Lumpur Porong, Kudu Dimangerteni Dhisik

Ora ana sing ngira, sumembure lumpur ing areal penambangan Banjar Panji I duweke PT Lapindo Brantas ing Porong, Sidoarjo, bakal kedawa-dawa kaya saiki. Lumpur kang maune –wiwit 28 Mei 2006– mung ndledek cilik ing omahe salah siji pendhudhuk, saiki nyembur arupa lumpur panas kanthi volume semburan 126.000 m3 sedina. Maneka cara wis dicoba kanggo ngendheg sumembure lumpur iku. Ajaa kok kasil, kang tuwuh malah panyana yen semburan iku ora mungkin bisa diendheg, kejaba yen wis wayahe mandheg dhewe –miturut pangira-irane Badan Pengkajian dan Penerapan Teknologi (BPPT) bisa uga 31 taun engkas.

Sawatara wektu kepungkur JB wawancara karo Ir. Eko Teguh Paripurno MSc (ET), Kepala Pusat Studi Manajemen Bencana kang uga dhosen Teknik Geologi lan Teknik Lingkungan UPN “Veteran” Jogjakarta ngenani kedadeyan kasebut:

JB: Pak ET, sakjane apa kang nyebabake dumadine bencana semburan iku?

ET: Bencana (disaster) bisa kedadeyan yen faktor ancaman (hazard), pemicu (trigger), kerentanan (vulnerability) muncul bareng, lan masyarakat sarta sistem sosial ing kono ora bisa ngelola ancaman kasebut kanthi becik. Kang perlu ditandhesake, kabeh bencana ora bisa dipisahake karo faktor-faktor kasebut, ditambah faktor siji engkas yaiku resiko (risk), kang mesthi muncul bareng nyebabake masalahe dadi kompleks.

Jroning bencana Sidoarjo kuwi, proses pengeboran eksplorasi Banjar Panji 1 mujudake pemicu orde kapisan sing nyebabake semburan saka bawah tanah (underground blow-out). Cathetan-cathetan kronologi pengeboran nuduhake wis tau ana kedadeyan kick, loss, well killing, tight-hole, lan liya-liyane kang kurang sampurna anggone ngawekani.

Ora stabile tekanan bawah permukaan kasebut mujudake pemicu orde kapindho kang nyebabake metune lumpur diapir saka kedalaman 6.000-9.000 kaki, liwat retakan-retakan ing zona patahan Porong kang ana ing sakitere. Pemicu kang nyebabake sumembure lumpur iki sabanjure ngowahi status gunung lumpur (mud volcano) ing kono, kang maune lagi arupa ancaman, saiki maujud dadi bencana temenan.

JB: Kepriye struktur lapisan bumi ing kono?

ET: Ana kedalaman samono kuwi, padha karo dhaerah sakitere ing pesisir lor Jawa, strukture dumadi saka batu gamping lan lempung.

JB: Apa kandhutane lumpur kuwi? Apa padha karo lava gunung api kae?

ET: Aktivitas semburan kaya ing Sidoarjo kuwi dikenal minangka aktivitas pembentukan gunung lumpur (mud volcano). Ning ora padha lo karo proses pembentukan gunung api (volcano). Mud volcano ngetokake lumpur menyang lumahing bumi, volcano ngetokake magma menyang permukaan.

Lumpur kasebut asale saka batuan sedimen, endapane pesisir lan danau jaman purba kang kapendhem, sabanjure kasurung metu. Kandhutane, material organik kang lembut kaya lempung lan kacampuran banyu. Beda karo lava sing mujudake batuan beku saka endapane aktivitas gunungapi.

Dinuga, lumpur panas iki asale saka sistem patahan murni. Ning bisa wae sistem patahan kasebut banjur nyambung menyang sistem gunungapi sing cedhak. Kanggo ngawruhi lumpur panas iki ana hubungane karo sistem gunung api apa ora, bisa diwawas saka panase, kandhutan minerale, lan uga papane.

Panase lumpur Sidoarjo watara 60-800 C. Iki luwih panas dibandhing sumber banyu panas ing Parangwedang, Yogyakarta sing udakara 30-400 C, ning luwih adhem dibandhing sumber banyu panas sing pancen saka aktivitas gunung api, yaiku ing Cisukarame, Gunung Halimun, Jawa Barat, sing panase 900 C.

Kandhutan H2S jroning lumpur kasebut bisa asal saka aktivitas gunung api/panas bumi, nanging bisa uga saka pemisahan karbonat. Mung yen kandhutane dhuwur, pantes dinuga asal saka aktivitas gunung api.

Dene yen ndeleng lokasine, sumur Banjarpanji iki dununge 25 km saka gunung Welirang. Ing papan-papan liya, umume sumber banyu panas dununge 15-20 km saka gunung api. 25 km kena diarani isih jroning “batas toleransi”.

JB: Pak ET, apa kedadeyan mangkene iki sadurunge wis tau ana ing negarane dhewe?

ET: Ana! Bledhug Kuwu ing Purwodadi, Grobogan, kae iya mud volcano aktif kaya ing Sidoarjo iki. Dene sing wis ora aktif maneh bisa kita lacak tilase ing Sangiran, Tuban, Mojokerto, Bangkalan, lan Gununganyar, Surabaya. Bisa katitik saka sumebare material lumpur, sing ora cocok karo batuan/material liyane kang ana sakitere kono.

Proses semburan lumpur kuwi bakal terus dumadi nganti lumpure entek. Bisa wae lumpur ing Sidoarjo iku mengkone dadi mud volcano aktif kaya Bledhug Kuwu.

JB: Nuwun sewu Pak ET, apa sebabe semburan lumpur kuwi kok durung ana tandha-tandha arep mendha, malah sajak tansaya ndadra?

ET: Sadurunge ngendhaleni sawijining ancaman, luwih dhisik kudu dimangerteni apa kang dadi ancaman satenane. Saya dimangerteni ancamane, tindakan kang ditempuh saya mikolehi. Suwalike yen sumbere ancaman kurang kinawruhan, tindakan kanggo ngawekani ancaman mau uga kurang mikolehi.

Tindakan nutup sumur lan masang snubbing unit kang ora kasil nuduhake yen kita durung bisa mahami sumber ancaman mau kanthi becik.

Ana sawetara bab kang durung dimangerteni saka semburan lumpur iki, yaiku, pira volume maksimum lumpur kang bisa diwetokake. Volume maksimum iki ana sesambungane karo gedhene “kantung lapisan geologi” sing nyimpen lumpur kasebut, hubungane karo lapisan liya, sarta ana apa orane ilen-ilen saka kantung-kantung liyane.

JB: Mengko gek bumi dhaerah Porong lan sakitere ambles?

ET: Jan-jane semburan lumpur iki mujudake proses pindhahe massa lumpur saka jero menyang lumahing bumi merga kena tekanane massa batuan sing ana dhuwure. Lha sepira jerone amblese mengko, gumantung marang sepira kandele lapisan lempunge, sarta kepriye bentuke struktur patahan ana kono.

Yen disajajarake karo sumur Porong 1 ing sisihe, amblese mengko paling jero 200 meter. Dene kecepatane ambles gumantung marang sepira gedhene blok massa batuan sing nindhihi mau, lan sepira gedhene semburan. Saya gedhe blok sing nindhihi ateges saya kuwat tekanane, saya gedhe semburane, lan saya cepet amblese. Ning sacara alamiah areal sing ambles mau bakal diisi dening massa lumpur sing muncul saka jero bumi.

(Miturut http://rovicky.wordpress.com, kecepatan amblese Desa Siring 88 cm sesasi, utawa meh 3 cm sedina. Mangka kecepatan normal udakara 10 cm setaun. Anggone ngukur nganggo alat Global Positioning System tipe Geodetic Dual Frequency sing ketepatane nganti tekan ukuran milimeter.)

Ature: Titah, http://www.geohazard.blog.com/

13 Responses to Lumpur Porong, Kudu Dimangerteni Dhisik

  1. alexius berkata:

    inggi puniko wontenopo sak janjane?
    lumpur kui mergo onok sing nyalai janji marang sing Kuoso?
    dadine lumpur kui ngak gelem mandek?

