Mangsa Sawutuhe Dadi Manungsa

Kalamangsane pancen ana, wong –pegawe apadene pejabat—kang wedi menawa ngancik mangsa pensiun. Wedi yen bakal kelangan panguwasa, utawa pengasilan kang maune gemrojog bakal kari ithir-ithir utawa malah ilang. Wose ngancik jagad pensiunan mono kaya-kaya mlebu luweng kang peteng. Jagade wong buwangan. Ora ngerti maneh apa kang bakal ditindakake.

Tetela penyakit wedi ngadhepi mangsa pensiun ngene iki ora pandang bulu. Sejarah tau nyathet yen Presiden Uni Soviet, Nikita Khruschev, uga ngalami sindroma pensiun. Dheweke nganti nulis sawijining memoar kang nyritakake kaya ngapa sepine nalika napaki mangsa pensiun: “Sepine mangsa pensiun kang nggrogoti umur-umurane manungsa, ora mokal bisa nuwuhake rasa putus asa.”

Khruschev dhewe ora ngerti kudu kepriye kanggo ngisi wektune kang dawa, sepi, lan kosong. Untung dheweke enggal sadar marang kahanan. Mangsa-mangsa pensiune mujudake pengalaman anyar kang ngrangsang inspirasine saengga nuwuhake kreteg kanggo nulis buku. Khruschev Remember, mangkono sidane judhule buku kang nyritakake pengalamane nalika napaki mangsa-mangsa pensiune.

Ya ing buku kasebut kawusanane sang mantan presiden bisa ngrasakake yen mangsa pensiune mujudake mangsa sawutuhe dheweke dadi manungsa. Malah dheweke ngandhakake yen wektu dadi presiden biyen, nadyan nangkring ing pucuke panguwasa, nanging sejatine uripe kena diarani mung impen jroning turu dawa. Sesambungan antarane kanca mung lamis, lan gampang pedhot. Kanca sakedheping mata bisa malik dadi mungsuh, kang yen perlu bisa disingkirake wektu iku uga. Apa maneh negara kaya Rusia kang ngidini wong ngomong ceplas-ceplos. Mula nadyan kalungguhane minangka kepala negara, Khruschev rumangsa kebebasane kinungkung.

Ya sawise pensiun iku, novel Doktor Zhivago-ne Boris Pasternak, kang tau dibrangus biyen, dibaleni maca maneh, jebul lagi krasa kaendahan basa lan critane. Kanggo iki kanthi tegas Khruschev kandha banget nggetuni lan njaluk ngapura.

Kisahe Khruschev pancen ora bisa makili kisahe sayuta manungsa, nanging ora ana alane yen dingerteni. Pancen bener, yen wong kang lagi dadi panguwasa utawa isih enom entuk kalungguhan kang kepenak, tur nggon teles, biasane banjur lali. Malah kepara lali, sapa ta sejatine awake dhewe. Lha banjur kepriye anggone kober mikir dina tuwane, mangsa pensiune, yen saiki wae dheweke sulap marang kalungguhane.

Biasane mangsa pensiun asring dianggep minangka “soal nanti”. Nanging sejatine persiapan kang mateng luwih becik kacepakake. Paling ora bisa mawas yen cepet utawa lambat mangsa pensiun bakal teka. Nganakake wawancara kiwa-tengen karo wong pensiunan uga ora ana eleke.

Kita kudu siap yen saat pensiun mengko hubungan, kalungguhan, pakurmatan, kemampuan, lan pengasilan bakal mrosot kabeh. Nglenggana yen sadhengah apa kang tau diduweni saya sithik bakal saya surut. Mula becike ing awal-awal pensiun kudu enggal blajar adaptasi marang kahanan anyar, nrima apa anane kanthi linambaran kesabaran kang tulus. Luwih prayoga menawa swasana kang njegleg iki luwih dhisik dikandhakake marang bojo, saengga samangsa teka titimangsane padha-padha maklumi.

Aja nganti mangsa pensiun dilakoni kanthi rasa frustasi, ora marem, malah luwih ekstrim maneh ngundhat-undhat marang para kanoman kang nembe nyekel panguwasa, kanthi kandha yen sejatine bocah saiki iki ora ana apa-apane yen dibandhingake karo jaman kita biyen. Kelakuan kang kaya mangkene iki saliyane ora ana guna manfaate, uga malah nambahi beban jiwa kang wis tuwa. Becik den eling, sepiraa dawane umure manungsa, ora bakal rampung ngurusi kadonyan. Mula becike pancen kita marisake urusan iki marang generasi mudha.

Sadar yen umur-umuran tuwa wis kentekan mangsa produktif, prestasi terus mlorot. Apa maneh yen wis ngancik umur 60-65 (fase pre retirement) lan 65-70 (fase retirement), yaiku saat-saat tanggapane manungsa marang lingkungan kiwa-tengene wiwit menurun. Durung menawa wektu iku dibarengi thukule penyakit pirang-pirang.

Becike dina-dina kang nglangut sawise pensiun diiseni kegiatan kanggo kesibukan. Kesibukan mau bisa wae sing sejalan karo gaweyan nalika isih nyambutgawe. Nanging bisa uga beda. Sok ana sing ngisi dina-dina pensiune mau kanggo ngembangake hobi. Ana uga sing pengin njajal pakaryan anyar.

Wose, mangsa pensiun luwih becik dianggep minangka sawijining kesempatan anyar, dudu ancaman. Sokur dene Gusti Allah isih karenan paring umur tekan pensiun. Sokur dene olehe nyambut gawe lolos lulus tanpa rubeda tekan pensiun. Ora saben wong diparingi kanugrahan ngene iki.

Becik kita nuladha kisahe raja Airlangga, panjenengane rila lengser keprabon lan masrahake dhampar kencanane marang putrane. Prabu Airlangga sabanjure nyingkir menyang alas madeg resi amrih bisa ngayati laku jantrane panguripan. Asrah dhiri marang Kang Maha Kuwasa.

Airlangga iku contone manungsa kang arif. Nglenggana menawa manungsa iku winates samubarange, panjenengane milih nyepi kanggo mageri hati nurani lan hawa nepsu. Dikaya ngapa panjenengane nglenggana yen dhirine mung manungsa salumrah.

Jroning urip mandhita dadi resi tengahe wana, Airlangga ora rumangsa kelangan, kepara nemokake apa kang durung nate didarbeki samangsane dadi raja, yaiku katentreman batin lan kawaskithan saengga uripe ora kosong nadyan ijen ing pertapane kang sepi. Nganti sasedane, nadyan ora tutug anggone ngasta keprabon, panjenengane tetep sinebut Raja Airlangga, ora Resi Airlangga.

Ature: Poerwanto Rs.
JB 41/LX, 11-17 Juni 2006

3 Balasan ke Mangsa Sawutuhe Dadi Manungsa

  1. ozikie mengatakan:

    kulo bingong kedah komentar punopo nggih??

  2. santosa mengatakan:

    KULO NGGIH BINGGUNG JE…

  3. Ki Mangun Diharjo mengatakan:

    Sayektosipun menawi badhe mangertosi kalenggahanipun minangka menungsa sayekti, tiyang mboten kedah migunakaken wekdal ingkang omber kados titimangsa pangsiyun upaminipun. Rikalanipun satunggaling tiyang kapinujon wonten ing mangsa kala ingkang sangat rupek, piyambakipun saged ngrumaosi minangka titah sawantah ingkang taksih ginubel dening kodrating ngagesang, menawi piyambakipun tansah eling dhumateng dhiri pribadinipun. Menaika saged kaleksanan kanthi cara tansah digegulang “secara terus menerus”. Saengga rikala piyambakipun wonten ing “puncaking karier” justru menika sangat ingkang paling prayogi kangge mapanaken dhirinipun minangka titahing Gusti Allah ingkang Maha Kuwaos. Saengga rikala titimangsa pangsiyun mboten rinaos sepi asepah samun, nanging mangsa pangsiyun menika mujudaken wekdal ingkang dipun ajeng-ajeng kangge nyiapaken dhiri pribadhinipun ngadhepi pati kang patitis ingkang sangat nikmatipun.

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

%d blogger menyukai ini: