Perpustakaan Reksapustaka duweke Pura Mangkunagaran ing Surakarta kena diarani nganti saiki tetep madeg lestari, kanthi koleksi buku kuna ora kurang saka 10.000 buku. Madeg ing taun 1867 jaman sugenge KGPAA Mangkunagara IV, perpustakaan iki mapan ana gedhong dhuwur sawetane pendhapa ageng Pura Mangkunagaran, awor karo kantor utawa bebadan liyane kayadene Kantor Wedana Satriya, Kantor Reksa Budaya, lan liya-liyane. Baca entri selengkapnya »
Aksara Jawa Lan Perang Dunia
7 Juni, 2006Aksara Jawa mono, manut dongengane, mula bukane saka paraga kang asma Aji Saka, asale saka tanah Hindustan. Ewa samono Dr. Purwadi, MHum ing buku Asal Mula Tanah Jawa, nulis yen ana dedongengan liya ngenani aksara Jawa iki, yaiku asale saka Dewa Panyarikan kang memba sawijining brahmana, aran Brahmana Srita. Tumurun saka kahyangan menyang tanah Hindustan kang sabanjure tumuju Tanah Jawa. Tindake menyang Tanah Jawa kakanthen dening brahmana cacah wolu. Ing Jawa para brahmana mau mulangake tulisan Jawa. Baca entri selengkapnya »
Kue Leker, Crepe Jawa
7 Juni, 2006Jajanan sing jaman kepungkur tau kondhang lan saiki wis arang ditemoni yakuwi kuwe leker. Kaya srabi sing dilempit ananging pinggirane kripik tipis. Saiki sing ana mung kutha-kutha gedhe Jakarta, Sala, Jogja, Semarang, lan Surabaya. Baca entri selengkapnya »
Ditulis oleh Titah
Ditulis oleh Titah
Ditulis oleh Titah