Lumpur Porong, Kudu Dimangerteni Dhisik

13 Oktober, 2006

Ora ana sing ngira, sumembure lumpur ing areal penambangan Banjar Panji I duweke PT Lapindo Brantas ing Porong, Sidoarjo, bakal kedawa-dawa kaya saiki. Lumpur kang maune –wiwit 28 Mei 2006– mung ndledek cilik ing omahe salah siji pendhudhuk, saiki nyembur arupa lumpur panas kanthi volume semburan 126.000 m3 sedina. Baca entri selengkapnya »


Sranane Wong Nandur Pari

8 September, 2006

Yen disawang sagebyaran pari sing
wis kuning ing sawah iku katone mung sarupa. Nanging yen ditliti kanthi permati ana warna loro. Pari sing ubet lamene nengen diarani pari wadon utawa Sri Sedana. Dene pari sing ubet lamene ngiwa diarani pari lanang utawa Jaka Sedana. Baca entri selengkapnya »


Waler Sangker (3)

8 Agustus, 2006

Mula banjur kandha, “He Pisaci upama aku bisa weruh bojomu aku ya saguh nggoleki lan nekakake mrene”.

Pisaci matur yen dheweke duwe lenga pranawa kang khasiate yen ditetesake ing mripat bisa weruh ing gaib lan yen ditetesake ing kuping bisa ngrungokake omongane bangsa lelembut. Baca entri selengkapnya »


Jamu Kanggo Nglancarake BAB

7 Agustus, 2006

Sing dikarepake BAB yaiku “buang air besar” utawa bebuwang. Wong sing ora lancar anggone bebuwang jenenge bebelen, sembelit, utawa istilah kedokterane konstipasi.

Yen normal saben dina wong mesthi bebuwang kanthi lancar, sethithike sepisan. Nanging ana kalane anggone bebuwang ora lancar, angel banget. Anggone ndhodhok neng WC meh sak jam meksa ora bisa bebuwang. Baca entri selengkapnya »


Prabu Kalimantara

1 Agustus, 2006

Uwong yen wis darbe samubarang tur rumangsa digdaya kerep-kerepe banjur takabur. Semono uga Prabu Kalimantara, ratu saka nagara Nusantara utawa Cempaka Kawedhar iki. Wujude buta, sekti mandraguna. Isih enom, gegayuhane ngrabi widadari lan nguwasani tribawana. Baca entri selengkapnya »


Bung Karno Dikunjara Merga Ngramal Indonesia Mardika

1 Agustus, 2006

Bung Karno piyambak sejatine ora ngaku yen iku ramalan. Nanging ramalan apa nujum, Bung Karno ngetung, nganalisa, mungguh tan kena ora, sawijining dina Indonesia bakal uwal saka imperalis Walanda. Bung Karno ngendika ngono iku dhek taun 1929. Manut analisane Bung Karno, bakal kedadeyan perang gedhe sing diarani Perang Pasifik. Ing Samodra Pasifik, Lautan Teduh antarane benua Asia lan benua Amerika, samodra sing paling jembar, ing kana bakal kedadeyan perang gedhe antarane imperalis karo imperalis. Yen perang iku bener kelakon, ngendikane Bung Karno dhek taun 1929 kuwi, ing wektu kuwi Indonesia bakal mardika. Baca entri selengkapnya »


Dhagelan Abjad Kahanan Jaman

1 Agustus, 2006

Yen ing pungkasan tulisan bab sejarahe Jawa ing JB No. 40 lan 41 kepungkur penulis wis ngaturake anane sawetara sastrawan/budayawan Jawa sing ada-ada ngruwat aksara Jawa, othak-athike penulis bab “abjad” aksara Jawa iki babarpisan ORA sumedya ngganti abjad aksara Jawa sing diarani sastra sarimbagan utawa carakan. Sepisan maneh: ORA! Baca entri selengkapnya »


Esthining Panembah

1 Agustus, 2006

Kanggo nggayuh supaya wong urip bisa “muksa” kaya kang diaturake ana JB No. 40/Minggu I/Juni/2006, syarat mutlak kang kudu dilakoni yaiku kudu cedhak karo Gusti Kang Murbeng Dumadi. Jalaran “muksa” iku tegese bisa mbalekake barang-barang silihan saka Gusti, utawa yen wong Islam ngarani marang Allah SWT. Baca entri selengkapnya »


Jim Mangggala Arya Dhandhun Wacana

1 Agustus, 2006

Ana ing crita-crita pedhalangan –kejaba ing lakon Babad Wanamarta– jenenge paraga wayang siji iki arang-arang banget kepurungu, beda karo jeneng-jenenge para Pandhawa lan Kurawa. Pancen dudu paraga lumrah, karuan iki sawijining tokoh manggalaning para jim kang urip ing kraton kajiman ing alas gung liwang-liwung, Alas Mrentani utawa Mertani alias Alas Wanamarta. Baca entri selengkapnya »


