Codhot Goreng

Kewan bangsa iber-iberan kang sabane bengi iki saiki dadi menu super istimewa. Saliyane pancen dadi kareman, nyatane bisa marasake lara asma lan alergi gatel-gatel. Golek masakan codhot goreng ing wewengkon Kabupaten Kediri, ora angel. Ing Desa Batuaji, Kecamatan Ringinrejo, Kediri ana spanduk ing emperan warung mawa tulisan gedhe-gedhe: WARUNG MBAK SIS, SEDIA CODHOT GORENG lan ana gambare codhot, lan eee… ana nomere 49, nomer buntut saka buku 1000 Tafsir Mimpi.

Saliyane bakul codhot goreng, Mbak Sis (Siswati) uga dodol bekicot goreng, swike goreng, emprit goreng, lan usus goreng, sejene menu lumrah soto ayam lan es campur. Nyatane sing paling akeh digoleki empat sembilan goreng utawa vampire goreng iku. Langganane ora mung saka Kediri, ana sing saka Blitar, Tulungagung, Nganjuk, malah ora sethithik sing saka Surabaya, Yogyakarta. Uga akeh pesenan saka Sumatra, Kalimantan, lsp.

“Sing saka luar Jawa iku sajake pesenane dulure sing ana Kediri lan kiwa-tengene kene,” ngendikane Mbak Sis sing wis bukak warung codhot watara sepuluh taunan.

Mula bukane Mbak Sis ngolah codhot (bangsane lawa sing panganane woh-wohan) merga dipeseni tanggane sing saka Menado. Senajan awal-awale rumangsa rada jijik, suwe-suwe merga kulina ya wis ora ana saru sikune. Apa maneh nyatane iwak codhot ora mung dadi panganan kareman wae, nanging ana kasiyate, bisa marasake lara asma (ambegan seseg) lan gatel-gatel merga alergi. Mula dagangane Mbak Sis saya laris lan saya akeh sing nggoleki.

Nalika JB mrana, ana sedhan BMW kleser-kleser mandheg ing ngarep warung, eee …jebul sing digoleki ya codhot goreng. Ngendikane Mbak Sis, tamu iku wis langganan, malah kadhang-kadhang pesen kalong goreng barang. Genah iku mau tamu tuman krasan!

MURAH MERIAH

Senajan dagangane Mbak Sis klebu dagangan langka, regane kepetung murah, kepara malah murah banget. Saben sabungkus plastik isi 2 (gedhe karo cilik) utawa 3 (tanggung) cukup dibayar nganggo dhuwit cilik Rp 3.000. Murah ta? Tur ya gurih tenan!

“Thithik-thithik ya wis bathi, Mas. Wong kira-kira mentahe iku bunci rong ewu. Lumayan ta, per plastike duwe turahan sewu.”

Nyatane pancen ya ngono, codhot sing cilik dhewe tukon Rp 500, tanggung Rp 750, gedhe Rp 1.000 nganti Rp 1.500. Dadi manawa matenge per plastik didol Rp 3.000 (isi 2 utawa 3) opahe mbetheti lan mlastiki wis ana lan kena kanggo nyukupi kebutuhan urip kulawarga ing saben dinane. Saben dinane bisa ngedol 50-200 codhot. Dene yen ana tamu kentekan bisa disemayani dina sesuke, merga saben dina ana “pemburu vampire” sing nyetorake oleh-olehane.

Mbak Sis ora mung ngladeni jinis gorengan wae, manawa ana sing pesen sayur, bumbu rujak, masak kecap, lsp. uga sanggup nglayani. Yen ana sing pesen jerohan, peru, ati uga bisa nuruti. Manut crita, ati codhot mono apik kanggo bocah cilik, bisa mbantu perkembangan kecerdasan otak.

“Bener ngono Mas, akeh kok wong sing pesen ati goreng!”

BERBURU VAMPIRE KANGGO NGURIPI ANAK BOJO

Mbak Sis wani masang spanduk merga ora kuwatir kentekan bahan baku. Senajan saben dina atusan codhot nyemplung wajan isi lenga panas, saben sore isih brol-brolan codhot mubal saka pandhelikane. Saben bengi wit-wit buah lan klapa-klapa deresan dikiteri codhot golek mangsan. Manut keterangane Suhadak (35) warga Desa Candirejo, Kecamatan Ponggok, Kabupaten Blitar codhot seneng banget nyesepi legen. Mula iwake rasane gurih semu legi, merga panganane buah-buahan lan nyesepi legen.

Suhadak sing wis limang taunan saba bengi nyasaki kebon-kebon klapa deresan, utawa brobosan turut ngisor wit rambutan, dhuku, sawo, lsp. bunci bedhil angin lan senter, ora samar kentekan sasaran burone. Saben bengi bedhile paling sethithik ngasilake codhot 25, malah yen cuacane apik bisa entuk 50 luwih. Lha lumayan kan asile? Saben dina puluhan ewu kecekel tangan. Wis kena kanggo nguripi anak bojo.

“Aku budhal ajeg jam wolu bengi, bali jam papat esuk. Dadi ya ora tau turu bengi.” Nyatane kanthi mangkono Suhadak, bojone, lan anake loro uripe klebu cukup lan tata. “Uripku iku mung merga saka codhot,” guyone Suhadak sing wis ora nyirik papan angker, ora wedi medi, lan ora duwe sungkan karo kewan gremetan liyane.

Bareng weruh berburu codhot asile kena dipangan, kanca-kancane akeh sing tiru-tiru. Untunge kiwa-tengen desane meh kabeh klapa dideres. Dadi saben bengi mesthi akeh codhot sing klayaban. Bareng menclok kempu (wadhah tadhahan legen) lagi diincer lan …dhes, pek-pek-pek, mati.

Saliyane Mbak Sis, isih akeh tunggale sing siap menu codhot. Ana Pak Bud, tanggane Mbak Sis, Pak Tukimin utawa kondhange Pak Min Codhot warga Gayam, Mojoroto, Kediri, lan isih akeh maneh liyane. Malah Pak Min Codhot iki pelanggane dhokter-dhokter lan pasien sing ngamar ana RSK Baptis Kediri. Ing omahe, Pak Min siap menu codhot lan sambel pecel, sambel kecap, sambel tomat, sambel trasi, sambel brambang, lan sambel korek minangka jodhone codhot goreng.

Sarana akehe pengusaha menu codhot, para pemburune ora bingung pasar. Tur saiki malah ora usah ngaya ngeterake menyang omahe Pak Bud, Pak Min, utawa Mbak Sis. Cukup ngenteni ana omah wae saben jam 05.00 wong-wong iku wis teka dhewe. Esuk njupuk terus diolah, awan sithik nganti sore ngenteni konsumen utawa kari ngeterake menyang omahe.

Wong-wong iku carane ngresiki sing baku rong werna, ana sing dikropok lan ana sing dibeset. Rasa lan kasiyate padha wae, mung bedane manawa dikropok katut saendhase, yen dibeset endhase ora katut. Ya mung manawa dikropok, yen kurang resik brungut-brungute wulu isih katon. Ora apa-apa, kabeh gurih.

Ature: Yud
JB 40/LX, 4-10 Juni 2006

Tinggalkan komentar