  2. ki_puspo berkata:

    mugo-mugo kabeh kuwi mau biso ndadekake pelajaran,yen ngilmune donyo kuwi ora bakal iso ngalahake ngilmune Alloh,lan ugo opo pancen kabeh mau seko rekayasaning manungso kang nduweni watak angkoro murko,yen sinawang kanti roso ketuk menowo lumpur porong iku uwis podo di skenario marang manungso kang nduweni kuwoso

  3. irham berkata:

    mbok menowo iku wis dadi kersane sing Maha Kuasa yen samengkone lumpur lapindo bakal dadi gunung lumpur ,koyo sing wis kalakon ing negoro Rusia .kari saiki manungso kang dadi titahing ALLOH SWT kudu mawasdiri lan introspeksi opo sing wis ditindakake salawase neng alam donyo iki . insya Alloh ,Alloh ora ngganjar bebendu sing luwih gedhe maneh amin.

  4. rungmangsaku berkata:

    lumpur porong iku berkah sing gedhe saka Gusti…, mung manungsane bae sing isih bodho dab!

  5. sabdalangit berkata:

    Kepareng nderek nepangaken, blog ipun Mas Ngabehi Sae sanget, mugi ndadosaken tentreming penggalih, asreping manah, lan pepadhang wewarah dumateng sagung nuso jawi lan nuswantara.

    Lumpur Porong sudah ada dalam prediksi serat Jangka Jayabaya tulisan serat tangan kaanggit KPH Cakraningrat.
    “Bilih Surabaya nagri meh gathuk kalawan Madura nagri….” termasuk sanepan Kuntul Putih, Kuntul Berkucir.
    Tulisan lengkat bisa di baca di blog kami artikel : Ratu Adil Kian Dekat.

  6. Jose Yusri Salleh berkata:

    Need help… what KUWI NYALAI means?

  7. heru siswanto berkata:

    kapan tanah jawa di kalungi wesi lan perahu layar iso mabur teko jamane.

  8. kangprapto berkata:

    gumantung marang pamerintah, menawa dana kang ditanjakake ing kono diwujudake marang tumindak penutupan utawa mung konggo mbendung metune lumpur. Gusti Allah ora sare, isih ana wong-wong jawa kang duweni kesucian kanggo dalane kuasane Allah nutup lumpur lapindo.
    Mugi2 kemawon.

  9. saniia berkata:

    niki miturut simbah kula, daerah kula sampun nate badhe dipun bur, namung sesampunnipun dumugi watu kemlasa, tung boripun dipun primpeni, bilih menawi boten purun ngrampungaken badhe dipun bikakaken tutup bokor, amargi ajrih lajeng boten dipun lajengaken, alhasil daerahku gak sido keluberan banyu

  10. mega berkata:

    yang suka basa jawa mbokyao memperhatikan ejaan tulisan masak pakai o tidak pakai a. kula bukan kulo… kaya bukan koyo.. PLISSSS.. biar para muda tidak bingung membedakan. padahal Jayabaya udah memberikan contoh yang benar.

  11. […] « Previous Post Next Post » […]

  12. 看護師 転職 berkata:

    様々な|いろいろな|たくさんのナース|看護師業界の転職情報をゲットしたいのなら、オンライン上|ネット|ウェブサイトのナース|看護師の業種|仕事|ワークをまとめた転職|仕事探し|求人探しをお手伝いする|サポートする|手厚くサポしてくれるホームページが多々|いろいろ|たくさんあります。ちなみに看護師転職に関してのゼミ|説明会|相談会も定期的に年に何度か開いているので、行ってみる|参加してみる|のぞいてみるとGOOD|いいですね|いい経験ができます。看護師 転職にかかせないほとんど全ての看護師専用転職求人支援サイト|看護師専用転職サイト|ナース転職支援サイトは、利用無料|登録無料|お金がかからずで一連の掲載コンテンツが利用できる|を見ることができる|を覗くことができるもの。ゆえに|なので|ですので転職活動|仕事探し|求人探しだけに使うのではなく、さらにナース|看護師として病院|クリニック|医療施設で働いている間も、普段から|暇があれば|時間があれば閲覧する|見る|読んでみることでいろんな気付き|発見|学びも生まれるでしょう。

  13. dgn2200 fastweb scholarships scam berkata:

    It’s really a cool and helpful piece of information. I
    am glad that you simply shared this helpful info with us.
    Please stay us up to date like this. Thanks for sharing.

Tinggalkan komentar