelmu kasampurnan.

Ing buku HA NA CA RA KA (Bp. Slamet Riyadi), ing perangan kang ngrembug bab makna filosofis ha-na-ca-ra-ka, dibabar ora kurang saka 20 warna filsafat ha-na-ca-ra-ka miturut daya nalar, wawasan, lan tujuane sing gawe makna filosofis dhewe-dhewe. Ing majalah Jambatan kasebut ing ngarep ana nem jinis makna filosofis. Durung kalebu sing ana makalah-makalah liyane.

Beda karo kang kasebut ing Serat Manikmaya, Serat Aji Saka, lan Serat Momana sing padhadene nggathukake karo legenda Aji Saka. Ing buku-buku kasebut abjad ha-na-ca-ra-ka diarani sastra sarimbagan. Jalaran larikan kapisan abjad Jawa anyar iku unine ha-na-ca-ra-ka, mula luwih dikenal kanthi jeneng carakan kaya ing Sundha lan Bali.

Miturut panalitine Prof. Dr. Poerbatjaraka, Serat Manikmaya dikarang dening Kartamursadah ing jaman Kartasura, ing taun 1740 Jawa utawa taun 1813 Masehi. Dene abjad Jawa sing luwih tuwa diarani ka-ga-nga, awit manut wewaton abjad Devanagari ka-kha-ga-gha-nga. Serat Manikmaya ditedhak (disalin) dening Panambangan, punggawa Mangkunagaran, lan ing taun 1981 dibabar dening Departemen Pendidikan dan Kebudayaan kanthi irah-irahan Manikmaya.

Apa ana naskah liyane isi legenda Aji Saka sing luwih tuwa tinimbang Serat Manikmaya, durung kaweruhan, awit miturut Wiryamartana naskah-naskah saliyane Serat Manikmaya sing ana abjad hanacaraka-ne keh-kehane ditulis ing wiwitane abad XIX. Yen ta Serat Manikmaya mujudake naskah sing paling tuwa, bisa dipesthekake manawa anane abjad ha-na-ca-ra-ka wiwit jaman Kartasura.

Miturut Uhlenbeck, abjad ha-na-ca-ra-ka digunakake sawise adoh lete karo wektu sedane Sultan Agung (1645 M) utawa antarane jaman Amangkurat I lan Amangkurat II. Bisa uga ing jaman Sultan Agung wis ana gagasan bab abjad kasebut. Bab iki adhedhasar data literer anane restrukturisasi (pemugaran) kabudayan Jawa ing jaman Sultan Agung. Upamane, salah siji sing tumekane saiki bisa kita rasakake, yaiku anane pananggalan Jawa. Pananggalan kasebut mujudake gabungan antarane kalender taun Saka karo kalender taun Hijriah. Kajaba saka iku, ing naskah-naskah sadurunge jaman Sultan Agung ora ana abdjad ha-na-ca-ra-ka.

Ora bisa kita selaki aksara Jawa kanthi abjad ha-na-ca-ra-ka sing umure wis atusan taun kasebut wis akeh lelabuhane. Cundhuk karo saya majune panalaran lan wawasane sing duwe kabudayan, aksara Jawa minangka perangane kabudayan Jawa, minangka fungsi literer uga tau ngalami owah gingsir mligine ing bab wewaton panulise basa Jawa nganggo aksara Jawa.

Sadurunge Kongres Basa Jawa I ing Semarang sasi Juli 1991, wis ana ada-ada ngruwat abjad ha-na-ca-ra-ka. Patine Dora lan Sembada kanthi memelas amarga dadi korban pemimpin sing mencla-mencle ora netepi janji, dianggep ora cocok karo alam Indonesia Membangun sing mbudidaya ngundhakake pembangunan lair lan batin.

Sawatara pemakalah ing Kongres Basa Jawa III ing Yogyakarta Juli 2001, malah gawe ada-ada owah-owahan bab tata panulise basa Jawa nganggo aksara Jawa. Kepriye babaring lelakon aksara Jawa sateruse, iki pancen dadi PR-e sapa bae kang pancen isih padha ngrumangsani melu handarbeni, hangopeni, lan hangrungkebi budaya Jawa.

Ature: M. Soemarsono
JB 40/LX, 4-10 Juni 2006


Codhot Goreng

28 Mei, 2006

Kewan bangsa iber-iberan kang sabane bengi iki saiki dadi menu super istimewa. Saliyane pancen dadi kareman, nyatane bisa marasake lara asma lan alergi gatel-gatel. Golek masakan codhot goreng ing wewengkon Kabupaten Kediri, ora angel. Ing Desa Batuaji, Kecamatan Ringinrejo, Kediri ana spanduk ing emperan warung mawa tulisan gedhe-gedhe: WARUNG MBAK SIS, SEDIA CODHOT GORENG lan ana gambare codhot, lan eee… ana nomere 49, nomer buntut saka buku 1000 Tafsir Mimpi.

Saliyane bakul codhot goreng, Mbak Sis (Siswati) uga dodol bekicot goreng, swike goreng, emprit goreng, lan usus goreng, sejene menu lumrah soto ayam lan es campur. Nyatane sing paling akeh digoleki empat sembilan goreng utawa vampire goreng iku. Langganane ora mung saka Kediri, ana sing saka Blitar, Tulungagung, Nganjuk, malah ora sethithik sing saka Surabaya, Yogyakarta. Uga akeh pesenan saka Sumatra, Kalimantan, lsp.

“Sing saka luar Jawa iku sajake pesenane dulure sing ana Kediri lan kiwa-tengene kene,” ngendikane Mbak Sis sing wis bukak warung codhot watara sepuluh taunan.

Mula bukane Mbak Sis ngolah codhot (bangsane lawa sing panganane woh-wohan) merga dipeseni tanggane sing saka Menado. Senajan awal-awale rumangsa rada jijik, suwe-suwe merga kulina ya wis ora ana saru sikune. Apa maneh nyatane iwak codhot ora mung dadi panganan kareman wae, nanging ana kasiyate, bisa marasake lara asma (ambegan seseg) lan gatel-gatel merga alergi. Mula dagangane Mbak Sis saya laris lan saya akeh sing nggoleki.

Nalika JB mrana, ana sedhan BMW kleser-kleser mandheg ing ngarep warung, eee …jebul sing digoleki ya codhot goreng. Ngendikane Mbak Sis, tamu iku wis langganan, malah kadhang-kadhang pesen kalong goreng barang. Genah iku mau tamu tuman krasan!

MURAH MERIAH

Senajan dagangane Mbak Sis klebu dagangan langka, regane kepetung murah, kepara malah murah banget. Saben sabungkus plastik isi 2 (gedhe karo cilik) utawa 3 (tanggung) cukup dibayar nganggo dhuwit cilik Rp 3.000. Murah ta? Tur ya gurih tenan!

“Thithik-thithik ya wis bathi, Mas. Wong kira-kira mentahe iku bunci rong ewu. Lumayan ta, per plastike duwe turahan sewu.”

Nyatane pancen ya ngono, codhot sing cilik dhewe tukon Rp 500, tanggung Rp 750, gedhe Rp 1.000 nganti Rp 1.500. Dadi manawa matenge per plastik didol Rp 3.000 (isi 2 utawa 3) opahe mbetheti lan mlastiki wis ana lan kena kanggo nyukupi kebutuhan urip kulawarga ing saben dinane. Saben dinane bisa ngedol 50-200 codhot. Dene yen ana tamu kentekan bisa disemayani dina sesuke, merga saben dina ana “pemburu vampire” sing nyetorake oleh-olehane.

Mbak Sis ora mung ngladeni jinis gorengan wae, manawa ana sing pesen sayur, bumbu rujak, masak kecap, lsp. uga sanggup nglayani. Yen ana sing pesen jerohan, peru, ati uga bisa nuruti. Manut crita, ati codhot mono apik kanggo bocah cilik, bisa mbantu perkembangan kecerdasan otak.

“Bener ngono Mas, akeh kok wong sing pesen ati goreng!”

BERBURU VAMPIRE KANGGO NGURIPI ANAK BOJO

Mbak Sis wani masang spanduk merga ora kuwatir kentekan bahan baku. Senajan saben dina atusan codhot nyemplung wajan isi lenga panas, saben sore isih brol-brolan codhot mubal saka pandhelikane. Saben bengi wit-wit buah lan klapa-klapa deresan dikiteri codhot golek mangsan. Manut keterangane Suhadak (35) warga Desa Candirejo, Kecamatan Ponggok, Kabupaten Blitar codhot seneng banget nyesepi legen. Mula iwake rasane gurih semu legi, merga panganane buah-buahan lan nyesepi legen.

Suhadak sing wis limang taunan saba bengi nyasaki kebon-kebon klapa deresan, utawa brobosan turut ngisor wit rambutan, dhuku, sawo, lsp. bunci bedhil angin lan senter, ora samar kentekan sasaran burone. Saben bengi bedhile paling sethithik ngasilake codhot 25, malah yen cuacane apik bisa entuk 50 luwih. Lha lumayan kan asile? Saben dina puluhan ewu kecekel tangan. Wis kena kanggo nguripi anak bojo.

“Aku budhal ajeg jam wolu bengi, bali jam papat esuk. Dadi ya ora tau turu bengi.” Nyatane kanthi mangkono Suhadak, bojone, lan anake loro uripe klebu cukup lan tata. “Uripku iku mung merga saka codhot,” guyone Suhadak sing wis ora nyirik papan angker, ora wedi medi, lan ora duwe sungkan karo kewan gremetan liyane.

Bareng weruh berburu codhot asile kena dipangan, kanca-kancane akeh sing tiru-tiru. Untunge kiwa-tengen desane meh kabeh klapa dideres. Dadi saben bengi mesthi akeh codhot sing klayaban. Bareng menclok kempu (wadhah tadhahan legen) lagi diincer lan …dhes, pek-pek-pek, mati.

Saliyane Mbak Sis, isih akeh tunggale sing siap menu codhot. Ana Pak Bud, tanggane Mbak Sis, Pak Tukimin utawa kondhange Pak Min Codhot warga Gayam, Mojoroto, Kediri, lan isih akeh maneh liyane. Malah Pak Min Codhot iki pelanggane dhokter-dhokter lan pasien sing ngamar ana RSK Baptis Kediri. Ing omahe, Pak Min siap menu codhot lan sambel pecel, sambel kecap, sambel tomat, sambel trasi, sambel brambang, lan sambel korek minangka jodhone codhot goreng.

Sarana akehe pengusaha menu codhot, para pemburune ora bingung pasar. Tur saiki malah ora usah ngaya ngeterake menyang omahe Pak Bud, Pak Min, utawa Mbak Sis. Cukup ngenteni ana omah wae saben jam 05.00 wong-wong iku wis teka dhewe. Esuk njupuk terus diolah, awan sithik nganti sore ngenteni konsumen utawa kari ngeterake menyang omahe.

Wong-wong iku carane ngresiki sing baku rong werna, ana sing dikropok lan ana sing dibeset. Rasa lan kasiyate padha wae, mung bedane manawa dikropok katut saendhase, yen dibeset endhase ora katut. Ya mung manawa dikropok, yen kurang resik brungut-brungute wulu isih katon. Ora apa-apa, kabeh gurih.

Ature: Yud
JB 40/LX, 4-10 Juni 2006


Gunung Gamping Ambarketawang

28 Mei, 2006

Jenenge kondhang marga saben Sapar ing kene diadani upacara Saparan kanthi upacara mbeleh bekakak. Tumrap ahli geologi, Gunung Gamping iki unik merga umure wis luwih saka 50 yuta taun.

Kagungan dalem Gunung Gamping, 5 km sakulone Yogyakarta, kuwi saiki mung kari jeneng. Sing ana mung kari wujud relike arupa watu gamping gedhe. Dhuwure kira-kira 10 m kaya tugu. Kanggone warga Yogyakarta, cagar alam Gunung Gamping Ambarketawang (kang dumunung ana Desa Ambarketawang) iki kondhang amarga saben sasi Sapar ing papan iki diadani upacara Saparan kanthi mbeleh bekakak dikantheni arak-arakan.

Ing sakidule Gunung Gamping iki patilasan kraton Ambarketawang (tilas kratone Pangeran Mangkubumi sadurunge pindhah menyang kutha Ngayogyakarta tanggal 7 Oktober 1756), madeg. Nanging kanggone ahli geologi Gunung Gamping iku unik jalaran ing donya iki mung ana loro. Ing Inggris lan ing Yogyakarta iku. Dianggep unik jalaran umure watu Gunung Gamping iku wis luwih saka 50 yuta taun. Mangka gunung-gunung gamping liyane umure ora nganti samono.

Dhek biyen, sadurunge entek ditambang, gunung iki dadi sumbere watu kapur ing Yogyakarta. Bangunan kraton, beteng, Tamansari, lan bangunan-bangunan liyane ing Yogyakarta watune saka Gunung Gamping sing kawentar unggul dhewe kualitase iki. Wiwit taun 1930-an tekan 1940-an Gunung Gamping iki didinamit dening pabrik gula Padokan. Kapure digunakake kanggo bahan ngresiki jladren calon gula pasir.

Ngarepake Jepang ninggalake Indonesia tlatah Gunung Gamping wis kebak jurang-jurang jero jalaran penambang saya jero anggone nggoleki watu. Watu gampinge dinyatakake entek kira-kira taun 1950-an. Rahayune, Djawatan Geologi Bandung cawe-cawe kirim utusan marang Kasultanan Ngayogyakarta, supaya sisa-sisa Gunung Gamping ing Dhusun Tlogo iku dikonservasi, didadekake cagar alam. Panyuwune Djawatan Geologi iki dituruti. Sisa watu sing isih banjur dipager nganggo kawat berduri. Nalika taun 1956, mbarengi pengetan 200 taun adege kraton, kampanye pelestarian sisa gunung gamping iki diadani kanthi gedhen-gedhenan.

Sakjane wiwit taun 1929 wis ana sarjana geologi kang asmane Prof. Dr. H. Gerth kang ngusulake supaya Gunung Gamping dilestarekake. Nanging pemerintah Landa ethok-ethok ora krungu. Embuh apa alasane. Miturut Gerth, Gunung Gamping iki unik jalaran umure wis tuwa banget, luwih tuwa timbang gunung gamping liyane. Kandhane, adhedhasar penelitiane, watu Gunung Gamping iki ngandhut fosil kewan bersel satu jenis Foraminifera. Iki nuduhke yen umure watu gunung gamping iki luwih saka 50 yuta taun, klebu formasi Eosen utawa Tersier Tua. Ing donya watu kaya mengkono iku mung tinemu ing Inggris lan ing Yogyakarta.

Sadurunge para ahli geologi ngenut teorine Frans Junghuhn kang nulis buku Java, Seine Gestalt und Seine Pflanzendecke ing taun 1857. Sarjana Jerman kang mopulerake tanduran kina ing Jawa Barat iki kandha menawa Gunung Gamping iki munculing permukaan kanthi ndhewe ana dataran Yogyakarta. Gunung Gamping iki saformasi karo gunung-gunung kapur karst ing Gunung Kidul wiwit saka Rongkop ing pojok Gunungkidul sisih kidul wetan. Dadi umure periode Tersier Muda. Puluhan taun teori Junghuhn iki dianut para ahli geologi. Miturut Junghuhn wektu iku (pertengahan abad ke-19) Gunung Kidul isih alas kebak wit-witan gedhe.

Sawise diusulake Djawatan Geologi, sisa Gunung Gamping iku dening pemerintah DIY dipageri nganggo kawat berduri, lan dinyatakake minangka cagar alam. Nalika jaman Orde Baru cagar alam kang ambane 1.084 ha iki dipageri nganggo batako lan diwenehi rumah penjaga sarta plataran kanggo upacara Saparan mbeleh bekakak.

Cagar alam iki tau dadi rebutan antarane Dinas Pelestarian Peninggalan Purbakala karo Dinas Kehutanan DIY. Nanging jalaran karo Menteri Kehutanan sacara resmi dinyatakake dadi cagar alam rikala tanggal 16 Desember 1998, mulane tekan saiki cagar alam iki dadi wewenange Dinas Kehutanan lan Pertanian.

Kuciwane, Ibu Sumini karo putrane Jiyanto kang dipasrahi keamanane cagar alam lan ngenggoni rumah penjaga iki, tekan seprene durung tau nampa honor. Ning senadyan wis patang taun luwih ora tau nampa blanja, Bu Sumini muji sukur dene bisa manggon ana omah gedhong sawetane cagar alam iki. Tugase mula ora abot, mung resik-resik plataran, luwih-luwih menawa dhong Saparan.

Ature: Suwarsono L.
JB 40/LX, 4-10 Juni 2006


Kasekten

28 Mei, 2006

Akeh crita sing nggambarake yen wong jaman biyen sekti mandraguna. Bebasan disuduk manthuk-manthuk, ditumbak lakak-lakak, dibedhil malah mecicil, dipedhang ilang. Ana sing sekti nganti bisa mabur kaya manuk branjangan, bisa mlayu lan lelumpatan kaya kidang telangkas, bisa ambles bumi kaya Raden Antareja, bisa jumangkah ing salumahing banyu.

Maling genthiri dicritakake bisa mlebu omahe calon korbane mung liwat sunare lampu. Tokoh crita sandiwara ludruk aran Sarip Tambak Oso sing mati dibedhil Walanda bisa bali urip sawise simboke bengok-bengok ngundang arane. Maling Kundang disot dening wong tuwane wadon nganti wusanane dadi watu utawa reca. Cekake kasektene wong jaman biyen digambarake sarwa linuwih. Ora beda kaya kasektene Mak Lampir lan tokoh-tokoh liyane ing sinetron Misteri Gunung Merapi ngana kae.

Kasektene wong jaman biyen akeh tinemu ing crita rakyat lan dongeng. Jarene entuk ilmu kasekten ngono kuwi ora gampang. Kudu nindakake laku pasa, tirakat, semedi, lan laku-laku liyane sing kebak dening coba lan godha. Mula mung wong-wong tinamtu wae sing bisa duwe ilmu kasekten. Beda karo jaman saiki. Kasekten bisa diduweni tanpa nindakake lelaku. Saiki kepingin sekti, saiki uga bisa kasembadan. Syarate mung dhuwit, pangkat, lan drajat.

Sok ana maling utawa perampok kecekel warga. Nalika diajar utawa digepuki si durjana mung mesem-ngguyu sajak ngece. Nanging sawise durjana kuwi dilolosi pakeyane nganti wuda blejed, lagi sambat kelaran lan njaluk ampun. Saka ngendi durjana kuwi entuk kasekten nganti ora tedhas dibedhil? Saka anggone nindakake lelaku apa tuku? Jalaran wis kerep kita temoni ing koran, tabloid, apadene majalah ana iklan sing nawakake kasekten. Sapa wae bisa sekti lan ora tedhas dibacok utawa dibedhil sauger gelem mbayar mahar utawa tukone. Kasekten sing ditawakake ngono kuwi wujud sabuk, gelang, kalung, utawa rompi sing wis “diiseni” daya linuwih. Satemene iklan ngono kuwi sah-sah wae merga dhasare mung precaya apa ora. Yen precaya mangga, yen ora iya gak masalah.

Bapake Priya klebu pejabat kinurmat lan disungkani sapa wae. Sedhenge Priya dhewe ora beda kaya remaja lumrah. Nanging nasibe Priya luwih kepenak lan kepara lancar-lancar wae. Wiwit sekolah ing sekolahan favorit nganti dadi PNS utawa Polri/TNI ora tau nemoni alangan. Wong tuwane lanang pancen klebu sekti. Saking sektine nganti layange sasuwek wae diwedeni liyan. Ora ana sing wani nampik surat sakti utawa katabelece-ne wong tuwane Priya.

David Copperfield, ilusionis pinunjul lan kaloka kae uga klebu “sekti”. Dheweke bisa mabur, bisa nembus tembok Cina, bisa ngilang, bisa nyirnakake gedhung, kapal mabur, lan ora mati senajan dijuwing-juwing. Nanging kasektene David kuwi mung ilusi kang dipepaki kacanggihane teknologi sulap. Semana uga karo Houdini sing tansah bisa uwal senajan awake digubel rante lan digembok pirang-pirang.

Gunawan Santosa, dhalang pembunuhan boss PT Asaba Budhiyanto Angsono lan pengawale, tanggal 5 Mei kepungkur kasil mlayu saka penjara LP Cipinang. Kamangka anggone mlayu kuwi kudu ngliwati lawang penjara wolu, ngliwati pos penjaga telu, lan nglumpati pager sing dhuwure 3,5 meter tur dialiri listrik. Eloke maneh ora ana gembok penjara sing katon mentas dirusak. Kabeh gembok isih wutuh. Gunawan alias Acin iki divonis mati dening Pengadilan Negeri Jakarta Utara. Wis kaping telu iki dheweke nuduhake “kasektene” lan bisa mlayu saka penjara.

Apa Gunawan kuwi sekti temenan? Yen sekti gek gurune sapa? Mak Lampir, David Copperfield, apa Houdini sing mahir nguculi gembok? Apa tanpa guru lan “kasektene” kuwi dituku nganggo dhuwit? Iki klebu kasekten sing ngisin-isini lan nggregetake.

Ature: Oemaryanto
JB 40/LX, 4-10 Juni 2006


Kudu Nduweni Life Skill

21 Mei, 2006

Bu Suprihatin (53) Kepala SDN Ngentak, Sanden, Kabupaten Bantul, Yogyakarta, kasil nyulap sekolahe dadi maju. Tamat SPG taun 1974 terus kuliah neng Fakultas Tarbiyah Universitas Cokroaminoto. Sakwise lulus banjur mulang ana SDN Ngenep, SD terpencil ana Gunung Kidul. Panggonane mulang iku adohe 11 kilometer saka dalan gedhe, ngliwati gumuk-gumuk kapur. Ngono bae kudu mlaku.

“Sing rekasa babagan banyu resik. Ana kene iki banyu sing diombe manungsa uga diombe wedhus lan sapi.” Mula Bu Suprihatin yen nggawe unjukan mesthi diparingi teh utawa cengkeh kanggo ngilangi ambu sing ora enak.

Nalika anyaran pindhah tugas dadi Kepala Sekolah ing SDN Ngentak, muride mung 86. Klebu SD sing kuru lan mrihatinake banget. Iki sing ndadekake Bu Suprih meres uteg, golek rekadaya supaya bisa nylametake sekolahane. “Kula kedah gadhah gebrakan ingkang ‘lain dari pada yang lain’. Kula berpikir keras kagem menyelamatkan kondisi sekolah punika,” mangkono ngendikane Bu Suprihatin, sing uga nduweni profesi penulis lan pedagang.

Bu Suprihatin kagungan anak buah cacah 14. Sing sepuluh wis PNS nanging sing papat ‘staf ahli’ sing isih GTT, yaiku guru komputer, guru tari, guru ketrampilan, sarta guru khusus anyaman lan ketrampilan enceng gondhok. “Iki gebrakan sing daklakoni. Penjaga sekolahku duwe ide ngembangake ketrampilan enceng gondhok. Kabeh guru sarujuk, kabeh belajar, banjur dikembangake menyang murid-murid. Lha, iki asile!” Bu Suprihatin banjur nuduhake karya besare.

SDN Ngentak, Sanden, Bantul iki pancen istimewa. Ruang kepala sekolahe kaya showroom. Ana lemari pajangan cacah papat gedhe-gedhe sing isine hasil ketrampilane murid-murid, wiwit saka kelas siji nganti kelas enem.

“Biaya ya saka asil olehku nulis. Aku rak uga nulis buku fiksi lan non fiksi ta mbak, lha honore sebagian tak enggo ngembangake proyek iki,” katrangane Bu Suprihatin nalika JB takon babagan biaya.

Babagan pemasaran gampang, kerjasama karo Pemda. Malah Bapak Bupati Bantul uga nyengkuyung.

”Aku bar diparingi bantuan dhuwit Rp 1,5 yuta. Rencanaku tak enggo gawe laboratorium hidup, yaiku tanduran obat-obatan utawa apotik hidup.”

Warna-warna asil anyaman sing dipajang. Bahane saka serat enceng gondhok, banjur digawe kembang, tas sekolah, taplak meja, malah ana sing dicampur kayu digawe meja-kursi.

“Ngene iki regane nem atus ewu, Mbak. Malah nganti telung yuta saksetel yen lengkap nganggo kaca.” Bu Suprihatin nuduhake meja kursi tamu kang endah sing digawe saka enceng gondhok.

“Pokoke murid-murid SDN Ngentak lulus kudu nduwe life skill (kecakapan hidup), dadi yen ora bisa nerusake sekolah isih bisa golek dhuwit,” mengkono penjelasane Bu Suprihatin ngelingi kahanan lingkungan sekolahe kang klebu kurang babagan ekonomine.

“Saiki muridku 128. Sakliyane pelajaran sesuai karo kurikulum pemerintah, sore tak tambahi jam kanggo pelatihan anyaman enceng gondhok seminggu kaping pindho.”

Saiki Bu Suprihatin wis lega. Sekolahane wis oleh perhatian saka masyarakat lan pemerintah. Malah buri sekolahan sing lahane isih amba arep digawe proyek perikanan. Pancen Bu Suprihatin patut diacungi jempol, masia yuswane wis kliwat setengah abad nanging semangate isih makantar-kantar.

Babagan prestasi. Bu Suprihatin iki wis bola-bali katimbalan menyang Istana Negara, Jakarta. Entuk penghargaan saka LIPI wis ping lima. Saka Menteri Pendidikan lomba pembelajaran wis ping papat, lomba menulis buku crita fiksi lan non fiksi wis bola-bali menang saka Pusbuk. Bukune sing wis terbit sak ambreg, antarane: Di Ujung Tali Pancing, Orang-Orang Tercinta, Jet Star, Satria Cilik Penegak Kebenaran, Misteri Gua Selamangleng, Minuman Tradisional Berkhasiat, Terampil Membuat Bunga Kering, lan liya-liyane.

“Dina iki uga ngembangake ketrampilan saka bahan tapas,” jelase Bu Suprihatin marang JB karo ngajak mirsani laboratorium ketrampilan sing ana buri ruangan. Ana laboratorium kabeh alat disedhiyani kanggo nggawe kembang kering, anyaman enceng gondhok, lan tas saka bahan tapas.

Ature: Ary Nurdiana
JB 39/LX, 28 Mei-3 Juni 2006


Parangtritis Pangungsene Playon Majapait

21 Mei, 2006

Babad Demak nyebutake, sawise Karaton Majapait runtuh amarga dikraman Demak akeh putra ratu kang ngungsi metu golek slamet. Salah siji sing keplayu yaiku Raden Dhandhun, putra Prabu Brawijaya saka garwa ampeyan. Panjenengane sing isih remaja kesingsal saka kulawargane banjur tindak kesurang-surang nasak alas, munggah gunung, mudhun jurang, kedharang-dharang ora karuwan tujuwane. Parane iku ngidul ngulon kumleyang kaya godhong garing katiyup angin.

Suwe-suwe tindake Raden Dhandhun tekan Desa Mancingan, Yogyakarta. Wektu semana ing desa iku wis ana sawijine pendhita Budha (Hindu?) kang wis limpad budine lan buntas kawruhe bab ilmu agama. Putra Majapait mau diaturi ganti asma dadi Kyai Bela-belu kanggo nyamar identitase. Panjenengane diyasakake dalem ana sadhuwure gunung sakulone gunung Sentana kang saiki katelah Gunung Bantheng.

Kasuwure Kyai Bela-belu iki jalaran wiwit rawuh wus katon anggone gentur tapane. Panjenengane bisa ora sare telu nganti patang dina. Kuciwane Raden Dhandhun iku ora betah luwe. Sedhela-sedhela mesthi dhahar. Sedinane bisa dhahar ping telu ping papat. Pakaremane sega liwet ayam yaiku sega liwet kang dimasak nganggo santen klapa lan jerone diiseni daging ayam.

Saka pratikele Kyai Selaening panjenengan diaturi mususi beras ana Sendhang Beji, salore Parangendhog, kira-kira 5 km saka gunung Bantheng. Kanthi cara mengkono napsune dhahar bisa dipeper. Sedina mung dhahar sepisan. Saka bantere anggone ulah batin Kyai Bela-belu kesuwur kagungan keluwihan kang bisa kanggo tetulung warga desa. Nganti makame bae tekan seprene isih dianggep keramat.

Sawise Kyai Selaening dadi Islam, Kyai Bela-belu uga nusul dadi Islam. Dening Syekh Maulana panjenengane didhawuhi nambahi asmane nganggo Syekh jalaran sang guru priksa menawa panjenengane iku putrane ratu.

Babad ora nyebutake apa Kyai Bela-belu iku krama apa ora. Ora ana sanak-kadang kang ngaku isih keturunane Syekh Bela-belu. Sawise seda uga ora ana kang weruh endi pasareyane sing cetha. Sing jelas makame ana gunung sakulone Gunung Sentana. Lagi ditetepake panggonan pasareyane nalika jamane Ingkang Sinuwun Kanjeng Sultan Hamengku Buwana kang kaping IV. Mangkono critane R Ng Djadjalana kang nyathet bab Pesanggrahan Parangtritis ing taun 1933.

Dikandhakake kira-kira taun 1830 ing Grogol (salore Parangtritis) ana sawijine sesepuh desa kang uga ngasta dadi demang pemajegan (pemaosan) kang seneng laku tapa. Yen bengi pak demang iki seneng tindak-tindak urut gisiking Segara Kidul. Panjenengane kang isih keturunane Kyai Selaening iku embake niru ulah laku tapa para wiku kang seneng tirakat mbanting raga. Saliyane melu njaga keslametane desa uga nenuwun karo Sing Gawe Urip supaya anak putune padha rahayu lan ora kekurangan sawiji apa.

Sajrone lelaku iku Pak Demang kerep priksa ana cahya sarembulan gedhene njedhul saka Gunung Sentana lan banjur cumlorot tiba ana gunung Bantheng. Liya dina maneh priksa ana rerupan kaya tugu nanging mawa cahya saka gunung Sentana banjur ambles ana gunung Bantheng. Kosok baline cahya mau njedhul saka gunung Bantheng lan banjur tiba ana Gunung Sentana. Kedadeyan iki dialami makaping-kaping. Suwe-suwe papan tibane cahya ing gunung Bantheng iki dititeni. Bareng wis cetha panggonan mau diparingi pathok kayu kang sentosa.

Kedadeyan iki banjur diaturake marang Ingkang Sinuwun Kanjeng Sultan HB IV lan nyuwun idi palilah ngisor pathok iki bakal didhudhuk mbokmenawa ana barang sing aneh. Ngarsa Dalem uga nyetujoni panyuwun iku. Sawise diparingi palilah sangisore pathok didhudhuk lan lemah sakiwa-tengene diadhuk-adhuk. Ya waktu iku ketemu ana maejan watu item jejer loro, lor loro, kidul loro. Dadi kaya kuburan jejer loro. Ananging kijinge ora ana. Maejan iki mawa ciri sing dipendhem wong lanang katitik saka sogokan maejan kang lancip mendhuwur. Ing sacedhake kono tinemu ana watu item blabagan (lempengan) kang ana gambare ilir lan iyan. Ilir yaiku bangsane tepas saka bambu. Dene iyan iku tampah pesagi. Iyan karo ilir iki piranti kanggo ngedhemake sega. Sawise sega diler ing iyan banjur ditepasi nganggo ilir.

Kedadeyan lan temuan kabeh iki diunjukake katur Ingkang Sinuwun. Nitik anane gambar ilir lan iyan Kanjeng Sultan banjur netepake yen kuburan iku makame Syeh Bela-belu. Jejere, makame rayine yaiku Kyai Dami (Gagang) Aking. Kang pungkasan iki kondhang anggone tapa sarwa sare nganti supe dhahar lan ngunjuk. Syekh Bela-belu kang tapa dhahar nanging wungu lan Kyai Gagang Aking kang lelaku sare ora dhahar loro-lorone kabeh bisa entuk apa kang digayuh, yaiku “pencerahan”.

Atas dhawuh dalem pasareyan ing gunung Bantheng iki dicungkup kayu jati. Jogane dijobin nganggo watu item lan dhuwure dilangse. Dene sing njaga abdidalem kraton kang uga njaga makame Syekh Maulana.

Tekan seprene pasareyan gunung Bantheng iki dadi papan jujugane wong-wong kang sujarahan, luwih-luwih yen malem Selasa lan Jumat Kliwon. Kandhane sing kerep mrana, nalika sugenge Syekh Bela-belu gentur tapane. Mulane pasareyane isih klebu kramat.

Ature: Suwarsono L.
JB 38/LX, 21-27 Mei 2006


Serat Pakem Sastra Miruda

21 Mei, 2006

SERAT Pakem Sastra Miruda sawijining buku anggitane Kanjeng Pangeran Arya Kusumadilaga, pujangga kraton Surakarta kang mumpuni ing babagan padhalangan. Jenenge wae ‘serat pakem’, mula anak judhule kang dawa nyebutake: Ugering padhalangan ingkang sampun mupakat kangge abdidalem dhalang ing Kraton Surakarta Adiningrat. KPA Kusumadilaga nganggit serat pakem padhalangan kasebut katujokake marang muride kang nama Sastra Miruda. Jenenge si murid iku mau kang kanggo judhul bukune.

Naskah asli Pakem Sastra Miruda wis ora kinawruhan maneh. Kang kasil ditemokake ana telung versi beda-beda. Ing antarane naskah tulisan Jawa terbitan De Bilksem, Solo, taun 1930 saiki sinimpen ing Perpustakaan Sanapustaka Kraton Surakarta.

Manut Serat Pakem Sastra Miruda, nalika jamane Sunan Seda Krapyak (1601-1613), sawijining dhalang saka Kedu awit saka kersane Ingkang Sinuhun katimbalan menyang kraton lan sinengkakake dadi abdidalem dhalang kraton. Wiwit iku ing Mataram thukul tradisi anyar, ing antarane nyuwak tradisi ruwatan nganggo wayang beber, lan minangka gantine ruwatan nganggo wayang kulit purwa.

Sateruse Sastra Miruda ngandhakake sawise kraton Mataram kecekel dening mungsuh (Trunajaya) ing taun 1677, Sunan Amangkurat I lumayu tekan Tegal. Ki Panjangmas sumusul lan tekan ing Kedu ambarang dhalang. Jroning mbarang mau tokoh punakawan Petruk dadi punjering inspirasi. Dene Nyi Panjangmas ora melu, awit kecekel dening mungsuh lan digawa mangetan menyang Jawa Timur.

Wektu iku pusaka-pusaka kraton, klebu saprangkat gamelan lan wayang kulit, katut digawa mungsuh. Satekane ing Ponorogo gamelan sawayange kanggo mbarang keliling dening Nyi Panjangmas. Wayang barangane iku nengenake tokoh Bagong minangka punjering lakon.

Ki lan Nyi Panjangmas mujudake dhalang kang dadi panutane dhalang-dhalang liyane ing tlatah Mataram. Sabubare iku, wiwit saka Kedu mangulon tekan Cirebon, dhalang-dhalang padha niru yen ndhalang tanpa Bagong. Dene wiwit Ponorogo mangetan tekan Malang, dhalang-dhalang padha ora nganggo Petruk.

Sawise madeg kraton anyar ing Kartasura, Nyi Panjangmas diangkat minangka dhalang kraton ing kadipaten anom (Kanoman), papane Pangeran Pati. Lakon-lakon nalikane mbarang ing Jawa Timur mau kaimpun dadi sawijining buku kanggo ugerane para dhalang Kanoman, kang katelah Pakem Wetan utawa Pakem Bagong. Dene Ki Panjangmas tetep dadi abdidalem dhalang ing kraton. Lakon-lakon nalika mbarang ndhalang mau kaimpun dadi buku kang katelah Pakem Petruk utawa Pakem Kulon.

Nadyan beda pakem, nanging cengkoke (gaya) seni padhalangan rikala semana tetep siji, yaiku cengkok Mataram. Cengkok padhalangan lagi pecah nalika Mataram kabagi dadi loro, yaiku Surakarta lan Yogyakarta.

Pecahe cengkok padhalangan mau disebabake telung perkara. Sepisan, Paku Buwana III ing Surakarta pancen nayogyakake marang ingkang paman, Sultan Hamengku Buwana I ing Yogyakarta, supaya tetep nerusake padhalangan cengkok Mataram. Dene PB III bakal nyipta cengkok anyar.

Kapindho, pancen nalika dumadi paliyan nagari Sultan HB I nate mboyong sawetara dhalang saka Surakarta menyang Kraton Yogyakarta. Nanging, gandheng kahanan Yogya wektu semana durung tumata, para dhalang mau rumangsa kurang manteb lan malah padha bali menyang Surakarta maneh. Wiwit iku dhalang-dhalang Yogyakarta padha gawe cengkok dhewe.

Katelu, ana kabar yen dhalang-dhalang Yogyakarta nerusake cengkoke Nyi Panjangmas, lan para dhalang ing Surakarta nerusake cengkoke Ki Panjangmas.

Pranyata jroning laku jantrane seni padhalangan, sing jeneng cengkok mau ngrembaka subur. Maune ngrembakane cengkok mau jumbuh klawan adege kraton. Mula saliyane cengkok Surakarta lan Yogyakarta, banjur thukul cengkok Mangkunagaran lan cengkok Pakualaman. Kawusanane cengkok-cengkok padhalangan mau tuwuh nganti karang padesan.Upamane, ing sawijining desa ana dhalang kang kuncara saengga akeh calon dhalang kang meguru mrana. Kanthi mangkono cengkoke dhalang kondhang mau dadi sawijining cengkok anyar.

Contone, tau sumebar anane dhalang cengkok Jombor (Klaten), kanthi ciri khusus dhalang dhagelan, awit saben gelare mesthi kebak lelucon. Dhalang cengkok Wedhi (Klaten), kondhang kanthi cirine dhalang wejangan, awit saben gelare kebak piwulang. Sabanjure cengkok iki nuwuhake julukan tumrap dhalang. Ana kang sinebut dhalang kethek, awit seneng nglakokake paraga kethek jroning lakon Ramayana. Dhalang sabetan, awit seneng lan trampil merangake satriya kanthi olah sabetan. Uga kita isih kelingan Ki Manteb Sudarsono tau oleh julukan dhalang setan, awit saka cepete anggone olah sabetan yen lagi perang.

Sanadyan seni padhalangan kabagi dadi pirang-pirang cengkok, nanging sejatine miturut garis besar, mung dumadi saka telung cengkok, yaiku cengkok Surakarta, cengkok Yogyakarta, lan cengkok desa. Cengkok desa thukul awit anane dhalang desa kang dadi dhalang amarga keturunan utawa nyantrik marang sawijining dhalang kondhang ing karang padesan. Muncule sebutan dhalang desa, yaiku nalika kababare buku pakem minangka pathokane dhalang, kang diwetokake dening Kraton Surakarta (Serat Pustaka Raja) lan Yogyakarta (Serat Purwakandha).

Rikala semana dhalang desa angel banget oleh buku-buku pakem kasebut. Saliyane buku-buku pakem iku kacetak terbatas, upama bisa oleh buku kasebut, durung karuwan para dhalang desa mau bisa maca. Awit akeh-akehe isih wuta aksara. Kanthi mangkono cengkoke dhalang ndesa lumaku dhewe lan diwarisake turun-temurun.

Ing taun 1923, awit saka kersane Sinuhun PB X ing Surakarta, kabukak sekolah dhalang kang sepisanan kanthi jeneng Pasinaon Dhalang ing Surakarta, disingkat Padhasuka. Rong taun candhake,Yogyakarta nusul adeg sekolah dhalang Habirandha awit saka kersane Sultan HB VIII kang sinengkuyung dening Java Instituut. Taun 1931, Pura Mangkunegaran adeg Pasinaon Dhalang ing Mangku-Nagaran (PDMN).

Tuwuhe sekolah dhalang mau ora nduweni tujuwan nambah cacahe dhalang kang wis ana. Nanging luwih nengenake ningkatake kualitase para dhalang, utamane dhalang desa kang dianggep gelare kurang becik lan ora bisa nututi gelare jaman. Sing genah, supaya dhalang desa anggone ndhalang padha nganggo dhasar pakem.

Kanthi muncule sekolah dhalang mau, kawitane para dhalang saka plosok padha gemrudug tumuju kraton saperlu olah ngelmu. Nanging paribasan sulung ngrubung lampu, ora let suwe padha mbrindhili dhewe-dhewe. Bab iku disebabake, antara liya, para dhalang desa mau kangelan nyemak pelajaran, awit anggone ora bisa maca. Uga amarga adohe laku, kamangka wektu semana durung ana tetumpakan. Kerep wae sawijining dhalang kudu wis mangkat sore, mlaku, lan lagi tekan kraton sesuk awan kamangka pelajaran lagi kinawitan bengine. Lan racake, para dhalang mau ora rumangsa ketambahan ngelmu padhalangan.

Nadyan wusanane pasinaon-pasinaon dhalang mau surut, nanging sethithik-akeh wis klakon nyragamake gelare para dhalang. Apa maneh bareng kasambung klawan thukule sekolah dhalang modern, kayata ing ASKI lan ASTI, cengkok-cengkok seni padhalangan mau sidane ilang. Mbokmenawa sing ana cengkok nasional.

Taun sewidakan biyen, nalika cengkok Surakarta lan Yogyakarta isih kenthel, wong Sala ora rumangsa marem nonton gelare dhalang Yogya, semono uga suwalike. Wektu iku cengkok mau isih ketara banget, kanthi ciri-ciri padhalangan cengkok Surakarta pinunjul ing babagan basa lan pagelaran wayang alus. Dene cengkok Yogya, pagelaran wayange urip lan rame, paraga wayange akeh gerake lan katon gagah.

Ature: Poerwanto Rs.
JB 39/LX, 28 Mei-3 Juni 2006


Mbah Marijan: Nek Ngungsi Kliru

21 Mei, 2006

Senajan Merapi wis mbledhos, ngetokake wedhus gembel, ewasemono R. Ng. Suraksohargo alias Mbah Marijan (75 taun) isih tetep ora gelem ninggalake omahe ing Kinahrejo, Umbulharjo, Pakem, Sleman. Alasane merga ngemban dhawuh amanahe swargi Sri Sultan Hamengku Buwono IX. Minangka jurukunci Merapi, dhawuhe Ngarsa Dalem kudu patuh sarta tanggung jawab, ora kena ninggalake jejibahane, senajan ta totohane nyawa.

Mbah Marijan, tokoh spiritual Jawa sing gawe bingunge aparat jalaran ora gelem ngungsi iku nganggep menawa Gunung Merapi kuwi pepundhene. Mula senajan pendhudhuk kiwa-tengen padha bingung ninggalake omah tumuju brak pengungsian, Mbah Marijan cukup tenang-tenang saja di rumah. Merapi dianggep kaya ora ana apa-apa. Dheweke malah mbongkar omahe kapernah buri pendhapa, wiwit saka gendheng, usuk, reng, nganti krepus kang padha kropos diganti cor semen lan ragangan wesi. Paturone pindhah ana sisih wetan cerak pawon. Amben galare cerak warunge sing biyasa kanggo nyepaki kabutuhane bocah sing arep munggah Merapi.

Reng-usuke diganti pamrihe nek sawanci-wanci wedhus gembel teka nerak omahe, ora ambruk. Bab iku belajar saka kedadeyan ing Turgo sing gendhenge omah-omah padha ambruk jalaran ketiban awu panas pirang-pirang kubik.

“Sing terang ora bakal ana kedadeyan apa-apa ing kene. Kabeh tak pasrahake karo Sing Maha Kuwasa,” ngono kandhane Mbah Marijan nalika ditemoni JB dhek dina Jemuah Paing, 5 Mei 2006 kepungkur.

Merapi sing wis ngetokake lava pijar (panase 600 derajat Celsius) iku durung marakake Mbah Marijan percaya yen gununge bakal mbledhos. Karo nemoni tamune Mbah Marijan liyer-liyer turu-turu ayam, jalaran bengine kudu prihatin, ngrondhani omahe lan nindakake laku spiritual. Ngepasi ana swara adzan dheweke nindakake sholat ana langgar kulon omahe.

Saploke Merapi kumat iku simbah jurukunci iki tansah ketamuan paranormal sing arep golek popularitas nindakake labuhan ing Sri Manganti Merapi. Malah ana paranormal sing ngaku isih trahe keluwarga karaton.

Kanthi anane aktivitas Merapi sing wis ngancik tingkat Awas Merapi iku akeh warga sing urip kacingkrangan padha ora bisa mergawe. Semono uga Mbah Marijan dhewe. Biyasane udud nglecis sigaret alus, saiki mung nglinting merga warunge ora payu, ateges uga kelangan pangan.

“Nek boten payu nggih mangan tela godhog saking kebon,” ngono kandhane adhine ragil Mbah Marijan sing jenenge Tugiyem (50 taun). Tugiyem uga bukak warung kaya Mbah Marijan.

Manut kandhane Tugiyem, Mbah Marijan iku sedulure kabeh ana pitu. Sing barep Mbah Marijan, adhine sing nomer loro, telu, lan papat wis ndhisiki mati. Sing nomer lima arane Subariyah ana Tanjung Karang, Sumatra. Sing nomer enem Wignyo, manggon ing Kinahrejo. Ragile Tugiyem iku, omahe pernah ngisor plataran omahe Mbah Marijan.

Nalika ditemoni JB Mbah Marijan ora nganggo klambi dhines pranakan karaton, ning cukup nganggo sarung lan peci bathikan ireng. Dheweke uga kandha ora ana dhawuh saka Karaton Ngajogjakarta supaya nindakake labuhan. Labuhan wis ana jadwale dhewe. Dadi yen ana isu Karaton nganakake labuhan, iku ora bener.

BISA NGILANG?

Mbah Marijan wis diarih-arih Kapolsek Cangkringan AKP Munawar Wsc, supaya pindhah ngedohi Merapi. Nanging dheweke meksa ora gelem ngungsi. Mbah Marijan kandha, olehe ora gelem ngungsi amarga mundhi dhawuhe swargi Sri Sultan HB IX. Kala semana Ngarsa Dalem dhawuh minangka jurukunci Merapi dheweke nduweni kewajiban njaga lan tanggung jawab ngreksa Merapi. Ora kena ninggalake pakaryan mau senajan ta totohane nyawa. Nek nekad ngungsi iku kliru, nerak dhawuhe ratu gustine, bakal kapatrapan bendu.

Mangka sadurunge kuwi, putrane Ngarsa Dalem IX, yaiku Sri Sultan HB X kang uga Gubernur DIY, wis ndhawuhake marang warga ing ereng-erenge Merapi supaya pindhah.

“Aku wis ngandhani Mbah Marijan supaya ngungsi, aku kuwatir nek ana kedadeyan tenan mundhak aku sing diklirokne,” ngono pangandikane Sri Sultan HB X marang JB ing Kepatihan Danurejan, Jogjakarta, durung suwe iki.

Minangka juru kunci Merapi, Mbah Marijan mesthi nduweni kaluwihan ngerti cara-carane nanggulangi Merapi yen pinuju nesu. Ana sing kandha menawa Mbah Marijan iku bisa ngilang. Apa bener mangkono?

“Mas jangan heran ya Mbah Marijan itu bisa ngilang,” ngono kandhane Christian Awuy, Ketua Aspek (Asosiasi Perhotelan Kaliurang) Sleman marang JB.

“Ah yang bener saja Pak Awuy?” pitakone JB semu gumun.

“Betul, waktu itu saya lihat sendiri,” tambahe Awuy semu rada wedi.

Sabanjure Awuy nyritakake kedadeyane. Kala semana ana bocah hiking munggah Gunung Merapi kesasar lan ilang ora bisa bali. Wis digoleki karo kancane ora ditemokake. Mula banjur njaluk pitulungan spirituale Mbah Marijan, temahane bocahe bisa ketemu slamet.

Kala lagi enak-enak ngobrol, anggota tim SAR Merapi padha weruh Mbah Marijan melu lingguh ing kono. Ning ditinggal noleh nyang buri Mbah Marijan ujug-ujug wis ilang ora karuan menyang endi parane. Mangka papane omber ana tengah ara-ara, nek mlaku utawa mlayu mesthine katon blegere.

Nalika masalah mau ditakokne, Mbah Marijan mung mesem.

Ature: Adi K. Putra
JB 39/LX, 28 Mei-3 Juni 2006


Bakal Ana Layon Agung

17 Mei, 2006

Salah sijining putrane PB XII Gusti Pangeran Haryo Suryo Wicaksono (Ninok) ngramal tandha-tandha jaman. Dhek Minggu 7 Mei 2006 jam 13.45 ujug-ujug JB di-SMS mangkene: Selasa lava gunung Merapi meleleh ke barat, abunya ke utara. Solo aman. Semoga semua makhluk berbahagia. Lava juga ke arah barat daya. Korban minimal sebab tidak ada letusan dahsyat. Justru yang berbahaya awan panas ke arah utara.

JB banjur nlesih: Iki ana tandha-tandha jaman apa?

Ninok: Kanggo negara pertandha ana jaman anyar sing dimulai. Kanggo kraton (Surakarta) babak anyar rekonsiliasi. Kanggo alam peringatan supaya umat tahu diri yen Tuhan Maha Segalanya.

JB: Kutha-kutha sing kena dampak Merapi?

Ninok: Lahar nyang Magelang, awan panas nyang Boyolali. Arep ana tumbal petinggi negara Negara Kesatuan Republik Indonesia (NKRI).

JB: Sapa?

Ninok: Bentuk layon agung, jenenge isih rahasia alam.

JB: Kira-kira kapan ana layon agung ?

Ninok: Sing saiki lagi lara, 13 dina maneh.

JB: Merapi leleh tiba Selasa Legi, kuwi tandha apa ?

Ninok: Selasa 3 legi 5 jumlahe 8. Gunung jugrug segara asat. Tiba asat titik paling rendah. Ning tetep ing koridor interpretatif lan bisa diwiradati karo tembang: Lila lamun kelangan/nora gegetun/trimah yen ketaman/seserik sameng dumadi/trima legawa nalangsa srahing bethara. Nalika ketemu mbah Petruk (dhanyange Merapi), taktakoni kapan mbledhose ? Jawabe: Lagi nglumpukake entut sebab wetenge ben lega trus kecirit, hehe…. dhemit kenthir!

Tanggal 10 Mei 2006 jam 17.20 Ninok kirim SMS maneh: Malam ini+besok Mbah Petruk mengundang Mbah Marijan dalam ULTAH dengan pesta kembang api di Merapi. Ada yang mau rawuh? Monggo….

Ature: Endang Irowati
JB 38/LX, 21-27 Mei 2006


Bocah Bajang, Gegambaran Cacading Manungsa

17 Mei, 2006

Bocah bajang nggiring angin
Anawu banyu segara
Ingon-ingone kebo dhungkul
Sasisih sapi gumarang

Teks patang larik kang nggambarake bocah bajang kasebut, mujudake salah sijine jineman kanggo ngiringi metune Semar, utawa ngarepake jumedhule Panakawan Catur. Ana ing pakeliran, Bocah Bajang kuwi ora ana wayange. Sing ana wayang Sukasrana, Pulunggana, lan Kala Bendana. Senadyanta iku wujude bajang, katelune apaes buta, dudu bocah. Ananging yen wis ngripta wayang kasebut, banjur arep dienggo apa? Diwetokake nggon ngendi? Awit ora ana sejarahe lakon balungan ringgit purwa sing mligi nyritakake bocah bajang. Nadyan mangkono, tokoh iki kaya-kaya tansah ngayang-ayangi jagade pakeliran.

Mula yen arep oncek-oncek werdine bocah bajang, prayogane nganggo pancadan wayang sing ana sambung rapete karo bocah bajang yaiku wayang Semar. Jalaran sauger Semar jumedhul, jineman Bocah Bajang dilagokake. Bab iki ora mung dhapur kebeneran, ananging mesthi ana werdine kang sumimpen. Kaya padataning para pujangga yen arep ngandharake sawijining bab, racak-racake dibeberake kanthi wantah.

Ana ing buku, majalah, lan media liyane, wis akeh kang nyerat bab Semar. Tokoh siji iki mula nduweni pribadi sing mangro, pribadi sing kadunungan sipat loro. Dheweke iku Bathara Ismaya kang manitis ing ragane manungsa cebol, pakulitane ireng kang aran Ki Semarasanta. Yen mriksani blegering wayang, perangan sirah iku lanang., dene perangan awak mligine payudarane lan bokonge iku wadon. Menawa diarani wong tuwa marga rambute wis putih, iku uga ora trep, merga potongane kuncung kaya patraping bocah cilik. pasuryane uga mangkono, lambene mesem nggambarake kabungahan, ananging mripate ndrejes kaya wong kang nandhang duhkita. Awit saka bab kang kebak misteri, ora cetha saktenane, apa ya dewa, apa ya manungsa, lanang apa wadon, wong tuwa apa cah cilik, sedhih utawa seneng, mula tokoh iki dijenengne Semar, saka tembung samar, durung cetha.

Dumadine tokoh Semar ing jagading pakeliran bisa uga mujudake pangangen-angene manungsa kang jero, anggone ngorong kepengin necep kekeraning Pangeran. Amarga Kang Maha Sampurna iku ora katon, tan bisa digrayang, mula banjur nglengkara bisa nggambarake kanthi wewentehan. Sing bisa digambarake cetha yaiku kekurangane keringkihane, kasekengane, cacad-cacade manungsa. Awit kanthi ngrumangsani ringkih bisa ngrasakake Kang Maha Kuwasa, kanthi ngrumangsani sekeng, bisa ngrasakake Kang Maha Welas, kanthi ngrumangsani cacad, bisa ngrasakake Kang Maha Sampurna. Iya awit anane rasa rumangsa sing sarwa ora sampurna mau, banjur nglairake reriptan, kaya dene Ki Semarasanta.

Ing ringgit purwa reriptan kanggo nglenggahake kekeran Kasampurnan iku uga tinemu ing wayang Dewaruci wujude dewa bajang. Wayang Hyang Pada Wenang, diripta mung sakepel gedhene.

Ana uga reriptan liya kang dumadi ing sanjabaning jagading pakeliran, nanging nunggal karep kanggo nglenggahake Kang Maha Sampurna. Wujude reca Budha kang tinemu ing candhi Borobudur. Nalika dipugar lan ditata maneh dening Van Erp taun 1907 tekan 1911, gunggunge reca Budha ana 505 iji. Kang nggumunake geneya reca Budha nomer 505 sing tinemu ing stupa induk kang mapan pucuk dhewe kuwi cacat, ora sampurna. Rikmane ora diukir, pasuryane cacat, astane dhuwur sisih lan dawa cendhak, rasukan kang nutupi ampeyane ora ditatah wiru, lapike ora padha kandele.

Magepokan karo anane reca Budha kang cacad, Serat Centhini utawa Suluk Tambangraras nyritakake pangulandarane Mas Cebolang karo santri-santrine tumeka ing Candhi Borobudur. Nalika mriksani candhi kanthi tlesih, Mas Cebolang ngungun penggalihe, nyumurupi salah sijine reca kang cacat, piyambake banjur ngendika marang pandhereke mangkene: “Paran darunane iki, reca agung tur neng puncak, teka tan jangkep ing warni, yen pancen durung dadi, iku banget mokalipun, baya pancen jinarag, embuh karepe kang kardi, mara padha udakaranen ing driya.”

Mas Cebolang nelakake yen reca mau jinarag digawe cacat. Dene ancase durung cetha, perlu digolaki ditlesih lan dilimbang-limbang kanthi permati ing sajroning ati.

Miturut Kitab Jawa Kuno Sang Hyang Kamahayanikan kang isine ngenani agama Budha Mahayana, Stutterheim ngandharake mangkene: ing antarane wujud reca Budha sing wis diwakili 504 iji, isih ana reca sing mujudake pangejawantahe Hyang Maha Wikan, tataran paling dhuwur, sing ora katon, kang diarani Batara Budha, yaiku reca nomer 505. Dadi cetha, anane reca kang sarwa ora sampurna iku mula disengaja, kanggo nglenggahake Kang Maha Sampurna, yaiku Batara Budha.

Dudutane rembug, apa sing diwujudake para pujangga kanthi wewentehan ing antarane Semar lan Bathara Budha iku kanggo nggambarake kahanane manungsa kang sarwa ora sampurna. Nanging yen dikedhuk jero, ing suwalike wujud kang kebak cacad iku lenggah Rohing Kasampurnan. Antarane kang ora sampurna karo kang sampurna lelorone urip bareng ing jagad siji, jagading manungsa. Kaya sifat pribadhine Semar kang werna loro, ya dewa ya titah, ya tuwa ya bocah, ya lanang ya wadon, ya bungah ya susah.

Kanggo nandhesake bab iku, jumedhule Semar ing jagading pakeliran dibarengi jineman Bocah Bajang kang duwe ingon-ingon loro, yaiku kebo dhungkul kang nggambarake kethule rasa-pangrasa marang bab kasampurnan lan sisihe sapi gumarang kang nggambarake kalantipan ngrasakake lungiding kasampurnan. Bodhone kebo dhungkul pratandha kasekenganing manungsa, pintere sapi gumarang pratandha lantipe manungsa bisa nglenggahake Kang Maha Sampurna ing sajroning uripe.

Mula banjur mbutuhake pambudidaya tanpa kendhat kanggo nglenggahake sumbere Kasampurnan ana ing uripe manungsa kang sarwa ora sampurna. Kayadene bocah bajang sing sarwa ora sampurna lagi nggiring angin, ngiring kasampurnan lan nawu segara, nyidhuk sumbering kasampurnan kang datan bisa asat.

Pancen yen dirasakake sacleraman nggiring angin lan nawu segara iku mujudake pakaryan sing muspra ora guna ora ana rampunge. Ananging yen kersa ngenepake, nggiring angin lan nawu segara iku mralambangake manungsa sing terus-terusan, tanpa pedhot kanggo nglenggahake Sumbering Kasampurnan. Nanging nadyanta nggiring angin lan anawu banyu segara iku pakaryan mokal bisa rampunge, ananging yen ora gelem niru patrape bocah bajang, bakal bisa ngrasakake sumiliring angin kasampurnan lan telese banyu kalanggengan.

Ature: Herjaka H.S.
JB 38/LX, 21-27 Mei 2006


Maryoto Kurban Wedhus Gembel

17 Mei, 2006

Maryoto (50), warga Turgo sing mapan ing relokasi Sudimoro, saiki ora bisa kumecap maneh. Jalaran bantuan saka pemerintah lumantar Dinas Sosial Daerah Istimewa Yogyakarta (DIY) kang sesasi gedhene Rp 75.000 dijabel wiwit Nopember 2005.

Maryoto sing dadi salah sijine kurban wedhus gembel saka puncake Gunung Merapi dhek taun 1994 iku saiki nasibe mesakake. Maryoto lan bojone, Kasiyem, sadurunge nandhang cacad kaya saiki uripe tentrem kebak kabungahan. Semono uga anake loro. Kahanan iku tibake ora lumaku suwe. Nalika Merapi ngetokake wedhus gembel dhek 12 taun kepungkur, Maryoto lan bojone katut kena awan panas sing ndadekake cacad selawase urip. Wiwit kuwi Maryoto ora bisa megawe. Drijine tengen ora wutuh, mung kari pucuk drijine sing wutuh, iku wae driji sambungan.

Tangane kanggo nekem ora bisa. Semono uga kupinge loro karo ilang, mung kari bolongane, dadi nek dienggoni kacamata angel, ora ana canthelane. Nalika ditemoni JB ing omahe, Maryoto diampingi Kasiyem sing dirabi taun 1970-an. “Kala semanten kahanane siang kados dalu. Awu panas kalih gas mambet lirang nyembur ngapyuk awake bojo kula,” kandhane Kasiyem anggone miwiti critane.

Nalika ketiban wedhus gembel Maryoto lagi rerewang gawe wedang mantene Wantini lan Warijo. Wantini karo sisihane (klebu bapake) tiwas ing musibah wedhus gembel mau. Kajaba Wantini, tamu sing buwuh uga dadi kurban. Total wong 40 tamune penganten ilang nyawane.

Maryoto nalika kuwi lagi ngobrol ana pawon. Wanci jam sewelas awan krungu swara gemuruh kaya udan teka, banjur kahanane peteng dhedhet kaya wengi. Merga peteng dheweke bingung ora ngerti apa sing kudu ditindakake. Karepe mlayu, ning durung nganti metu saka lawang, omahe wong sing duwe gawe iku ambruk ngebruki Maryoto, nganti ora bisa obah. Tanggane ora ana sing nulungi, merga padha golek slamet dhewe-dhewe.

“Kala semanten kula ajeng nylametaken dhiri boten saged. Lha pripun, awak kula kebrukan griya boten saged obah, katambahan malih kekapyuk awu panas ing saranduning awak, tangan, lan sikil,” kandhane karo nuduhake tangan lan sikile sing cacad merga kena awu panas biyen.

Rahayune Maryoto konangan regu penolong, banjur diplayokake menyang RSUP Dr Sarjito Jogjakarta. Tatu-tatune ditangani tim dokter luka bakar. Maryoto mondhok nganti pirang-pirang sasi ora bisa obah. Drijine sing kena awu panas wis ora wutuh kaya asline, saiki katon kiwir-kiwir. Dening tim dokter sing nangani, pucuke driji sing isih turah iku banjur disambung. Mula wujude ora memper kaya asline, katon pating jithet.

“Riyin dhek sepindhahan bar operasi kados biyasa, nanging sasampunipun saras dadose cacad,” kandhane Kasiyem sing kala semana bisa mlayu saka omahe manten.

Kasiyem kandha sing buwuh ing omahe Watini kala semana ana wong 63-an. Sing mati ngenggon ana wong 40-an, wiwit saka bocah balita tekan simbah-simbah umur 70-an.. Kurban mati banjur dikubur masal ing Dhusun Jamblangan. Saperangan ana sing dikubur ing liya papan saka panjaluke kulawarga. Saka kurban semono mau, sing 21 Dhusun Turgo, anggone ngubur dibudhalake saka aula Balai Desa Purwobinangun.

BANTUAN DIENDHEGAKE

Maryoto sing cacad tangane selawase urip iku maune nampa bantuan saka pamarentah. Ning wiwit sasi Nopember 2005 bantuan dhuwit sing gedhene Rp 75.000 sesasi iku dicabut. Kajaba bantuan dhuwit, dheweke uga oleh jatah omah tipe 32 lan sapi pohan siji. Ning sapi pohan sing dikandhangake sacara khusus ing perumahan iku, tekan saiki iya ora kocap ana endi parane!

Kanthi mandhege bantuan Kasiyem montang-manting golek pangupajiwa kanggo ngingoni anak lan bojone. Dalan sing digayuh yaiku dadi buruh, sedinane entuk bayaran Rp 25.000.

“Kula boten ngertos, pun enem sasi niki bantuan saking Dinas Sosial disumpet,” kandhane karo mripate kaca-kaca ngrasakake nasibe. Arep sambat, gek sapa sing bisa nulungi uripe?

Ature: R. Dwi S.
JB 38/LX, 21-27 Mei 2006


Nur Fadillah “Nglairake” Iwak

11 Mei, 2006

Nganti dinane iki isih akeh lelakon nyalawadi kang ora tinemu nalar. Salah sijine dialami Nur Fadillah (31), warga Jlaprang, Desa Lumpang, Kecamatan Mojoagung, Kabupaten Jombang dhek Selasa esuk, 25 April kepungkur. Buruh tani iki kaya adate, saben esuk dikancani Sukardi (40) bojone renteng-renteng budhal bebarengan nyambutgawe ana sawah. Ning ing sawah kang dituju mau ujug-ujug dheweke nemoni lelakon aneh: wetenge krasa mules kaya kudu ngising. Tansaya suwe lara ing wetenge krasa tambah ndadi. Mangka diisingne ana kali cilik cedhak sawahe, ora metu. Wetenge tetep kaya diremet-remet, mula njur mutusake bali.

Tekan omah Fadillah nyoba turu. Mbokmenawa, kanthi diturokake larane waras. Jebul ora. “Rasane kaya wong arep mbabarake. Nanging, wong aku iki ora meteng. Anakku papat wis gedhe-gedhe. Kathik aku ya wis KB steril,” kandhane ampang.

Kira-kira jam 15.30 Fadillah tangi saka anggone turu, sebab wetenge wis ora bisa diempet. Gegancangan dheweke tumuju menyang WC omahe saperlu arep bebuwang! Jebul kotoran sing metu mung sethithik. Nanging, iki anehe, bareng karo ngetokake kotoran mau kaya ana barang sing katut metu, rasane nggrenjel. Bareng diungak mangisor, ohhh dheweke kaget kepati: ana iwak urip kosel-kosel. Iya iwak mirip mujair kuwi sing metu saka wetenge! Sakala wong wadon iki jelih-jelih ngundang bojone kang wektu iku lagi disraya tanggane.

Sukardi njur mlayoni sisihane sing kaya wong bingung. Ana apa? Sawise diterangake klawan gamblang, Sukardi tanpa wigih-wigih tumuli njupuk iwak urip kang campur kotorane bojone mau. Sawise diresiki, si-“bayi” iwak mau tumuli dicemplungake akuarium.

Wiwit kedadeyan kuwi omahe Sukardi dibanjiri wong kang kepengin nonton iwak ajaib mau. Suwe-suwe desane dadi reja, awan bengi rame. Masyarakat kepengin mbuktekake, apa bener Fadillah nglairake iwak? Jalaran saya dina saya gawe geger, akuarium cilik kang sakawit disimpen ana kamar turone mau dening polisi “diamanake” ana kantor polsek. Ning mung sewengi. Bar iku dibalekake maneh.

Bareng karo baline si-“anak” mau, bengine Fadillah dipripeni. Rumangsane dheweke ketekan tamu wanita ayu slendhangan biru dikawal kaki-kaki tuwa njaluk ngombe susu lan buah-buahan. Welinge, yen sawanci-wanci ana sanak kang mbutuhake pitulungan jalaran ketaman lelara, ora usah ditambani adoh-adoh. Cukup ditambani banyu akuarium mau.

“Apa kira-kira putri ayu mau panjalmane iwak iki?” ngono pitakone Fadillah lan bojone ing sajroning batine.

Panjaluk mau dituruti. Sesuke Fadillah dalah sing lanang cawis kembang, wedang susu, lan buah-buahan anggur, gedhang, apel disuguhake ing cedhak akuarium mau. Iwak mau njur dijenengne Dewi Sekarwangi. Tamu-tamune tetep rame. Desane tambah reja!

Dina Jemuah, 28 April Fadillah ketamon tamu loro kang asale saka Kedung Maling, Brangkal, Kabupaten Mojokerto kang nedya nyatakake anane iwak kang “dilairake” mau. Manut critane, wong loro –kang ngaku santri iku— teka ing kono atas pituduh saka impene, kang jarene dipethuki wong tuwa kon nggoleki anake menyang alamat omahe Fadillah.

“Aku nggoleki anakku sing ilang. Anakku kuwi nganggo slendhang biru, jaritan parang,” ngono kandhane sang tamu. Fadillah mbatin, kok cocog karo impenku?

Santri mau njur mbacutake crita bab impene, jare: sapa wae sing nemokake anake mau, miturut wong tuwa ing impen mau, yen ora gelem ngopeni, luwih becik balekna iwak mau nyang kedhung! Sawise dipikir jero, “Timbang takbalekne nyang kedhung iwake mati, enake ya takingu wae,” kandhane Fadillah marang tamune iku.

Engga pawarta iki katulis, Rebo, 3 Mei 2006 sing nonton iwak “anake” Fadillah mau isih akeh. Asale saka daerah sakiwa-tengene Jombang, “Aku teka mrene niatku njaluk banyu akuarium kanggo tambane laraku. Wong tuku obat neng apotik regane larange ya ora ilok,” komentare Bagus, sing ngaku dhadhane seseg.

Ature: Oemaryanto
JB 37/LX, 14-20 Mei 2006


Ukuman Paling Abot: Picis!

11 Mei, 2006

SERAT Sekar Setaman, sawijining buku koleksi Museum Sanapustaka, Kraton Surakarta, kandhutan isine dumadi saka cathetan-cathetan saka prastawa wigati kang kadadeyan ing jaman Kraton Surakarta (sing disebut jaman kraton, yaiku jaman sadurunge kamardikan RI ing taun 1945 –pen).

Buku kuna kuwi blegere wis ora wutuh maneh, saperangan kaca sisih buri thethel lan ilang, embuh pirang kaca ilange. Mung wae ing lembar pungkasan kacetha angka kaca 127. Serat awangun gancaran sinerat mawa aksara Jawa iki, ing samake kang rinengga gambar naga loro adhep-adhepan bisa kinawruhan sing nulis, yaiku Mas Ngabehi Rangga Susastra. Ora dingerteni sapa sejatine penulise iku, lan kapan anggone nulis.

Ana ing lembar pambuka, ing antarane katulis yen buku kasebut ngemot prastawa-prastawa wigati, utamane kang magepokan klawan donyaning kadurjanan (kriminal). Uga sinerat yen prastawa-prastawa mau sabageyan njupuk saka buku-buku kang kababar sadurunge, lan sebageyan prastawa kinawruhan dhewe dening penulise.

Prastawa sing paling lawas kacathet ing Sekar Setaman iki yaiku kadadeyan nalika sing nyekel pusaraning praja ing Surakarta Sinuhun PB IV (1788-1820). Prastawa kang kacathet, yaiku ukuman picis ing Surakarta diilangi ing taun 1812.

Kacritakake, nganti tekan taun 1811, ukuman mati ing Surakarta isih lumaku. Ingkang Sinuhun sajroning paring pidana marang para narapidana ngetrapake undha-usuke paukuman jumbuh klawan kang digarisake dening Syariat Islam. Ana paukuman kethok tangan, kethok sikil, tugel driji, tugel kuping, nganti tekan pidana pati.

Ukum mati sing ditrapake, sing genah dudu saka syariat Islam, ana rong macem. Cara loro-lorone mau dilaksanakake ing setengahe alun-alun ditonton rakyat. Ukuman mati cara sepisan yaiku diedu lawan macan. Dene ukuman pati kang dianggep luwih abot, yaiku ukuman picis. Kaleksanane, narapidana kabanda ana tunggak utawa wit, lan awake diiris-iris nganggo peso. Sabanjure tatune mau dioseri banyu uyah lan asem. Mangkono sateruse nganti tumekaning pati.

Nalika Indonesia dijajah Inggris (1811-1816), ukuman mati mau ngalami owah-owahan, awit Gubernur Jendral Raffles nganggep ukuman mati mau kejem banget. Sabanjure Raffles usul marang PB IV supaya ngowahi/ngilangi ukuman mati kasebut. Ing Sekar Setaman kacathet, Ingkang Sinuhun Kanjeng Sunan Paku Buwana IV sarujuk marang usulane Raffles. Pasetujonan mau kasok ing perjanjian tanggal 1 Agustus 1812. Kacetha ing Bab 9, ISKS PB IV setuju ngilangi ukuman mati klebu ukuman-ukuman kethok lan tugel (kethok tangan/sikil, tugel driji lan kuping).

Wiwit prastawa iku kanthi resmi ukuman mati ora lumaku maneh. Minangka gantine, kadurjanan abot kayata nyolong kebo-sapi ing wayah bengi, diganjar ukuman kurungan (ora disebutake pira lawase). Dene kejahatan ringan kayata nyolong wedhus, ngutil (nyopet), ngrampas barang barang/dhuwit (jambret), diganjar ukuman pecut kaping100 tekan 200 gumantung abot enthenge perkara.

MLAKU BENGI NGGAWA COLOK

Kutha Sala ing taun 1800-an alase isih ketel, bulake isih amba, pendhudhuke durung akeh. Kahanan mangkono iku ndadekake ngrembakane tindak kadurjanan. Kanggo ngurangi, Kraton Surakarta ing jamane PB IX (1862-1893) ngetokake peraturan anyar ing taun 1867. Unine, sok sapaa sing mlaku bengi ing wewengkon Surakarta kudu nggawa colok.

Urub, padhang, utawa jinise colok ditemtokake jumbuh klawan endhek-dhuwure punggawa lan drajat pangkate. Saben punggawa kraton apangkat mantri sapandhuwur, yen mlaku wanci bengi kudu nggawa colok ting. Dene warga biasa yen mlaku wanci bengi kudu nggawa colok saka onthel (kembang kluwih).

Kanthi metune peraturan kasebut, sapa wae sing mlaku wayah bengi tanpa colok dianggep wong durjana (penjahat), utawa wong kang nduweni niyat jahat. Petugas keamanan oleh langsung nangkep lan merkarakake. Kanggo ngawekani lakune peraturan kasebut, pihak kraton kepareng nambah cacah gerdhu-gerdhu jagan lan uga nambah tenaga petugas keamanane.

PRANATAN BUKBIRU

Kraton Surakarta wewatesan klawan Pura Mangkunagaran. Kanthi anane wates negara iki, para penjahat oleh manfaat. Maling, rampog, kecu kang nindakake kadurjanan ing Surakarta adhakan mlayu menyang Mangkunegaran, utawa suwalike. Kanthi mangkono petugas keamanan (pulisi) ora bisa nangkep, awit pulisi dilarang lintas batas menyang negara liya.

Kedadeyan kang mangkono iku sidane bisa diilangi ing taun 1869, kanthi metune pasarujukan antarane Kraton Surakarta lan Pura Mangkunegaran. Prajanjen mau awit saka ada-adane Tuwan Residen ing Surakarta.

Kanthi metune peraturan mau, pulisi bisa lan oleh ngoyak durjana ngliwati wates negara. Malah kena ngoyak tekan ngendi wae playune durjana mau. Yen pulisi Kraton Surakarta bakal nggledhah sawijining omah ing wewengkon Mangkunegaran, kena-kena wae asal njaluk idin lan diterake dening kepala desa, mesisan minangka seksine.

Kanggo tindak lanjut penanggulangan tindak kadurjanan iki, taun 1873 Kraton Surakarta ngetokake sawijining peraturan anyar, aran Pranatan Bukbiru. Pranatan mau nyebutake, sawijining lurah kang sengaja ndhelikake anane kadurjanan (ngerti nanging ora gelem lapur utawa ethok-ethok ora ngerti), langsung dipecat saka kalungguhane lan kalungguhan liya-liyane (yen ana). Pranatan iki uga lumaku kanggo para penggedhe pulisi (Panewu Pulisi).

Pranatan Bukbiru uga ngatur samangsa Panewu Pulisi mati nalika njabat lan nalika uripe ora nduweni kesalahan sarta ora kesangkut kadurjanan marang negara, salah siji anake bisa nyulihi jabatane. Anak mau bisa ngganteni dadi pulisi waton nyukupi syarat wolu, yaiku pinter, trampil, kelakuwane becik, sregep nyambutgawe, ora madat (narkoba), main, minum, lan durung tau tindak durjana. Syarat wolu mau dadi pertimbangan pengangkatane.

Ature: Poerwanto RS
JB 37/LX, 14-20 Mei 2006


Golek Guru Dhagelan Niku Angel

11 Mei, 2006

Ing kalangane pelawak Ngayogjakarta, asmane Mbah Guno alias Eyang R. Susanto (79) wis ora asing maneh. Kaset dhagelane sumebar. Rekaman sing keri dhewe ndhageli lagu-lagu langgame penyanyi Walang Kekek Bu Hajjah Waljinah. Ing album ”Kembang Kacang” sing ing taun 1990-an larise kaya kacang goreng mau, Mbah Guno sing kaparingan gelar Kangjeng Raden Tumenggung (KRT) Susanto Gunaprawiro saka Kraton Ngayogjakarta Hadiningrat iki mbanyol duet karo pentholan pelawak Mataram, swargi Djunaedi. Kang gawe guyu iku nalika Mbah Guno nyekar dhandhanggula Badan Alus, “Ingkung wewe, bothokira dhemit… gendruwo dipunsujeni, jrangkong garangaseme…”

Mbah Guno miyos ing Kebumen, Jawa Tengah, 3 Desember 1927. Krama karo Sri Palupi, putra putrine Mertodiningrat (Bupati Gunung Kidul) patutan putra-putri sanga: Gunarso, Gunawati, Ratih Guntari, Endang Gunar Widiastuti, Wahyu Gupitawati, Guntoro, Hesti Gunarti, Novi Gunarsanti lan Gun Hartanto. Wayahe cacahe ana wolu. Mbah Guno pungkasan nampa pendidikan ing SMAN Surakarta taun 1950 lan pensiun saka ngasta guru STMN II Jogjakarta taun 1987. Senajan wis pensiun piyambake isih mulang jurusan teater ing ISI Jogjakarta wiwit taun 1987 saengga seprene. Mbah Guno dhewe putra katelu saka abdidalem Karaton Surakarta sing asma Gunawan Sastroprawiro.

Ing ngisor iki wawancarane JB karo Mbah Guno ing daleme, Mijilan PB I No. 57 Jogjakarta, dhek 24 April 2006.

Mbah Guno kados taksih mucal ing ISI nggih?

Leres, kula rumiyin asring tumut teater Asdrafi Jogja pimpinan Sri Murtono. Kula menika tiyang panggung, sok main wayang wong. Ing wayang wong dados dhapukan Petruk lan Cantrik Janaloka. Semanten ugi ing kethoprak lan dhagelan. Ing ISI (Institut Seni Indonesia) Jogja mulang dhagelan kangge kelengkapan mata kuliah teater. Pados guru dhagelan niku sakniki angel. Ora umum, ana guru kok dhagelan.

Guru dhagelan niku modhale kudu cerdhas, nek boten tangeh lamun bisa. Dalan pikirane kudu humor saenggon-enggon, saged damel kemekele wong. Senajan umur kula empun 78 taun, ning dereng pikun. Taksih saged nyanyi, nembang, kroncong stambulan, lan seriosa. Malah kenal kalih “Walang Kekek” Waljinah penyanyi kroncong ing Solo.

Dadi dhagelan niku seserepane kudu akeh, bisa dadi paraga wayang wong, dhalang, pengrawit. Tembunge liya, perbendaraan-e tembung kudu akeh. Dadi dhagelan kangge urip sakniki angel lan susah. Jalaran sakniki penonton kathah sing pinter ndhagel. Malah kepara enten sing bisa gawe guyune sing ndhagel. Harak aneh, ta? Nek ndhagel isine mung kulakan saking dhagelane tiyang sanes badhe konangan lan ditirokake, ndah kaya apa wirange.

Mbah Guno nate dados dhalang?

Leres, kula menika nate sinau utawi kursus dhalang wayang kulit wonten Karaton Surakarta. Wekdal semanten gurunipun KRT Dutadilogo, RW Atmocendono, lan RL Jogopradonggo. Dene kursusipun ing SD Kasatriyan. KRT Dutadilogo mucal teori pewayangan, KRT Armocendono sabetan utawi jejeran, lan RL Jogopradonggo mucal sulukan, ingkang menawi Jogja kawastanan lagon.

Pendidikanipun namung setunggal taun, angsal ijasah ingkang dipun tapak astani Menteri P dan K Wongsonegoro wekdal semanten. Dados dhalang inggih saged sayah, lajeng pindhah dhateng Jogja ndherek Pakempalan Wayang Wong Gagrak Solo ing Arena Budaya pimpinanipun Pak Sunarto lan kapurih dados dhalang wayang wong. Dados dhalang kedah saged nguwasani gendhing, joged. Wekdal semanten THR Jogja dereng wonten wayang wongipun.

Paguyuban tari gagrak Solo ing Jogja wonten sekawan: Langen Indria, Langen Beksa Wiromo, Puri Eka Budaya. Lan ing wayang wong Tiong Hoa pimpinanipun Oh Wi Sun ingkang wonten Magelang kula malah didhapuk dados dhalange.

Sekeca dados dhalang menapa dhagelan?

Kangge dhagelan racake sing nanggap remen kula ndhagel macak ngangge pantalon biru, dhasi, jas lan pecis. Benten kaliyan dados dhalang. Sisah sanget, sukune saged gringgingen melek sewengi. Sami-sami ongkose wekdal semanten HR dhalang wayang kulit Rp 300.000 lan dhagelan Rp 250.000. Kula nggih milih dhagelane, boten repot. Jalaran dhalang kedah ndhatengaken gamelan, sindhen, wayang kulit, lsp.

Sadangunipun kula dados dhagelan, murid kula sampun kathah. Ingkang wonten ing Jakarta kados ta Edy Sud, Bagio, Iskak, lan Drs. Sunarto. Malah kala semanten kula ndamel grup Trio SGM (Sunarto, Guno, Murtadi) lan nate dishooting TVRI Jogjakarta.

Kejawi dados dhagelan kula ugi ngrangkep dados MC Basa Jawi lan yen pas kosong diisi ngangge dhagelan. Kejawi menika kula inggih nyukani kursus pranata adicara sa-DIY sarta bikak penyembuhan tradhisional alternatip supranatural kangge tiyang sakit maag, jantung, ginjel, liver, lan asma.

Kula menika, tiyang Jawi ingkang gadhah tanggung jawab minangka pengawal, pengawas, penjaga Basa Jawi. Lan konsekwensinipun nek wonten penyiar radio sing salah migunakake tembung utawi ukara Jawi langsung kula tilpon. Saking labuh-labet menika asring yen wonten sarasehan kula diulemi. Mergi samenika tiyang migunakaken basa Jawi kathah ingkang klinthu.

Bab Konggres Basa Jawa (KBJ) IV ing Semarang kula badhe ngusulaken babagan tatanan Hanacaraka kanthi cara sanes. Dialoritik tandha E pun icali kados ukara gendheng kaliyan gendheng seratanipun sami nanging tegesipun saged benten amargi wonten mesin ketik menapa komputer E corek nginggil boten wonten. Gendheng saged mengku teges tiyang edan utawi degleng. Lan ugi saged gendheng kanggo atep griya.

Ature: R. Dwi S.
JB 37/LX, 14-20 Mei 2006


Porong Erlangga

11 Mei, 2006

Kasebut ing prasasti watu Kamalagyan asal saka raja Airlangga, mawa angka taun 959 S (1037 Masehi) arane kali Brantas mung disebut klawan istilah bangawan. Ing baris ka-9 prasasti kasebut katulis (yen digancarake nganggo basa saiki): kaya mangkono akeh desa ketahan lan kepalangan sawahe dening kali, wusana bengawan jebol ing Desa Waringinpitu, njalari darbeking negara nandhang kapitunan sarta ilang utawa amblase wilayah tetanen…. Sabanjure ing baris 14 disebut …aliran bengawan kang jebol mau banjur dibendung dening Sri Maharaja….

Bisa uga ana gandhenge karo kang katulis ing prasasti mau, kasebut ing buku roman sejarah Arok-Dedes karangane Pramoedya Ananta Toer, ana cuplikan carita kang nggambarake kahanane Bengawan (Brantas) kaya katur ing ngisor iki:

“Bagus, bagus! Wis mesthi sira kabeh iki durung nate weruh segara!”

“Kasinggihan Bapa! Mila makaten!”

“Apa liya-liyane durung nate nyang Gresik?”

Pranyata, durung ana siswa siji bae kang mingket saka Tumapel.

“Bagus, saiki aku arep crita. Rungokna. Ana sawiji wilayah jembar ngilak-ilak ing sakidule Gresik. Nyawang nyang ngendi bae arahe kang katon mung sawah, sawah, lan sawah ning mung bisa ditanduri ing mangsa ketiga kaya wektu iki. Lan sira, coba rungokna!” Brahmana Lohgawe (guru) ngelikake siswa mau. “Saiki coba, sapa ing antarane para siswa iki kang bisa nerangake dhodhok-selehing prekara!” Brahmana Lohgawe nuding sawijining siswa nganggo sada asal wit aren.

“Kasinggihan, Bapa Mahaguru.”

Kang tinuding wiwit crita. Sakawit, sawah-sawah mau mujudake genangane Kali Brantas saben mangsa rendheng. Sri Baginda Erlangga ndhawuhake titah (prentah) kanggo mbukak sawiji porong nganti tekan segara. Lemah asal saka kedhukan didadekake tanggul ing sakiwa-tengene. Sabanjure porong ditanjakake kanggo ngurangi sanggan sungapane Brantas, dadi alur lelayarane kapal-kapal perang kang pinuju mbalik mudik!

Siswa liya kang oleh giliran tinuding dening Brahmana Lohgawe, mbacutake atur: dawane porong mau ngluwihi garis tengahe negara Jenggala, digarap nganti rampung mbutuhake wektu 3 x 30 dina. Lan dileksanakake ing taun Saka 1000!

Dang Hyang Lohgawe dhehem, ngliyer kawigaten marang liyane, tanpa kumecap. Siswa kang rumangsa ketaman ing dhawuhe guru mbacutake crita, “Kasinggihan Bapa Mahaguru, kawula mila dereng nate sumerap Gresik, anggenipun ngedhuk saha nanggul ing perangan-perangan ingkang dipunperlokaken. Saestu sadaya kalawau muhung kangge ngujudaken kesejahteraanipun para kawula lan negari, ngirangi penyakit sarta bencana taunan, nikelaken dedagangan sarta tameng pertahananipun negari….”

Dang Hyang Lohgawe dhehem maneh kang kapindho. Salah siji siswa kang nalika iku nampa kuliah saka Brahmana Lohgawe, aran Arok.

Ngono crita cuplikan asal-usule “Porong Erlangga”, kaya katulis ing buku roman sejarah Arok Dedes. Ora disebutake apa porong kasebut kang ing tembe buri karan kali Porong. Kang disebut-sebut malah Hujung Galuh. Ning, Uga ora disebutake ana ing ngendi dununge kang gumathok. Mung diancer-anceri, cedhak tapel watese negara Tumapel iring lor, minangka pusat lalu lintas dharat lan segara kang rame. Pesenane wesi Empu Gandring kang nedya dienggo bebakalan gawe gegaman: tumbak, keris, lan sabangsane, umume iya liwat Hujung Galuh.

Kasebut ing Serat Ranggalawe babon serat basa Jawa Kuna tengahan, kang disekarake dening Raden Ronggo Wirowongso, weton Balai Pustaka –taun 1932: kacaritakake, Raden Wijaya, turune Ken Arok urutan kapapat, nalika dibledig wadyabala Jayakatwang, keplayu mangalor (saka arah Tumapel) nganti ngliwati Japanan, banjur nyabrang nyang Sumenep, Madura, njaluk bebantu kekuwatan marang Adipati Sumenep, Wiraraja. Ora disebutake, sawise ngliwati Japanan, Raden Wijaya olehe nyabrang nyang Sumenep saka ngendi? Apa kira-kira saka Hujung Galuh, ngelingi panggonan mau dhek semana dadi pusat lalu lintas dharat lan banyu? Lan ing tembe buri Raden Wijaya olehe nggebug pasukan Kubilai Khan (taun 1293) uga ing Hujung Galuh kono? Digambarake armada (prau-prau perange) wadyabala Kubilai Khan olehe mlayu iya liwat bengawan –nganti ambyar ing sungapane kali, njur padha “ing-ing” mulih nyang negarane.

PANALUSUR

Yen lelakon-lelakon kaya kacrita ing ngarep diurut saka kang paling tuwa mangisor, bisa mujudake sabangsane “bagan” kanggo luwih nggampangake panalusur ngenani ana ngendi dununge Hujung Galuh.

1) Manut dongenge R. Kartawibawa: sawise Gunung Wilis njeblug, bareng ketrajang banjir lahar Bengawan Sala tugel thel. Kepeksa nlikung menggok mangalor, njur mili mangetan nganti tekan Sedayu-Gresik. Brantas mangetan njur tekan Canggu, kang kondhang dadi pelabuhan kang rame. Ancer-ancer dununge Hujung Galuh, manut dongeng mau, mung disebut salore Kediri. Porong iku bangunan anyar dhek jaman Mataram (?)

2) Ing buku roman sejarah Arok-Dedes digambarake: kang wiwitan mbangun porong Erlangga, yaiku Erlangga, rampung dibangun taun Saka 1000. Wiwit iku Brantas bisa diliwati prau-prau perang, biasa wira-wiri saka Canggu nyang segara lan kosokbaline. Iki njalari saya rejane among dagang sarta kukuhe pertahanan.

3) Manut SK Walikota R. Soekotjo (dhek semana pangkat militere isih Kolonel), Surabaya lair 31 Mei 1293. Iku ateges dhek jaman Majapait –manut Mr. Moh. Yamin –isih ngancik ing jaman Dewasa Kejadian (genesia): 1293-1309. Ing taun mau R. Wijaya klakon bisa numpes mungsuh leloro, yaiku Kubilai Khan lan Jayakatwang. Iku kang diusulake dening panitia minangka dina kelairane Surabaya. Ning, durung ana bukti otentik kang awujud prasasti utawa liyane kang ndumuk araning panggonan: Surabaya. Ana kang nggambarake dumadine “wiracarita” R. Wijaya sawadyabalane bisa nggempur, ngusir mungsuh lelorone mau ana ing panggonan aran Hujung Galuh.

4) Lagi dhek jaman Majapait, ngancik ing mangsa Dewasa Pertumbuhan (growth): 1309-1389, utawa luwih cethane, dhek jaman Prabu Hayamwuruk ngasta pusaraning adil ing negara mau (1350-1389 M), kawetokake prasasti –kang ing jaman iki disebut prasasti Canggu– kang mbuktekake klawan otentik anane panggonan aran Surabaya kang dumunung ing tepining Bengawan Brantas. Prasasti Canggu tinengeran ing angka taun 1280 S (1358 M), sasi Srawana (Juli-Agustus, dina Sabtu Legi).

5) Hujung Galuh dununge ana ing cedhak tapel watese Tumapel iring lor; Surabaya, salah siji desa sabrangan, kacathet ing urutan pungkasan ing prasasti Canggu. Bisa uga isih nunggal wilayah karo Hujung Galuh.

Atur sapala ngenani “ana ngendi dununge Hujung Galuh?” diajab kena kanggo bahan penggalihan, ing selagine kita mengeti HUT Surabaya, tanggal 31 Mei 1293 M.

Ature: Tarupala
JB 37/LX, 14-20 Mei 2006


Lemper Gedhene Sabandhosa

11 Mei, 2006

Lemper mujudake panganan “wajib” tumrap wong duwe gawe. Embuh mantu apa sunatan, lemper tansah disuguhake marang para tamu. Ing Jogjakarta, dhusun sing kondhang usaha lempere yakuwi Dhusun Jati, Wonokromo, Plered, Bantul.

“Warga mriki wiwit usaha damel lemper kangge nyekapi pesenane tiyang gadhah damel wiwit taun 1980,” ngono pratelane Mbah Siti Zainab (65 taun) warga Jati nalika ditemoni JB ing omahe rikala gawe lemper raksasa kanggo upacara arak-arakan malem Rebo Pungkasan ing Wonokromo durung suwe iki.

