Waler Sangker (2)

KALA DITE

Kala Dite yaiku dina Dite kang lumrahe diarani dina Ahad miturut penanggalan Jawa lan yen miturut penanggalan Masehi diarani dina Minggu. Kala Dite kalebu dina kang perlu disingkiri, awit nalika iku lagi jaya-jayane Kala Sengkala lan Kala Singha. Tembung Singha iku sabenere jejuluke Bathara Kala. Nalika Kala Dite wong ing dalem kahanan mutawatiri, luwih-luwih wong kang lair wektu julung, awit nalika iku Bathara Kala lagi nggoleki manungsa kang dadi mangsane. Dene wong kang lair julung arane beda-beda kaya ing ngisor iki.

Julung kembang yaiku bocah kang lair bareng karo mletheke srengenge. Julung Sungsang yaiku bocah kang lair nalika jam 12.00 awan (tengange). Julung Sarap yaiku bocah kang lair nalika srengenge arep mingslep. Julung Caplok yaiku bocah kang lair nalika bareng karo srengenge mingslep.

Bocah utawa wong kang lair tiba julung mau dadi jatahe Kala Singha, yaiku Bathara Kala. Mula becike aja nindakake pakaryan ing panggonan kang bebayani. Kaya nebang kayu ing alas lsp. Amarga Kala Dite kalebu waler sangker, mula yen duwe perlu kang wigati, kayata mantu, gawe omah, boyongan lsp, becike disingkiri.

Kajaba bocah utawa wong kang lair tiba julung dadi jatahe Bathara Kala, isih ana maneh bocah utawa kang dadi jatahe Bathara Kala, yaiku wong sukerta.

 

Dina Kala Dite mau kaya ing ngisor iki:

Wuku Warigagung tiba dina Ahad Legi. Wuku Kuruwelut tiba dina Ahad Wage. Wuku Wugu tiba dina Ahad Pahing.

 

KALA MENDEM

Kala Mendem yaiku wektu kang dipanggoni Jabung Kala Jaya Bumi suwene 7 dina diwiwiti saka dina Ahad Pon nganti tumekane dina Sabtu Wage nalika Wuku Kurantil, Wuku Mandasiya, lan Wuku Prangbakat kang dununge ana ngisor. Nalika Jabung Kala Jaya Bumi ana ngisor, aja miwiti pegaweyan kang tumuju marang dununge wuku, yaiku mengisor. Awit diarani marani dununge wuku.

Dununge wuku dijaga dening Jabung Kala Jaya Bumi awan bengi. Jabung Kala Jaya Bumi miturut riwayat kedadeyane wuku arupa raseksa kang nggegirisi. Dene pegawean kang tumuju marang dununge wuku ana ngisor, contone pemancangan pondhasi kanggo gedung, dalan tol, ngedhuk sumur, pasang pondhasi gawe omah, miwiti bukak tambang minyak lsp. Dene kanggo keperluan liyane bisa diwiwiti, kayata duwe hajat mantu, sunatan, boyongan, ngunggahake kuda-kuda lsp.

 

ANGGARA KASIH

Dina Selasa Kliwon kang uga diarani dina Anggara Kasih, tumraping bebrayan Jawa kang isih nglestarekake kabudayan para leluhure dianggep dina kang wigati, awit diyakini nduweni daya kaluwihan tinimbang dina-dina liyane, kayata:

I. Dina kawitane masa wuku lan sadapur masa wuku

Dina Selasa Kliwon ing pawukon kalebu dina ala, awit dadi kawitane masa wuku lan sadapur masa wuku. Sadurunge ngerteni apa sebabe dina Selasa Kliwon iku kalebu dina kang ala, luwih dhisik kang kudu kita ngerteni yaiku apa masa wuku lan sadapur masa wuku iku.

Masa wuku yaiku wektu kang suwene 35 dina, diwiwiti dina Selasa Kliwon Wuku Mandasiya lan dipungkasi ing dina Senen Wage. Masa wuku cacahe ana 12, yaiku wiwit masa Kasa tumekane masa Sadda.

Sadapur masa wuku iku umure 12 masa wuku yaiku wiwit masa Kasa nganti masa Sadda. Dadi umure sadapur masa wuku ana 12 x 35 dina = 420 dina. Yen dideleng umure taun Jawa dalem setahun 354 dina ing taun wastu lan 355 dina ing taun wuntu. Dina kang dadi wiwitane taun kalebu dina ala kang diarani naas taun. Mula ora karan aneh yen dina kang dadi kawitane masa wuku kang uga dadi kawitane sadapur masa wuku lan umure luwih akeh tinimbang umure taun Jawa uga kalebu dina ala. Ananging dina kang dadi kawitane masa wuku mau ora diarani naase wuku, nanging diarani Anggara Kasih , awit kabeh dina mau tiba ing dina Anggara Kasih. Beda karo naas taun, saben ganti taun dina kang dadi wiwitane taun yaiku tanggal 1 Sura tansah beda karo taun candhake lan taun sadurunge.

Dina Selasa Kliwon utawa Anggara Kasih kang dadi kawitane masa wuku lan sadapur masa wuku, yaiku dina Anggara Kasih ing:        

Wuku Mandasiya kang tiba masa wuku Kasa lan Kapitu. Wuku Tambir kang tiba masa wuku Karo lan Kawolu. Wuku Prangbakat kang tiba masa wuku Katelu lan Kasanga. Wuku Dhukut kang tiba masa wuku Kapat lan Kasapuluh. Wuku Kurantil kang tiba masa wuku Kalima lan Desta (11). Wuku Julungwangi kang tiba masa wuku Kanem lan Sadda (12).

 

II. Wulan Sunya

Wulan kang ora ana dinane Selasa Kliwon diarani Wulan Sunya tegese wulan suwung. Wulan mau kalebu wulan kang disiriki senajan wulan kasebut maune duweni watak kang becik kanggo samubarang keperluan, nanging amarga ora kanggonan dina Selasa Kliwon wulan kang maune watake becik dadi ala.

Conto: wulan Sapar lan Ruwah ing taun Je. Amrih gamblange wulan kang kalebu wulan Sunya ing saben taun kaya ing ngisor iki.

Taun Alip: Wulan Jumadilakir lan Besar. Taun Ehe: Wulan Jumadilakir. Taun Jimawal: Wulan Sura lan Rejeb. Taun Je: Wulan Sapar lan Ruwah. Taun Dal: Wulan Sapar lan Pasa. Taun BE: Wulan Mulud lan Sawal. Taun Wawu: Wulan Bakdomulud lan Sawal. Taun Jimakir: Wulan Jumadilawal lan Sela

 

III. Ing panggonan tertamtu dina Selasa Kliwon uga dianggep dina kang becik kanggo tirakat ing papan-papan pasujarahan. Kajaba dina Selasa Kliwon uga dina malem Jumuah Kliwon, kayata ing wewengkon Jawa Tengah sapengulon. Nanging yen ing Jawa Timur umume dina malem Jumuah Legi .

 

IV. Dina kanggo sesaji pusaka

Mula bukane wong Jawa sesaji pusaka ing dina Selasa Kliwon iku caritane kaya ing ngisor iki.

Prabu Bramasatapa ing praja Gilingwesi putrine kang aran Dewi Satapi musna tanpa karana. Sang Prabu dalah keng garwa Dewi Ryataddhi banget sungkawaning galih. Ing kahanan lagi nandhang musibah kaya mangkono karawuhan utusan Prabu Mahawan saka praja Purwacarita saperlu nglamar putrine kang aran Dewi Srini, bakal kadhaupake karo putrane Prabu Mahawan kang aran Raden Wahnaya. Prabu Bramasatapa uga ora kabotan, waton Dewi Satapi wis ketemu. Utusan saka praja Purwacarita banjur nyuwun pamit. Sapungkure utusan mau Sang Prabu nimbali Patih Pujangkara kautus sowan Dewi Rukmawati ing Wukir Mahendra saperlu nyuwun pitedah ana endi dununge Dewi Satapi.

Satekane ing Wukir Mahendra Patih Pujangkara matur yen diutus Prabu Bramasatapa nyuwun pirsa bab musnane Dewi Satapi. Dewi Rukmawati paring dhawuh yen kang bisa nemokake Dewi Satapi ora liya putrane Ki Patih dhewe kang aran Arya Saddhaskara. Amrih Ki Patih ora kadakwa nyingidake Dewi Satapi, mula Dewi Rukmawati paring eguh pratikel marang Ki Patih sowan Sang Prabu Mahawan supaya nyaguhi nggoleki Dewi Satapi. Nanging yen wis bisa nemokake apa pituwase.

Prabu Mahawan uga nayogyani malah paring pituduh yen sowan Sang Prabu Bramasatapa putrane si Arya Saddhaskara diajak pisan. Satekane ing Praja Gilingwesi Ki Patih ngaturake kabeh dhawuhe Dewi Rukmawati dalah Prabu Mahawan ing Purwacarita. Sang Prabu Bramasatapa paring dhawuh supaya Ki Patih biwarakake sapa sing bisa nemokake Dewi Satapi kadadekake jodhone yen lanang lan yen wadon kadadekake sadulure sinarawedi.

Dene Ki Patih si Arya Saddhaskara tinari apa gelem melu ngleboni sayembara, dheweke matur sendika dhawuh lan dening Sang Prabu Bramasatapa uga dikeparengake. Arya Saddhaskara madal pasilan kanthi nyuwun berkah pangestune Sang Prabu lan keng rama. Lakune Arya Saddhaskara nlasak wana munggah gunung mudhun jurang kanthi cegah dhahar lan sare sarta tansah nyenyuwun pitedah marang Kang Maha Agung amrih bisa kasembadan kang dadi sedyane. Ing satengahing alas gung liwang-liwung Arya Saddhaskara krungu tangise pawestri, banjur digoleki ing endi prenahe swara mau. Weruh ana pawestri kang lagi nandhang susah, kawistara saka olehe nangis kelara-lara, banjur ditakoni dening Arya Saddhaskara, kowe kuwi sapa lan apa sebabe dene kowe kok nangis kelara-lara kaya mangkono?

Pawestri mau mangsuli kandha yen dheweke iku Pisaci, bangsane brekasakan wedok lan olehe nangis iku amarga ditinggal bojone melu nglurug perang nganti tekan seprene ora ana kabare. Dheweke kangen banget lan kepingin ketemu senajan mung sedhela awit lagi ngidam. Mula aku nyuwun tulung panjenengan yen bisa nekakake bojoku senajan amung sedela wae. Arya Saddhaskara mesakakake banget deleng kahanane Pisaci mau, nanging arep kepriye olehe nggoleki, awit ora weruh rupane sing lanang kaya apa.

 

Ature: Eyange Dion

JB 49/LX, 6-12 Agustus 2006

Satu Balasan ke Waler Sangker (2)

  1. hanif mengatakan:

    bengong ngapalno dulur trelalu ruwet aq sampek gak ngerti lek iso ojo dowo aq cek penak olehe ngringkes kacarito kuwi ok dulur

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

%d blogger menyukai ini: