Dhagelan Abjad Kahanan Jaman

1 Agustus, 2006

Yen ing pungkasan tulisan bab sejarahe Jawa ing JB No. 40 lan 41 kepungkur penulis wis ngaturake anane sawetara sastrawan/budayawan Jawa sing ada-ada ngruwat aksara Jawa, othak-athike penulis bab “abjad” aksara Jawa iki babarpisan ORA sumedya ngganti abjad aksara Jawa sing diarani sastra sarimbagan utawa carakan. Sepisan maneh: ORA! Baca entri selengkapnya »


Ati, Bisa Molah-Malih

5 Juli, 2006

Ati mono kalebu peranganing awak sing utama. Upama awak iku sawijining komputer, ati kena dipadhakake piranti lunak. Mapane ing rongga dhadha sisih ngisor. Senajan kalebu organ jero nanging ati bisa dirogoh. Apa ora mbilaheni? Baca entri selengkapnya »


Aksara Jawa Lan Perang Dunia

7 Juni, 2006

Aksara Jawa mono, manut dongengane, mula bukane saka paraga kang asma Aji Saka, asale saka tanah Hindustan. Ewa samono Dr. Purwadi, MHum ing buku Asal Mula Tanah Jawa, nulis yen ana dedongengan liya ngenani aksara Jawa iki, yaiku asale saka Dewa Panyarikan kang memba sawijining brahmana, aran Brahmana Srita. Tumurun saka kahyangan menyang tanah Hindustan kang sabanjure tumuju Tanah Jawa. Tindake menyang Tanah Jawa kakanthen dening brahmana cacah wolu. Ing Jawa para brahmana mau mulangake tulisan Jawa. Baca entri selengkapnya »


Merapi Lagi Mbobot Sepuh

3 Juni, 2006

Lindhu ing DIY lan Jateng dhek Setu 27 Mei 2006, sadurunge wis diramal dening Gusti Pangeran Haryo Suryo Wicaksono (Mas Ninok), kanthi sebutan “bakal ana layon agung”. Ana apa sabenere? JB nlesih marang Mas Ninok, putrane Susuhunan Pakubuwana XII saka Kraton Sala. Baca entri selengkapnya »