Wayang Kulit Rai Wong

4 Mei, 2006

Dhalang asal Tegal Ki Enthus Susmono gawe gebragan anyar, dheweke pamer karyane sing gres arupa “wayang kulit rai wong” ing Galeri Besar Taman Budaya Jawa Tengah, Surakarta, tanggal 23–27 April kepungkur. Pembukaane disarirani Ketua Pepadi Jawa Tengah, Drs. Sutadi.

Acarane kena diarani semuwa lan digarap kanthi nengsemake. Sing among tamu kenya-kenya bule ayu-ayu, Magdalena sakancane sing dandan kaya wayang wong, diiringi karawitan garapane Dedek Wahyudi sakanca. Uga katon penari cilik cacah enem kang luwes lan ayu menik-menik. Suguhane jajanan pasar jangkep.

Ing tanggal 24-26 April dianakake kepyakan dhalang bocah lan pengrawit bocah. Uga ana diskusi lesehan kanthi pembicara budayawan Moh. Sobary lan Bambang Suwarno. Tanggal 27 April pameran iku ditutup kanthi pagelaran wayang kulit rai wong dening Ki Dhalang Enthus, mawa lakon “Ramabargawa” kang naskahe digarap Ki Tristuti Rahmadi Suryasaputra.

Geneya gawe wayang rai wong? Kamangka sadurunge Ki Enthus iya tau gawe wayang planet, wayang kanthi figur-figur tokoh-tokoh politik, panakawan teletubbies, lan liya-liyane? Kanggo menehi wangsulan marang pitakone para tamu, Ki Enthus nyedhiani video rekaman ngenani proses kreatife nganti dumadine wayang rai wong kang dipamerake iki.

“Aku pengin ngakrabake wayang marang bocah-bocah. Jalaran suk rong puluh taun maneh sing bakal nanggap wayang lan nguri-uri kesenian wayang iku generasi sing saiki isih bocah-bocah iki,” ngono alesane. Ki Enthus rumangsa prihatin nalika ing sawiji wektu ngenalake wayang Arjuna marang murid-murid SD, entuk pitakonan kang nyedhihake: “Iku manuk jinis apa?”

Iya pitakonan iku sing nuwuhake krenteg gawe wayang rai wong, ing pangangkah bisa kanggo nyedhakake wayang marang bocah-bocah, jalaran karaktere ora adoh sungsate karo wayang kang klasik.. Nadyan ngono Enthus ngakoni, wayang klasik sing ana sasuwene iki sejatine wis mujudake “karya puncak” kang ora bisa diowahi.

GUMANTUNG SOSIALISASINE

Budayawan Bambang Murtiyoso nganggep apa kang ditindakake Enthus iki sejatine mujudake kemunduran. Lan sejarah nyathet wayang-wayang ngene iki ora suwe umure.
“Ing cathetan sejarah wayang, sejatine wayang rai wong iku wis dudu barang anyar. Contone wayang dupara, wayang suluh, lan liya-liyane. Wayang klasik purwa iku sejatine mujudake puncak kreatifitas, dene wayang-wayang kang bentuke memper uwong iku malah wayang-wayang dhagelan: panakawan, Limbuk, Cangik.
Kanthi ngrubah ngono iku ora kok njur otomatis ana “hubungan signifikan” karo anane perkembangan seni wayang. Iku gumantung sosialisasi-ne, lan iki perlu proses. Ning jaman saiki iki pancen ana owah-owahan arah perkembangan wayang, saka sing figuratif, filosofis, lan simbolis, dadi wayang sing nyedhaki realis.”
Distorsi bentuk wayang saka kang wis ana iku iya wis tau ditindakake dening Ki Kasman, kang uga tetep ngakoni manawa wayang klasik iku wis ora bisa diowahi.
Ki Enthus optimis wayange iki bakal bisa dingerteni apa dening bocah-bocah. Kanggo sosialisasine, dheweke bakal majang wayang rai wong mau jejer karo wayang klasik, dimen bocah-bocah padha ngerti.
“Ora masalah, wayang iku ya wadhag dudu barang alus. Wayangku wanda wong iki isih lumayan ana bentuke. Lha wong wayang suket sing ora jelas bentuke wae bisa kok. Nalika aku meguru dhisik, dhalang-dhalang menehi conto ora nggunakake wayang, ning nggunakne watu, godhong. Nyatane ya bisa kok.”
Ki Enthus ngaku yen iki sejatine iya mujudake salah siji strategi bisnise. Yen mengko ana sing kepengin nanggap nggunakake wayang rai wong iya bakal diladeni. Lan ora bisa diselaki, yen karyane Ki Enthus iki cukup nggrengsengake jagad perwayangan nasional.
“Aku pancen sengaja mbukak ‘front’ kreativitas. Karya iku kudu diwangsuli karo karya, nek mung saderma alok ning ora ana karyane apa artine….” ngono ngakune.
Ing penutupan, Ki Enthus sengaja milih lakon Ramabargawa. Alasane, Rama Bargawa iku wong sekti, nanging mujudake conto sawijining bocah kang salah asuh, dadine ora terarah. Ramabargawa iku korban saka ambisi lan obsesine bapake. Iki bahaya banget. Aja nganti bocah-bocah saiki dadi kaya mangkono iku.

Ature: Widodo Basuki
JB 36/LX, 7-13 Mei 2006

Iklan

Dununge Hujung Galuh

4 Mei, 2006

Tau ana seniman tari kang darbe sedya nggubah sendratari mawa irah-irahan Hujung Galuh. Karepe sendratari mau digelar ing kala-kala mengeti HUT Surabaya. Kang dienggo wewaton, lelakon utawa dumadine wiracarita kang nggambarake prajurite Raden Wijaya bisa ngusir pasukan tar-tar Kubilai Khan iya ing panggonan kang disebut Hujung Galuh, ngepasi tanggal 31 Mei 1293. Cathetan sejarah nuduhake kang bisa dikalahake R.Wijaya nalika semana ora mung pasukan tar-tar Kubilai Khan, ning uga prajurit Jayakatwang. Bisa uga wiracarita ing palagan Hujung Galuh mau kang dijarwakake dadi Sura (ing) baya. R. Wijaya dalah wadyabalane padha wani (sura) nempuh bebaya mburu, nggempur, lan ngusir anjog ing segara bawera.

Adhedhasar pangerti mau, aran wajar yen anak-putu padha takon: ana ngendi dununge Hujung Galuh? Si seniman tari kang arep nggubah sendratari Hujung Galuh, nalika ditakoni prekara mau iya ora bisa mangsuli. Sedulur Soenarto Timur, salah siji paraga kang dhisik melu diajak ngrembug masalah laire Surabaya lan melu diajak mithati sejarah kawuri kang ana gegayutane karo prekara mau, ndumuk: kira-kira dununge Hujung Galuh iku ana ing sakiwa-tengene Jl. Galuhan saiki. Lha, dununge Jl. Galuhan saiki ora adoh saka stasiun sarta Pasar Turi.

Manut grambyangane, dhek semana papan dununge Pasar Turi apadene Stasiun Pasar Turi isih awujud segara. Sakiwa-tengene Jl. Galuhan awujud sungapane kali gedhe, Kali Brantas. Anane jalan mau ditengeri Jl. Galuhan, wewaton aran Hujung Galuh, kang manut panduga dununge pancen ora adoh saka kono.

Pandumuk mau iya isih disanggarunggekake. Ing SK Walikota (jamane Pak Kotjo) kang mutusake sarta netepake HUT Surabaya iku tanggal 31 Mei 1293, lan wis disarujuki dening DPRD Kotamadya dhek semana, ora ana tembung kang gumathok nyebutake Hujung Galuh iku dununge ing kene, utawa ing kono.

Apa saiki ora perlu ditlusuri, dilacak, kanggo ngudhari “misteri” Hujung Galuh???

MANUT DONGENG

Manut dongenge R. Kartawibawa kang katulis ing Goenoeng Keloet: dhek biyen kali Sala iku mili ngetan terus menyang pesisir Jenggala, yaiku Sidoarjo saiki, ngepang nyang Surabaya. Pulo Madura biyen gegenting isih gandheng karo pulo Jawa. Malang iku rawa gedhe kinubeng gunung-gunung, lawas-lawas banyune mili mangidul nggogos lemah, mula iya cerung, yaiku Kali Brantas. Rawa Malang dadi asat lan ninggali tanah dhuwur kang rata.

Kali Brantas ing ngare Kediri biyen amba tur rada neng wetan, tekan dalan sepur kae. Kutha Doho dumunung sakulone Gurah saiki, uga kutha Mamenang ing elore Tepus, Kediri sakulone Brantas, mirit saka putri kedhi Kilisuci, putra ratu Jenggala.

Saka panjebluge Gunung Wilis, ana lahar mbludag tekan Pandan. Kali Sala dadi pedhot pener lore Madiun, bisa mbobol punthukan gamping mangalor mlengkung ngetan anjog ing Sidayu. Tilase kali bengawan mau jombok wiwit sawetane Ngawi tekan ing Kertosono. Saiki kari kali cilik, dadi kali Widas tempur karo Brantas aneng sawetane Lengkong.

Taun 1885, Nganjuk elor jomboke isih. Dhek isih kali Sala karo Brantas tempur dadi bengawan mangetan, duwe pelabuhan dununge saiki sakidule Mojokerto. Desa Canggu biyen ngongkang kali wiwit jaman Kahuripan tekan Mojopahit. Saiki papan mau geneng adoh saka ing kali, ora kanyana-nyana yen panggonan mau biyen desa pelabuhan. Kali Porong iku dumadine uwis jaman anyar: Mataram.

Dongenge simbah R. Kartawibawa sinigeg tekan Canggu. Saiki kang aran desa Canggu mau dumunung ora adoh karo dham Mlirip Mojokerto, cedhak pabrik Tjiwi Kimia. Ora adoh karo kali kang yen dhong mangsa ketiga pantes disebut kalen (kali cilik). Nganti saiki Canggu isih kerep disebut-sebut, luwih-luwih kang ana gegayutane karo sejarah, khususe ngrembug sejarah laire Surabaya. Jalaran, dhek jaman jumeneng nata mbaundhendha Mojopahit Prabu Hayam Wuruk nate ngetokake prasasti (dekrit) kang kacathet ing sejarah disebut Prasasti Canggu. Isi surasane, ing antarane, salah siji desa sabrangan kang oleh pangaji-aji saka Prabu Hayam Wuruk, yaiku: Surabaya.

PRASASTI CANGGU

Bokmanawa ana perlune masalah Prasasti Canggu mau diaturake klawan rada omber. Ing taun 1358 M Sri Hayamwuruk (lair taun 1334 M, sarta olehe dadi nata binathara antarane taun 1350–1389 M), ngetokake prasasti kang paling dawa, dumadi saka 11 lempengan tembaga kang mawa tulisan (copperplates). Tinengeran ing angka taun 1280 S (1358 M). Saprene kang ketemu lagi limang lembar.

Sakawit prasasti mau disebut prasasti Trowulan I. Ning dening swargi sarjana L.C. Damais, tembaga kang mawa tulisan mau disebut prasasti Canggu, awewaton arane desa kang paling pokok (penting) ing prasasti. Banjur dening Dr.Th. Pigeaud prasasti Canggu disebut “Ferry Charter”, yaiku: prasasti sabrangan (tambangan liwat kali). Maune disebut prasasti Trowulan (patang lempengan), jalaran ketemune ana ing Desa Trowulan (Mojokerto), lan liyane diketemokake ing Desa Pelem (Mojokerto).

