Terapi Ion Ora Bisa Ngetokake Racun!

Apa panjenengan wis tau melu terapi ion? Tumindake terapi iki kanthi ngekum sikile pasien ing jero bak isi banyu, kang banjur diwenehi arus listrik. Jare, gunane kanggo ngetokake racun saka jero awak liwat sikil (detoksifikasi). Sawise udakara setengah jam, banyu ing bak kang maune bening malih buthek, munthuk, utawa malih wernane, jare merga racun sing metu saka jero awak.

“Detoksifikasi ion iki gunane kanggo ngetokake toksin utawa racun sing numpuk ing jero awak, kanthi proses ionisasi. Yen sel-sel awak bebas saka racun, penyerapan zat-zat nutrisi lumaku becik, lan awak dadi sehat,” mangkono kandhane Hizkia U. Eddy, sawijining distributor alat terapi ion ing Kelapa Gading Trade Centre, Jakarta.

Sing narik kawigaten iya malihe rupa banyu sing dienggo proses detoksifikasi mau. Sing maune bening malih soklat, abang, ijo, buthek, utawa munthuk –gumantung marang “penyakit sing disandhang wong sing diterapi”. Umpamane, yen banyune malih rupa dadi kuning semu ijo, jare sing metu iku racun saka ginjel, kanthong, sarta saluran pipis. Yen banyune malih oranye jare sing metu racun saka persendian. Yen soklat utawa ireng jare racun saka liver, mbako (tumrap wong ngrokok), lan sisa sel. Yen banyune malih rupa dadi ijo tuwa, jare racun saka empedu. Yen munthuk putih, jare sing metu racun saka kelenjar limpa. Dene yen mringkil-mringkil putih kaya keju, sing metu gajih. Yen malih abang, jare saka getih njendhel sing metu. Lan sapiturute.

Terapi iki diiklanake bisa ngobati penyakit ginjel, liver, asam urat, rematik, pegel-linu, awak abuh, ora bisa turu, kolesterol, kembung-kembung, migrain, ngundhakake konsentrasi lan daya pangeling-eling, sistem kekebalan, ngalusake kulit, nglangsingake awak, nglancarake iline getih, ndandani jaringan sing rusak, lsp. Keladuke, sok ana sing kandha bisa marasake kanker barang. Kabeh mau yen wis nglakoni proses terapi kaping enem.

Terapi mangkene iki wiwit ana ing Indonesia Agustus 2005. Sadurunge iku wis ngetrend dhisik ing luar negri kanthi aran foot spa. Maune mung ana ing plaza-plaza kutha gedhe kanthi wragad atusan ewu rupiah saben sa-terapi. Larise ora karuan. Mula akeh kang bukak cabang ing endi-endi, banjur akeh kang dodol alate, wusana saiki terapi ion anjrah ing pomahan, ing gang-gang nylempit jero kampung kanthi ongkos mung Rp 5-10 ewu saben terapi.

Wong-wong sing “sadar kesehatan”, sing ngrumangsani urip ing jaman saiki sarwa-sarwi kebak racun kebak polusi, pating grudug melu terapi. Akeh sing kandha sawise diterapi awake krasa penak tenan. Ning apa bener terapi iki ana manfaate?

 

ALAT KANGGO NYEPUH

Kanggo mbuktekake bener-orane terapi ion bisa ngetokake racun saka jero awak kaya sing dipromosekake, tanggal 19 Juni 2006 kepungkur Prof. Dr. Ir. Hj. Suhariningsih, guru besar Fakultas MIPA Universitas Airlangga Surabaya, sineksenan staf Dinas Kesehatan Kota Surabaya lan Dinas Kesehatan Prov. Jatim nganakake ujicoba lan panaliti.

Miturut ngendikane, sistem kerjane alat terapi iki mung adhedhasar reaksi elektrolisis sing wis kerep kanggo praktek murid SMP lan SMA. Yaiku, reaksi kimia sarana nyetrumake aliran listrik menyang cairan. Ora beda karo alat sing digunakake kanggo nyepuh perhiasan. Alat kasebut ora ana manfaate apa-apa kanggo ngundhakake kesehatan. Malihe rupa banyu iku ora disebabake dening racun sing metu saka awak, ning saka logam sing digunakake kanggo elektroda/elemen. Yen elektrodane saka wesi, upamane, banyune malih dadi abang semu soklat, merga kandhutan wesi ana elektroda mau luntur. Yen logam sing dienggo stainless steel, rupane malih ijo semu ireng. Yen sing dienggo logam liya, malihane iya seje maneh.

Banyu sing dienggo “terapi” iku banyu tawa biasa. Lumrahe diwenehi uyah. Saya akeh uyahe, saya cepet banyune malih rupa. Dene metune unthuk (gelembung gas), ngendikane dhosen Fisika iki disebabake ketemune ion H+ (saka pecahane banyu) karo elektroda negatif (diarani katoda; sijine maneh elektroda positif –diarani anoda) merga anane aliran listrik mau.

Kanggo mbuktekake yen malihe kahanane banyu kuwi dudu disebabake racun sing metu saka awak, saben-saben panjenengane nindakake ujicoba werna loro. Alat terapi sing dilakokake kosongan (alat lan banyu thok, tanpa dicelupi sikile wong), sarta alat terapi sing dicelupi sikil wong. Tetela yen logam sing dienggo elektroda padha, malihane banyu iya padha persis.

Sacara laboratoris dititipriksa, ing banyu sing bubar dienggo nerapi sikile wong tetela ora tinemu anane racun apa-apa, kejaba kandhutan logam sing dhuwur saka kikis/lunture elektroda sing dienggo. Padha karo alat sing dilakokake kosongan.

Panjenengane njelasake yen sacara normal saben dina awak mbuwang racun liwat kringet, banyu pipis (uga muntah lan ngengek –Red). Ing sikil pancen bener akeh kelenjar kringet, lan kandhutane kringet uga gumantung marang apa sing dipangan/diombe.

“Nalika aku nindakake ujicoba akeh pasien sing sikile kringeten lan ora wisuh dhisik, ewa semono ora nganti ngowahi kandhutane banyu sing dienggo terapi,” ngendikane.

Prof. Suhariningsih uga dhawuh, yen sikil karo-karone dikum dadi siji –kaya sing digunakake “tukang terapi”– ora bener yen dikandhakake aliran listrik mau bisa nyetrum/ngliwati awake pasien –sing jare marakake racun-racun padha mudhun lan metu liwat sikil. Lha yen sikile dikum dhewe-dhewe, sing siji ana bak isi elektroda negatif lan sijine dikum ana bak isi elektroda positif, iku bener aliran listrike bisa ngliwati awak.

“Najan mangkono ya tetep wae ora ana racun sing metu ki, malah banyune panggah bening kincling,” dhawuhe marang JB kanthi tandhes.

Lha kok ana sing kandha jare awake krasa luwih entheng sabubare melu terapi ion? Miturut panemune iku tuwuh saka sugestine dhewe, merga percaya, luwih-luwih sawise weruh banyune bisa salin wujud, sateruse kapercayan mau mlebu menyang pikiran bawah sadar (sistem limbik) lan mangaribawani marang hormon-hormon ing awak.

 

GAS BERACUN

Sing cetha, miturut situs internet www.talkabouthealthnetwork.com, terapi iki ngandhut resiko jalaran reaksi kimia saka alat kasebut nuwuhake gas klorin (saka reaksine uyah) sing beracun lan gas hidrogen sing gampang kobong. Yen arep nindakake terapi prayogane ana panggonan sing tinarbuka supaya gas sing mbebayani mau langsung nguap adoh, ora nganti numpuk akeh.

Dene yen pengin luwih aman maneh, luwih becik ngetokake racun awak nganggo cara liya. Ngunjuk banyu putih saakeh-akehe.

 

Ature: Titah Rahayu

JB 45/LX, minggu II Juli 2006

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

%d blogger menyukai ini: