Syekh Maulana Maghribi Kang Nurunake Ratu-Ratu Mataram

28 Mei, 2006

Tekan saprene Parjiyono mengkirig yen kelingan pengalaman nalika tirakat sujarahan ana makame Syekh Maulana Maghribi ing Gunung Sentana, salor-wetane cepuri Parangkusuma, Parangtritis, Yogyakarta. Nalika semana udakara jam loro bengi. Lagi enak-enake turu ana bangsal palereman karo kancane sadesa dumadakan krungu swara thing…thung…thing…thung…brung, sora banget mawali-wali kaya swarane gamelan jathilan. Baca entri selengkapnya »


Sejarahe Aksara Jawa

28 Mei, 2006

Ing rubrik LSW JB No. 28 Minggu II sasi Maret 2006, Bapak Yusuf Asmara mundhut priksa bab sejarahe akasara Jawa. Yen ora kleru sing dikersakake Bapak Yusuf Asmara iku aksara Jawa anyar kanthi aksara legena cacah 20 wiwit HA nganti NGA. Yen bener mangkono, keparenga penulis ngaturake tulisan bab sejarahe aksara Jawa kasebut, ringkesan saka sawatara buku-buku kapustakan.

Ing buku HA NA CA RA KA (Bp. Slamet Riyadi) babarane Yayasan Pustaka Nusantara Yogyakarta diandharake manawa ngrembug sejarahe aksara Jawa anyar kang uga diarani sastra sarimbagan utawa carakan iku ora bisa dipisahake karo rembug bab kelairan lan pandhapuke aksara kasebut. Miturut Bp Slamet Riyadi ing bukune kang isi kelairan, penyusunan, fungsi, lan maknane Ha-Na-Ca-Ra-Ka kasebut ana konsepsi cacah loro kanggo nlusur kelairane aksara Jawa lan penyusunan abjad ha-na-ca-ra-ka, yaiku konsepsi secara tradisional lan konsepsi secara ilmiah.

KONSEPSI SECARA TRADISIONAL

Adhedhasar konsepsi secara tradisional laire aksara Jawa digathukake karo Legenda Aji Saka, crita turun-temurun awujud tutur tinular (dari mulut ke mulut) bab padudon lan perang tandhinge Dora lan Sembada jalaran rebutan keris pusakane Aji Saka sing kudune tansah padha direksa bebarengan ing pulo Majeti. Wusana Dora lan Sembada mati sampyuh ngeres-eresi.

Nalika arep angejawa, Aji Saka kang didherekake para abdine sing jenenge Dora, Sembada, Duga, lan Prayoga lerem ing pulo Majeti sawatara suwene. Sadurunge nerusake laku angejawa, Aji Saka ninggal pusaka awujud keris. Dora lan Sembada kapatah ngreksa kanthi piweling wanti-wanti, aja pisan-pisan diwenehake wong saliyane Aji Saka dhewe sing teka ing pulo Majeti njupuk pusaka kasebut. Aji Saka banjur nerusake laku dikanthi Duga lan Prayoga. Dene Dora lan Sembada tetep ana pulo Majeti ngreksa pusaka.

Sawise sawatara lawase, Dora lan Sembada krungu kabar manawa Aji Saka wis dadi ratu ing Medhangkamulan. Dora ngajak Sembada ninggalake pulo Majeti ngaturake pusaka marang Aji Saka. Sarehne Sembada puguh ora gelem diajak awit nuhoni dhawuhe Aji Saka, kanthi sesidheman si Dora banjur menyang Medhangkamulan tanpa nggawa keris. Marang Aji Saka si Dora kanthi atur dora wadul warna-warna.

Dora kadhawuhan bali maneh menyang pulo Majeti. Gelem ora gelem Sembada kudu diajak menyang Medhangkamulan kanthi nggawa keris pusaka. Dora banjur budhal. Jalaran panggah ora percaya marang kandhane si Dora, Sembada puguh ora gelem diajak jalaran nuhoni dhawuhe bendarane, lan precaya manawa Aji Saka bakal netepi janjine mundhut pusakane tanpa utusan. Lelorone padha padudon rebut bener, banjur pancakara perang tandhing rebutan keris. Wasana Dora lan Sembada padha mati sampyuh ketaman keris sing dienggo rebutan.

Sawise sawatara suwe Dora ora sowan maneh ngajak Sembada ngaturake keris pusaka, Aji Saka banjur utusan Duga lan Prayoga nusul menyang pulo Majeti. Bareng tekan pulo Majeti saiba kagete Duga lan Prayoga meruhi Dora lan Sembada padha mati ketaman pusaka sing isih tumancep ing dhadhane. Sawise ngupakara layone Dora lan Sembada kanthi samesthine, Duga lan Prayoga banjur gegancangan marak ratu gustine ngaturake pusaka lan pawarta bab patine Dora lan Sembada.

Midhanget ature Duga lan Prayoga, Aji Saka sakala ngrumangsani kalepyane dene ora netepi janji mundhut pribadi pusaka sing direksa Dora lan Sembada. Minangka pangeling-eling, Aji Saka banjur ngripta aksara Jawa legena cacah wong puluh wiwit saka HA nganti NGA.

HA NA CA RA KA
Ana caraka (utusan)

DA TA SA WA LA
Padha suwala (padudon, pancakara)

PA DHA JA YA NYA
Padha dene digdayane

MA GA BA THA NGA
Wasana padha dadi bathang

Iku mau konsepsi secara tradisional bab kelairan lan penyusunane aksara Jawa anyar. Pancen abjad aksara Jawa sing 20 cacahe lan disusun dadi patang larik iku, mujudake guritan sing gampang diapalake lan dieling-eling (memoteknik), mligine tumrap sing lagi wiwit sinau maca lan nulis aksara Jawa. Abjad sing kaya guritan lan digathukake karo legenda Aji Saka mau saya narik kawigaten bareng dikantheni gambar padudon, perang tanding lan mati sampyuhe Dora lan Sembada.

KONSEPSI SECARA ILMIAH

Miturut Prof. Dr. Poerbatjaraka, sadurunge wong-wong India angejawa, wong Jawa durung duwe aksara. Basa pasrawungane mung nggunakake basa lesan. Kanthi anane aksara kang digawa saka India kasebut saka sethithik basa tinulis wiwit digunakake. Pancen aksara ora mung dadi piranti komunikasi sarana tulisan, nanging luwih saka iku aksara uga dadi ukuran kemajuane budaya sing ndarbeni aksara kasebut. Peradaban sing wis nggunakake basa tinulis kanyatan luwih maju tinimbang sing ora/durung duwe aksara.

Miturut Casparis, sajroning sejarah peradaban etnik Jawa, tulisan sing paling tuwa ditemokake awujud prasasti kanthi nggunakake aksara Pallawa, nuduhake tandha wektu sadurunge taun 700 Masehi. Sadurunge iku etnis Jawa mung nggunakake basa lesan. Sawise ditemokake sawatara prasasti liyane, baka sethithik ditindakake studi paleografi (ilmu kanggo nyinaoni aksara kuna).

Miturut studi paleografi sing ditindakake Casparis, ana limang periode aksara Jawa. Periode kapisan (aksara Pallawa) dening Bp. Atmodjo diperang maneh dadi loro. Kanthi mangkono kabeh ana nem periode, yaiku:

1. Aksara Pallawa tataran wiwitan, digunakake sadurunge taun 700 M. Contone tinemu ing prasasti Tugu ing Bogor.

2. Aksara Pallawa tataran pungkasan, digunakake ing abad VII lan tengahan abad VIII. Tinemu ing prasasti Canggal ing Kedu, Magelang.

3. Aksara Jawa kuna kawitan, digunakake taun 750-925 M, contone tinemu ing prasasti Polengan ing Kalasan, Yogyakarta.

4. Aksara Jawa kuna tataran pungkasan, digunakake taun 925-1250 M, tinemu ing prasasti Airlangga.

5. Aksara Majapait, digunakake ing taun 1250-1450 M. tinemu ing prasasti Singosari lan Malang, sarta ing lontar (ron tal) Kunjarakarna.

6. Aksara Jawa anyar, digunakake taun 1500 M nganti saiki. Tinemu ing Kitab Bonang lan buku-buku sabubare iku.

Lair lan ngrembakane aksara Jawa raket sesambungane karo lair lan ngrembakane basa Jawa. Aksara Jawa anyar lair sawise basa Jawa anyar digunakake kanthi resmi ing sajroning pamarentahan, saora-orane wiwit taun 1500 M. Wektu kasebut punjere pamarentahan ing Jawa ana ing Demak. Mula ana sing duwe panemu manawa aksara Jawa anyar wiwit digunakake kanthi resmi nalika jaman Demak. Panemu iki disengkuyung antara liya karo bukti awujud naskah kanthi tulisan aksara Jawa anyar yaiku Kitab Bonang.

Bab taun kelairane aksara Jawa iki padha karo andharane Bp. Moch. Choesni ing majalah JAMBATAN edisi khusus babaran Lembaga Javanologi Surabaya kang didumake marang para peserta Kongres Basa Jawa II ing Batu, Malang sasi Oktober taun 1996. Nanging beda versine. Bapak Moch. Choesni nggathukake kelairane aksara Jawa anyar karo tekane muhibah utawa kunjungan persahabatan saka Tiongkok menyang tanah Jawa (Majapait) kang dipandhegani Laksamana/Jendral Cheng Ho (Jeng Ho) kanthi ngirid wadyabala pirang-pirang ewu cacahe sikep gegaman.

Ing rubrik Opini koran Jawa Pos Senen, 15 Agustus 2005, kanthi irah-irahan Cheng Ho dan Nebula China, Dr. Asvi Warman Adam (ahli peneliti LIPI Jakarta) nyebutake ekspedisi kapisan numpak prau cacah 300 kanthi penumpang 27.000. Ma Huan, penerjemah sing wis ngrasuk agama Islam, uga melu dadi penumpang.

Bp. Moch. Choesni nyangga-runggekake (meragukan) apa bener tekane caraka kanthi sandiyuda Sam Poo Kong sing diwerdeni tiga perkasa pembalas dendam samono akehe iku ‘kunjungan persahabatan’ kang tulus? Apa ora ana gandheng-cenenge karo pangrabasane wadya bala Tiongkok kang sumedya nguwasani Singasari sing digagalake dening Raden Wijaya lan Arya Wiraraja dhek taun 1293? Ma-ga-ba-tha-nga alias “mangga batangen”, mangkono pepuntoning andharan sawise ngonceki kanthi njlimet surasane ha-na-ca-ra-ka (ana utusan), da-ta-sa-wa-la (tanpa peperangan), lan pa-dha-ja-ya-nya (padha jayane, kasembadan sedyane).

Ing ngarep wis diaturake, secara tradisional urutan abjad ha-na-ca-ra-ka digathuk-gathukake karo legenda Aji Saka. Nanging data literer nuduhake menawa naskah utawa teks sing ngemot urutan utawa abjad ha-na-ca-ra-ka ora mesthi digathukake karo legenda kasebut. Upamane Serat Sastra Gendhing, Serat Centhini, Serat Sastra Harjendra, Serat Saloka Jiwa, lan Serat Retna Jiwa. Kabeh serat (buku/tulisan) kasebut isi abjad ha-na-ca-ra-ka kagandhengake karo filsafat utawa ngelmu kasampurnan.

Ing buku HA NA CA RA KA (Bp. Slamet Riyadi), ing perangan kang ngrembug bab makna filosofis ha-na-ca-ra-ka, dibabar ora kurang saka 20 warna filsafat ha-na-ca-ra-ka miturut daya nalar, wawasan, lan tujuane sing gawe makna filosofis dhewe-dhewe. Ing majalah Jambatan kasebut ing ngarep ana nem jinis makna filosofis. Durung kalebu sing ana makalah-makalah liyane.

Beda karo kang kasebut ing Serat Manikmaya, Serat Aji Saka, lan Serat Momana sing padhadene nggathukake karo legenda Aji Saka. Ing buku-buku kasebut abjad ha-na-ca-ra-ka diarani sastra sarimbagan. Jalaran larikan kapisan abjad Jawa anyar iku unine ha-na-ca-ra-ka, mula luwih dikenal kanthi jeneng carakan kaya ing Sundha lan Bali.

Miturut panalitine Prof. Dr. Poerbatjaraka, Serat Manikmaya dikarang dening Kartamursadah ing jaman Kartasura, ing taun 1740 Jawa utawa taun 1813 Masehi. Dene abjad Jawa sing luwih tuwa diarani ka-ga-nga, awit manut wewaton abjad Devanagari ka-kha-ga-gha-nga. Serat Manikmaya ditedhak (disalin) dening Panambangan, punggawa Mangkunagaran, lan ing taun 1981 dibabar dening Departemen Pendidikan dan Kebudayaan kanthi irah-irahan Manikmaya.

Apa ana naskah liyane isi legenda Aji Saka sing luwih tuwa tinimbang Serat Manikmaya, durung kaweruhan, awit miturut Wiryamartana naskah-naskah saliyane Serat Manikmaya sing ana abjad hanacaraka-ne keh-kehane ditulis ing wiwitane abad XIX. Yen ta Serat Manikmaya mujudake naskah sing paling tuwa, bisa dipesthekake manawa anane abjad ha-na-ca-ra-ka wiwit jaman Kartasura.

Miturut Uhlenbeck, abjad ha-na-ca-ra-ka digunakake sawise adoh lete karo wektu sedane Sultan Agung (1645 M) utawa antarane jaman Amangkurat I lan Amangkurat II. Bisa uga ing jaman Sultan Agung wis ana gagasan bab abjad kasebut. Bab iki adhedhasar data literer anane restrukturisasi (pemugaran) kabudayan Jawa ing jaman Sultan Agung. Upamane, salah siji sing tumekane saiki bisa kita rasakake, yaiku anane pananggalan Jawa. Pananggalan kasebut mujudake gabungan antarane kalender taun Saka karo kalender taun Hijriah. Kajaba saka iku, ing naskah-naskah sadurunge jaman Sultan Agung ora ana abdjad ha-na-ca-ra-ka.

Ora bisa kita selaki aksara Jawa kanthi abjad ha-na-ca-ra-ka sing umure wis atusan taun kasebut wis akeh lelabuhane. Cundhuk karo saya majune panalaran lan wawasane sing duwe kabudayan, aksara Jawa minangka perangane kabudayan Jawa, minangka fungsi literer uga tau ngalami owah gingsir mligine ing bab wewaton panulise basa Jawa nganggo aksara Jawa.

Sadurunge Kongres Basa Jawa I ing Semarang sasi Juli 1991, wis ana ada-ada ngruwat abjad ha-na-ca-ra-ka. Patine Dora lan Sembada kanthi memelas amarga dadi korban pemimpin sing mencla-mencle ora netepi janji, dianggep ora cocok karo alam Indonesia Membangun sing mbudidaya ngundhakake pembangunan lair lan batin.

Sawatara pemakalah ing Kongres Basa Jawa III ing Yogyakarta Juli 2001, malah gawe ada-ada owah-owahan bab tata panulise basa Jawa nganggo aksara Jawa. Kepriye babaring lelakon aksara Jawa sateruse, iki pancen dadi PR-e sapa bae kang pancen isih padha ngrumangsani melu handarbeni, hangopeni, lan hangrungkebi budaya Jawa.

Ature: M. Soemarsono
JB 40/LX, 4-10 Juni 2006


Codhot Goreng

28 Mei, 2006

Kewan bangsa iber-iberan kang sabane bengi iki saiki dadi menu super istimewa. Saliyane pancen dadi kareman, nyatane bisa marasake lara asma lan alergi gatel-gatel. Golek masakan codhot goreng ing wewengkon Kabupaten Kediri, ora angel. Ing Desa Batuaji, Kecamatan Ringinrejo, Kediri ana spanduk ing emperan warung mawa tulisan gedhe-gedhe: WARUNG MBAK SIS, SEDIA CODHOT GORENG lan ana gambare codhot, lan eee… ana nomere 49, nomer buntut saka buku 1000 Tafsir Mimpi.

Saliyane bakul codhot goreng, Mbak Sis (Siswati) uga dodol bekicot goreng, swike goreng, emprit goreng, lan usus goreng, sejene menu lumrah soto ayam lan es campur. Nyatane sing paling akeh digoleki empat sembilan goreng utawa vampire goreng iku. Langganane ora mung saka Kediri, ana sing saka Blitar, Tulungagung, Nganjuk, malah ora sethithik sing saka Surabaya, Yogyakarta. Uga akeh pesenan saka Sumatra, Kalimantan, lsp.

“Sing saka luar Jawa iku sajake pesenane dulure sing ana Kediri lan kiwa-tengene kene,” ngendikane Mbak Sis sing wis bukak warung codhot watara sepuluh taunan.

Mula bukane Mbak Sis ngolah codhot (bangsane lawa sing panganane woh-wohan) merga dipeseni tanggane sing saka Menado. Senajan awal-awale rumangsa rada jijik, suwe-suwe merga kulina ya wis ora ana saru sikune. Apa maneh nyatane iwak codhot ora mung dadi panganan kareman wae, nanging ana kasiyate, bisa marasake lara asma (ambegan seseg) lan gatel-gatel merga alergi. Mula dagangane Mbak Sis saya laris lan saya akeh sing nggoleki.

Nalika JB mrana, ana sedhan BMW kleser-kleser mandheg ing ngarep warung, eee …jebul sing digoleki ya codhot goreng. Ngendikane Mbak Sis, tamu iku wis langganan, malah kadhang-kadhang pesen kalong goreng barang. Genah iku mau tamu tuman krasan!

MURAH MERIAH

Senajan dagangane Mbak Sis klebu dagangan langka, regane kepetung murah, kepara malah murah banget. Saben sabungkus plastik isi 2 (gedhe karo cilik) utawa 3 (tanggung) cukup dibayar nganggo dhuwit cilik Rp 3.000. Murah ta? Tur ya gurih tenan!

“Thithik-thithik ya wis bathi, Mas. Wong kira-kira mentahe iku bunci rong ewu. Lumayan ta, per plastike duwe turahan sewu.”

Nyatane pancen ya ngono, codhot sing cilik dhewe tukon Rp 500, tanggung Rp 750, gedhe Rp 1.000 nganti Rp 1.500. Dadi manawa matenge per plastik didol Rp 3.000 (isi 2 utawa 3) opahe mbetheti lan mlastiki wis ana lan kena kanggo nyukupi kebutuhan urip kulawarga ing saben dinane. Saben dinane bisa ngedol 50-200 codhot. Dene yen ana tamu kentekan bisa disemayani dina sesuke, merga saben dina ana “pemburu vampire” sing nyetorake oleh-olehane.

Mbak Sis ora mung ngladeni jinis gorengan wae, manawa ana sing pesen sayur, bumbu rujak, masak kecap, lsp. uga sanggup nglayani. Yen ana sing pesen jerohan, peru, ati uga bisa nuruti. Manut crita, ati codhot mono apik kanggo bocah cilik, bisa mbantu perkembangan kecerdasan otak.

“Bener ngono Mas, akeh kok wong sing pesen ati goreng!”

BERBURU VAMPIRE KANGGO NGURIPI ANAK BOJO

Mbak Sis wani masang spanduk merga ora kuwatir kentekan bahan baku. Senajan saben dina atusan codhot nyemplung wajan isi lenga panas, saben sore isih brol-brolan codhot mubal saka pandhelikane. Saben bengi wit-wit buah lan klapa-klapa deresan dikiteri codhot golek mangsan. Manut keterangane Suhadak (35) warga Desa Candirejo, Kecamatan Ponggok, Kabupaten Blitar codhot seneng banget nyesepi legen. Mula iwake rasane gurih semu legi, merga panganane buah-buahan lan nyesepi legen.

Suhadak sing wis limang taunan saba bengi nyasaki kebon-kebon klapa deresan, utawa brobosan turut ngisor wit rambutan, dhuku, sawo, lsp. bunci bedhil angin lan senter, ora samar kentekan sasaran burone. Saben bengi bedhile paling sethithik ngasilake codhot 25, malah yen cuacane apik bisa entuk 50 luwih. Lha lumayan kan asile? Saben dina puluhan ewu kecekel tangan. Wis kena kanggo nguripi anak bojo.

“Aku budhal ajeg jam wolu bengi, bali jam papat esuk. Dadi ya ora tau turu bengi.” Nyatane kanthi mangkono Suhadak, bojone, lan anake loro uripe klebu cukup lan tata. “Uripku iku mung merga saka codhot,” guyone Suhadak sing wis ora nyirik papan angker, ora wedi medi, lan ora duwe sungkan karo kewan gremetan liyane.

Bareng weruh berburu codhot asile kena dipangan, kanca-kancane akeh sing tiru-tiru. Untunge kiwa-tengen desane meh kabeh klapa dideres. Dadi saben bengi mesthi akeh codhot sing klayaban. Bareng menclok kempu (wadhah tadhahan legen) lagi diincer lan …dhes, pek-pek-pek, mati.

Saliyane Mbak Sis, isih akeh tunggale sing siap menu codhot. Ana Pak Bud, tanggane Mbak Sis, Pak Tukimin utawa kondhange Pak Min Codhot warga Gayam, Mojoroto, Kediri, lan isih akeh maneh liyane. Malah Pak Min Codhot iki pelanggane dhokter-dhokter lan pasien sing ngamar ana RSK Baptis Kediri. Ing omahe, Pak Min siap menu codhot lan sambel pecel, sambel kecap, sambel tomat, sambel trasi, sambel brambang, lan sambel korek minangka jodhone codhot goreng.

Sarana akehe pengusaha menu codhot, para pemburune ora bingung pasar. Tur saiki malah ora usah ngaya ngeterake menyang omahe Pak Bud, Pak Min, utawa Mbak Sis. Cukup ngenteni ana omah wae saben jam 05.00 wong-wong iku wis teka dhewe. Esuk njupuk terus diolah, awan sithik nganti sore ngenteni konsumen utawa kari ngeterake menyang omahe.

Wong-wong iku carane ngresiki sing baku rong werna, ana sing dikropok lan ana sing dibeset. Rasa lan kasiyate padha wae, mung bedane manawa dikropok katut saendhase, yen dibeset endhase ora katut. Ya mung manawa dikropok, yen kurang resik brungut-brungute wulu isih katon. Ora apa-apa, kabeh gurih.

Ature: Yud
JB 40/LX, 4-10 Juni 2006


Gunung Gamping Ambarketawang

28 Mei, 2006

Jenenge kondhang marga saben Sapar ing kene diadani upacara Saparan kanthi upacara mbeleh bekakak. Tumrap ahli geologi, Gunung Gamping iki unik merga umure wis luwih saka 50 yuta taun.

Kagungan dalem Gunung Gamping, 5 km sakulone Yogyakarta, kuwi saiki mung kari jeneng. Sing ana mung kari wujud relike arupa watu gamping gedhe. Dhuwure kira-kira 10 m kaya tugu. Kanggone warga Yogyakarta, cagar alam Gunung Gamping Ambarketawang (kang dumunung ana Desa Ambarketawang) iki kondhang amarga saben sasi Sapar ing papan iki diadani upacara Saparan kanthi mbeleh bekakak dikantheni arak-arakan.

Ing sakidule Gunung Gamping iki patilasan kraton Ambarketawang (tilas kratone Pangeran Mangkubumi sadurunge pindhah menyang kutha Ngayogyakarta tanggal 7 Oktober 1756), madeg. Nanging kanggone ahli geologi Gunung Gamping iku unik jalaran ing donya iki mung ana loro. Ing Inggris lan ing Yogyakarta iku. Dianggep unik jalaran umure watu Gunung Gamping iku wis luwih saka 50 yuta taun. Mangka gunung-gunung gamping liyane umure ora nganti samono.

Dhek biyen, sadurunge entek ditambang, gunung iki dadi sumbere watu kapur ing Yogyakarta. Bangunan kraton, beteng, Tamansari, lan bangunan-bangunan liyane ing Yogyakarta watune saka Gunung Gamping sing kawentar unggul dhewe kualitase iki. Wiwit taun 1930-an tekan 1940-an Gunung Gamping iki didinamit dening pabrik gula Padokan. Kapure digunakake kanggo bahan ngresiki jladren calon gula pasir.

