Waler Sangker (3)

Mula banjur kandha, “He Pisaci upama aku bisa weruh bojomu aku ya saguh nggoleki lan nekakake mrene”.

Pisaci matur yen dheweke duwe lenga pranawa kang khasiate yen ditetesake ing mripat bisa weruh ing gaib lan yen ditetesake ing kuping bisa ngrungokake omongane bangsa lelembut.” Lha ning kepriye olehku bisa meruhi yen Pisaca iku bojomu, awit kumpul bangsa Pisaca semono akehe?”

Pisaci mangsuli, “Bab kuwi gampang angger panjenengan bisa singsot mesthi mara nggoleki banjur beksa ngleter lan pamrihe amrih gelem mulang singsot lan lelagon marang dheweke.”

“Nek pancen mangkono aku iya saguh nggoleki bojomu.”

Pisaci ngulungake lenga pranawa marang Arya Saddhaskara banjur katetesake ing mripat sarta kuping. Sanalika alas gung liwang-liwung ilang saka pandulune, ganti desa kang asri pepak saisen-isene kang katon.

“Heh Pisaci, bojomu dhisik olehe lunga lewat endi?”

“Liwat sisih kidul kuwi terus bablas nganti ora katon ing pandulu.”

“Yen mangkono aku dak budhal nggoleki bojomu, karia slamet lan aja susah atimu.”

Lakune Arya Saddhaskara sadalan-dalan meruhi alam padesan kang pepak saisen-isene. Bareng wis adoh olehe lumaku, weruh akeh wong kumpul-kumpul kaya kapantha-pantha dadi barisan. Ing batin Arya Saddhaskara duwe panduga iku mesthi barisane para Pisaca, mula dheweke banjur singsot lelakon Bramara. Sanalika ana Pisaca teka karo jejogedan lan ngomong, “Lah enak temen lelagon iki bisa gawe sumrah rasaning ati. Bok aku wurukane lelagon iki.”

Arya Saddhaskara sumaur, “Mengko ta kisanak, kowe kuwi bangsa apa lan sapa jenengmu?”

Pisaca kaget banget dene ana wong bisa ngerti omongane, kamangka sasuwene iki durung tau weruh bangsa manungsa ngerti omongane.

Wangsulane Picasa kanthi aris, “Aku Pisaca, bangsane brekasakan lanang lan jenengku Wulinga.”

“Apa kowe duwe bojo Pisaci?” mangkono pitakone Arya Saddhaskara.

“Iya, kabeh Pisaca bojone ya Pisaci lan bojoku jenenge Darti kang saiki lagi ngidam.”

“Satemene bojomu meling marang aku supaya kowe mulih sedhela wae, awit kangen banget marang kowe.”

Pisaca mangsuli, “Lah kepiye olehku bisa mulih, abot-abote dadi reh-rehan ora bisa nyingkiri parentah. Awit bangsa Pisaca iku kabeh kabawah parentah tedhake Sanghyang Kala kang aran Ditya Singosari. Ing wektu iki Ditya Singosari lagi ngimpun kekuatan arep ngrabasa praja Gilingwesi. Wulinga kandha satemene bangsa Pisaca kabeh ora seneng marang Ditya Singosari, nanging ora ana sing wani nulak parentahe, awit padha wedi yen kena ukum. Yen panjenengan wani mateni Ditya Singosari aku duwe pengapesane yaiku arupa Sela Timpuruy, nanging kabeh bangsa Pisaca ora bisa migunakake. Awit kudu katulis Rajahkala muksa dimantrani Aji Danurdhara. Mula yen panjenengan saguh ayo daktepungake panggedhene para pisaca kang aran Rajabahli, nanging yen panjenengan gelem paring piwulang singsot mawa lelagon kaya sing dakrungu mau. Bab kuwi gampang ayo rungokna sing setiti aku daksingsot kanthi lelagon.

Karo njoged ngleter wulinga nirokake singsot lelagon Bramara kang dilagokake Arya Saddhaskara sinambi mlaku nggoleki Rajabahli. Bareng wis ketemu lan ditepungake, kabeh padha sarembug arep merjaya Ditya Singosari. Arya Saddhaskara nyipta Sela Timpuruy dadi senjata kang ampuhe kagila-gila, banjur nggoleki dununge Ditya Singosari. Ketemu ana ngarep wiwarane guwa banjur perang bandawalapati nganti Ditya Singosari kelakon kaprajaya dening Arya Saddhaskara.

Surake Pisaca ambata rubuh saka gembiraning ati. Rajabahli parentah marang para Pisaca olehe arep ngrabasa praja Gilingwesi diwurungake lan kabeh dikeparengake bali marang panggonane dhewe-dhewe. Wulinga banjur ngaturake panuwun marang Arya Saddhaskara lan nyuwun pamit marang Rajabahli. Sawise para Pisaca padha bubaran, Rajabahli kandha marang Arya Saddhaskara yen Ditya Singosari duwe bojo kang banget sulistya ing warni disingitake ana sanjerone guwa.

Arya Saddhaskara wis ngira yen putri iku Dewi Satapi, mula enggal-enggal mlebu ing sajrone guwa. Pranyata bener kandhane Rajabahli, ing jero guwa katon putri kang digoleki, ijen tanpa rowang katon suntrut banget polatane. Banjur sang putri dikandhani dening Arya Saddhaskara mula bukane nganti tumeka ing guwa mau. Sang putri bisa nampa kabeh katrangan mau lan nalika diajak kondur menyang praja Gilingwesi ora suwala malah ndadekake gembiraning atine.

