Upacara Sesaji ing Karaton Surakarta (5)


Ing antarane maneka warna kesenian beksan kang tuwuh ngrembaka ana sajrone Karaton Surakarta, Bedhaya Ketawang kaanggep minangka pusaka sing paling diaji-aji. Katindakake dening kenya sanga, beksan iki digelar setaun sepisan mligi kagem ngrenggani tingalandalem jumenengan nata. Liyane wektu sarta adicara sing wis ditemtokake kasebut, Bedhaya Ketawang ora dikeparengake kanggo keperluan apa bae, apa maneh digelar ing sanjabane karaton. Ila-ila mengkene iki rapet gandheng-cenenge karo sejarah asal-usule beksan kasebut.

Nalika jaman kadewatan, Bathara Wisnu kacaritakake yasa beksan karan Lenggotbawa. Pambeksane para widadari kang cinipta saka sesotya cacah pitu. Tata-rakiting beksan ngubengi arah manengen –sinebut pradaksina– lenggahe Bathara Wisnu ing dhampar Balekambang.

Dening Kanjeng Ratu Kidul Kencanasari beksan Lenggotbawa kawuwuhan paragane dadi cacah sanga, kang sabanjure kaparingan jeneng pusaka Bedhaya Ketawang. Beksan iki nggambarake rasa kasmarane Kanjeng Ratu Kidul marang Kanjeng Panembahan Senapati, nata kapisanan kang adeg Mataram. Adreng panyuwune Kanjeng Ratu Kencanasari, amrih kersaa Panembahan Senapati angedhaton salawase ing Segara Kidul nglenggahi dhampar sakadhomas balekencana tilarane Pabu Ramawijaya.

Panembahan Senapati nulak kanthi alus, awit mamang yen tembene ora bakal bisa bali mulih menyang sangkan-paraning dumadi. Nanging panjenengane sarta satedhak-turune para nata ing Tanah jawa saguh anggarwa Ratu Kidul. Karana kuwi Kanjeng Ratu Kencanasari manut diajak ngedharat menyang Mataram, mesisan ngajari abdi bedhaya beksan Bedhaya Ketawang. Purna paring piwulang, Ratu Kencanasari kondur menyang Segara Kidul. Saben malem anggara kasih panjenengane bali tindak Mataram saperlu nenggani abdi bedhaya kang nembe ajar beksan kasebut.

Dedongengan ing dhuwur bisa njelasake sebab-sebabe Bedhaya Ketawang mung digebyagake mligi kagem mengeti upacara jumenengandalem nata. Kajaba kuwi, uga kena kanggo mangsuli pitakonan kena apa ajar-ajaran beksan iki katindakake saben malem anggara kasih.

Nitik rerenggan, tata busana, sarta riase cetha yen Bedhaya Ketawang kuwi kalebu beksan pikraman. Manjing rampung, loro ing antaraning pambeksa sanga adhep-adhepan. Menawa disetitekake solah-bawa, ukel, carane nyekel sondher, adeg, lan lenggat-lenggote, genah mujudake olah lambangsari. Mung, amarga digarap kanthi banget lungit, pasemon mau babarpisan ora ngawistarani.

Bab iki dadi luwih gamblang maneh manawa nyemak cakepan sindhene. Isine pralambang kasmarane Kanjeng Ratu Kencanasari sarta kepriye mungguh kuciwane rikala Panembahan Senapati tan kersa diajak ngedhaton ing Samodra Kidul:

“Hanon tangis tumengeng tawang; ndhe, kadya lintang pakartine Panembahan; ndhe, tanuhastra kadya geni urube; kentar-kentar, yen mati ngendi surupe, Kyai?”

Ana pamanggih gendhing Ketawang Ageng sing dienggo ngiringi beksan Bedhaya Ketawang tumeka seprene kuwi yasane Kanjeng Sultan Agung Hanyakrakusuma. Upama panemu iki bener banjur gendhing asli sepisanan Bedhaya Ketawang kuwi sing kepriye, ora dingerteni.

Manut gotek, nuju sawijining wengi sinengkalan Patheting Rengga Tataning Karaton (taun 1565 Jawa), Sultan Agung manengku puja ngeningake cipta. Jagat tan ana sabawane. Swasana sidhem premanem amung kapireng swarane angkuk kasilir ing samirana pindha unine kemanak gangsa lokananta. Bebarengan iku lamat-lamat keprungu swara gaib kinanthen tembang endah saengga ndadekake Kanjeng Sultan anjegreg. Sinuhun enget tetembangan mau kaya lelagon ing lelangen lenggot bawa duk jaman kadewatan.

Kacarita Kanjeng Sultan Agung banjur dhawuh marang Panembahan Purubaya, Pangeran Panjang Mas, Pangeran Panji Mudha Bagus utawa Pangeran Karanggayam II sarta Tumenggung Alap-alap, para empuning karawitan Mataram, kinen ngrakit wangsit mau dadi gendhing rinengga kemanak gangsa lokananta kagem lelangen bedhaya. Satengahe lagi mbabar reriptan kasebut karawuhan Kanjeng Sunan Kalijaga saperlu asung panjurung. Kepara Sunan Kalijaga kasdu melu cawe-cawe nganggit. Gendhing dipurwakani tembang Durma sinambung sekar Candra Wilasita, dipungkasi tembang Suraretna utawa Retnamulya. Manut panjenengane, mbesuke lelangen bedhaya iki bakal dadi pusaka sarta kapraboning nata ing Tanah Jawa.

Gendhinge Ketawang Ageng migunakake instrumen kemanak, kendhang, gong, kethuk, lan kenong laras pelog. Nalika mlebu pathetan katambahan rebab, gender, gambang, sarta suling.

Busananing pambeksa dodot banguntulak (warna dhasar biru tuwa karenggan putih ing tengah) alas-alasan gambar kunca, tapih cindhe wungu kembangan saudhete, slepe, lan buntal. Gelung bokor mengkurep karajut kembang mlathi anam kanthil ceplok garudha mungkur. Rerakite arupa centhung, garudha mungkur, jungkat jeruk saajar, cundhuk mentul, ngagem tiba ndhadha (rerangken kembang kang diklawerake tiba ana dhadha tengen), kalung penanggalan, gelang, lan kelat-bahu. Rias modhel paes penganten.

Paesan kuwi ora liya lambang kesuburan. Gambar wangun badhongan kabelah tengah ing bathuk mujudake stilisasi yoni. Dene godheg kawangun lingga. Ing jaman kuna kang dienggo paesan nggunakake godhong dhandhang gendhis. Rupane ijo royo-royo, ambune arum.

Para pambeksa Bedhaya Ketawang kudu sajrone kahanan suci. Sawatara dina sadurunge perlu sesirih. Kejaba pasa, uga ora lagi nggarapsari nalika gebyagan. Sesajine pepak ageng kaya kang sinebut ing ngarep.

Kepara jaman biyen para kakung, mligine para putra sentana padha siram jamas sadurunge marak sowan mirsani beksan pusaka Bedhaya Ketawang ing tingalandalem jumenengan nata. Nalika semana, umume para priya ngingu rikma panjang. Sawise dikramasi landha merang, rambut ditelesi nganggo banyu asem dimen lemes (fungsine sairip sampo kondhisioner saiki). Sawise kuwi dibilasi, nuli diratus kareben wangi lan cepet garing. Sasuwene mirsani beksa ora dikeparengake kumlesik. Awit Bedhaya Ketawang iku kena dikandhakake kegolong beksan samadi.

Cuthel

Ature: KP Edi Wirabumi SH MM CD
Pengageng Badan Pengelola Karaton Surakarta
JB 36/LX, 7-13 Mei 2006

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s

%d blogger menyukai ini: