Kue Leker, Crepe Jawa

Jajanan sing jaman kepungkur tau kondhang lan saiki wis arang ditemoni yakuwi kuwe leker. Kaya srabi sing dilempit ananging pinggirane kripik tipis. Saiki sing ana mung kutha-kutha gedhe Jakarta, Sala, Jogja, Semarang, lan Surabaya.

Rata-rata anggone dodol leker disurung nganggo rombong kayadene grobag bakso. Yen ora mubeng turut lurung mlebu-metu kampung adate manggrok ana pojokan dalan gedhe utawa ana ngarep sekolahan. Rombong kasebut isine jladrenan leker lan wajan cilik sing dijejer-jejer kanggo ndadar jajanan iki.

Rasane gurih lan legi tur kemripik. Ing tengahe ana irisan gedhange sing ditambahi susu kenthel. Regane rata-rata Rp 500. Ananging yen mung mangan siji durung marem. Yen mangsa udan kanggo kanca ngombe teh, nyamleng tenan. Mula sing tuku padha antri amarga wong siji yen tuku nganti rong puluh utawa luwih.

Nalika JB nuju mlaku-mlaku wayah sore saurute Jl. Slamet Riyadi, Sala, kebeneran nemu bakul leker. Jenenge Harun, ngakune asal saka Kebumen. Dheweke mung ngedolake duweke juragan sing duwe rombong. Harun manggrok ana sangarepe toko buku Gramedia sawetane Sriwedari. Bukak dhasar bubar ngasar, padatan entek jam sanga bengi. Kamangka jladrenan sing digawa ora akeh, mung watara glepung rong kilo bae.

Miturut katrangane, saiki bakul leker wis ora akeh, kena dietung nganggo driji. Sak kutha Sala bae kira-kira mung wong limalas. Kabeh padha sumebar, ana sing manggrok ing Jl. Slamet Riyadi, ana sing mapan ing Manahan lan Widuran, lan uga ana ing Margoyudan.

Miturut sejarahe, leker kuwi jajan tinggalane Landa. Mlebu ing kene kira-kira pungkasaning abad XIX. Rikala semana ing Eropa jajanan sing arane crepe kuwi wis membudaya banget. Crepe dadi karemane wong Eropa mligine kanggo jajanan ing wayah sore. Suwening-suwe sing dikirim menyang tanah jajahan padha ketagihan karo jajanan iki. Gandheng ing kene bahan-bahan kanggo gawe crepe kuwi ora pepak lan juru masak sing dumadi saka wong pribumi bisane gawe crepe diselarasake karo bahan lan ilat lokal (Jawa), mulane banjur dadi kue leker kaya sing saiki isih ana.

Mula bukane diarani leker, nalika semana para penggedhe Landa sing ngicipi jajanan iki sawise mangan kok padha muni “leker… leker…”, sing karepe: “enak… enak….” Gandheng juru masak pribumi ora ngerti basa Landa, mula tembung leker sabanjure dilestarekake kanggo tetenger jajanan sing memper crepe kasebut.

Jaman semana leker uga wis mlebu menyang jero tembok karaton. Malah miturut sumber saka Sala, swargi Sinuhun Pakubuwana X karem dhahar leker.

Panggawene leker ora angel. Bahan-bahane: glepung beras, endhog pitik, gula, gedhang raja, lan susu. Dene panggawene, sawise wajan panas dioseri lenga klapa. Glepung beras sing wis dijladreni karo gula putih lan endhog banjur didadar tipis. Tengahe diwenehi irisan gedhang raja lan susu kenthel. Dikira-kira wis taneg banjur dilempit dadi loro. Didhahar nalika isih anget-anget.

Gawe leker kuwi gedhange kudu gedhang raja. Saliyane rasane legi uga ngandhut aroma sing khas. Yen gedhange dudu gedhang raja durung kena diarani leker.

Ature: Agus Prasmono
JB 42/LX, 18-24 Juni 2006

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

%d blogger menyukai ini: