Kembang Rosela Njaga Metabolisme Awak

Tanduran iki asale saka manca nanging wis urip ing Indonesia wiwit jaman penjajahan biyen. Merga kembange apik, mula ditandur ing latar kanggo pasren. Wite cendhek wernane abang tuwa, godhonge lancip cawang telu, ana sing pinggire ringgik-ringgik ana sing alus. Kembange wernane abang, kaya woh, tengahe ana isine. Sejatine iki kelopak bunga. Iya kelopak bunga iki sing nduweni kasiyat njaga kasarasan lan metabolisme awak. Ing Malaysia malah kanggo suplemen, vitamin kanggo njaga stamina amrih kuwat ora gampang lara.

Jeneng Latin-e Hibiscus sabdariffa, wong Sunda ngarani kembang anggrem, ing Medan jenenge bunga merah. Senajan akeh sing nandur nanging padha ora ngerti kasiyate. Kamangka wohe kena kanggo gawe setrup, digodhog karo gula rasane legi kecut enak kaya frambusen. Mula ana sing ngarani kembang frambusen.

Ing Malaysia, hibiscus diolah dadi teh celup, sele roti, sirup (setrup). Kembang hibiscus ngandhut vitamin A, vitamin C akeh, kalsium sing cukup, ngandhut serat lan mineral. Mula becik kanggo kasarasane mripat, kulit, balung lan pencernaan. Miturut Iwan R Hudaya, sing duwe kebon hibiscus jembar ing Pasar Minggu, Jakarta, dheweke wis suwe nandur hibiscus kanggo bahan sele roti lan sirup. Rasane enak ora kalah karo omben-omben bangsane fanta.

Kembang rosela werna-werna jinise nanging ing Indonesia kene ana rong jinis, sing godhonge ringgik-ringgik pinggire lan sing alus. Wohe meh padha, mung rada beda wernane. Ing Hawai, Malaysia, Thailand, India, Kuba, tanduran rosela iki werna-werna jinise. Ana sing kembange wernane wungu, putih, violet, biru, oranye, abang tuwa. Ing kana kembang rosela digawe teh, diombe kaya yen ngombe teh biasa. Emane ing kene durung populer. Kamangka yen saben dina ngombe teh hibiscus awak bakal sehat lan seger merga metabolisme lancar lan kecukupan sawetara vitamin sarta mineral. Rehne durung ana sing adol teh hibiscus, becike gawe dhewe wae. Kepriye carane gawe omben-omben saka rosela?

TEH HIBISCUS (ROSELA)

Kembang hibiscus sing wis tuwa tenan diundhuhi banjur dipepe sedina rong dina supaya alum. Yen wis alum dibeleki dijupuki sing ana tengahe (wijine). Wijine kena ditandur. Kelopak hibiscus sing wis dijupuki isine banjur dikumbah nganti resik terus dipepe maneh nganti garing suwene 3-5 dina. Ditutupi plastik bening supaya ora kena bledug. Yen wis garing teh disimpen ing wadhah sing rapet, siap digawe wedang teh. Carane gawe, mundhuta teh hibiscus sacukupe diseleh gelas banjur dicom banyu umub ditutup sing rapet. Banyu com-coman bakal dadi abang wernane, ditambah gula pasir terus diunjuk anget-anget. Yen disimpen rapet, teh hibiscus bisa tahan nganti 3-6 sasi lawase.

SIRUP HIBISCUS

Woh hibiscus (rosela) sing isih seger lan wis tuwa kehe 500 gram dibuwang isine sing ana njerone nganti resik banjur dikumbah. Bahan tambahan:gula pasir 600 gram, asam sitrat 4 gram, natrium benzoat (kanggo ngawetake) 1-2 gram, botol sing steril 2 iji. Dhisik dhewe nggodhog banyu 8 gelas ing panci email (ora kena panci aluminium) nganti umub. Kelopak hibiscus banjur dicemplungake, digodhog suwene 20-25 menit, terus genine dicilikake karo tetep diudhak-udhak nganggo sendhok kayu (enthong). Yen banyune wernane wis abang, genine dipateni banjur dientas lan disaring. Cemplungna gula pasir, asam sitrat lan natrium benzoat, diudhak sing rata nganti larut. Banjur digodhog maneh nganggo geni cilik wae nganti umub maneh suwene 5 menit, dientas. Yen wis rada adhem diwenehi esence (sari) apel utawa stroberi miturut kasenengane, terus diwadhahi botol disimpen ing kulkas supaya rada awet. Sirup siap diunjuk. Cara iki ora tahan suwe. Yen kepengin sirup bisa tahan rada suwe, botol kudu disterilisasi dhisik (pasteurisasi). Sadurunge diwadhahi, botol digodhog nganti umub kanthi temperatur 150-200 derajat celsius.