Mbah Siti, randhane pensiunan Kepala Cabang Pegadaian sing duwe anak lima lan putu lima iki ngaku asli kelairan Desa Bangunharjo, Bantul. Manut katrangane, Jati kondhang merga lempere sing duwe rasa khas. Panganan lemper iku wiwit mratah ana dhaerah Wonokromo nalika sugenge Eyang Kanjeng. Rikala semana lemper Wonokromo aran Lemper Kenthongan, jalaran gedhene sakenthongan. Manut owah gingsire jaman lemper kenthongan iku banjur digawe luwih gedhe maneh, digandhulake ana pinggir dalan tumuju tempuran Kali Opak lan Kali Gajah Wong. Atraksi lemper raseksa iki diadani saben ana perayaan malem Rebo Pungkasan ing sasi Sapar.

Lemper iku digawe kanggo nyedhiani pangane wong-wong sing mentas kungkum ana kali tempuran. Jaman semana akeh pageblug. Pendhudhuk sing nandhang lara esuk, sorene mati. Sing ngasta pusaraning pamarentahan wektu kuwi Sultan Agung, ratu ing Mataram. Merga kawulane akeh sing nandhang lara mula Sultan Agung dhawuh marang Kyai Welit amrih ngusadani. Saranane kertas mantra sing dicampur banyu diwadhahi bumbung. Merga jaman semana sing lara akeh, mula banyu ana bumbung sing wis dirapali iku disokake ing tempuran Kali Opak lan Kali Gajah Wong. Supaya kalis saka pageblug wong-wong sing dadi kawulane Sultan Agung padha kungkum ing kono. Adat leluhur iku tekan saiki isih dipepetri.

Wong sing lara akibat pageblug mangane ora sega, nanging lemper kenthongan sing jerone diisi abon daging sapi kanthi pangajab supaya awet wareg. “Riyin wonten pinggir tempuran lepen wonten sanggare Kyai Welit,” ngono kandhane Mbah Siti. Lemper Wonokromo suwe-suwe kondhang, banjur saya dimekarake ing dhusune.

Manut Mbah Siti, saben beras ketan patang kilogram bisa dadi lemper cilik cacahe 100. Dene bungkuse godhong gedhang kluthuk, sebab nek didang metu lengane.

“Saben lemper setunggal regine Rp 700,” ngono pratelane Mbah Siti karo nyambi mbungkusi lemper. Anggone gawe lemper iku direwangi ibu-ibu liyane. Olehe masak ana plataran omah, ora beda kaya wong duwe gawe.

Tohari (42 taun), Ketua RT 04 Dhusun Jati marang JB kandha, sing aktif dhewe usaha gawe lemper kuwi warga RT 03 lan RT 04. Akeh sing nampa pesenan lemper. Yen pesen lemper ora kena dadakan, adoh sadurunge kudu pesen. Sebab perlu nyiapake bahan-bahane: beras ketan, klapa parutan, abon, godhong, lsp-ne.

“Pakare lemper nggih tiyang Dhusun Jati mriki. Buktine, dipasrahi damel lemper agenge sabandhosa, nggih saged beres,” ngono kandhane Tohari karo nerangake saben sasi Besar mesthi akeh pesenan, jalaran akeh wong duwe gawe mantu.

Ature: R. Dwi S.
JB 37/LX, 14-20 Mei 2006


Tetep Amar Makruf Nahi Mungkar

11 Mei, 2006

Wayang kulit rai-wong duweke Ki Enthus Susmono kang sukses dipamerake ing Taman Budaya Surakarta kepungkur, diakoni dening dhalang asal Tegal, Jawa Tengah, iki menawa iku dudu karyane dhewe. Ning mujudake asil karya “bersama” Enthus bebarengan karo penyungging wayang asal Jogjakarta lan Blitar.

“Nek ditakoni entek pira wragade nggawe wayang rai-wong iki, aku ora bisa mangsuli. Upama ditukokne mobil kijang anyar, oleh loro,” kandhane dhalang gondrong sing wis ngoleksi wayang rai-wong sakothak, kira-kira ana 200-an wayang kuwi.

Mohammad Sobary, budayawan kanthi sebutan “Kyai Jawa” iku, kang kandha jare Enthus iku dhalang kreatif, genius. “Ora ana dhalang sing biasa muni ‘bajingan’ nek ora Enthus. Wong Jawa gunggunge akeh, ning sing ngerti wayang mung sethithik. Lha saiki iki, Enthus mbudidaya ngenalake wayang rai-wong, tujuane supaya wayang kulit tambah dikenal,” ngono pratelane mantan Pemimpin Umum Lembaga Kantor Berita Nasional (LKBN) Antara ing diskusi lesehan kang ngrembug wayang rai-wong ing Taman Budaya Surakarta, 26 April kepungkur.

Mohammad Sobary ketarik diskusi ngrembug wayang rai-wonge Enthus merga saka segi kreasi buyadane. Alasane prasaja wae, “Saiki wong urip sajroning pluralitas, ning ing kanyatan padha ora siap karo pluralitas psikologi. Akeh publik sing nindakake kegiyatan sing sifate meksa,” kandhane peneliti LIPI (Lembaga Ilmu Penelitian Indonesia) sing uga mantan staf ahli Menpan iki.

Anane owah-owahan wayang, saka wayang kulit purwa menyang wayang rai-wong temtu ana sing pro lan kontra. Ning aja nganti nasibe kaya wayang gedhog. Wayang kraton iki senajan lakon lan gendhinge wis dilaras, rehne ora ana sing seneng nonton, temahan ora mlaku. “Klebu wayang rai-wonge Enthus, nek kepengin lestari kudu ana sing nyengkuyung,” kandhane Bambang Suwarno, Dosen STSI Surakarta sing uga praktisi pedhalangan iku.

Supaya wayang karyane mau dikenal sarta lestari urip ngrembaka, Bambang Suwarno mrayogakake supaya Enthus gawe riset “pembaharuan”. Sebab biyen ing sejarahe, wayang rai-wong tau ditolak. Iki penting kanggo ukuran jaman saiki.

ORA KABEH BISA MULUS

Salah sijining desainer wayang rai-wong iku yakuwi Mujoko (36). Tukang sungging wayang kang dening Ki Manteb Sudharsono dijuluki Joko Wayang Sabrang (merga spesialis wayang sabrangan) iki asli Blitar, Jawa Timur. Dheweke dikenal kadidene tukang natah wayang wali, kanggo sarana dhakwah. Karyane kayata wayang wali Syeh Siti Jenar, Sunan Kudus, Sunan Kalijaga, lsp-ne. Wayang rai-wonge Enthus ya dheweke sing yasa, “Mas Enthus kagungan 200-an wayang rai-wong. Nek digunggung karo wayang modifikasi liyane, cacahe ana 500-an,” kandhane marang JB.

Joko ngaku, nggawe, nglukis, natah wayang rai-wong iku ora gampang. Ora kabeh bisa mlaku mulus. Ana sing wis dadi, wis rampung disungging, ning merga dianggep kurang luwes wayang eksperimen kang bahane saka kulit kebo mau njur dibuwang ngono wae. “Perbandhingane, aku nyungging wayang cacah 350, sing dadi mung 200. Sing 150 dibuwang!”
Kajaba Joko, Ki Enthus uga duwe tukang natah wayang gamben, yaiku Sukasman, asal Jogjakarta. Dheweke kuwi gurune Enthus ing babagan nggawe wayang rai-wong. Wayang sabrangan asil karyane akeh sing dikoleksi Enthus.

Wayang rai-wong kang dikoleksi Enthus mau kabeh asil desaine. Carane, sawise Enthus pesen, Sukasman nggawe mal. Kertas mal-malan gambar wayang mau dipasangi gapitan tangan, sikil lan pundhak. Tujuane supaya nek dadi wayang bisa penak diobahake.
“Gawe wayang kulit rai-wong pancen nyedhot pikiran,” komentare Sukasman karo mbenakake rambute sing dawa lan putih iku.

PROMOSI WAYANG, DAKWAH ISLAM, LAN KRITIK SOSIAL

Wayang kulit (purwa) sing jare biyene gaweyane para wali, lan digawe kaya wujude sing isih kalumrah saiki kuwi, amarga kanggo nyingkiri supaya wujude kuwi ora ngemperi wong. Awit Islam ora marengake visualisasi utawa gambar manungsa, luwih-luwih para nabi. Nanging Ki Enthus malah gawe wayang sing wandane digawe memper wong lumrah. Iki tegese ngowahi karakter wayang sing jarene raket karo wandane.

Pancen karakter wayange Ki Enthus kuwi bisa molah-malih manut karepe Ki Enthus. Upamane Gareng utawa punakawan liyane bisa ngritik bendarane. Mengkono uga bendara bisa guyon karo punakawan utawa punggawane. Nanging ora ateges “urusan” banjur kandheg dadi “sandiwara”. “Urusan” tetep mlaku kaya apa mesthine.

Wayange Ki Enthus kena diarani mujudake wayang owah-owahan. Owah wandane, owah karaktere, owah filsafate, owah sastrane. Nanging tetep amar makruf nahi mungkar kanggo nggayuh rahmatan lil alamin alias memayu hayuning bawana!

Biyen para wali anggone syiar agama ora nganggo peksan, nanging nuduhake mungguh para wali kuwi minangka waliyullah darbe kaluwihan, embuh kasekten, kapinteran, utawa kasugihan. Ning kang cetha pribadine mesthi linuwih! Dene ing babagan seni para wali ora enggal ngowahi adat lan budaya lan kapercayan asli karo budaya lan iman Islam.

Senajan Prabu Brawijaya pungkasan durung kepareng nggilut agama Islam, nanging Sunan Ampel sing mujudake warga Majapahit kuwi dikeparengake mulang agama marang para punggawa Majapahit, klebu para kanoman. Dadi Islam lumebu ing Indonesia kena diarani ora nganggo ngutahake getih.

Ki Enthus kaya-kaya uga kepengin melu ndandani akhlake bebrayan nganggo sarana wayang. Ki Enthus ora meksa bebrayan ngowahi pola pikire supaya cundhuk karo ajaran urip sing tata tentrem kertaraharja. Sing diowahi dening Ki Enthus wujude wayang, sastrane, karaktere amrih semanak karo bebrayan sing diajab bisa methik piwulang liwat crita wayang.

Crita wayang sing digelar dening Ki Enthus linambaran piwulang Islam. Senajan crita asline wayang kuwi saka kitab Mahabarata lan Ramayana, Ki Enthus ora ngowahi utawa ngoncati lajere pakem. Jeneng-jenenge paraga wayang lan arane negara ora diowahi. Sing diowahi mung critane digathukake karo kaanan lan ombyake bebrayan saiki. Ing pagelaran wayange Ki Enthus ora asat salawat nabi. Minangka pambuka sadurunge jejeran, dipitontonake kahanan nyata ing bebrayan. Paraga sing diwetokake klebu dhagelan sing wujude pawongan tuwa awake ringkih tandha gedhene panandhang (penderitaan). Paraga iki sambat-sambat rekasane uripe karo bojone sing digambarake wadon nggendhong rinjing sing nuduhake abote sanggane uripe.

Saka pagelaran pambuka kuwi kanthi paraga-paraga sing mula disiyagakake, Ki Enthus pinter mbukak wacana, ngritik birokrasi sing beda karo janjine nalika kampanye lan sumpah jabatane sing jarene ndhisikake kepentingan umum tinimbang kepentigan pribadi. Tumrap Ki Enthus wacana bisa dijereng-jereng manut piwulang agama, hukum, lan liya-liyane.

Sawise pambuka kuwi jejeran kahyangan uga ora njlimet, mung dijupuk saprelune. Bethara Guru adhep-adhepan karo Yamadipati. Yamadipati kandha yen ing ngarcapada ana paguron sing dipimpin Bimasekti. Dikuwatirake bisa ngalahake kahyangan lan kahyangan bisa dadi sepi. Bethara Guru dibujuk dening Yamadipati ngrusak paguron ing arcapada iku. Ing dalan ketemu Bathara Brama, Yamadipati banjur mlayu. Brama mburu Yamadipati. Kecandhak banjur ditakoni, geneya mlayu. Alasane kaget. Suwe-suwe blaka yen dheweke antuk proyek saka Bethara Guru. Yamadipati arep menehi bageyan marang Brama yen saguh mbantu mateni Bimasekti. Brama rumangsa isih duwe iman, lan kelingan yen iku tumindak luput. Tumindak sing ora dikeparengake karo Gusti Allah. Wusana dadi tukaran. Elit politik dewa padha ‘gelut’, rebut benere dhewe. Persis, kaya tingkahe elit politik Indonesia.

Kaya ngono kuwi carane Ki Enthus mbukak masalah, tujuane padha nanging carane beda. Uga carane promosi wayang supaya wayang tetep dadi tontonan sing uga tuntunan sing disenengi bebrayan. Uga carane promosi wayang supaya wayang tetep dadi tontonan sing uga tuntunan sing disenengi bebrayan. Uga dhakwah agama sing nuduhake apa sing diarani siratal mustaqim utawa dalan lurus kuwi sing tansah disuwun dening umat Islam marang Gusti Allah. Dene minangka kritik sosial bisa nganggo cara maneka warna amarga ing jaman iki ora gedhe ora cilik moral bebrayan iki wis kaya benang teles angel dijejegake.

Ature: R. Dwi Sabdono, Endang Irowati, Anie Soemarno
JB 37/LX, 14-20 Mei 2006