Transliterator Reksapustaka, Seneng lan Ikhlas

Perpustakaan Reksapustaka duweke Pura Mangkunagaran ing Surakarta kena diarani nganti saiki tetep madeg lestari, kanthi koleksi buku kuna ora kurang saka 10.000 buku. Madeg ing taun 1867 jaman sugenge KGPAA Mangkunagara IV, perpustakaan iki mapan ana gedhong dhuwur sawetane pendhapa ageng Pura Mangkunagaran, awor karo kantor utawa bebadan liyane kayadene Kantor Wedana Satriya, Kantor Reksa Budaya, lan liya-liyane.

Nalika JB merlokake menyang Reksapustaka, kanthi grapyak semanak ditampa dening pimpinane yakuwi Ibu Kangjeng Raden Nganten Tumenggung (KRNgtT) Siti Koestini Soemardi sing lumrah diaturi Bu Kus. Nalika kuwi Reksapustaka rada sepi, pengunjunge mung wong papat mahasiswa UNS Sala lan STSI Sala. Miturut pangandikane Bu Kus, sepi utawa rame pengunjunge ora luwih saka sepuluh. Sing akeh para mahasiswa sing arep golek bahan kanggo nggarap skripsi.

Bu Kus mujudane pimpinan Reksapustaka sing kaping enem. Urut-urutane: R. Ng. Martowirono, RT Atmokowigeno, KRMTH Sanyoto Kusumoatmojo, R. Ng. Sunarno Atmosamboyo, KRT Muhammad Husodo Pringgokusumo, banjur K.R.Ngt.T. Siti Koestini Soemardi. Bu Kus (80 taun) mbawahi pegawai cacah rolas minangka tenaga alih aksara, utawa istilahe transliterator. Saka tenaga cacah 12 mau sing paling enom umur 40 taun, lan sing paling tuwa umur 80 taun. Rata-rata pensiunan guru.

Para transliterator ing Reksapustaka iki pancen kena dienggo patuladhan. Kanthi rasa seneng, ikhlas, lan dedikasi sing dhuwur, saben dina kanthi tlaten sethithik baka sethithik ngalihake aksara saka aksara Jawa menyang aksara Latin. Kabeh mau lumaku mataun-taun. Tujuwane supaya buku-buku kuna utawa naskah kuna sing sumimpen ing kono bisa diwaca lan dingerteni isine dening akeh. Sing gelem nglakoni ngene iki langka banget. Senadyan sarjana sastra Jawa tangeh lamun gelema. Amarga ora tlaten lan honore ora bisa dijagakake kanggo mangan.

Rikala semana yen pengageng pura remen marang kabudayan lan kasusastran, panguripane Reksapustaka kaya diuja. Kabeh sarwa dicukupi. Luwih-luwih nalika jamane KGPAA Mangkunagara IV lan VII. Kekarone kasusra minangka ahli kabudayan lan kasusastran. Reksapustaka dadi sumber ilmu lan sumber informasi sing penting. Kosok baline sawise kuwi kahanane Reksapustaka saya mundur. Yen ora ana penyandhang dana sing aweh kawigaten mirunggan, tangeh lamun bisa lumaku teka saiki.

PANGURIPANE PARA TRANSLITERATOR

Tenaga transliterator cacah 12 kabeh ngaku anggone makarya mung linandhesan rasa seneng, ikhlas, lan rumangsa wajib melu ngopeni tilaran adiluhung. Salah sijining transliterator kandha, “Idhep-idhep ngamal lan ngibadah, amarga marisake lan nyebarake ngelmu marang liyan.”

Anggone ngantor ana Reksapustaka wiwit Senen nganti Sabtu. Saben sasi mung nampa honor Rp 60.000. Salah siji saka tenaga alih aksara yakuwi Ibu Kayati. Panjenengane sing saiki yuswa 50 taun luwih iki saben dina saka daleme ing Perumnas Palur kudu nitih bus kota. Yen digunggung, biaya transpor saben sasine ora kurang saka patang puluh ewu. Semono uga transliterator liyane sing asmane Pak Supardi sing daleme Karanganyar. Yen dietung-etung kanggo numpak bus Sala-Karanganyar bae saben sesasine ora kurang saka Rp 60.000. Begjane dene Pak Supardi isih ana sing dijagakake kanggo padinan, yaiku dhuwit pensiunane minangka penilik sekolah.

Sawetara wektu kepungkur nalika saperangan yayasan ing Mangkunagaran isih lumaku normal, Perpustakaan Reksapustaka isih kecipratan rejeki. Tegese bebadan sing ngurusi babagan kapustakan iki isih oleh suntikan dana kanggo nyengkuyung alih aksara buku-buku semono akehe. Wektu semana ana proyek gedhen-gedhenan kanggo ngalih aksara naskah-naskah kuna. Saperangan wis katerbitake dening PN Balai Pustaka, Jakarta. Honor tambahan kanggo para transliterator rada temanja, amarga saliyane honor sing ditampa saben sasi, uga nampa honor tambahan saka alih aksara naskah kuna, sing dietung salembar ketikan Rp 4.700. Kabeh mau saiki wis dadi nostalgia, amarga saperangan yayasan kasebut lakune wis mendrip-mendrip alias byar-pet.

Ngalih aksarakake naskah-naskah kuna kuwi ora gampang. Kudu tlaten, setiti, lan pikiran kudu ening. Luwih-luwih yen nemoni tulisan carik sing aksarane ngetumbar cilik-cilik. Miturut panuturane Bu Kus, naskah siji ora cukup sesasi utawa rong sasi. Paling cepet telung sasi. Bab iki dibenerake dening Bu Kayati. Panjenengane tau ngalih-aksarakake naskah kandel lan gedhe, wektune nganti karo tengah taun.

Dene proses alih aksara kuwi kawiwitan saka maca, banjur nglatinake saka aksara Jawa utawa Arab menyang aksara Latin. Saka kene sawise rampung banjur diketik lan ditliti maneh, kacocogake karo naskah sing asli. Ing kene mbutuhake pawongan loro, sing maca lan sing nyemak nyocogake. Sawise rampung banjur diketik lan ditliti maneh pangetikane. Yen wis ora ana kaluputane diputusake lolos lan bisa diwetokake kanggo umum.

Ibu Siti Koestini Soemardi lan para tenaga transliterator liyane rumangsa marem lan bombong dene nganti saiki Reksapustaka isih tetep urip. Saperangan pamulangan luhur isih aweh kawigaten minangka sumber lan kedhunging ngelmu tinggalane para leluhur. Panjenengane uga nelakake rasa syukur amarga nganti yuswa sepuh tenagane isih migunani lan bisa aweh pisumbang kanggo lestarining budaya bangsa.

Ora aneh yen ing Reksapustaka ana tulisan gedhe sing unine: Terima Apa Adanya Dengan Senang Hati. Miturut Bu Kus tulisan iki kanggo landhesan pengabdian ing kene. Yen wis mangkono saben tumandang gawe bakal linandhesan ati seneng lan rasa ikhlas.

Ature: Agus Prasmono
JB 42/LX, 18-24 Juni 2006

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

%d blogger menyukai ini: