Ana Naga Mabur ing Langit

Nalika dumadi lindhu gedhe dina Setu Wage kepungkur wong-wong sing padha ngenut lan nyinaoni kultur Jawa racake slamet. Ora mung ing bab fisik nanging uga merga batine pasrah lan tentrem. Lan diweruhi tengara gaib sing jumedhul sadurunge ana lindhu.

Ngono pangandikane Ki Mardiyuwono (53 taun) Ketua Himpunan Penganut Kepercayaan Kepada Tuhan YME Bantul, DIY, nalika ditemoni ing daleme ing Gedongsari, Wijirejo, Pandak, Bantul.

Ketua HPK Bantul sing uga sesepuh Paguyuban Kebatinan Sumarah Purba iki ngendika menawa warga HPK Bantul nalika ana lindhu gedhe dina Setu Wage kepungkur akeh sing slamet. Senajan ana sing lara nanging ora nemen.

Minangka ketua Satkorlak Bantul dheweke ngaturake panuwun marang Sekjen DPP HPK Drs. KRT Basuki Prawirodipuro SH, MBA, MM, MHum saka Surabaya kang aweh bantuwan lan kawigaten marang para korban. Uga Yunita Dewi anggota HPK saka Cilacap, Andri Tanuwijaya saka Toko 84 Jogjakarta, LSM telu saka Jakarta, Semar Suryokencana, Naga Sakti Grup, Yayasan Maha Pelita Budha, lan Cerdas Bangsa.

Ing ngisor iki wawancarane JB karo Ki Mardi bab lindhu gedhe kasebut:

Kadospundi sadereng lan sasampunipun lindhu, napa wonten sasmita gaibe?

Lindhu gedhe iku tekane dina Setu Wage. Sepasar sadurunge, malem Selasa Kliwon aku kungkum ing tempuran Kali Bedog lan Kali Progo ing Nglancar. Kala kungkum jam loro tekan jam telu bengi ana bisikan gaib. Bisikan iku munine: limang dina maneh utawa sepasar maneh akeh omah sing ora dienggoni.

Bisikan mau wiwitane ora takgatekake, takanggep biasa. Ing dina Setu Wage 27 Mei 2006, wayah Subuh aku digugah dening budheku sing wis tilar donya, Budhe Mangundiharjo. Ora takgatekake. Setengah lima digugah maneh tetep ora takgatekake. Bareng setengah enem jempol sikilku diangkat dhuwur banjur diceblokake, aku terus tangi, lan metu saka omah.

Lindhune teka, wong-wong padha pating brengok, omahe padha ambruk. Padha metu ing dalan gedhe ngarep omahe. Lan ndeleng langit sisih kidul wetan, ana sing padha alok: “Ana naga, ana naga!” Aku uga meruhi dhewe tekane naga sing rupane ireng lan saka cangkeme metu asep ireng. Mabure cepet banget. Apa wae sing diliwati, ing ngisore lemah lan omahe padha bengkah lan ambruk. Mabure ora pati dhuwur, arahe ngalor kaya kilat. Naga iku sakawit metune ora kaya naga, nanging saya suwe saya katon wujude naga. Ing sandhuwure kutha Bantul ana sing weruh ing angkasa ana wewujudan ali-ali sing warnane ireng. gedhe, saantena parabola.”

“Ing pinggir Kali Bedog ana wong lagi nderes wit klapa, rumangsa kaya weruh gajah nglangi ngebaki Kali Bedog. Ngosek-ngosek lan sing diliwati rusak kabeh. Nek dilelimbang ramalan Jaya Baya kae pancen ana benere. Sing baku ing jaman Kalatidha ana telung bab sing kudu diugemi manungsa. Sepisan nyeraki awake dhewe, alam, lan Gusti Sing Akarya Jagad. Telu-telune kudu nyawiji.”

“Sapa aku satenane lan kudune piye supaya slamet,” ngono sing ditakokake ing batine dhewe. Sawise ngono nyeraki alam lan Gusti Sing Akarya Jagad. Lan maca kersane Sing Kuwasa saka tandha-tandha jaman. Bab iku saiki akeh sing ora nggatekake.

 

Sing ngabari tiyang pun tilar donya, Ki?

Sistim gaib iku pancen alat. Cara BMG ana lempengan tanah sing owah. Basis BMG pancen ngono. Nanging, cara mata batin beda maneh. Ora bisa dideleng lan mbonceng kahanan. Lan wong sing wis mati kuwi ngerti luwih dhisik. Contone kaya aku digugah budheku sing wis tilar donya. Sadurunge wong urip ngerti, wong sing wis mati iku menehi firasat gaib. Nanging kahanan iku biasane ora digape, sing dijibake mung perane BMG thok, saengga batin rasane ilang. Nalika digugah sepasar sadurunge iku sejatine wis ana dhawuh, ya mung ora ditegesake nek arep ana lindhu gedhe. Kaya pengalaman ing Parangkusumo, Parangtritis, jadah bisa malih dadi kembang.

Kanggo taun 2008 kudu diati-ati maneh, jalaran malem 1 Sura tiba 1 Pebruari, dinane Setu, Tumbuk Menda. Bebayane awujud angin ing pulo Jawa sisih wetan. Taun wingi banyu wis ngamuk ing Aceh. Bumi wis ngamuk ing DIY lan Jateng. Lan mengko angin ing taun 2008. Bumi, banyu, angin, geni rak kekuwatane manungsa. Kekuwatane manungsa ora beda kaya kekuwatan alam: bumi, banyu, angin, lan geni.

Wong racake ora sadhar menawa badane duwe kekuwatan sing bisa dimanfaatake karo alam, lan awake dhewe bisa manfaatake alam. Dadi wong bisa komunikasi karo alam lan kabeh bisa disiasati supaya slamet. Tembunge laraa ora banget-banget.

 

Naga lan gajah gaib niku wonten sing nggerakaken?

Gajah sing nglangi ing Kali Bedog lan naga ing angkasa mbarengi lindhu iku ana sing ngomandho. Malem Senen Wage, jam enem kurang seprapat diamati Gunung Merapi ngirim pega. Ing Parangtritis, Parangkusumo, katon semburan awan panas, soklat abang mlakune ngetan terus ngidul. Dene ali-ali ireng ing dhuwur kutha Bantul akeh sing weruh.

Pengalaman gaib sing ana sesambungane karo kedadeyan alam, ngerti lan orane gumantung pancadriya kaeneme wong iku dhewe. Utawa kawaskithan kita dhewe.

Eman dene wong Jawa saiki wis lali Jawane. Kudune wong Jawa bisa among tamu ing tanah Jawa nanging malah dadi tamu. Bara-bara bisa momong jagade dhewe, wong karo basane wae wis lali! Sandhangan Jawane ya wis lali. Sing dienggo duweke wong kana. Milike dhewe ora digunakake. Dadi, istilahe wong Jawa lali Jawane lan mbebayani.

Sadurunge kabeh anasir saka jaba mlebu, ajaran Jawa niku pun wonten. Wong Jawa mediatore akeh, klebu slametan. Contone bubar panen pari, wong biyen yen arep tandur maneh menehi kembang, minangka atur panuwun marang alam, amarga wis menehi asil, lan ora ana ama sarta wereng.

Sasuwene iki alam mung diidak-idak. Minangka jejere wong Jawa sakehing tumindak kudune ya kanthi cara kultur Jawa. Dadi nek wong Jawa ora nganggo kultur Jawa, ya wis resikone. Dadi, nek ana apa-apane ya tanggungen dhewe.”

Nalika ana lindhu gedhe kae wong sing nyinaoni laku kejawen untunge ora mung mandheg babagan fisik wae, ning batine uga tentrem lan pasrah. Papan sing kanggo meditasi, semedi, cerak karo alam lan karo awake akeh slamete, klebu padhepokanku Sumarah Purba. Lan kuncine slamet mung siji: teguh, timbul, rahayu, slamet, slamet, slamet.”

Ature: R. Dwi S.

JB 47/LX, 23-29 Juli 2006

10 Responses to Ana Naga Mabur ing Langit

  1. Kombor berkata:

    Aku dicritani dening sawijining dosen saka UGM menawa saka kacamata budhaya Jawa, kedadeyane lindhu gedhe kae merga Nyi Roro Kidul muntab sabab Gusti Kanjeng Ratu Hemas ora marengake Sri Sultan HB X dadi garwane Nyi Roro Kidul. Bab kuwi kabukti saka ambruke dalem ing kraton kang digawe nyimpen kreta-kreta kencana kraton Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat.

    Apa bener ana crita sing kaya ngono?

  2. anick berkata:

    Uedan…

    sepuluh tahun ning kuta Jakarta, ra iso maca cara Jawa maneh aku. Mbingungi. Ngapunten ingkang kathah menawi kawula mboten saged nguri-uri basa Jawa.

    Hehehe…

    Sukses, blog punika nyukani pepeling kampung halaman.

  3. bambang purwantoro berkata:

    Kedahipun para tetiyang ingkan pinter kala wau (ingkang sampun pikantuk sasmita saderengipun kedadosan lindu ageng) suka paring kabar dumateng para sanak kadang, ing pangajab minangka deteksi dini supados saget siaga ing ubaya.
    Matur nuwun.

  4. dyah noviyanita berkata:

    Nalika lindhu ageng wonten ing Ngayogyakarta, dhosen kula Bapak Suwardi Endraswara ugi ngendika menawi piyambakipun ugi nyumurupi menawi wonten sejenis asep ing langit sisih kidul kulon. Ananging kula kok mboten weruh nggih? Lajeng punapa saestu mbenjing tahun 2008 wonten angin ageng? Wah kok nggegirisi. Kula namung saged ndedonga supados Gusti Ingkang Maha Kuwaos tansah paring pangayoman dhumateng umatipun. AMIN.

  5. Josept Agusno berkata:

    Ah niku wau namung gugon tuhon .. iso bener iso salah. ana-nging gempa bumi meniko sampun dipun garisipun dening ingkang Moho Kuaos Allah SWT. ginane dipunngelengaken dening tiyang-tiyang wonten ing Ngayogyokarto supoyo tetep tansah iman marang ingkah Moho Pencipto. Mugi-mugi kito sedoyo dipun paringi sabar lan tawakal. amin

  6. alif berkata:

    Monggo… Kulo aturi maos : Menyibak Tabir Misteri Nusantara.
    Klik http:\\nurahmad.wordpress.com

  7. Sulistyo Adi berkata:

    Rahayu,

    Sak meniko sampun dugi ing taun 2009, nun injih setunggal taun saking 2008. Menawi dipun wigatosi, ing taun 2008 panci kathah angin puting beliung. Menawai pikantuk, kulo bade matur, ing taun 2009 meniko ancaman beboyo saking punopo ke mawaon nggih? Mugio Gusti ingkang moho kuwaos, moho welas ugi moho asih tansah paring doyo keslametan dumateng kito sedoyo, amin….

    Rahayu….

  8. anang berkata:

    Malu aku…., kalau bisa ada artinya biar orang yang sedikit mengerti bahasa jawa dan yang tak bisa bahasa jawa bisa mengambil yang baik-baik dari petuah Jayabaya

  9. TOGEL AKURAT berkata:

    Keterpurukan hidup membuat saya melakoni pesugihan di PAK MANDALA,sebelumnya saya Mendapatkan no hp aki (082348985714) dari teman yang sudah sukses kaya, saran PAK MANDALA pesugihan yang cocok untuk saya adalah Bank GHAIB, di waktu itu tanpa banyak perhitungan saya ikuti petunjuk dari aki ,saya sudah sangat bingung dengan hutang yang beratus-ratus juta. Untung saja ada PAK MANDALA yang membantu melalui syareatnya. Saya serahkan umur 1 hari saya untuk ritual ini . pada malam pelaksanaan ritual saya merasa sesuatu yang sangat asing,. Karna merasa tak kuat kemudian saya coba melelapkan diri, entah sadar atau tidak saya melihat sosok makhluk tinggi besar yang memberikan saya kain hitam yang berisi uang 50-100rbuan yang sangat banyak setelah benar-benar sadar saya memeriksa kotak hitam yang telah saya persiapkan sebelumnya atas perintah PAK MANDALA ,dan dengan sangat terkejut saya melihat kotak tersebut penuh dengan uang 50-100ribuan sampai ratusan lembAr banyaknya , tanpa ada rekayasa saya membuat kesaksian ini karna semua ini benar-benar saya alami. SUMPAH DEMI ALLAH DAN ATS NAMA KELUARGA Saya ucapkan ribuan terimkasih kepada PAK MANDALA,saat ini hutang saya telah lunas dan saya tlah memiliki toko elektronik yang lumayan besar . sekali lagi saya ucapkan terimakasih yang sangat besar kepada PAK MANDALA dan keluarga.

  10. ibu arno berkata:

    saya sangat berterimakasih banyak kepada MBAH RIJI atas bantuannya saya bisa menang togel 4D nya..saya ingin berbagi cerita kepada semuanya bahwa saya ini cuma seorang TKI dari malaysia dan saya cuma bekerja sebagai pembantu,tentunya anda tau kalau pembantu itu gajinya tidak seberapa dan saya kepengen pulang kampung tapi gaji saya tidak cukup akhirnya saya coba pinjam keteman saya,dia pun juga tidak punya uang dan saya pindah lagi keteman yang lain dia pun juga tidak punya,,akhirnya teman saya memberikan nomor telpon MBAH RIJI dan katanya ini paranormal sangat terkenal yang banyak membantu orang dalam mengatasi masalah,dengan penuh semangat saya langsun menghubungi MBAH RIJI dan ALHAMDULILLAH saya diberikan anka yang benar-benar tembus dan berkat bantuan MBAH RIJI saya sudah bisa berkumpul kembali dengan keluarga saya dikampung,,jika anda sangat membutuhkan bantuan..jangan anda ragu silahkan hubungi saja MBAH RIJI di 082 388 362 128 karna beliau meman benar-benar paranormal yang bisa dipercaya dan yang punya room terimah kasih banyak atas tumpangannya.

Tinggalkan Balasan ke Josept Agusno Batalkan balasan