Jaya Baya 48/LX, 30 Juli – 5 Agustus 2006

14 Tanggapan ke “Kembang Rosela Njaga Metabolisme Awak”

  1. emjar Berkata:

    hibiscus agar diterjemah ke dalam bahasa indonesia

  2. Titah Berkata:

    hai emjar,
    istilah indonesia untuk hibiscus ya rosela itu, sedang nama hibiscus sabdariffa sebagai nama latin yang dikenal secara internasional tetap dicantumkan sebagai “pemersatu” bagi daerah2 lain yang mungkin punya istilah lain untuk rosela. salam.

  3. heru Berkata:

    Wah…pancen akeh manfangate kembang rosela kuwi yo… Kembang rosela kuwi sing endi ? Aku usul minangka luwih becik yen gambare kembang rosela uga ditampilne ndhik artikel iki. matur nuwun..

  4. asa zain muttaqin Berkata:

    Aku lagi wae wiwit dodolan teh Rosella sing asli diimpor soko negoro Arab. Rasane nikmat bedo karo sing ditandur dewe ono indonesia datmbah maneh manfaate kanggo kesehatan. Produkku tak gawe dadi bentuk celup. sak pak isine 12 kantong regane wolung ewu rupiah. Yen kepingin telp no HP. 081 393 333 080.
    Matur nuwun.Wassalaam..

  5. septi Berkata:

    kulo ndamel karya tulis tentang rosela, nuwun pitulung saran lan info tentang rosela nggiiih. utawi tempat pados sumber sing lengkap.

  6. zikry Berkata:

    Aq dari Blitar lagi dodolan kembang Rosela lan uga nanam di lahan 100 Ha. sekarang perkilo hg 110rb. Bagi yang mau tanan Untuk bibit harga 400r/kg. Buku petunjuk penanaman rosela harga 150rb. suwuuun
    Hub: 03427718034/ 081387121000 Blitar Jawa Timur

  7. fajar Berkata:

    ibu saya kena DM, basah, kondisi syaraf mata sudah kena, kaki kadang bengkak dan syaraf punggung juga kena.
    mohon saran tentang rosela, bisakah untuk mengobati diabetes tersebut

  8. salsabila Berkata:

    kalau nulis bisa pake bhs indonesia g sih. saya juga pengin bca artikelnya nih. buat nambah2 teori di penelitianku. lain kali bisa pake bahs. indonesia kan? met berjuang aja yah. oia mo nanya ktnya kencur juga buat nyembuhin orang demam berdarah yah?

  9. dhimas Berkata:

    wah, rosela iku cepet banget uwohe. nandure uga cepet. aku neng omah nandur.

  10. sss Berkata:

    wah, rosela iku cepet banget uwohe. nandure uga cepet. aku neng omah nandur. pie to iki

  11. poeljec Berkata:

    rosela jan mantep tenan rek,,,,,

  12. yanto Berkata:

    menurut pengamataku yen rosela iku ugo biso kanggo kekuatan wong lanang , carane 5 kelopak rosela dideplok nganti alus dicampur madu alsi 2 sendok makan sukur2 ditambah endog bebek…………………he…..he …..pasti ………………. joooooooooooossssss

  13. agus Berkata:

    sedia bibit rosela Ungu dan merah harga murah cuma 50rb/ kg
    Sedia lahan utk lahan kelapa sawit di Wilayah Blitar Selatan
    Harga cuma 15-30 juta/ Hektar. surat resmi
    Gratis bibit sawit dan pupuk
    hub : bp. agus 085693779956

  14. Ki Mangun Diharjo Berkata:

    matur suwun seratanipun punika. Sanget migunani dhumateng bebrayan agung.

Tinggalkan Balasan