Dadi Tamu Sing Nyenengake

1 Agustus, 2006

Tumrape wong Jawa, kedhayohan kuwi padha karo nampa rejeki. Mula yen ana tamu ora tau nglirwakake gupuh, lungguh lan suguh. Sapa wae yen kedhayohan mesthi gupuh olehe mbagekake tamune, ngaturi lenggah, terus gawe wedang kanggo suguhan. Baca entri selengkapnya »


Kembang Rosela Njaga Metabolisme Awak

1 Agustus, 2006

Tanduran iki asale saka manca nanging wis urip ing Indonesia wiwit jaman penjajahan biyen. Merga kembange apik, mula ditandur ing latar kanggo pasren. Wite cendhek wernane abang tuwa, godhonge lancip cawang telu, ana sing pinggire ringgik-ringgik ana sing alus. Kembange wernane abang, kaya woh, tengahe ana isine. Sejatine iki kelopak bunga. Iya kelopak bunga iki sing nduweni kasiyat njaga kasarasan lan metabolisme awak. Baca entri selengkapnya »


Waler Sangker (2)

1 Agustus, 2006

KALA DITE

Kala Dite yaiku dina Dite kang lumrahe diarani dina Ahad miturut penanggalan Jawa lan yen miturut penanggalan Masehi diarani dina Minggu. Kala Dite kalebu dina kang perlu disingkiri, awit nalika iku lagi jaya-jayane Kala Sengkala lan Kala Singha. Tembung Singha iku sabenere jejuluke Bathara Kala. Nalika Kala Dite wong ing dalem kahanan mutawatiri, luwih-luwih wong kang lair wektu julung, awit nalika iku Bathara Kala lagi nggoleki manungsa kang dadi mangsane. Baca entri selengkapnya »


Waler Sangker (1)

1 Agustus, 2006

Miturut Kamus Kawi-Jawa dening CF Winter Sr lan R. Ng Ranggawarsita babaran Gadjah Mada University Press 1988, tembung “waler” iku tegese: palang, tampar, utawa tali, dene “sangker” tegese adhang, palang, ila-ila. Baca entri selengkapnya »


Ana Naga Mabur ing Langit

12 Juli, 2006

Nalika dumadi lindhu gedhe dina Setu Wage kepungkur wong-wong sing padha ngenut lan nyinaoni kultur Jawa racake slamet. Ora mung ing bab fisik nanging uga merga batine pasrah lan tentrem. Lan diweruhi tengara gaib sing jumedhul sadurunge ana lindhu. Baca entri selengkapnya »


Asmaradana: Nggegulang Putra

12 Juli, 2006

Kasmaran amerdi siwi,

Siwi pinangka amanah,

Amanahipun Hyang Manon,

Kang kedah den gulawenthah,

Mrih yuwana uripira,

Tansah manggiha rahayu,

Wiwit wonten guwa garba. Baca entri selengkapnya »


Manumayasa Cikal-bakale Pandhawa lan Kurawa

12 Juli, 2006

Ana sawatara versi crita bab sapa leluhure Pandhawa lan Kurawa. Ana sing ngandharake yen iku Bharata, putrane Prabu Duswanta lan Dewi Sakhuntala. Mula, Pandhawa lan Kurawa uga sinebut darah Bharata. Crita liya nyebutake yen kang nurunake iku Bambang Bremani, putrane Bathara Brama kang dhaup karo Dewi Srihunon, putrane Bathara Wisnu. Bremani banjur peputra Bambang Parikenan lan Parikenan peputra Manumayasa. Manumayasa iku satriya linuwih, kinasihan ing Bathara Guru. Baca entri selengkapnya »


Prajurit Jogokariyo Kraton Yogya

12 Juli, 2006

Prajurit Jogokariyo dipandhegani dening priyagung kang pangkate Kaptein, dene pangkat kalenggahane Tumenggung. Umpamane: Bupati Anom Prajurit Wedono Jogokariyo asmane Raden Tumenggung Jayaningrat. Daleme ing Pugeran. Baca entri selengkapnya »


Serat Nitiprana Piwulang Budi Luhur

12 Juli, 2006

Serat Nitiprana anggitane R. Ng. Yasadipura (1729-1803), mujudake salah sijine serat piwulang tumrap para mudha tumuju marang budi kang luhur. Karya sastra iki mung cendhak wae, yaiku mung sak pupuh (Dhandhanggula), dumadi saka 48 pada. Saka babon asline kang tinulis mawa aksara Jawa, dening Departemen Pendidikan dan Kebudayaan, ing taun 1979, kawetokake edisi aksara Latine kang transliterasine ditindakake dening Kamajaya. Baca entri selengkapnya »