Mangsa Tanem

Sanajan manungsa dereng saged ngowahi mangsa kajawi ing salebetipun wates ingkang katamtokaken (upami adamel jawah damelan), nanging sampun saged nata tata tanem ingkang cocog kaliyan mangsa ingkang wonten. Pancen radi ewet manawi badhe ngawontenaken garis ingkang tegas ing babagan ulah tetanen. Pramila wonten saenipun manawi kita nambah seserepan bab mangsa lan kawontenan siti. Kangge nyekapi katerangan ing nginggil, kula cobi ngaturaken taneman punapa ta ingkang cocog kaliyan mangsa ingkang sampun nate kaserat, nanging namung winates ing babagan pantun, kacang-kacangan, pala kependhem, sarta sayur-sayuran.

Pantun: umuripun winates 130 dinten, saged tuwuh sae wonten ing kawontenan kathah toya lan mbetahaken suhu 20 derajat, sarta kawontenan jawah 1.500-2.000 mm/th, dados mangsa ingkang sae kangge miwiti nanem pantun ing mangsa kalima.

Jagung lan timun: thukul sae wonten tlatah ingkang panas. Kawontenan jawah cekap 450-600 mm/th, suhu ingkang paling cocog antawis 21-30 derajat, pramila punika jagung lan timun sae katanem ing mangsa kasa.

Sorghum: mujudaken taneman ingkang luwes, wosipun saged gesang sae ing wekdal kathah jawah lan ugi ing wekdal panas sarta aking, suhu ingkang sae 30 derajat, dados wekdal ingkang cocog kangge nanem Sorghum inggih punika mangsa: kasa, kapitu, lan kasada.

Kedhele: gesang sae ing wekdal ingkang panas. Kangge jagi supados wekdal panen tetep ing wanci panas (supados wiji kedhele tetep sae) mangsa ingkang sae kangge nanem kedhele inggih punika mangsa: kasada.

Kacang ijo: sampun sepuh ing umur 2,5 wulan, gesang sae ing wekdal panas nanging boten keganggu wontenipun jawah sekedhik, pramila punika kacang ijo sae katanem ing mangsa kasepuluh.

Kacang tunggak: gesang sae ing wekdal ingkang panas sanget, dados kacang tunggak prayogi katanem ing mangsa kasada.

Wijen: mbetahaken hawa panas, suhu ingkang paling sae 27 derajat, kabetahan toya cekap ingkang wonten ing salebetipun siti. Pramila wijen sae katanem ing mangsa karo lan kasada.

Gudhe: taneman ingkang tahan panas lan aking, babar pindhah boten betahaken toya, pramila gudhe sae katanem ing mangsa karo lan kasada.

Tela rambat: taneman ingkang boten tahan aking lan toya sae katanem wonten ing guludan, suhu ingkang cocog antawis 27 derajat. Dados tela rambat sae katanem ing mangsa katelu.

Tela kaspe lan kapas: kalebet taneman ingkang luwes, wosipun saged gesang ing wekdal jawah lan panas. Dados wekdal ingkang sae kangge nanem tela kaspe lan kapas inggih punika ing mangsa kasa ngantos kasada.

Tomat lan kacang brol: taneman ingkang tahan panas meh sami kaliyan jagung, pramila wekdal ingkang sae kangge nanem tomat sarta kacang brol inggih punika ing wekdal mangsa kasa lan kasada.

Semangka: ugi taneman ingkang betahaken hawa panas, pramila wekdal ingkang sae kangge nanem semangka inggih punika mangsa kasa.

Brambang: gesang sae ing siti aking lan hawa asrep nanging betahaken hawa panas ing wekdal sampun sepuh, pramila wekdal ingkang sae kangge nanem brambang inggih punika mangsa kasada.

Bawang: sami kaliyan brambang supados sae prayogi katanem ing mangsa kasada.

Kenthang: taneman punika betahaken hawa asrep lan kathah jawah dados supados saged sae gesangipun sarta kathah uwohipun kedah katanem ing mangsa kapitu.

Lombok: gesang sae ing wekdal siti aking, tahan panas ingkang sumelet dados lombok sae katanem ing mangsa kasa.

Dene kangge nyumerepi watakipun bayi ingkang lair miturut mangsa saged kaaturaken kados ing ngandhap:

Lair ing mangsa Kasa, watakipun cekapan ing sopan santun. Karo, watakipun medhit lan sembrana. Katelu, watakipun medhit lan sembrana. Kapat, watakipun resikan. Kalima, watakipun trampil. Kanem, watakipun trampil. Kapitu, watakipun cengkiling. Kawolu, watakipun cekapan ing sopan santun. Kasanga, watakipun pinter ing samubarang kalir. Kasepuluh, watakipun cugetan. Desta, watakipun remen mendhet barangipun tiyang. Kasada, watakipun sanget welas asih dhateng sesami.

Makaten andharan ingkang saged kula aturaken bab-bab ingkang wonten sesambetanipun antawisipun Pranatamangsa kaliyan taneman sarta watakipun bayi ingkang lair. Wusana nyumanggakaken lan matur nuwun.

 

Aturipun: Soetojo Riyadi

JB 45/LX, Minggu II Juli 2006

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

%d blogger menyukai ini: