Kudu Nduweni Life Skill

21 Mei, 2006

Bu Suprihatin (53) Kepala SDN Ngentak, Sanden, Kabupaten Bantul, Yogyakarta, kasil nyulap sekolahe dadi maju. Tamat SPG taun 1974 terus kuliah neng Fakultas Tarbiyah Universitas Cokroaminoto. Sakwise lulus banjur mulang ana SDN Ngenep, SD terpencil ana Gunung Kidul. Panggonane mulang iku adohe 11 kilometer saka dalan gedhe, ngliwati gumuk-gumuk kapur. Ngono bae kudu mlaku.

“Sing rekasa babagan banyu resik. Ana kene iki banyu sing diombe manungsa uga diombe wedhus lan sapi.” Mula Bu Suprihatin yen nggawe unjukan mesthi diparingi teh utawa cengkeh kanggo ngilangi ambu sing ora enak.

Nalika anyaran pindhah tugas dadi Kepala Sekolah ing SDN Ngentak, muride mung 86. Klebu SD sing kuru lan mrihatinake banget. Iki sing ndadekake Bu Suprih meres uteg, golek rekadaya supaya bisa nylametake sekolahane. “Kula kedah gadhah gebrakan ingkang ‘lain dari pada yang lain’. Kula berpikir keras kagem menyelamatkan kondisi sekolah punika,” mangkono ngendikane Bu Suprihatin, sing uga nduweni profesi penulis lan pedagang.

Bu Suprihatin kagungan anak buah cacah 14. Sing sepuluh wis PNS nanging sing papat ‘staf ahli’ sing isih GTT, yaiku guru komputer, guru tari, guru ketrampilan, sarta guru khusus anyaman lan ketrampilan enceng gondhok. “Iki gebrakan sing daklakoni. Penjaga sekolahku duwe ide ngembangake ketrampilan enceng gondhok. Kabeh guru sarujuk, kabeh belajar, banjur dikembangake menyang murid-murid. Lha, iki asile!” Bu Suprihatin banjur nuduhake karya besare.

SDN Ngentak, Sanden, Bantul iki pancen istimewa. Ruang kepala sekolahe kaya showroom. Ana lemari pajangan cacah papat gedhe-gedhe sing isine hasil ketrampilane murid-murid, wiwit saka kelas siji nganti kelas enem.

“Biaya ya saka asil olehku nulis. Aku rak uga nulis buku fiksi lan non fiksi ta mbak, lha honore sebagian tak enggo ngembangake proyek iki,” katrangane Bu Suprihatin nalika JB takon babagan biaya.

Babagan pemasaran gampang, kerjasama karo Pemda. Malah Bapak Bupati Bantul uga nyengkuyung.

”Aku bar diparingi bantuan dhuwit Rp 1,5 yuta. Rencanaku tak enggo gawe laboratorium hidup, yaiku tanduran obat-obatan utawa apotik hidup.”

Warna-warna asil anyaman sing dipajang. Bahane saka serat enceng gondhok, banjur digawe kembang, tas sekolah, taplak meja, malah ana sing dicampur kayu digawe meja-kursi.

“Ngene iki regane nem atus ewu, Mbak. Malah nganti telung yuta saksetel yen lengkap nganggo kaca.” Bu Suprihatin nuduhake meja kursi tamu kang endah sing digawe saka enceng gondhok.

“Pokoke murid-murid SDN Ngentak lulus kudu nduwe life skill (kecakapan hidup), dadi yen ora bisa nerusake sekolah isih bisa golek dhuwit,” mengkono penjelasane Bu Suprihatin ngelingi kahanan lingkungan sekolahe kang klebu kurang babagan ekonomine.

“Saiki muridku 128. Sakliyane pelajaran sesuai karo kurikulum pemerintah, sore tak tambahi jam kanggo pelatihan anyaman enceng gondhok seminggu kaping pindho.”

Saiki Bu Suprihatin wis lega. Sekolahane wis oleh perhatian saka masyarakat lan pemerintah. Malah buri sekolahan sing lahane isih amba arep digawe proyek perikanan. Pancen Bu Suprihatin patut diacungi jempol, masia yuswane wis kliwat setengah abad nanging semangate isih makantar-kantar.

Babagan prestasi. Bu Suprihatin iki wis bola-bali katimbalan menyang Istana Negara, Jakarta. Entuk penghargaan saka LIPI wis ping lima. Saka Menteri Pendidikan lomba pembelajaran wis ping papat, lomba menulis buku crita fiksi lan non fiksi wis bola-bali menang saka Pusbuk. Bukune sing wis terbit sak ambreg, antarane: Di Ujung Tali Pancing, Orang-Orang Tercinta, Jet Star, Satria Cilik Penegak Kebenaran, Misteri Gua Selamangleng, Minuman Tradisional Berkhasiat, Terampil Membuat Bunga Kering, lan liya-liyane.

“Dina iki uga ngembangake ketrampilan saka bahan tapas,” jelase Bu Suprihatin marang JB karo ngajak mirsani laboratorium ketrampilan sing ana buri ruangan. Ana laboratorium kabeh alat disedhiyani kanggo nggawe kembang kering, anyaman enceng gondhok, lan tas saka bahan tapas.

Ature: Ary Nurdiana
JB 39/LX, 28 Mei-3 Juni 2006


Parangtritis Pangungsene Playon Majapait

21 Mei, 2006

Babad Demak nyebutake, sawise Karaton Majapait runtuh amarga dikraman Demak akeh putra ratu kang ngungsi metu golek slamet. Salah siji sing keplayu yaiku Raden Dhandhun, putra Prabu Brawijaya saka garwa ampeyan. Panjenengane sing isih remaja kesingsal saka kulawargane banjur tindak kesurang-surang nasak alas, munggah gunung, mudhun jurang, kedharang-dharang ora karuwan tujuwane. Parane iku ngidul ngulon kumleyang kaya godhong garing katiyup angin.

Suwe-suwe tindake Raden Dhandhun tekan Desa Mancingan, Yogyakarta. Wektu semana ing desa iku wis ana sawijine pendhita Budha (Hindu?) kang wis limpad budine lan buntas kawruhe bab ilmu agama. Putra Majapait mau diaturi ganti asma dadi Kyai Bela-belu kanggo nyamar identitase. Panjenengane diyasakake dalem ana sadhuwure gunung sakulone gunung Sentana kang saiki katelah Gunung Bantheng.

Kasuwure Kyai Bela-belu iki jalaran wiwit rawuh wus katon anggone gentur tapane. Panjenengane bisa ora sare telu nganti patang dina. Kuciwane Raden Dhandhun iku ora betah luwe. Sedhela-sedhela mesthi dhahar. Sedinane bisa dhahar ping telu ping papat. Pakaremane sega liwet ayam yaiku sega liwet kang dimasak nganggo santen klapa lan jerone diiseni daging ayam.

Saka pratikele Kyai Selaening panjenengan diaturi mususi beras ana Sendhang Beji, salore Parangendhog, kira-kira 5 km saka gunung Bantheng. Kanthi cara mengkono napsune dhahar bisa dipeper. Sedina mung dhahar sepisan. Saka bantere anggone ulah batin Kyai Bela-belu kesuwur kagungan keluwihan kang bisa kanggo tetulung warga desa. Nganti makame bae tekan seprene isih dianggep keramat.

Sawise Kyai Selaening dadi Islam, Kyai Bela-belu uga nusul dadi Islam. Dening Syekh Maulana panjenengane didhawuhi nambahi asmane nganggo Syekh jalaran sang guru priksa menawa panjenengane iku putrane ratu.

Babad ora nyebutake apa Kyai Bela-belu iku krama apa ora. Ora ana sanak-kadang kang ngaku isih keturunane Syekh Bela-belu. Sawise seda uga ora ana kang weruh endi pasareyane sing cetha. Sing jelas makame ana gunung sakulone Gunung Sentana. Lagi ditetepake panggonan pasareyane nalika jamane Ingkang Sinuwun Kanjeng Sultan Hamengku Buwana kang kaping IV. Mangkono critane R Ng Djadjalana kang nyathet bab Pesanggrahan Parangtritis ing taun 1933.

Dikandhakake kira-kira taun 1830 ing Grogol (salore Parangtritis) ana sawijine sesepuh desa kang uga ngasta dadi demang pemajegan (pemaosan) kang seneng laku tapa. Yen bengi pak demang iki seneng tindak-tindak urut gisiking Segara Kidul. Panjenengane kang isih keturunane Kyai Selaening iku embake niru ulah laku tapa para wiku kang seneng tirakat mbanting raga. Saliyane melu njaga keslametane desa uga nenuwun karo Sing Gawe Urip supaya anak putune padha rahayu lan ora kekurangan sawiji apa.

Sajrone lelaku iku Pak Demang kerep priksa ana cahya sarembulan gedhene njedhul saka Gunung Sentana lan banjur cumlorot tiba ana gunung Bantheng. Liya dina maneh priksa ana rerupan kaya tugu nanging mawa cahya saka gunung Sentana banjur ambles ana gunung Bantheng. Kosok baline cahya mau njedhul saka gunung Bantheng lan banjur tiba ana Gunung Sentana. Kedadeyan iki dialami makaping-kaping. Suwe-suwe papan tibane cahya ing gunung Bantheng iki dititeni. Bareng wis cetha panggonan mau diparingi pathok kayu kang sentosa.

Kedadeyan iki banjur diaturake marang Ingkang Sinuwun Kanjeng Sultan HB IV lan nyuwun idi palilah ngisor pathok iki bakal didhudhuk mbokmenawa ana barang sing aneh. Ngarsa Dalem uga nyetujoni panyuwun iku. Sawise diparingi palilah sangisore pathok didhudhuk lan lemah sakiwa-tengene diadhuk-adhuk. Ya waktu iku ketemu ana maejan watu item jejer loro, lor loro, kidul loro. Dadi kaya kuburan jejer loro. Ananging kijinge ora ana. Maejan iki mawa ciri sing dipendhem wong lanang katitik saka sogokan maejan kang lancip mendhuwur. Ing sacedhake kono tinemu ana watu item blabagan (lempengan) kang ana gambare ilir lan iyan. Ilir yaiku bangsane tepas saka bambu. Dene iyan iku tampah pesagi. Iyan karo ilir iki piranti kanggo ngedhemake sega. Sawise sega diler ing iyan banjur ditepasi nganggo ilir.

Kedadeyan lan temuan kabeh iki diunjukake katur Ingkang Sinuwun. Nitik anane gambar ilir lan iyan Kanjeng Sultan banjur netepake yen kuburan iku makame Syeh Bela-belu. Jejere, makame rayine yaiku Kyai Dami (Gagang) Aking. Kang pungkasan iki kondhang anggone tapa sarwa sare nganti supe dhahar lan ngunjuk. Syekh Bela-belu kang tapa dhahar nanging wungu lan Kyai Gagang Aking kang lelaku sare ora dhahar loro-lorone kabeh bisa entuk apa kang digayuh, yaiku “pencerahan”.

Atas dhawuh dalem pasareyan ing gunung Bantheng iki dicungkup kayu jati. Jogane dijobin nganggo watu item lan dhuwure dilangse. Dene sing njaga abdidalem kraton kang uga njaga makame Syekh Maulana.

Tekan seprene pasareyan gunung Bantheng iki dadi papan jujugane wong-wong kang sujarahan, luwih-luwih yen malem Selasa lan Jumat Kliwon. Kandhane sing kerep mrana, nalika sugenge Syekh Bela-belu gentur tapane. Mulane pasareyane isih klebu kramat.

Ature: Suwarsono L.
JB 38/LX, 21-27 Mei 2006


Serat Pakem Sastra Miruda

21 Mei, 2006

SERAT Pakem Sastra Miruda sawijining buku anggitane Kanjeng Pangeran Arya Kusumadilaga, pujangga kraton Surakarta kang mumpuni ing babagan padhalangan. Jenenge wae ‘serat pakem’, mula anak judhule kang dawa nyebutake: Ugering padhalangan ingkang sampun mupakat kangge abdidalem dhalang ing Kraton Surakarta Adiningrat. KPA Kusumadilaga nganggit serat pakem padhalangan kasebut katujokake marang muride kang nama Sastra Miruda. Jenenge si murid iku mau kang kanggo judhul bukune.

Naskah asli Pakem Sastra Miruda wis ora kinawruhan maneh. Kang kasil ditemokake ana telung versi beda-beda. Ing antarane naskah tulisan Jawa terbitan De Bilksem, Solo, taun 1930 saiki sinimpen ing Perpustakaan Sanapustaka Kraton Surakarta.

Manut Serat Pakem Sastra Miruda, nalika jamane Sunan Seda Krapyak (1601-1613), sawijining dhalang saka Kedu awit saka kersane Ingkang Sinuhun katimbalan menyang kraton lan sinengkakake dadi abdidalem dhalang kraton. Wiwit iku ing Mataram thukul tradisi anyar, ing antarane nyuwak tradisi ruwatan nganggo wayang beber, lan minangka gantine ruwatan nganggo wayang kulit purwa.

Sateruse Sastra Miruda ngandhakake sawise kraton Mataram kecekel dening mungsuh (Trunajaya) ing taun 1677, Sunan Amangkurat I lumayu tekan Tegal. Ki Panjangmas sumusul lan tekan ing Kedu ambarang dhalang. Jroning mbarang mau tokoh punakawan Petruk dadi punjering inspirasi. Dene Nyi Panjangmas ora melu, awit kecekel dening mungsuh lan digawa mangetan menyang Jawa Timur.

Wektu iku pusaka-pusaka kraton, klebu saprangkat gamelan lan wayang kulit, katut digawa mungsuh. Satekane ing Ponorogo gamelan sawayange kanggo mbarang keliling dening Nyi Panjangmas. Wayang barangane iku nengenake tokoh Bagong minangka punjering lakon.

Ki lan Nyi Panjangmas mujudake dhalang kang dadi panutane dhalang-dhalang liyane ing tlatah Mataram. Sabubare iku, wiwit saka Kedu mangulon tekan Cirebon, dhalang-dhalang padha niru yen ndhalang tanpa Bagong. Dene wiwit Ponorogo mangetan tekan Malang, dhalang-dhalang padha ora nganggo Petruk.

Sawise madeg kraton anyar ing Kartasura, Nyi Panjangmas diangkat minangka dhalang kraton ing kadipaten anom (Kanoman), papane Pangeran Pati. Lakon-lakon nalikane mbarang ing Jawa Timur mau kaimpun dadi sawijining buku kanggo ugerane para dhalang Kanoman, kang katelah Pakem Wetan utawa Pakem Bagong. Dene Ki Panjangmas tetep dadi abdidalem dhalang ing kraton. Lakon-lakon nalika mbarang ndhalang mau kaimpun dadi buku kang katelah Pakem Petruk utawa Pakem Kulon.

Nadyan beda pakem, nanging cengkoke (gaya) seni padhalangan rikala semana tetep siji, yaiku cengkok Mataram. Cengkok padhalangan lagi pecah nalika Mataram kabagi dadi loro, yaiku Surakarta lan Yogyakarta.

Pecahe cengkok padhalangan mau disebabake telung perkara. Sepisan, Paku Buwana III ing Surakarta pancen nayogyakake marang ingkang paman, Sultan Hamengku Buwana I ing Yogyakarta, supaya tetep nerusake padhalangan cengkok Mataram. Dene PB III bakal nyipta cengkok anyar.

Kapindho, pancen nalika dumadi paliyan nagari Sultan HB I nate mboyong sawetara dhalang saka Surakarta menyang Kraton Yogyakarta. Nanging, gandheng kahanan Yogya wektu semana durung tumata, para dhalang mau rumangsa kurang manteb lan malah padha bali menyang Surakarta maneh. Wiwit iku dhalang-dhalang Yogyakarta padha gawe cengkok dhewe.

Katelu, ana kabar yen dhalang-dhalang Yogyakarta nerusake cengkoke Nyi Panjangmas, lan para dhalang ing Surakarta nerusake cengkoke Ki Panjangmas.

Pranyata jroning laku jantrane seni padhalangan, sing jeneng cengkok mau ngrembaka subur. Maune ngrembakane cengkok mau jumbuh klawan adege kraton. Mula saliyane cengkok Surakarta lan Yogyakarta, banjur thukul cengkok Mangkunagaran lan cengkok Pakualaman. Kawusanane cengkok-cengkok padhalangan mau tuwuh nganti karang padesan.Upamane, ing sawijining desa ana dhalang kang kuncara saengga akeh calon dhalang kang meguru mrana. Kanthi mangkono cengkoke dhalang kondhang mau dadi sawijining cengkok anyar.

Contone, tau sumebar anane dhalang cengkok Jombor (Klaten), kanthi ciri khusus dhalang dhagelan, awit saben gelare mesthi kebak lelucon. Dhalang cengkok Wedhi (Klaten), kondhang kanthi cirine dhalang wejangan, awit saben gelare kebak piwulang. Sabanjure cengkok iki nuwuhake julukan tumrap dhalang. Ana kang sinebut dhalang kethek, awit seneng nglakokake paraga kethek jroning lakon Ramayana. Dhalang sabetan, awit seneng lan trampil merangake satriya kanthi olah sabetan. Uga kita isih kelingan Ki Manteb Sudarsono tau oleh julukan dhalang setan, awit saka cepete anggone olah sabetan yen lagi perang.

Sanadyan seni padhalangan kabagi dadi pirang-pirang cengkok, nanging sejatine miturut garis besar, mung dumadi saka telung cengkok, yaiku cengkok Surakarta, cengkok Yogyakarta, lan cengkok desa. Cengkok desa thukul awit anane dhalang desa kang dadi dhalang amarga keturunan utawa nyantrik marang sawijining dhalang kondhang ing karang padesan. Muncule sebutan dhalang desa, yaiku nalika kababare buku pakem minangka pathokane dhalang, kang diwetokake dening Kraton Surakarta (Serat Pustaka Raja) lan Yogyakarta (Serat Purwakandha).

Rikala semana dhalang desa angel banget oleh buku-buku pakem kasebut. Saliyane buku-buku pakem iku kacetak terbatas, upama bisa oleh buku kasebut, durung karuwan para dhalang desa mau bisa maca. Awit akeh-akehe isih wuta aksara. Kanthi mangkono cengkoke dhalang ndesa lumaku dhewe lan diwarisake turun-temurun.

Ing taun 1923, awit saka kersane Sinuhun PB X ing Surakarta, kabukak sekolah dhalang kang sepisanan kanthi jeneng Pasinaon Dhalang ing Surakarta, disingkat Padhasuka. Rong taun candhake,Yogyakarta nusul adeg sekolah dhalang Habirandha awit saka kersane Sultan HB VIII kang sinengkuyung dening Java Instituut. Taun 1931, Pura Mangkunegaran adeg Pasinaon Dhalang ing Mangku-Nagaran (PDMN).

Tuwuhe sekolah dhalang mau ora nduweni tujuwan nambah cacahe dhalang kang wis ana. Nanging luwih nengenake ningkatake kualitase para dhalang, utamane dhalang desa kang dianggep gelare kurang becik lan ora bisa nututi gelare jaman. Sing genah, supaya dhalang desa anggone ndhalang padha nganggo dhasar pakem.

Kanthi muncule sekolah dhalang mau, kawitane para dhalang saka plosok padha gemrudug tumuju kraton saperlu olah ngelmu. Nanging paribasan sulung ngrubung lampu, ora let suwe padha mbrindhili dhewe-dhewe. Bab iku disebabake, antara liya, para dhalang desa mau kangelan nyemak pelajaran, awit anggone ora bisa maca. Uga amarga adohe laku, kamangka wektu semana durung ana tetumpakan. Kerep wae sawijining dhalang kudu wis mangkat sore, mlaku, lan lagi tekan kraton sesuk awan kamangka pelajaran lagi kinawitan bengine. Lan racake, para dhalang mau ora rumangsa ketambahan ngelmu padhalangan.

Nadyan wusanane pasinaon-pasinaon dhalang mau surut, nanging sethithik-akeh wis klakon nyragamake gelare para dhalang. Apa maneh bareng kasambung klawan thukule sekolah dhalang modern, kayata ing ASKI lan ASTI, cengkok-cengkok seni padhalangan mau sidane ilang. Mbokmenawa sing ana cengkok nasional.

Taun sewidakan biyen, nalika cengkok Surakarta lan Yogyakarta isih kenthel, wong Sala ora rumangsa marem nonton gelare dhalang Yogya, semono uga suwalike. Wektu iku cengkok mau isih ketara banget, kanthi ciri-ciri padhalangan cengkok Surakarta pinunjul ing babagan basa lan pagelaran wayang alus. Dene cengkok Yogya, pagelaran wayange urip lan rame, paraga wayange akeh gerake lan katon gagah.

Ature: Poerwanto Rs.
JB 39/LX, 28 Mei-3 Juni 2006


Mbah Marijan: Nek Ngungsi Kliru

21 Mei, 2006

Senajan Merapi wis mbledhos, ngetokake wedhus gembel, ewasemono R. Ng. Suraksohargo alias Mbah Marijan (75 taun) isih tetep ora gelem ninggalake omahe ing Kinahrejo, Umbulharjo, Pakem, Sleman. Alasane merga ngemban dhawuh amanahe swargi Sri Sultan Hamengku Buwono IX. Minangka jurukunci Merapi, dhawuhe Ngarsa Dalem kudu patuh sarta tanggung jawab, ora kena ninggalake jejibahane, senajan ta totohane nyawa.

Mbah Marijan, tokoh spiritual Jawa sing gawe bingunge aparat jalaran ora gelem ngungsi iku nganggep menawa Gunung Merapi kuwi pepundhene. Mula senajan pendhudhuk kiwa-tengen padha bingung ninggalake omah tumuju brak pengungsian, Mbah Marijan cukup tenang-tenang saja di rumah. Merapi dianggep kaya ora ana apa-apa. Dheweke malah mbongkar omahe kapernah buri pendhapa, wiwit saka gendheng, usuk, reng, nganti krepus kang padha kropos diganti cor semen lan ragangan wesi. Paturone pindhah ana sisih wetan cerak pawon. Amben galare cerak warunge sing biyasa kanggo nyepaki kabutuhane bocah sing arep munggah Merapi.

Reng-usuke diganti pamrihe nek sawanci-wanci wedhus gembel teka nerak omahe, ora ambruk. Bab iku belajar saka kedadeyan ing Turgo sing gendhenge omah-omah padha ambruk jalaran ketiban awu panas pirang-pirang kubik.

“Sing terang ora bakal ana kedadeyan apa-apa ing kene. Kabeh tak pasrahake karo Sing Maha Kuwasa,” ngono kandhane Mbah Marijan nalika ditemoni JB dhek dina Jemuah Paing, 5 Mei 2006 kepungkur.

Merapi sing wis ngetokake lava pijar (panase 600 derajat Celsius) iku durung marakake Mbah Marijan percaya yen gununge bakal mbledhos. Karo nemoni tamune Mbah Marijan liyer-liyer turu-turu ayam, jalaran bengine kudu prihatin, ngrondhani omahe lan nindakake laku spiritual. Ngepasi ana swara adzan dheweke nindakake sholat ana langgar kulon omahe.

Saploke Merapi kumat iku simbah jurukunci iki tansah ketamuan paranormal sing arep golek popularitas nindakake labuhan ing Sri Manganti Merapi. Malah ana paranormal sing ngaku isih trahe keluwarga karaton.

Kanthi anane aktivitas Merapi sing wis ngancik tingkat Awas Merapi iku akeh warga sing urip kacingkrangan padha ora bisa mergawe. Semono uga Mbah Marijan dhewe. Biyasane udud nglecis sigaret alus, saiki mung nglinting merga warunge ora payu, ateges uga kelangan pangan.

“Nek boten payu nggih mangan tela godhog saking kebon,” ngono kandhane adhine ragil Mbah Marijan sing jenenge Tugiyem (50 taun). Tugiyem uga bukak warung kaya Mbah Marijan.

Manut kandhane Tugiyem, Mbah Marijan iku sedulure kabeh ana pitu. Sing barep Mbah Marijan, adhine sing nomer loro, telu, lan papat wis ndhisiki mati. Sing nomer lima arane Subariyah ana Tanjung Karang, Sumatra. Sing nomer enem Wignyo, manggon ing Kinahrejo. Ragile Tugiyem iku, omahe pernah ngisor plataran omahe Mbah Marijan.

Nalika ditemoni JB Mbah Marijan ora nganggo klambi dhines pranakan karaton, ning cukup nganggo sarung lan peci bathikan ireng. Dheweke uga kandha ora ana dhawuh saka Karaton Ngajogjakarta supaya nindakake labuhan. Labuhan wis ana jadwale dhewe. Dadi yen ana isu Karaton nganakake labuhan, iku ora bener.

BISA NGILANG?

Mbah Marijan wis diarih-arih Kapolsek Cangkringan AKP Munawar Wsc, supaya pindhah ngedohi Merapi. Nanging dheweke meksa ora gelem ngungsi. Mbah Marijan kandha, olehe ora gelem ngungsi amarga mundhi dhawuhe swargi Sri Sultan HB IX. Kala semana Ngarsa Dalem dhawuh minangka jurukunci Merapi dheweke nduweni kewajiban njaga lan tanggung jawab ngreksa Merapi. Ora kena ninggalake pakaryan mau senajan ta totohane nyawa. Nek nekad ngungsi iku kliru, nerak dhawuhe ratu gustine, bakal kapatrapan bendu.

Mangka sadurunge kuwi, putrane Ngarsa Dalem IX, yaiku Sri Sultan HB X kang uga Gubernur DIY, wis ndhawuhake marang warga ing ereng-erenge Merapi supaya pindhah.

“Aku wis ngandhani Mbah Marijan supaya ngungsi, aku kuwatir nek ana kedadeyan tenan mundhak aku sing diklirokne,” ngono pangandikane Sri Sultan HB X marang JB ing Kepatihan Danurejan, Jogjakarta, durung suwe iki.

Minangka juru kunci Merapi, Mbah Marijan mesthi nduweni kaluwihan ngerti cara-carane nanggulangi Merapi yen pinuju nesu. Ana sing kandha menawa Mbah Marijan iku bisa ngilang. Apa bener mangkono?

“Mas jangan heran ya Mbah Marijan itu bisa ngilang,” ngono kandhane Christian Awuy, Ketua Aspek (Asosiasi Perhotelan Kaliurang) Sleman marang JB.

“Ah yang bener saja Pak Awuy?” pitakone JB semu gumun.

“Betul, waktu itu saya lihat sendiri,” tambahe Awuy semu rada wedi.

Sabanjure Awuy nyritakake kedadeyane. Kala semana ana bocah hiking munggah Gunung Merapi kesasar lan ilang ora bisa bali. Wis digoleki karo kancane ora ditemokake. Mula banjur njaluk pitulungan spirituale Mbah Marijan, temahane bocahe bisa ketemu slamet.

Kala lagi enak-enak ngobrol, anggota tim SAR Merapi padha weruh Mbah Marijan melu lingguh ing kono. Ning ditinggal noleh nyang buri Mbah Marijan ujug-ujug wis ilang ora karuan menyang endi parane. Mangka papane omber ana tengah ara-ara, nek mlaku utawa mlayu mesthine katon blegere.

Nalika masalah mau ditakokne, Mbah Marijan mung mesem.

Ature: Adi K. Putra
JB 39/LX, 28 Mei-3 Juni 2006