Ngarepake Jepang ninggalake Indonesia tlatah Gunung Gamping wis kebak jurang-jurang jero jalaran penambang saya jero anggone nggoleki watu. Watu gampinge dinyatakake entek kira-kira taun 1950-an. Rahayune, Djawatan Geologi Bandung cawe-cawe kirim utusan marang Kasultanan Ngayogyakarta, supaya sisa-sisa Gunung Gamping ing Dhusun Tlogo iku dikonservasi, didadekake cagar alam. Panyuwune Djawatan Geologi iki dituruti. Sisa watu sing isih banjur dipager nganggo kawat berduri. Nalika taun 1956, mbarengi pengetan 200 taun adege kraton, kampanye pelestarian sisa gunung gamping iki diadani kanthi gedhen-gedhenan.

Sakjane wiwit taun 1929 wis ana sarjana geologi kang asmane Prof. Dr. H. Gerth kang ngusulake supaya Gunung Gamping dilestarekake. Nanging pemerintah Landa ethok-ethok ora krungu. Embuh apa alasane. Miturut Gerth, Gunung Gamping iki unik jalaran umure wis tuwa banget, luwih tuwa timbang gunung gamping liyane. Kandhane, adhedhasar penelitiane, watu Gunung Gamping iki ngandhut fosil kewan bersel satu jenis Foraminifera. Iki nuduhke yen umure watu gunung gamping iki luwih saka 50 yuta taun, klebu formasi Eosen utawa Tersier Tua. Ing donya watu kaya mengkono iku mung tinemu ing Inggris lan ing Yogyakarta.

Sadurunge para ahli geologi ngenut teorine Frans Junghuhn kang nulis buku Java, Seine Gestalt und Seine Pflanzendecke ing taun 1857. Sarjana Jerman kang mopulerake tanduran kina ing Jawa Barat iki kandha menawa Gunung Gamping iki munculing permukaan kanthi ndhewe ana dataran Yogyakarta. Gunung Gamping iki saformasi karo gunung-gunung kapur karst ing Gunung Kidul wiwit saka Rongkop ing pojok Gunungkidul sisih kidul wetan. Dadi umure periode Tersier Muda. Puluhan taun teori Junghuhn iki dianut para ahli geologi. Miturut Junghuhn wektu iku (pertengahan abad ke-19) Gunung Kidul isih alas kebak wit-witan gedhe.

Sawise diusulake Djawatan Geologi, sisa Gunung Gamping iku dening pemerintah DIY dipageri nganggo kawat berduri, lan dinyatakake minangka cagar alam. Nalika jaman Orde Baru cagar alam kang ambane 1.084 ha iki dipageri nganggo batako lan diwenehi rumah penjaga sarta plataran kanggo upacara Saparan mbeleh bekakak.

Cagar alam iki tau dadi rebutan antarane Dinas Pelestarian Peninggalan Purbakala karo Dinas Kehutanan DIY. Nanging jalaran karo Menteri Kehutanan sacara resmi dinyatakake dadi cagar alam rikala tanggal 16 Desember 1998, mulane tekan saiki cagar alam iki dadi wewenange Dinas Kehutanan lan Pertanian.

Kuciwane, Ibu Sumini karo putrane Jiyanto kang dipasrahi keamanane cagar alam lan ngenggoni rumah penjaga iki, tekan seprene durung tau nampa honor. Ning senadyan wis patang taun luwih ora tau nampa blanja, Bu Sumini muji sukur dene bisa manggon ana omah gedhong sawetane cagar alam iki. Tugase mula ora abot, mung resik-resik plataran, luwih-luwih menawa dhong Saparan.

Ature: Suwarsono L.
JB 40/LX, 4-10 Juni 2006


Kasekten

28 Mei, 2006

Akeh crita sing nggambarake yen wong jaman biyen sekti mandraguna. Bebasan disuduk manthuk-manthuk, ditumbak lakak-lakak, dibedhil malah mecicil, dipedhang ilang. Ana sing sekti nganti bisa mabur kaya manuk branjangan, bisa mlayu lan lelumpatan kaya kidang telangkas, bisa ambles bumi kaya Raden Antareja, bisa jumangkah ing salumahing banyu.

Maling genthiri dicritakake bisa mlebu omahe calon korbane mung liwat sunare lampu. Tokoh crita sandiwara ludruk aran Sarip Tambak Oso sing mati dibedhil Walanda bisa bali urip sawise simboke bengok-bengok ngundang arane. Maling Kundang disot dening wong tuwane wadon nganti wusanane dadi watu utawa reca. Cekake kasektene wong jaman biyen digambarake sarwa linuwih. Ora beda kaya kasektene Mak Lampir lan tokoh-tokoh liyane ing sinetron Misteri Gunung Merapi ngana kae.

Kasektene wong jaman biyen akeh tinemu ing crita rakyat lan dongeng. Jarene entuk ilmu kasekten ngono kuwi ora gampang. Kudu nindakake laku pasa, tirakat, semedi, lan laku-laku liyane sing kebak dening coba lan godha. Mula mung wong-wong tinamtu wae sing bisa duwe ilmu kasekten. Beda karo jaman saiki. Kasekten bisa diduweni tanpa nindakake lelaku. Saiki kepingin sekti, saiki uga bisa kasembadan. Syarate mung dhuwit, pangkat, lan drajat.

Sok ana maling utawa perampok kecekel warga. Nalika diajar utawa digepuki si durjana mung mesem-ngguyu sajak ngece. Nanging sawise durjana kuwi dilolosi pakeyane nganti wuda blejed, lagi sambat kelaran lan njaluk ampun. Saka ngendi durjana kuwi entuk kasekten nganti ora tedhas dibedhil? Saka anggone nindakake lelaku apa tuku? Jalaran wis kerep kita temoni ing koran, tabloid, apadene majalah ana iklan sing nawakake kasekten. Sapa wae bisa sekti lan ora tedhas dibacok utawa dibedhil sauger gelem mbayar mahar utawa tukone. Kasekten sing ditawakake ngono kuwi wujud sabuk, gelang, kalung, utawa rompi sing wis “diiseni” daya linuwih. Satemene iklan ngono kuwi sah-sah wae merga dhasare mung precaya apa ora. Yen precaya mangga, yen ora iya gak masalah.

Bapake Priya klebu pejabat kinurmat lan disungkani sapa wae. Sedhenge Priya dhewe ora beda kaya remaja lumrah. Nanging nasibe Priya luwih kepenak lan kepara lancar-lancar wae. Wiwit sekolah ing sekolahan favorit nganti dadi PNS utawa Polri/TNI ora tau nemoni alangan. Wong tuwane lanang pancen klebu sekti. Saking sektine nganti layange sasuwek wae diwedeni liyan. Ora ana sing wani nampik surat sakti utawa katabelece-ne wong tuwane Priya.

David Copperfield, ilusionis pinunjul lan kaloka kae uga klebu “sekti”. Dheweke bisa mabur, bisa nembus tembok Cina, bisa ngilang, bisa nyirnakake gedhung, kapal mabur, lan ora mati senajan dijuwing-juwing. Nanging kasektene David kuwi mung ilusi kang dipepaki kacanggihane teknologi sulap. Semana uga karo Houdini sing tansah bisa uwal senajan awake digubel rante lan digembok pirang-pirang.

Gunawan Santosa, dhalang pembunuhan boss PT Asaba Budhiyanto Angsono lan pengawale, tanggal 5 Mei kepungkur kasil mlayu saka penjara LP Cipinang. Kamangka anggone mlayu kuwi kudu ngliwati lawang penjara wolu, ngliwati pos penjaga telu, lan nglumpati pager sing dhuwure 3,5 meter tur dialiri listrik. Eloke maneh ora ana gembok penjara sing katon mentas dirusak. Kabeh gembok isih wutuh. Gunawan alias Acin iki divonis mati dening Pengadilan Negeri Jakarta Utara. Wis kaping telu iki dheweke nuduhake “kasektene” lan bisa mlayu saka penjara.

Apa Gunawan kuwi sekti temenan? Yen sekti gek gurune sapa? Mak Lampir, David Copperfield, apa Houdini sing mahir nguculi gembok? Apa tanpa guru lan “kasektene” kuwi dituku nganggo dhuwit? Iki klebu kasekten sing ngisin-isini lan nggregetake.

Ature: Oemaryanto
JB 40/LX, 4-10 Juni 2006