Wondene desa-desa sabrangan kang kacathet ana ing prasasti wiwit saka Canggu mangetan anut ilining banyu bengawan, yaiku Canggu, Randu Gowok, Wahas, Nagara, Sarba, Waringin Pitu, Lagada, Pamotan, Tulangan, Panumbangan, Jruk, Trung, Kembang Sri, Tda Gsang, Bukul, Surabhaya. Kang dadi pitakonan, apa desa sabrangan aran Surabhaya kaya kang kacathet ing prasasti Canggu –nunggal karep apadene panggonan kang sami Surabaya kang laire dipengeti saben tanggal 31 Mei?

Angka taun prasasti 1358 M. Laire Surabaya –Hujung Galuh– 1293. Dadi, luwih tuwa 65 taunan.

Ature: Tarupala
JB 36/LX, 7-13 Mei 2006


Wong Jawa Ngrampungi Masalah

4 Mei, 2006

Ing kitab primbon Betaljemur Adammakna ana tulisan, “Tilaran pangandikanipun swargi Bapak Soemodidjijo ingkang kaserat piyambak saderengipun gerah, kados ing ngandhap punika:

Sarehning tindakipun manungsa sampun boten cocog kaliyan dhawuhipun Gusti Allah, ingkang kapacak wonten ing sadaya kitab, ungelipun makaten: ‘Tresnaa maring sapadha-padhaning tumitah dikaya tresnane marang awake dhewe’. Lah sumangga anggenipun sami ngraosaken. Amila saking punika, jaman ingkang badhe kalampahan, sarehning manungsa tindakipun sampun boten gadhah perikamanungsan, badhe wonten pambersihan ingkang langkung ageng tinimbang ingkang sampun.”

Bapak Soemodidjojo seda tanggal 9 September 1965. Dene tulisan kuwi mau kapacak ing Kitab Primbon Betaljemur Adammakna cap-capan kaping 45 wulan Oktober 1980.

Saben ana kedadeyan minangka gaibing alam, kita manungsa tansah takon geneya alam (kaya) nesu? Mangka nesune alam wis dianggep padha karo wujud dukane Allah. Banjur apa dosane manungsa iki? Nalika manungsa paham mungguh tingkah polahe dianggep akeh kang padha rusak, yen ana ombak gedhe gumulung nguntal kapal engga kerem, gunung mbledhos, angin barat ngrusak padesan, banjir bandhang, manungsa banjur rumangsa lan takon apa dosane. Nanging tumindake saya murang sarak. Mesjid, greja, klentheng, pura saya akeh lan saben wayah para ngulama lan da’i padha aweh pepadhang marang umate, ewadene kaya-kaya cacahe sing murang sarak ngluwihi cacah jiwane pendhudhuk.

Alas-alas dadi gundhul, jerite wong cilik ora dirungokake dening para pemimpine. Lembaga-lembaga pemerintahan sing mesthine kudu sinergi amrih aspirasine rakyat lumaku lancar padha cecongkrahan. Wusana alam nesu maneh. Lindhu gedhe lan tsunami, banjir bandhang lan tanah longsor mujudake dukane Allah luwih seru. Wong-wong akeh sing ngakoni benere dhewe. Marang liyan mung pinter nyalah-nyalahake. Kahanan kaya angel dipurih becike!

Kaya-kaya wis padha ora Jawa, endi sing pepenginan pribadi lan endi gegayuhan bangsa angel dibedakake. Wis padha ora Jawa marang skala prioritas utawa ambeg paramaarta. Apa kahanan kaya iki sing diarani wong Jawa kari separo?

Tembung Jawa iku tegese ngerti, paham, karep, utawa maksud, tujuan. Ing jaman iki kaya-kaya wong sing Jawa, lire ngerti maca tandha jaman banjur sarana kawenangane rila ngurbanake kepentingan pribadi kanggo nggayuh butuhing bebrayan, bangsa, lan negara, wis langka anane. Wong Jawa sing dikarepake yakuwi wong sing paham marang sangkan-paraning dumadi, kaya piwulang mungguh urip ing alam donya iki mung sedhela, mung saperlu mampir ngombe. Tujuan sing adoh lan langgeng merlokake sangu budi pekerti luhur.

Pengamat sosial Mohamad Sobary ngarani wektu iki ana doracara alias kebohongan werna telu. Ujare: ulama, umara, lan wong sugih iku mujudake pilar telu kang nyangga keadilan lan bebener. Sacara simbolik katelune iku mujudake penjaga lawang neraka. Pamrihe supaya ora ana wong siji-sijia sing mlebu mrana. Ulama, umara, lan wong sugih, ngayomi bebrayane.

Dalil moralistik-ideal cetha ngandhakake, yen golongan telu kuwi becik, bebrayane uga becik. Ulama minangka tuladhane akhlak mulya lan pangilon, bebasan: wong pinter dadi paran pitakon. Wong wicaksana sumbere fatwa. Nanging geneya saiki akeh ulama melu rebutan kursi lan rumaket karo implikasi jahiliah-e? Iki ngrusak morale umat.

Umara, sing nyekel kendhali uripe bebrayan lan negara, kudu ngemban watak amanah lan jujur. Ora bingung golek kalungguhane dhewe, kanthi nerak risiko doracara, zalim, lan nistha.

Wong sugih manggul tugas santun (etis) lan sosial minangka dermawan, kaya tuladha ing ndalem sastra, mungguh sing sugih bandha dadi paraning paminta. Mulane kena supatane Kang Maha Kuwasa, wong sing ndhelikake bandhane amarga wedi digugat jeksa.

Ning pilar tetelune kuwi pranyata doracara. Akeh ulama ora perduli karo kebrobokan morale umat bebrayane. Panguwasa sumpah ngemban amanat rakyat, nanging ora bisa melu ngrasakake nasibe rakyat. Wong sugih akeh sing memba wong sangsara, nganggo kaos lan sandhal utawa sepatu murahan (kanggo ngoncati proposale wong njaluk sumbangan).

Iku kabeh gambaran kahanan jaman iki. Kanggo aweh pituduh sarta piwulang marang umat manungsa mungguh kanggo ngrampungi masalah iku diperlokake “wong Jawa”, yakuwi wong sing paham, ngerti marang Jawane (karepe lan butuhe) bebrayane. Kanggo ngrampungi ruwet-rentenge bebrayan bangsa lan negara kita iki butuh ulama, umara, lan wong sugih sing Jawa, sing paham, ngerti marang amanat panandhange rakyat. Jawa marang tujuan madege bangsa lan negara iki yakuwi nggayuh bebrayan sing adil lan makmur, ora rebutan panguwasa lan rejeki kaya jaman saiki.

Ature: Anie Soemarno
JB 36/LX, 7-13 Mei 2006


Upacara Sesaji ing Karaton Surakarta (5)

4 Mei, 2006


Ing antarane maneka warna kesenian beksan kang tuwuh ngrembaka ana sajrone Karaton Surakarta, Bedhaya Ketawang kaanggep minangka pusaka sing paling diaji-aji. Katindakake dening kenya sanga, beksan iki digelar setaun sepisan mligi kagem ngrenggani tingalandalem jumenengan nata. Liyane wektu sarta adicara sing wis ditemtokake kasebut, Bedhaya Ketawang ora dikeparengake kanggo keperluan apa bae, apa maneh digelar ing sanjabane karaton. Ila-ila mengkene iki rapet gandheng-cenenge karo sejarah asal-usule beksan kasebut.

Nalika jaman kadewatan, Bathara Wisnu kacaritakake yasa beksan karan Lenggotbawa. Pambeksane para widadari kang cinipta saka sesotya cacah pitu. Tata-rakiting beksan ngubengi arah manengen –sinebut pradaksina– lenggahe Bathara Wisnu ing dhampar Balekambang.

Dening Kanjeng Ratu Kidul Kencanasari beksan Lenggotbawa kawuwuhan paragane dadi cacah sanga, kang sabanjure kaparingan jeneng pusaka Bedhaya Ketawang. Beksan iki nggambarake rasa kasmarane Kanjeng Ratu Kidul marang Kanjeng Panembahan Senapati, nata kapisanan kang adeg Mataram. Adreng panyuwune Kanjeng Ratu Kencanasari, amrih kersaa Panembahan Senapati angedhaton salawase ing Segara Kidul nglenggahi dhampar sakadhomas balekencana tilarane Pabu Ramawijaya.

Panembahan Senapati nulak kanthi alus, awit mamang yen tembene ora bakal bisa bali mulih menyang sangkan-paraning dumadi. Nanging panjenengane sarta satedhak-turune para nata ing Tanah jawa saguh anggarwa Ratu Kidul. Karana kuwi Kanjeng Ratu Kencanasari manut diajak ngedharat menyang Mataram, mesisan ngajari abdi bedhaya beksan Bedhaya Ketawang. Purna paring piwulang, Ratu Kencanasari kondur menyang Segara Kidul. Saben malem anggara kasih panjenengane bali tindak Mataram saperlu nenggani abdi bedhaya kang nembe ajar beksan kasebut.

Dedongengan ing dhuwur bisa njelasake sebab-sebabe Bedhaya Ketawang mung digebyagake mligi kagem mengeti upacara jumenengandalem nata. Kajaba kuwi, uga kena kanggo mangsuli pitakonan kena apa ajar-ajaran beksan iki katindakake saben malem anggara kasih.

Nitik rerenggan, tata busana, sarta riase cetha yen Bedhaya Ketawang kuwi kalebu beksan pikraman. Manjing rampung, loro ing antaraning pambeksa sanga adhep-adhepan. Menawa disetitekake solah-bawa, ukel, carane nyekel sondher, adeg, lan lenggat-lenggote, genah mujudake olah lambangsari. Mung, amarga digarap kanthi banget lungit, pasemon mau babarpisan ora ngawistarani.

Bab iki dadi luwih gamblang maneh manawa nyemak cakepan sindhene. Isine pralambang kasmarane Kanjeng Ratu Kencanasari sarta kepriye mungguh kuciwane rikala Panembahan Senapati tan kersa diajak ngedhaton ing Samodra Kidul:

“Hanon tangis tumengeng tawang; ndhe, kadya lintang pakartine Panembahan; ndhe, tanuhastra kadya geni urube; kentar-kentar, yen mati ngendi surupe, Kyai?”

Ana pamanggih gendhing Ketawang Ageng sing dienggo ngiringi beksan Bedhaya Ketawang tumeka seprene kuwi yasane Kanjeng Sultan Agung Hanyakrakusuma. Upama panemu iki bener banjur gendhing asli sepisanan Bedhaya Ketawang kuwi sing kepriye, ora dingerteni.

Manut gotek, nuju sawijining wengi sinengkalan Patheting Rengga Tataning Karaton (taun 1565 Jawa), Sultan Agung manengku puja ngeningake cipta. Jagat tan ana sabawane. Swasana sidhem premanem amung kapireng swarane angkuk kasilir ing samirana pindha unine kemanak gangsa lokananta. Bebarengan iku lamat-lamat keprungu swara gaib kinanthen tembang endah saengga ndadekake Kanjeng Sultan anjegreg. Sinuhun enget tetembangan mau kaya lelagon ing lelangen lenggot bawa duk jaman kadewatan.

Kacarita Kanjeng Sultan Agung banjur dhawuh marang Panembahan Purubaya, Pangeran Panjang Mas, Pangeran Panji Mudha Bagus utawa Pangeran Karanggayam II sarta Tumenggung Alap-alap, para empuning karawitan Mataram, kinen ngrakit wangsit mau dadi gendhing rinengga kemanak gangsa lokananta kagem lelangen bedhaya. Satengahe lagi mbabar reriptan kasebut karawuhan Kanjeng Sunan Kalijaga saperlu asung panjurung. Kepara Sunan Kalijaga kasdu melu cawe-cawe nganggit. Gendhing dipurwakani tembang Durma sinambung sekar Candra Wilasita, dipungkasi tembang Suraretna utawa Retnamulya. Manut panjenengane, mbesuke lelangen bedhaya iki bakal dadi pusaka sarta kapraboning nata ing Tanah Jawa.

