Wis akeh wong sing ngerti menawa secang mono salah sawijining omben-omben sing bisa kanggo njaga kasarasan. Awak ora kepenak, rada masuk angin, yen diombeni wedang secang anget-anget bisa seger waras. Saiki wis ana produk wedang secang wujud sirup lan bubukan, pangombene luwih praktis lan gampang.
Secang urip ing sadhengah papan, bisa ing pegunungan utawa dataran rendah. Yen ing padesan kanggo pager utawa urip ing kebon lan pategalan. Dhuwure watara 5-10 meter, wit lan pange kebak eri tempel sing bengkong. Wite gilig wernane ijo semu soklat. Godhonge majemuk kaya godhong lamtara, wohe polong dawane 8-10 cm ambane 3-4 cm., pucuke kaya cucuk manuk. Yen wis mateng wijine ireng, saben polong ana 3-4 wiji. Kayune bisa diundhuh yen wite wis umur 1-2 taun. Kayu secang yen digodhog wernane banyu malih abang, bisa kanggo bahan cet (pewarna), kayata wernane jajan, inuman, anyaman, lan sapanunggalane.
Secang bisa kanggo ngobati lara diare, disentri, watuk getih (TBC), tatu sing nemen, sifilis, malaria, radang selaput lendir mata lan nyeri merga ganggan sirkulasi getih. Kayu secang ngandhut asam galat tanin, resorsin, brassilin, brasilein, d-alfa-phellandrene, ascimene, minyak atsiri sing kasiyate bisa ngendhegake perdarahan, pembersih darah, penawar racun, lan antiseptik.
Carane gawe minuman saka secang, njupuk kayu secang sacukupe, ditambah gula pasir, sere, jahe, lan banyu sacukupe. Bahan-bahan mau didheplok (diselep) dadi siji banjur diperes. Lan disaring. Terus digodhog suwene telung jam. Yen wis adhem diwadhahi ing botol sing wis dikumbah resik (steril). Siap diunjuk. Kajaba kanggo sirup, secang bisa ngobati sawetara peyakit.
Ngresiki darah kotor
Kerokan kayu secang sacukupe, ketumbar, godhong trawas, digodhog karo banyu, yen wis adhem disaring diombe. Saben dina ngombe kaping pindho esuk lan sore.
Diare, mencret
Kayu secang 5 gram dikethok-kethok banjur digodhog karo banyu 2 gelas suwene 15 menit. Sawise adhem disaring, dibage loro diombe esuk lan sore.
Watuk getih, TBC
Kayu secang 11/2 driji dikumbah sing resik diiris-iris cilik. Digodhog karo banyu 4 gelas nganti kari separone. Yen wis adhem disaring, diombe kaping telu saben ngombe 3/4 gelas.
Bebuwang getih (berak darah)
Kayu secang sadriji diumbah diiris-iris banjur digodhog karo banyu 3 gelas nganti kari separone. Yen wis adhem disaring, ditambah madu diombe. Sedina ngombe kaping pindho esuk lan sore, saben ngombe 3/4 gelas.
Radang selaput lendir mata
Kayu secang 2 driji dikumbah banjur diiris cilik-cilik, digodhog karo banyu 3 gelas nganti kari separone. Yen wis adhem disaring, banyune kanggo ngrambang mripat sing lara.
Ature: Atim Swasono, SP
Jaya Baya 4/LXI, Minggu IV September 2006
2 Oktober, 2006 pukul 1:49 pm
Nek arep golek secang ndik suroboyo, parane nang ndi cak?
–
aris
4 Oktober, 2006 pukul 11:38 am
Coba digoleki neng nggone bakul jamu racikan neng pasar-pasar tradhisional kayadene pasar Pabean, pasar Genteng, pasar Pacarkeling, lan liya-liyane Mas Aris!
8 November, 2006 pukul 11:38 am
cari kayu secang
bisa menghubungi saya
heri
d/a piyungan, bantul, yka
16 Desember, 2006 pukul 3:00 am
neng jogja bubuk secang diplastiki karo gulo. nek dicampur banyu panas wis langsung dadi wedang secang. bubukan liyang emulawak, kunir, kencur. neng makro didul uga ononan sing wis bubukan. kari ngotak atik dewe ditambahi sere, kayu manis lan liyane. sing wis bubukan uga.. ngracik dewe gampang kok… neng makro suroboyo muga wae ono
3 Desember, 2007 pukul 12:09 am
Saya punya kemasan secang celup. Seandainya mau pesen lewat alamatku aja. Hpku 0816-426-4399. Aku tinggal di WISMA SUBUD jln Fatmawati 42 jakarta selatan. Bisa dikirim sampai ditempat. Asal secangku dari yogyakata. Thank’s
11 September, 2008 pukul 9:18 am
Wah sawise ngerti manfaate secang, aku pengen nandur. Labuhan ngarep aku arep nandur secang, nanging ing ngendi aku bisa nemokake winih secang ? I live in Madiun, east Java. Would you like to help me please ? I want to grow this plantation for herbal medicine.
22 Januari, 2009 pukul 11:14 am
inyong wong kebumen, wis ngrasakaken temenan manfaate kayu secang, kejaba manfaat sing ditulis nang dhuwur mau, aku nduwe keluhan batu ginjal sing maraih pipise ra lancar, ning setelah aku ngombeni seduh kayu secang keluhanku ilang. wis terbukti!!!
maturnuwun jayabaya aku mampir mung golet referensi manfaat kayu secang..
26 Maret, 2009 pukul 10:54 am
secang iku dudu dusun ing tlatah campurdarat toh
12 April, 2009 pukul 7:05 am
dudhu….
28 Agustus, 2009 pukul 10:16 am
Tips gawe sirup secang men wernone isa dadi jambon bening yoiku lebokno serutan secang sakwise rempah liyane(terahir). Angkat sakwise umep sepisan wae.
Yen diangkat sakwise umeb luwih saka sepisan dadine sirup jambon buthek(kurang menarik).
1 September, 2009 pukul 8:55 pm
awalnya q gak tau yg nama’x kalawarti….. thanks yyyaaawwww?!!!?