Katresnan kuwi mulya. Dudu barang sepele. Mangkono wewarah kang bisa kita jupuk saka lelakone Dewi Ambika, putrane Prabu Darmamuka, narendra ing Giyantipura. Kadhung nibakake tresnane marang Dewabrata, kok satriya iku arep ninggal mlayu. Mesthi wae ora trima, nganti kapan wae Ambika nedya nagih kesaguhane Dewabata. Baca entri selengkapnya »
Mangsa Tanem
28 Juni, 2006Sanajan manungsa dereng saged ngowahi mangsa kajawi ing salebetipun wates ingkang katamtokaken (upami adamel jawah damelan), nanging sampun saged nata tata tanem ingkang cocog kaliyan mangsa ingkang wonten. Pancen radi ewet manawi badhe ngawontenaken garis ingkang tegas ing babagan ulah tetanen. Pramila wonten saenipun manawi kita nambah seserepan bab mangsa lan kawontenan siti. Kangge nyekapi katerangan ing nginggil, kula cobi ngaturaken taneman punapa ta ingkang cocog kaliyan mangsa ingkang sampun nate kaserat, nanging namung winates ing babagan pantun, kacang-kacangan, pala kependhem, sarta sayur-sayuran. Baca entri selengkapnya »
Sintren
28 Juni, 2006Sintren iku salah sijine kesenian rakyat kang mekar ing Indramayu lan Cirebon. Saperangan ana sing ngarani ronggeng buyung (ronggeng=joged, buyung=bocah). Pancen sintren iki pemaine kudu prawan kencur sing durung nggarapsari. Saiki kesenian iki uga ana ing Jawa Tengah, wiwit Brebes, Tegal, Pemalang, nganti Batang, lan ngidul tekan Cilacap. Malah dhisik ing Blora uga tau ana. Baca entri selengkapnya »
Ditya Kala Marica
28 Juni, 2006DITYA Kala Marica iku abdi kinasihe Prabu Dasamuka. Wujude buta lemu, nanging praene rada ana mempere karo Buta Cakil. Lire, matane mata kriyipan, tutuke mrenges, untune lancip-lancip kaya parang curi, siyunge modot sagedhang emas ngrenggani pojok tutuke kiwa lan tengen. Untune sing ngarep iya nyongat kaya Cakil. Rambute gimbal, diore tumumpang pundhak kiwa lan tengen. Wetenge mlenthus. Baca entri selengkapnya »
Panca Wewarah
28 Juni, 2006
Wewarah Jawa kang adiluhung asring karacik awujud tembang kang edi peni. Kejaba minangka karya sastra kang endah, kanthi wujud tembang bisa luwih rumesep ing ati. Minangka conto, Serat Kalatidha karyane pujangga agung RNg Ranggawarsita (1802-1874 M) diracik wujud tembang Sinom, dumadi saka sapupuh pambuka lan 12 pupuh isine. Pupuh kapitu Serat Kalatidha iki, katelah ‘Zaman Edan’. Baca entri selengkapnya »
Terapi Ion Ora Bisa Ngetokake Racun!
28 Juni, 2006Apa panjenengan wis tau melu terapi ion? Tumindake terapi iki kanthi ngekum sikile pasien ing jero bak isi banyu, kang banjur diwenehi arus listrik. Jare, gunane kanggo ngetokake racun saka jero awak liwat sikil (detoksifikasi). Sawise udakara setengah jam, banyu ing bak kang maune bening malih buthek, munthuk, utawa malih wernane, jare merga racun sing metu saka jero awak. Baca entri selengkapnya »
Ditulis oleh Titah
Ditulis oleh Titah
Ditulis oleh Titah