Gendhinge Ketawang Ageng migunakake instrumen kemanak, kendhang, gong, kethuk, lan kenong laras pelog. Nalika mlebu pathetan katambahan rebab, gender, gambang, sarta suling.

Busananing pambeksa dodot banguntulak (warna dhasar biru tuwa karenggan putih ing tengah) alas-alasan gambar kunca, tapih cindhe wungu kembangan saudhete, slepe, lan buntal. Gelung bokor mengkurep karajut kembang mlathi anam kanthil ceplok garudha mungkur. Rerakite arupa centhung, garudha mungkur, jungkat jeruk saajar, cundhuk mentul, ngagem tiba ndhadha (rerangken kembang kang diklawerake tiba ana dhadha tengen), kalung penanggalan, gelang, lan kelat-bahu. Rias modhel paes penganten.

Paesan kuwi ora liya lambang kesuburan. Gambar wangun badhongan kabelah tengah ing bathuk mujudake stilisasi yoni. Dene godheg kawangun lingga. Ing jaman kuna kang dienggo paesan nggunakake godhong dhandhang gendhis. Rupane ijo royo-royo, ambune arum.

Para pambeksa Bedhaya Ketawang kudu sajrone kahanan suci. Sawatara dina sadurunge perlu sesirih. Kejaba pasa, uga ora lagi nggarapsari nalika gebyagan. Sesajine pepak ageng kaya kang sinebut ing ngarep.

Kepara jaman biyen para kakung, mligine para putra sentana padha siram jamas sadurunge marak sowan mirsani beksan pusaka Bedhaya Ketawang ing tingalandalem jumenengan nata. Nalika semana, umume para priya ngingu rikma panjang. Sawise dikramasi landha merang, rambut ditelesi nganggo banyu asem dimen lemes (fungsine sairip sampo kondhisioner saiki). Sawise kuwi dibilasi, nuli diratus kareben wangi lan cepet garing. Sasuwene mirsani beksa ora dikeparengake kumlesik. Awit Bedhaya Ketawang iku kena dikandhakake kegolong beksan samadi.

Cuthel

Ature: KP Edi Wirabumi SH MM CD
Pengageng Badan Pengelola Karaton Surakarta
JB 36/LX, 7-13 Mei 2006


Kapan Basa Jawa Rineksa? (2)

4 Mei, 2006

Mula saka iku yen pancen kita niyat ngrumat murih kahanane Basa Jawa ora sekarat, apa wae reridhune kudu kita birat. Kalebu kita kudu wani gugat marang kang lagya nyekel bawat mangreh rakyat, kanthi nyuwun bukti sesambungan karo unining konstitusi sing wose senajan basa negara iku basa Indonesia, nanging negara tetep ngajeni lan ngrumati basa daerah. Lha ning kanyatane kepriye? Apa konstitusi iku mung kandheg ing uni, ora bisa kababar ing karti? Saengga Basa Jawa kang mesthine dirumat lan diramut nanging kanyatane malah diremet?

Ewa semono senajan saiki kahanane Basa Jawa wis mungkret puret, nanging ora ateges kita mung bisa sambat mumet, satemah ora duwe greget kanggo ngudi bisane slamet. Jalaran senajan mung kari krugat-kruget nanging sauger kita gelem njlimet, meksa isih ana dalan kanggo gumremet, kang tundone ora mokal menawa malah dadi ubet. Yaiku, kejaba kanthi mbalekake maneh kalungguhane Basa Jawa kanggo basa pengantar mulang klas siji lan klas loro SD, iba prayogane yen prabeya gedhe kanggo kongres mau saperangan ditanjakake kanggo menehi subsidi sekolahan-sekolahan kanggo langganan majalah Basa Jawa. Upama saben sekolahan langganan majalah Basa Jawa loro, mung mbayar siji, jalaran sing siji oleh subsidi saka prabeya kongres sing disisihake.

Kanthi mangkono kiprah kanggo nenangi uripe Basa Jawa, mesthi bisa rowa tur tanja. Jalaran ngupayakake bocah-bocah nresnani basane dhewe, iku ora bakal kasil yen mung lumantar wulangan. Kepara wulangan kang dening bocah dianggep kurang piguna mungguhing sesrawungan lan bebrayan, ora mokal yen malah dirasa mung ngrekasakake, satemah saya diwegahi.

Nanging pancingan kang narik kawigaten, diajab kuwawa ndadekake bocah nyenuk/asyik anggone maca. Lumantar isining majalah sing apik, bocah sing sakawit ora seneng karo Basa Jawa senajan anake wong Jawa deles, bisa kagandheng nresnani basane dhewe, saora-orane bisa ngrasakake kaendahane lan tambah kawruhe lumantar basane dhewe.

KABEH KUDU CANCUT

Kanggo ngujudi murih Basa Jawa bisa lungguh ing papan kang murwat ana ing panggonane kaya apa mesthine, kita pacen kudu nyangkani kanthi kabeh wajib cancut. Lire, wong tuwane murid ya aja rumangsa kabotan yen bayaran sekolahe anake kepeksa ditambah satus rupiyah kanggo ngudhoni sekolahan anggone langganan majalah Basa Jawa. Mangkono uga gurune kang wis dilengganake majalah Basa Jawa saka prabeya kongres, uga tumemen anggone melu cawe-cawe kanggo sempulure uriping Basa Jawa, srana ora wigah-wigih nggilir siwane macakake perangan isine majalah Basa Jawa kang apik ing saben kelas. Saengga murid dadi kulina maca basa Jawa tur banjur ngudi bisane Basa Jawa.

Dene tumraping majalah Basa Jawa kudu gelem ngetogake katiyasane kanggo ngracik pasugatan kang sangsaya menarik, kalebu artikele aja kadaluwarsa, nanging uga ora sayup yen diwaca ing wektu sawise tanggal metune. Sokur-sokur bisa abobot migunani yen diwaca ing wektu kapan wae.

ADA-ADA ADI UDI LAN UDHU

Dadi pepunthone rembug: kapan basa Jawa rineksa? Sauger ana: 1) memitran kang bakuh saka wong Jawa dhewe, 2) Kawigatening pemerintah. 3) pawongan kang kawogan, lan 4) kridhaning majalah Basa Jawa kanggo bebarengan kanthi tumemen mapanake basa Jawa ing kalungguhan kang samesthine.

Apa bisa? Iya gumantung marang tumemene upayane. Mula kanggo ngujudi bab iku mau, pancen kudu linambaran sangu: Ada-ada, Adi, Udi lan Udhu. Werdine ada-ada: yaiku anane gagasan kang nyata tuwuh marga saka ubaling rasa kaprihatinan. Adi: yaiku kuwawa gawe tinarbukaning generasi mudha murih nglenggana lamun satuhune curese rasa nasionalis iku, kawiwitan saka anggone ngasorake/ngemohi basane dhewe lan ngluhurake basane liyan, nganggep yen basane liyan iku paling dibutuhake.

Mangkonoa mungguh udi: yaiku wong Jawa kang becik pancen kudu tetep tanggon anggone mikukuh marang kalungguhane basane, srana tetep migunakake Basa Jawa kanggo pacelathon marang brayate. Dene udhu, maknane, kanggo mbabarake kamulyan kita pancen kudu nglenggana menawa lambarane kudu gelem kangelan.

Wusana kabeh mau gumantung marang niyat kita. Jalaran sauger niyate temen, mesthi ana dalan. Mula nyumanggakake.

Ature: Hastarahardja
JB 36/LX, 7-13 Mei 2006