Nur Fadillah “Nglairake” Iwak

11 Mei, 2006

Nganti dinane iki isih akeh lelakon nyalawadi kang ora tinemu nalar. Salah sijine dialami Nur Fadillah (31), warga Jlaprang, Desa Lumpang, Kecamatan Mojoagung, Kabupaten Jombang dhek Selasa esuk, 25 April kepungkur. Buruh tani iki kaya adate, saben esuk dikancani Sukardi (40) bojone renteng-renteng budhal bebarengan nyambutgawe ana sawah. Ning ing sawah kang dituju mau ujug-ujug dheweke nemoni lelakon aneh: wetenge krasa mules kaya kudu ngising. Tansaya suwe lara ing wetenge krasa tambah ndadi. Mangka diisingne ana kali cilik cedhak sawahe, ora metu. Wetenge tetep kaya diremet-remet, mula njur mutusake bali.

Tekan omah Fadillah nyoba turu. Mbokmenawa, kanthi diturokake larane waras. Jebul ora. “Rasane kaya wong arep mbabarake. Nanging, wong aku iki ora meteng. Anakku papat wis gedhe-gedhe. Kathik aku ya wis KB steril,” kandhane ampang.

Kira-kira jam 15.30 Fadillah tangi saka anggone turu, sebab wetenge wis ora bisa diempet. Gegancangan dheweke tumuju menyang WC omahe saperlu arep bebuwang! Jebul kotoran sing metu mung sethithik. Nanging, iki anehe, bareng karo ngetokake kotoran mau kaya ana barang sing katut metu, rasane nggrenjel. Bareng diungak mangisor, ohhh dheweke kaget kepati: ana iwak urip kosel-kosel. Iya iwak mirip mujair kuwi sing metu saka wetenge! Sakala wong wadon iki jelih-jelih ngundang bojone kang wektu iku lagi disraya tanggane.

Sukardi njur mlayoni sisihane sing kaya wong bingung. Ana apa? Sawise diterangake klawan gamblang, Sukardi tanpa wigih-wigih tumuli njupuk iwak urip kang campur kotorane bojone mau. Sawise diresiki, si-“bayi” iwak mau tumuli dicemplungake akuarium.

Wiwit kedadeyan kuwi omahe Sukardi dibanjiri wong kang kepengin nonton iwak ajaib mau. Suwe-suwe desane dadi reja, awan bengi rame. Masyarakat kepengin mbuktekake, apa bener Fadillah nglairake iwak? Jalaran saya dina saya gawe geger, akuarium cilik kang sakawit disimpen ana kamar turone mau dening polisi “diamanake” ana kantor polsek. Ning mung sewengi. Bar iku dibalekake maneh.

Bareng karo baline si-“anak” mau, bengine Fadillah dipripeni. Rumangsane dheweke ketekan tamu wanita ayu slendhangan biru dikawal kaki-kaki tuwa njaluk ngombe susu lan buah-buahan. Welinge, yen sawanci-wanci ana sanak kang mbutuhake pitulungan jalaran ketaman lelara, ora usah ditambani adoh-adoh. Cukup ditambani banyu akuarium mau.

“Apa kira-kira putri ayu mau panjalmane iwak iki?” ngono pitakone Fadillah lan bojone ing sajroning batine.

Panjaluk mau dituruti. Sesuke Fadillah dalah sing lanang cawis kembang, wedang susu, lan buah-buahan anggur, gedhang, apel disuguhake ing cedhak akuarium mau. Iwak mau njur dijenengne Dewi Sekarwangi. Tamu-tamune tetep rame. Desane tambah reja!

Dina Jemuah, 28 April Fadillah ketamon tamu loro kang asale saka Kedung Maling, Brangkal, Kabupaten Mojokerto kang nedya nyatakake anane iwak kang “dilairake” mau. Manut critane, wong loro –kang ngaku santri iku— teka ing kono atas pituduh saka impene, kang jarene dipethuki wong tuwa kon nggoleki anake menyang alamat omahe Fadillah.

“Aku nggoleki anakku sing ilang. Anakku kuwi nganggo slendhang biru, jaritan parang,” ngono kandhane sang tamu. Fadillah mbatin, kok cocog karo impenku?

Santri mau njur mbacutake crita bab impene, jare: sapa wae sing nemokake anake mau, miturut wong tuwa ing impen mau, yen ora gelem ngopeni, luwih becik balekna iwak mau nyang kedhung! Sawise dipikir jero, “Timbang takbalekne nyang kedhung iwake mati, enake ya takingu wae,” kandhane Fadillah marang tamune iku.

Engga pawarta iki katulis, Rebo, 3 Mei 2006 sing nonton iwak “anake” Fadillah mau isih akeh. Asale saka daerah sakiwa-tengene Jombang, “Aku teka mrene niatku njaluk banyu akuarium kanggo tambane laraku. Wong tuku obat neng apotik regane larange ya ora ilok,” komentare Bagus, sing ngaku dhadhane seseg.

Ature: Oemaryanto
JB 37/LX, 14-20 Mei 2006


Ukuman Paling Abot: Picis!

11 Mei, 2006

SERAT Sekar Setaman, sawijining buku koleksi Museum Sanapustaka, Kraton Surakarta, kandhutan isine dumadi saka cathetan-cathetan saka prastawa wigati kang kadadeyan ing jaman Kraton Surakarta (sing disebut jaman kraton, yaiku jaman sadurunge kamardikan RI ing taun 1945 –pen).

Buku kuna kuwi blegere wis ora wutuh maneh, saperangan kaca sisih buri thethel lan ilang, embuh pirang kaca ilange. Mung wae ing lembar pungkasan kacetha angka kaca 127. Serat awangun gancaran sinerat mawa aksara Jawa iki, ing samake kang rinengga gambar naga loro adhep-adhepan bisa kinawruhan sing nulis, yaiku Mas Ngabehi Rangga Susastra. Ora dingerteni sapa sejatine penulise iku, lan kapan anggone nulis.

Ana ing lembar pambuka, ing antarane katulis yen buku kasebut ngemot prastawa-prastawa wigati, utamane kang magepokan klawan donyaning kadurjanan (kriminal). Uga sinerat yen prastawa-prastawa mau sabageyan njupuk saka buku-buku kang kababar sadurunge, lan sebageyan prastawa kinawruhan dhewe dening penulise.

Prastawa sing paling lawas kacathet ing Sekar Setaman iki yaiku kadadeyan nalika sing nyekel pusaraning praja ing Surakarta Sinuhun PB IV (1788-1820). Prastawa kang kacathet, yaiku ukuman picis ing Surakarta diilangi ing taun 1812.

Kacritakake, nganti tekan taun 1811, ukuman mati ing Surakarta isih lumaku. Ingkang Sinuhun sajroning paring pidana marang para narapidana ngetrapake undha-usuke paukuman jumbuh klawan kang digarisake dening Syariat Islam. Ana paukuman kethok tangan, kethok sikil, tugel driji, tugel kuping, nganti tekan pidana pati.

Ukum mati sing ditrapake, sing genah dudu saka syariat Islam, ana rong macem. Cara loro-lorone mau dilaksanakake ing setengahe alun-alun ditonton rakyat. Ukuman mati cara sepisan yaiku diedu lawan macan. Dene ukuman pati kang dianggep luwih abot, yaiku ukuman picis. Kaleksanane, narapidana kabanda ana tunggak utawa wit, lan awake diiris-iris nganggo peso. Sabanjure tatune mau dioseri banyu uyah lan asem. Mangkono sateruse nganti tumekaning pati.

Nalika Indonesia dijajah Inggris (1811-1816), ukuman mati mau ngalami owah-owahan, awit Gubernur Jendral Raffles nganggep ukuman mati mau kejem banget. Sabanjure Raffles usul marang PB IV supaya ngowahi/ngilangi ukuman mati kasebut. Ing Sekar Setaman kacathet, Ingkang Sinuhun Kanjeng Sunan Paku Buwana IV sarujuk marang usulane Raffles. Pasetujonan mau kasok ing perjanjian tanggal 1 Agustus 1812. Kacetha ing Bab 9, ISKS PB IV setuju ngilangi ukuman mati klebu ukuman-ukuman kethok lan tugel (kethok tangan/sikil, tugel driji lan kuping).

Wiwit prastawa iku kanthi resmi ukuman mati ora lumaku maneh. Minangka gantine, kadurjanan abot kayata nyolong kebo-sapi ing wayah bengi, diganjar ukuman kurungan (ora disebutake pira lawase). Dene kejahatan ringan kayata nyolong wedhus, ngutil (nyopet), ngrampas barang barang/dhuwit (jambret), diganjar ukuman pecut kaping100 tekan 200 gumantung abot enthenge perkara.

MLAKU BENGI NGGAWA COLOK

Kutha Sala ing taun 1800-an alase isih ketel, bulake isih amba, pendhudhuke durung akeh. Kahanan mangkono iku ndadekake ngrembakane tindak kadurjanan. Kanggo ngurangi, Kraton Surakarta ing jamane PB IX (1862-1893) ngetokake peraturan anyar ing taun 1867. Unine, sok sapaa sing mlaku bengi ing wewengkon Surakarta kudu nggawa colok.

Urub, padhang, utawa jinise colok ditemtokake jumbuh klawan endhek-dhuwure punggawa lan drajat pangkate. Saben punggawa kraton apangkat mantri sapandhuwur, yen mlaku wanci bengi kudu nggawa colok ting. Dene warga biasa yen mlaku wanci bengi kudu nggawa colok saka onthel (kembang kluwih).

Kanthi metune peraturan kasebut, sapa wae sing mlaku wayah bengi tanpa colok dianggep wong durjana (penjahat), utawa wong kang nduweni niyat jahat. Petugas keamanan oleh langsung nangkep lan merkarakake. Kanggo ngawekani lakune peraturan kasebut, pihak kraton kepareng nambah cacah gerdhu-gerdhu jagan lan uga nambah tenaga petugas keamanane.

PRANATAN BUKBIRU

Kraton Surakarta wewatesan klawan Pura Mangkunagaran. Kanthi anane wates negara iki, para penjahat oleh manfaat. Maling, rampog, kecu kang nindakake kadurjanan ing Surakarta adhakan mlayu menyang Mangkunegaran, utawa suwalike. Kanthi mangkono petugas keamanan (pulisi) ora bisa nangkep, awit pulisi dilarang lintas batas menyang negara liya.

Kedadeyan kang mangkono iku sidane bisa diilangi ing taun 1869, kanthi metune pasarujukan antarane Kraton Surakarta lan Pura Mangkunegaran. Prajanjen mau awit saka ada-adane Tuwan Residen ing Surakarta.

Kanthi metune peraturan mau, pulisi bisa lan oleh ngoyak durjana ngliwati wates negara. Malah kena ngoyak tekan ngendi wae playune durjana mau. Yen pulisi Kraton Surakarta bakal nggledhah sawijining omah ing wewengkon Mangkunegaran, kena-kena wae asal njaluk idin lan diterake dening kepala desa, mesisan minangka seksine.

Kanggo tindak lanjut penanggulangan tindak kadurjanan iki, taun 1873 Kraton Surakarta ngetokake sawijining peraturan anyar, aran Pranatan Bukbiru. Pranatan mau nyebutake, sawijining lurah kang sengaja ndhelikake anane kadurjanan (ngerti nanging ora gelem lapur utawa ethok-ethok ora ngerti), langsung dipecat saka kalungguhane lan kalungguhan liya-liyane (yen ana). Pranatan iki uga lumaku kanggo para penggedhe pulisi (Panewu Pulisi).

Pranatan Bukbiru uga ngatur samangsa Panewu Pulisi mati nalika njabat lan nalika uripe ora nduweni kesalahan sarta ora kesangkut kadurjanan marang negara, salah siji anake bisa nyulihi jabatane. Anak mau bisa ngganteni dadi pulisi waton nyukupi syarat wolu, yaiku pinter, trampil, kelakuwane becik, sregep nyambutgawe, ora madat (narkoba), main, minum, lan durung tau tindak durjana. Syarat wolu mau dadi pertimbangan pengangkatane.

Ature: Poerwanto RS
JB 37/LX, 14-20 Mei 2006


Golek Guru Dhagelan Niku Angel

11 Mei, 2006

Ing kalangane pelawak Ngayogjakarta, asmane Mbah Guno alias Eyang R. Susanto (79) wis ora asing maneh. Kaset dhagelane sumebar. Rekaman sing keri dhewe ndhageli lagu-lagu langgame penyanyi Walang Kekek Bu Hajjah Waljinah. Ing album ”Kembang Kacang” sing ing taun 1990-an larise kaya kacang goreng mau, Mbah Guno sing kaparingan gelar Kangjeng Raden Tumenggung (KRT) Susanto Gunaprawiro saka Kraton Ngayogjakarta Hadiningrat iki mbanyol duet karo pentholan pelawak Mataram, swargi Djunaedi. Kang gawe guyu iku nalika Mbah Guno nyekar dhandhanggula Badan Alus, “Ingkung wewe, bothokira dhemit… gendruwo dipunsujeni, jrangkong garangaseme…”

Mbah Guno miyos ing Kebumen, Jawa Tengah, 3 Desember 1927. Krama karo Sri Palupi, putra putrine Mertodiningrat (Bupati Gunung Kidul) patutan putra-putri sanga: Gunarso, Gunawati, Ratih Guntari, Endang Gunar Widiastuti, Wahyu Gupitawati, Guntoro, Hesti Gunarti, Novi Gunarsanti lan Gun Hartanto. Wayahe cacahe ana wolu. Mbah Guno pungkasan nampa pendidikan ing SMAN Surakarta taun 1950 lan pensiun saka ngasta guru STMN II Jogjakarta taun 1987. Senajan wis pensiun piyambake isih mulang jurusan teater ing ISI Jogjakarta wiwit taun 1987 saengga seprene. Mbah Guno dhewe putra katelu saka abdidalem Karaton Surakarta sing asma Gunawan Sastroprawiro.

Ing ngisor iki wawancarane JB karo Mbah Guno ing daleme, Mijilan PB I No. 57 Jogjakarta, dhek 24 April 2006.

Mbah Guno kados taksih mucal ing ISI nggih?

Leres, kula rumiyin asring tumut teater Asdrafi Jogja pimpinan Sri Murtono. Kula menika tiyang panggung, sok main wayang wong. Ing wayang wong dados dhapukan Petruk lan Cantrik Janaloka. Semanten ugi ing kethoprak lan dhagelan. Ing ISI (Institut Seni Indonesia) Jogja mulang dhagelan kangge kelengkapan mata kuliah teater. Pados guru dhagelan niku sakniki angel. Ora umum, ana guru kok dhagelan.

Guru dhagelan niku modhale kudu cerdhas, nek boten tangeh lamun bisa. Dalan pikirane kudu humor saenggon-enggon, saged damel kemekele wong. Senajan umur kula empun 78 taun, ning dereng pikun. Taksih saged nyanyi, nembang, kroncong stambulan, lan seriosa. Malah kenal kalih “Walang Kekek” Waljinah penyanyi kroncong ing Solo.

Dadi dhagelan niku seserepane kudu akeh, bisa dadi paraga wayang wong, dhalang, pengrawit. Tembunge liya, perbendaraan-e tembung kudu akeh. Dadi dhagelan kangge urip sakniki angel lan susah. Jalaran sakniki penonton kathah sing pinter ndhagel. Malah kepara enten sing bisa gawe guyune sing ndhagel. Harak aneh, ta? Nek ndhagel isine mung kulakan saking dhagelane tiyang sanes badhe konangan lan ditirokake, ndah kaya apa wirange.

Mbah Guno nate dados dhalang?

Leres, kula menika nate sinau utawi kursus dhalang wayang kulit wonten Karaton Surakarta. Wekdal semanten gurunipun KRT Dutadilogo, RW Atmocendono, lan RL Jogopradonggo. Dene kursusipun ing SD Kasatriyan. KRT Dutadilogo mucal teori pewayangan, KRT Armocendono sabetan utawi jejeran, lan RL Jogopradonggo mucal sulukan, ingkang menawi Jogja kawastanan lagon.

Pendidikanipun namung setunggal taun, angsal ijasah ingkang dipun tapak astani Menteri P dan K Wongsonegoro wekdal semanten. Dados dhalang inggih saged sayah, lajeng pindhah dhateng Jogja ndherek Pakempalan Wayang Wong Gagrak Solo ing Arena Budaya pimpinanipun Pak Sunarto lan kapurih dados dhalang wayang wong. Dados dhalang kedah saged nguwasani gendhing, joged. Wekdal semanten THR Jogja dereng wonten wayang wongipun.

Paguyuban tari gagrak Solo ing Jogja wonten sekawan: Langen Indria, Langen Beksa Wiromo, Puri Eka Budaya. Lan ing wayang wong Tiong Hoa pimpinanipun Oh Wi Sun ingkang wonten Magelang kula malah didhapuk dados dhalange.

Sekeca dados dhalang menapa dhagelan?

Kangge dhagelan racake sing nanggap remen kula ndhagel macak ngangge pantalon biru, dhasi, jas lan pecis. Benten kaliyan dados dhalang. Sisah sanget, sukune saged gringgingen melek sewengi. Sami-sami ongkose wekdal semanten HR dhalang wayang kulit Rp 300.000 lan dhagelan Rp 250.000. Kula nggih milih dhagelane, boten repot. Jalaran dhalang kedah ndhatengaken gamelan, sindhen, wayang kulit, lsp.

Sadangunipun kula dados dhagelan, murid kula sampun kathah. Ingkang wonten ing Jakarta kados ta Edy Sud, Bagio, Iskak, lan Drs. Sunarto. Malah kala semanten kula ndamel grup Trio SGM (Sunarto, Guno, Murtadi) lan nate dishooting TVRI Jogjakarta.

Kejawi dados dhagelan kula ugi ngrangkep dados MC Basa Jawi lan yen pas kosong diisi ngangge dhagelan. Kejawi menika kula inggih nyukani kursus pranata adicara sa-DIY sarta bikak penyembuhan tradhisional alternatip supranatural kangge tiyang sakit maag, jantung, ginjel, liver, lan asma.

Kula menika, tiyang Jawi ingkang gadhah tanggung jawab minangka pengawal, pengawas, penjaga Basa Jawi. Lan konsekwensinipun nek wonten penyiar radio sing salah migunakake tembung utawi ukara Jawi langsung kula tilpon. Saking labuh-labet menika asring yen wonten sarasehan kula diulemi. Mergi samenika tiyang migunakaken basa Jawi kathah ingkang klinthu.

Bab Konggres Basa Jawa (KBJ) IV ing Semarang kula badhe ngusulaken babagan tatanan Hanacaraka kanthi cara sanes. Dialoritik tandha E pun icali kados ukara gendheng kaliyan gendheng seratanipun sami nanging tegesipun saged benten amargi wonten mesin ketik menapa komputer E corek nginggil boten wonten. Gendheng saged mengku teges tiyang edan utawi degleng. Lan ugi saged gendheng kanggo atep griya.

Ature: R. Dwi S.
JB 37/LX, 14-20 Mei 2006


Porong Erlangga

11 Mei, 2006

Kasebut ing prasasti watu Kamalagyan asal saka raja Airlangga, mawa angka taun 959 S (1037 Masehi) arane kali Brantas mung disebut klawan istilah bangawan. Ing baris ka-9 prasasti kasebut katulis (yen digancarake nganggo basa saiki): kaya mangkono akeh desa ketahan lan kepalangan sawahe dening kali, wusana bengawan jebol ing Desa Waringinpitu, njalari darbeking negara nandhang kapitunan sarta ilang utawa amblase wilayah tetanen…. Sabanjure ing baris 14 disebut …aliran bengawan kang jebol mau banjur dibendung dening Sri Maharaja….

Bisa uga ana gandhenge karo kang katulis ing prasasti mau, kasebut ing buku roman sejarah Arok-Dedes karangane Pramoedya Ananta Toer, ana cuplikan carita kang nggambarake kahanane Bengawan (Brantas) kaya katur ing ngisor iki:

“Bagus, bagus! Wis mesthi sira kabeh iki durung nate weruh segara!”

“Kasinggihan Bapa! Mila makaten!”

“Apa liya-liyane durung nate nyang Gresik?”

Pranyata, durung ana siswa siji bae kang mingket saka Tumapel.

“Bagus, saiki aku arep crita. Rungokna. Ana sawiji wilayah jembar ngilak-ilak ing sakidule Gresik. Nyawang nyang ngendi bae arahe kang katon mung sawah, sawah, lan sawah ning mung bisa ditanduri ing mangsa ketiga kaya wektu iki. Lan sira, coba rungokna!” Brahmana Lohgawe (guru) ngelikake siswa mau. “Saiki coba, sapa ing antarane para siswa iki kang bisa nerangake dhodhok-selehing prekara!” Brahmana Lohgawe nuding sawijining siswa nganggo sada asal wit aren.

“Kasinggihan, Bapa Mahaguru.”

Kang tinuding wiwit crita. Sakawit, sawah-sawah mau mujudake genangane Kali Brantas saben mangsa rendheng. Sri Baginda Erlangga ndhawuhake titah (prentah) kanggo mbukak sawiji porong nganti tekan segara. Lemah asal saka kedhukan didadekake tanggul ing sakiwa-tengene. Sabanjure porong ditanjakake kanggo ngurangi sanggan sungapane Brantas, dadi alur lelayarane kapal-kapal perang kang pinuju mbalik mudik!

Siswa liya kang oleh giliran tinuding dening Brahmana Lohgawe, mbacutake atur: dawane porong mau ngluwihi garis tengahe negara Jenggala, digarap nganti rampung mbutuhake wektu 3 x 30 dina. Lan dileksanakake ing taun Saka 1000!

Dang Hyang Lohgawe dhehem, ngliyer kawigaten marang liyane, tanpa kumecap. Siswa kang rumangsa ketaman ing dhawuhe guru mbacutake crita, “Kasinggihan Bapa Mahaguru, kawula mila dereng nate sumerap Gresik, anggenipun ngedhuk saha nanggul ing perangan-perangan ingkang dipunperlokaken. Saestu sadaya kalawau muhung kangge ngujudaken kesejahteraanipun para kawula lan negari, ngirangi penyakit sarta bencana taunan, nikelaken dedagangan sarta tameng pertahananipun negari….”

Dang Hyang Lohgawe dhehem maneh kang kapindho. Salah siji siswa kang nalika iku nampa kuliah saka Brahmana Lohgawe, aran Arok.

Ngono crita cuplikan asal-usule “Porong Erlangga”, kaya katulis ing buku roman sejarah Arok Dedes. Ora disebutake apa porong kasebut kang ing tembe buri karan kali Porong. Kang disebut-sebut malah Hujung Galuh. Ning, Uga ora disebutake ana ing ngendi dununge kang gumathok. Mung diancer-anceri, cedhak tapel watese negara Tumapel iring lor, minangka pusat lalu lintas dharat lan segara kang rame. Pesenane wesi Empu Gandring kang nedya dienggo bebakalan gawe gegaman: tumbak, keris, lan sabangsane, umume iya liwat Hujung Galuh.

Kasebut ing Serat Ranggalawe babon serat basa Jawa Kuna tengahan, kang disekarake dening Raden Ronggo Wirowongso, weton Balai Pustaka –taun 1932: kacaritakake, Raden Wijaya, turune Ken Arok urutan kapapat, nalika dibledig wadyabala Jayakatwang, keplayu mangalor (saka arah Tumapel) nganti ngliwati Japanan, banjur nyabrang nyang Sumenep, Madura, njaluk bebantu kekuwatan marang Adipati Sumenep, Wiraraja. Ora disebutake, sawise ngliwati Japanan, Raden Wijaya olehe nyabrang nyang Sumenep saka ngendi? Apa kira-kira saka Hujung Galuh, ngelingi panggonan mau dhek semana dadi pusat lalu lintas dharat lan banyu? Lan ing tembe buri Raden Wijaya olehe nggebug pasukan Kubilai Khan (taun 1293) uga ing Hujung Galuh kono? Digambarake armada (prau-prau perange) wadyabala Kubilai Khan olehe mlayu iya liwat bengawan –nganti ambyar ing sungapane kali, njur padha “ing-ing” mulih nyang negarane.

PANALUSUR

Yen lelakon-lelakon kaya kacrita ing ngarep diurut saka kang paling tuwa mangisor, bisa mujudake sabangsane “bagan” kanggo luwih nggampangake panalusur ngenani ana ngendi dununge Hujung Galuh.

1) Manut dongenge R. Kartawibawa: sawise Gunung Wilis njeblug, bareng ketrajang banjir lahar Bengawan Sala tugel thel. Kepeksa nlikung menggok mangalor, njur mili mangetan nganti tekan Sedayu-Gresik. Brantas mangetan njur tekan Canggu, kang kondhang dadi pelabuhan kang rame. Ancer-ancer dununge Hujung Galuh, manut dongeng mau, mung disebut salore Kediri. Porong iku bangunan anyar dhek jaman Mataram (?)

2) Ing buku roman sejarah Arok-Dedes digambarake: kang wiwitan mbangun porong Erlangga, yaiku Erlangga, rampung dibangun taun Saka 1000. Wiwit iku Brantas bisa diliwati prau-prau perang, biasa wira-wiri saka Canggu nyang segara lan kosokbaline. Iki njalari saya rejane among dagang sarta kukuhe pertahanan.

3) Manut SK Walikota R. Soekotjo (dhek semana pangkat militere isih Kolonel), Surabaya lair 31 Mei 1293. Iku ateges dhek jaman Majapait –manut Mr. Moh. Yamin –isih ngancik ing jaman Dewasa Kejadian (genesia): 1293-1309. Ing taun mau R. Wijaya klakon bisa numpes mungsuh leloro, yaiku Kubilai Khan lan Jayakatwang. Iku kang diusulake dening panitia minangka dina kelairane Surabaya. Ning, durung ana bukti otentik kang awujud prasasti utawa liyane kang ndumuk araning panggonan: Surabaya. Ana kang nggambarake dumadine “wiracarita” R. Wijaya sawadyabalane bisa nggempur, ngusir mungsuh lelorone mau ana ing panggonan aran Hujung Galuh.

4) Lagi dhek jaman Majapait, ngancik ing mangsa Dewasa Pertumbuhan (growth): 1309-1389, utawa luwih cethane, dhek jaman Prabu Hayamwuruk ngasta pusaraning adil ing negara mau (1350-1389 M), kawetokake prasasti –kang ing jaman iki disebut prasasti Canggu– kang mbuktekake klawan otentik anane panggonan aran Surabaya kang dumunung ing tepining Bengawan Brantas. Prasasti Canggu tinengeran ing angka taun 1280 S (1358 M), sasi Srawana (Juli-Agustus, dina Sabtu Legi).

5) Hujung Galuh dununge ana ing cedhak tapel watese Tumapel iring lor; Surabaya, salah siji desa sabrangan, kacathet ing urutan pungkasan ing prasasti Canggu. Bisa uga isih nunggal wilayah karo Hujung Galuh.

Atur sapala ngenani “ana ngendi dununge Hujung Galuh?” diajab kena kanggo bahan penggalihan, ing selagine kita mengeti HUT Surabaya, tanggal 31 Mei 1293 M.

Ature: Tarupala
JB 37/LX, 14-20 Mei 2006


Lemper Gedhene Sabandhosa

11 Mei, 2006

Lemper mujudake panganan “wajib” tumrap wong duwe gawe. Embuh mantu apa sunatan, lemper tansah disuguhake marang para tamu. Ing Jogjakarta, dhusun sing kondhang usaha lempere yakuwi Dhusun Jati, Wonokromo, Plered, Bantul.

“Warga mriki wiwit usaha damel lemper kangge nyekapi pesenane tiyang gadhah damel wiwit taun 1980,” ngono pratelane Mbah Siti Zainab (65 taun) warga Jati nalika ditemoni JB ing omahe rikala gawe lemper raksasa kanggo upacara arak-arakan malem Rebo Pungkasan ing Wonokromo durung suwe iki.

Mbah Siti, randhane pensiunan Kepala Cabang Pegadaian sing duwe anak lima lan putu lima iki ngaku asli kelairan Desa Bangunharjo, Bantul. Manut katrangane, Jati kondhang merga lempere sing duwe rasa khas. Panganan lemper iku wiwit mratah ana dhaerah Wonokromo nalika sugenge Eyang Kanjeng. Rikala semana lemper Wonokromo aran Lemper Kenthongan, jalaran gedhene sakenthongan. Manut owah gingsire jaman lemper kenthongan iku banjur digawe luwih gedhe maneh, digandhulake ana pinggir dalan tumuju tempuran Kali Opak lan Kali Gajah Wong. Atraksi lemper raseksa iki diadani saben ana perayaan malem Rebo Pungkasan ing sasi Sapar.

Lemper iku digawe kanggo nyedhiani pangane wong-wong sing mentas kungkum ana kali tempuran. Jaman semana akeh pageblug. Pendhudhuk sing nandhang lara esuk, sorene mati. Sing ngasta pusaraning pamarentahan wektu kuwi Sultan Agung, ratu ing Mataram. Merga kawulane akeh sing nandhang lara mula Sultan Agung dhawuh marang Kyai Welit amrih ngusadani. Saranane kertas mantra sing dicampur banyu diwadhahi bumbung. Merga jaman semana sing lara akeh, mula banyu ana bumbung sing wis dirapali iku disokake ing tempuran Kali Opak lan Kali Gajah Wong. Supaya kalis saka pageblug wong-wong sing dadi kawulane Sultan Agung padha kungkum ing kono. Adat leluhur iku tekan saiki isih dipepetri.

Wong sing lara akibat pageblug mangane ora sega, nanging lemper kenthongan sing jerone diisi abon daging sapi kanthi pangajab supaya awet wareg. “Riyin wonten pinggir tempuran lepen wonten sanggare Kyai Welit,” ngono kandhane Mbah Siti. Lemper Wonokromo suwe-suwe kondhang, banjur saya dimekarake ing dhusune.

Manut Mbah Siti, saben beras ketan patang kilogram bisa dadi lemper cilik cacahe 100. Dene bungkuse godhong gedhang kluthuk, sebab nek didang metu lengane.

“Saben lemper setunggal regine Rp 700,” ngono pratelane Mbah Siti karo nyambi mbungkusi lemper. Anggone gawe lemper iku direwangi ibu-ibu liyane. Olehe masak ana plataran omah, ora beda kaya wong duwe gawe.

Tohari (42 taun), Ketua RT 04 Dhusun Jati marang JB kandha, sing aktif dhewe usaha gawe lemper kuwi warga RT 03 lan RT 04. Akeh sing nampa pesenan lemper. Yen pesen lemper ora kena dadakan, adoh sadurunge kudu pesen. Sebab perlu nyiapake bahan-bahane: beras ketan, klapa parutan, abon, godhong, lsp-ne.

“Pakare lemper nggih tiyang Dhusun Jati mriki. Buktine, dipasrahi damel lemper agenge sabandhosa, nggih saged beres,” ngono kandhane Tohari karo nerangake saben sasi Besar mesthi akeh pesenan, jalaran akeh wong duwe gawe mantu.

Ature: R. Dwi S.
JB 37/LX, 14-20 Mei 2006


Tetep Amar Makruf Nahi Mungkar

11 Mei, 2006

Wayang kulit rai-wong duweke Ki Enthus Susmono kang sukses dipamerake ing Taman Budaya Surakarta kepungkur, diakoni dening dhalang asal Tegal, Jawa Tengah, iki menawa iku dudu karyane dhewe. Ning mujudake asil karya “bersama” Enthus bebarengan karo penyungging wayang asal Jogjakarta lan Blitar.

“Nek ditakoni entek pira wragade nggawe wayang rai-wong iki, aku ora bisa mangsuli. Upama ditukokne mobil kijang anyar, oleh loro,” kandhane dhalang gondrong sing wis ngoleksi wayang rai-wong sakothak, kira-kira ana 200-an wayang kuwi.

Mohammad Sobary, budayawan kanthi sebutan “Kyai Jawa” iku, kang kandha jare Enthus iku dhalang kreatif, genius. “Ora ana dhalang sing biasa muni ‘bajingan’ nek ora Enthus. Wong Jawa gunggunge akeh, ning sing ngerti wayang mung sethithik. Lha saiki iki, Enthus mbudidaya ngenalake wayang rai-wong, tujuane supaya wayang kulit tambah dikenal,” ngono pratelane mantan Pemimpin Umum Lembaga Kantor Berita Nasional (LKBN) Antara ing diskusi lesehan kang ngrembug wayang rai-wong ing Taman Budaya Surakarta, 26 April kepungkur.

Mohammad Sobary ketarik diskusi ngrembug wayang rai-wonge Enthus merga saka segi kreasi buyadane. Alasane prasaja wae, “Saiki wong urip sajroning pluralitas, ning ing kanyatan padha ora siap karo pluralitas psikologi. Akeh publik sing nindakake kegiyatan sing sifate meksa,” kandhane peneliti LIPI (Lembaga Ilmu Penelitian Indonesia) sing uga mantan staf ahli Menpan iki.

Anane owah-owahan wayang, saka wayang kulit purwa menyang wayang rai-wong temtu ana sing pro lan kontra. Ning aja nganti nasibe kaya wayang gedhog. Wayang kraton iki senajan lakon lan gendhinge wis dilaras, rehne ora ana sing seneng nonton, temahan ora mlaku. “Klebu wayang rai-wonge Enthus, nek kepengin lestari kudu ana sing nyengkuyung,” kandhane Bambang Suwarno, Dosen STSI Surakarta sing uga praktisi pedhalangan iku.

Supaya wayang karyane mau dikenal sarta lestari urip ngrembaka, Bambang Suwarno mrayogakake supaya Enthus gawe riset “pembaharuan”. Sebab biyen ing sejarahe, wayang rai-wong tau ditolak. Iki penting kanggo ukuran jaman saiki.

ORA KABEH BISA MULUS

Salah sijining desainer wayang rai-wong iku yakuwi Mujoko (36). Tukang sungging wayang kang dening Ki Manteb Sudharsono dijuluki Joko Wayang Sabrang (merga spesialis wayang sabrangan) iki asli Blitar, Jawa Timur. Dheweke dikenal kadidene tukang natah wayang wali, kanggo sarana dhakwah. Karyane kayata wayang wali Syeh Siti Jenar, Sunan Kudus, Sunan Kalijaga, lsp-ne. Wayang rai-wonge Enthus ya dheweke sing yasa, “Mas Enthus kagungan 200-an wayang rai-wong. Nek digunggung karo wayang modifikasi liyane, cacahe ana 500-an,” kandhane marang JB.

Joko ngaku, nggawe, nglukis, natah wayang rai-wong iku ora gampang. Ora kabeh bisa mlaku mulus. Ana sing wis dadi, wis rampung disungging, ning merga dianggep kurang luwes wayang eksperimen kang bahane saka kulit kebo mau njur dibuwang ngono wae. “Perbandhingane, aku nyungging wayang cacah 350, sing dadi mung 200. Sing 150 dibuwang!”
Kajaba Joko, Ki Enthus uga duwe tukang natah wayang gamben, yaiku Sukasman, asal Jogjakarta. Dheweke kuwi gurune Enthus ing babagan nggawe wayang rai-wong. Wayang sabrangan asil karyane akeh sing dikoleksi Enthus.

Wayang rai-wong kang dikoleksi Enthus mau kabeh asil desaine. Carane, sawise Enthus pesen, Sukasman nggawe mal. Kertas mal-malan gambar wayang mau dipasangi gapitan tangan, sikil lan pundhak. Tujuane supaya nek dadi wayang bisa penak diobahake.
“Gawe wayang kulit rai-wong pancen nyedhot pikiran,” komentare Sukasman karo mbenakake rambute sing dawa lan putih iku.

PROMOSI WAYANG, DAKWAH ISLAM, LAN KRITIK SOSIAL

Wayang kulit (purwa) sing jare biyene gaweyane para wali, lan digawe kaya wujude sing isih kalumrah saiki kuwi, amarga kanggo nyingkiri supaya wujude kuwi ora ngemperi wong. Awit Islam ora marengake visualisasi utawa gambar manungsa, luwih-luwih para nabi. Nanging Ki Enthus malah gawe wayang sing wandane digawe memper wong lumrah. Iki tegese ngowahi karakter wayang sing jarene raket karo wandane.

Pancen karakter wayange Ki Enthus kuwi bisa molah-malih manut karepe Ki Enthus. Upamane Gareng utawa punakawan liyane bisa ngritik bendarane. Mengkono uga bendara bisa guyon karo punakawan utawa punggawane. Nanging ora ateges “urusan” banjur kandheg dadi “sandiwara”. “Urusan” tetep mlaku kaya apa mesthine.

Wayange Ki Enthus kena diarani mujudake wayang owah-owahan. Owah wandane, owah karaktere, owah filsafate, owah sastrane. Nanging tetep amar makruf nahi mungkar kanggo nggayuh rahmatan lil alamin alias memayu hayuning bawana!

Biyen para wali anggone syiar agama ora nganggo peksan, nanging nuduhake mungguh para wali kuwi minangka waliyullah darbe kaluwihan, embuh kasekten, kapinteran, utawa kasugihan. Ning kang cetha pribadine mesthi linuwih! Dene ing babagan seni para wali ora enggal ngowahi adat lan budaya lan kapercayan asli karo budaya lan iman Islam.

Senajan Prabu Brawijaya pungkasan durung kepareng nggilut agama Islam, nanging Sunan Ampel sing mujudake warga Majapahit kuwi dikeparengake mulang agama marang para punggawa Majapahit, klebu para kanoman. Dadi Islam lumebu ing Indonesia kena diarani ora nganggo ngutahake getih.

Ki Enthus kaya-kaya uga kepengin melu ndandani akhlake bebrayan nganggo sarana wayang. Ki Enthus ora meksa bebrayan ngowahi pola pikire supaya cundhuk karo ajaran urip sing tata tentrem kertaraharja. Sing diowahi dening Ki Enthus wujude wayang, sastrane, karaktere amrih semanak karo bebrayan sing diajab bisa methik piwulang liwat crita wayang.

Crita wayang sing digelar dening Ki Enthus linambaran piwulang Islam. Senajan crita asline wayang kuwi saka kitab Mahabarata lan Ramayana, Ki Enthus ora ngowahi utawa ngoncati lajere pakem. Jeneng-jenenge paraga wayang lan arane negara ora diowahi. Sing diowahi mung critane digathukake karo kaanan lan ombyake bebrayan saiki. Ing pagelaran wayange Ki Enthus ora asat salawat nabi. Minangka pambuka sadurunge jejeran, dipitontonake kahanan nyata ing bebrayan. Paraga sing diwetokake klebu dhagelan sing wujude pawongan tuwa awake ringkih tandha gedhene panandhang (penderitaan). Paraga iki sambat-sambat rekasane uripe karo bojone sing digambarake wadon nggendhong rinjing sing nuduhake abote sanggane uripe.

Saka pagelaran pambuka kuwi kanthi paraga-paraga sing mula disiyagakake, Ki Enthus pinter mbukak wacana, ngritik birokrasi sing beda karo janjine nalika kampanye lan sumpah jabatane sing jarene ndhisikake kepentingan umum tinimbang kepentigan pribadi. Tumrap Ki Enthus wacana bisa dijereng-jereng manut piwulang agama, hukum, lan liya-liyane.

Sawise pambuka kuwi jejeran kahyangan uga ora njlimet, mung dijupuk saprelune. Bethara Guru adhep-adhepan karo Yamadipati. Yamadipati kandha yen ing ngarcapada ana paguron sing dipimpin Bimasekti. Dikuwatirake bisa ngalahake kahyangan lan kahyangan bisa dadi sepi. Bethara Guru dibujuk dening Yamadipati ngrusak paguron ing arcapada iku. Ing dalan ketemu Bathara Brama, Yamadipati banjur mlayu. Brama mburu Yamadipati. Kecandhak banjur ditakoni, geneya mlayu. Alasane kaget. Suwe-suwe blaka yen dheweke antuk proyek saka Bethara Guru. Yamadipati arep menehi bageyan marang Brama yen saguh mbantu mateni Bimasekti. Brama rumangsa isih duwe iman, lan kelingan yen iku tumindak luput. Tumindak sing ora dikeparengake karo Gusti Allah. Wusana dadi tukaran. Elit politik dewa padha ‘gelut’, rebut benere dhewe. Persis, kaya tingkahe elit politik Indonesia.

Kaya ngono kuwi carane Ki Enthus mbukak masalah, tujuane padha nanging carane beda. Uga carane promosi wayang supaya wayang tetep dadi tontonan sing uga tuntunan sing disenengi bebrayan. Uga carane promosi wayang supaya wayang tetep dadi tontonan sing uga tuntunan sing disenengi bebrayan. Uga dhakwah agama sing nuduhake apa sing diarani siratal mustaqim utawa dalan lurus kuwi sing tansah disuwun dening umat Islam marang Gusti Allah. Dene minangka kritik sosial bisa nganggo cara maneka warna amarga ing jaman iki ora gedhe ora cilik moral bebrayan iki wis kaya benang teles angel dijejegake.

Ature: R. Dwi Sabdono, Endang Irowati, Anie Soemarno
JB 37/LX, 14-20 Mei 2006