Rajabahli atur pamrayoga amrih gancaring laku Dewi Satapi becike kalebokake ing Sela Timpuruy kanthi kacipta dadi tilamsari minangka papane sang dewi. Arya Saddhaskara banjur nyipta tilamsari ing sanjerone Sela Timpuruy lan Dewi Satapi kapernahake ing tilamsari mau. Kanggo nggancare laku Rajabahli ngaturi pamrayoga maneh supaya liwat gegana anut lakuke angin dene sarane wis kaaturake dening Rajabahli. Mila sakedhep netra wis tekan ing praja Gilingwesi banjur sowan Sang Prabu Bramasatapa kang lagi nandhang kingkin kaadhep Ki Patih Pujangkara lan keng garwa ngantu-ngantu tekane kang lagi ngleboni sayembara.

Nguningani tekane si Arya Saddhaskara tanpa rowang gita-gita oleh mapagake lan ndangu kepiye asile olehe nggoleki Dewi Satapi. Arya Saddhaskara ngaturake sakabehe lelakon marang Sang Prabu Bramasatapa lan ngaturake Sela Timpuruy kang isi Dewi Satapi. Sang Prabu sawise nampani Sela Timpuruy duwe panduga yen kang nyingidake Dewi Satapi iku si Arya Saddhaskara dhewe.

Rajabahli tanggap ing semu banjur njawil Arya Saddhaskara supaya ngaturake lenga pranawa supaya katetesake ing netra lan ing karnane Sang Prabu. Sanalika Sang Prabu Bramasetapa pirsa yen si Arya Saddhaskara ora ijen, nanging ana rewange kang lungguh ana burine. Banjur ndangu marang Arya Saddhaskara.

“Sapa kang lungguh ana mburimu kuwi?” Arya Saddhaskara matur yen iku Rajabahli kang maringi Sela Timpuruy, banjur ngaturake lelakone karo Rajabahli nganti tumekane sowan ing ngarsane Sang Prabu.

Saka rasa syukure Sang Prabu Bramasatapa dalah keng garwa marang Kang Akarya Jagad, sapandurat ora bisa ngendikan. Netrane kaca-kaca kembang waspa, banjur Dewi Satapi rinangkul sesarengan kelawan keng garwa.

Bareng Sang Prabu Bramasatapa dalah keng garwa wis sareh banjur ndangu Dewi Satapi mula bukane bisa ketemu Arya Saddhaskara. Sang Dewi matur wiwit ketemune Arya Saddhaskara nganti tumekane praja Gilingwesi disowanake keng rama lan ibu. Kabeh mau cocok karo atutre Arya Saddhaskara lan Rajabahli. Sang Prabu Bramasatapa ngendika marang Ki Patih Pujangkara yen wis dadi kersane Kang Maha Agung si Arya Saddhaskara dadi jatukramane Dewi Satapi. Ki Patih Pujangkara matur kasinggihan.

Minangka atur panuwune Sang Prabu marang Rajabahli, dheweke dipasrahi ngreksa putra wayahe praja Gilingwesi saisine. Rajabahli matur sendika nanging nyuwun manggon ana ing Sanggar Palanggatan lan saben Anggara Kasih nyuwun sesaji sekar konyoh lan dikutuki dupa. Sang Prabu Bramasatapa ora kabotan, nanging bareng mirsani sanggar palanggatan katon ana bale kencana lan ana kang murub mangalad-alad. Sang Prabu bisa pirsa bale kencana lan geni kang mangalad-alad ing sanggar palanggatan saka dayane lenga pranawa mau. Banjur ndangu Rajabahli.

“Kae apa Rajabahli ?”

“Menika kumaranipun Ditya Singosari arupi jalegi badhe ngrabasa dhumateng panjenengan, Sinuwun.”

Sang Prabu Bramasatapa gugup, banjur paring dhawuh marang Rajabahli supaya nyirnakake jalegi mau. Rajabahli nyembah banjur marani dununge sanggar palanggatan lan adu tiyasa karo jalegi, wusanane bisa nyirnakake jalegi mau. Sasirnane jalegi Prabu Bramasatapa paring dhawuh marang Rajabahli, “Heh Rajabahli, sira lestaria manggon ing sanggar palanggatan kene lan reksanen iki kagungan ingsun sesotya Matuwahni, sela Timpuruy lan lenga pranawa, sarta sakabehe pusakaning keraton ing Gilingwesi kene ingsun bubuhake marang sira.

Rajabahli matur sendika angayahi jejibahan kang kasangkulake ing pundhake kanthi rasa mongkog ing ati , awit pinarcaya dening Sang Nata lan bisa napak tilas jejibahane leluhure. Awit kang rumeksa bale kencana mau nalika jaman Prabu Watugunung eyange kang aran Rajasentruy banjur kawarisake marang bapake kang aran Rajawikila. Ya wiwit iku kang tiniru dening para punggawa nganti tumeka bebrayan agung padha sesaji kembang boreh lan kekutug dupa utawa kemenyan saben malem Selasa Kliwon ing sanggar pelanggatan lan panggonan nyimpen wesi aji.

Kajaba saka iku, uga wiwit kedadean ing dhuwur, para pinisepuh paring penget marang putra wayahe, amrih ora singsot ing wayah bengi, supaya ora diparani dening lelembut bangsane brekasaan mau.

 

Ature: Eyange Dion

JB 50/LX, 13-19 Agustus 2006

Satu Balasan ke Waler Sangker (3)

  1. ido mengatakan:

    yo wiss … halah …

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

%d blogger menyukai ini: