Esthining Panembah

1 Agustus, 2006

Kanggo nggayuh supaya wong urip bisa “muksa” kaya kang diaturake ana JB No. 40/Minggu I/Juni/2006, syarat mutlak kang kudu dilakoni yaiku kudu cedhak karo Gusti Kang Murbeng Dumadi. Jalaran “muksa” iku tegese bisa mbalekake barang-barang silihan saka Gusti, utawa yen wong Islam ngarani marang Allah SWT. Baca entri selengkapnya »


Asmaradana: Nggegulang Putra

12 Juli, 2006

Kasmaran amerdi siwi,

Siwi pinangka amanah,

Amanahipun Hyang Manon,

Kang kedah den gulawenthah,

Mrih yuwana uripira,

Tansah manggiha rahayu,

Wiwit wonten guwa garba. Baca entri selengkapnya »


Serat Nitiprana Piwulang Budi Luhur

12 Juli, 2006

Serat Nitiprana anggitane R. Ng. Yasadipura (1729-1803), mujudake salah sijine serat piwulang tumrap para mudha tumuju marang budi kang luhur. Karya sastra iki mung cendhak wae, yaiku mung sak pupuh (Dhandhanggula), dumadi saka 48 pada. Saka babon asline kang tinulis mawa aksara Jawa, dening Departemen Pendidikan dan Kebudayaan, ing taun 1979, kawetokake edisi aksara Latine kang transliterasine ditindakake dening Kamajaya. Baca entri selengkapnya »


Panca Wewarah

28 Juni, 2006

Wewarah Jawa kang adiluhung asring karacik awujud tembang kang edi peni. Kejaba minangka karya sastra kang endah, kanthi wujud tembang bisa luwih rumesep ing ati. Minangka conto, Serat Kalatidha karyane pujangga agung RNg Ranggawarsita (1802-1874 M) diracik wujud tembang Sinom, dumadi saka sapupuh pambuka lan 12 pupuh isine. Pupuh kapitu Serat Kalatidha iki, katelah ‘Zaman Edan’. Baca entri selengkapnya »


Mangsa Sawutuhe Dadi Manungsa

3 Juni, 2006

Kalamangsane pancen ana, wong –pegawe apadene pejabat—kang wedi menawa ngancik mangsa pensiun. Wedi yen bakal kelangan panguwasa, utawa pengasilan kang maune gemrojog bakal kari ithir-ithir utawa malah ilang. Wose ngancik jagad pensiunan mono kaya-kaya mlebu luweng kang peteng. Jagade wong buwangan. Ora ngerti maneh apa kang bakal ditindakake. Baca entri selengkapnya »