Merapi Lagi Mbobot Sepuh

Lindhu ing DIY lan Jateng dhek Setu 27 Mei 2006, sadurunge wis diramal dening Gusti Pangeran Haryo Suryo Wicaksono (Mas Ninok), kanthi sebutan “bakal ana layon agung”. Ana apa sabenere? JB nlesih marang Mas Ninok, putrane Susuhunan Pakubuwana XII saka Kraton Sala.

JB: Merapi ora sida njeblug, ujug-ujug masyarakat DIY lan Jateng kena lindhu sing dahsyat. Apa Nyai Rara Kidul lagi ngamuk?

Mas Ninok: Kedadeyan iki lagi miwiti. Gunung Merapi durung bar, sasi Juni nganti tanggal 15 masa kritis. Miturut mitologi, Merapi kuwi pakubumining tanah Jawa, yen ana gejolak berarti wong Jawa perlu introspeksi. Merapi saiki lagi “mbobot sepuh”, artine lagi ngenteni klimaks bledhosane. Aku melu belasungkawa marang pendhudhuk sing kena musibah lindhu. Muga-muga pinaringan iman sing kuwat.

Ngati-ati ing fase jaman Kalatidha, kaya sing ditulis ana Serat Kalatidha: amenangi jaman edan, ewuh aya ing pambudi, lst. Gung liwang-liwung ing lelimengan, kraosipun namung kebak dosa tuwin tintrim ing asepi, mugi pinaringan pangapunten sedaya kalepatan kawula Jawi.

JB: Apa kedadeyan iki kang panjenengan maksud layon agung kuwi?

Mas Ninok: Layon agung ngono bisa ditegesi sedane wong agung, bisa uga ditinjau saka cacahe. Musibah iki penget supaya bangsa iki luwih nyedhak menyang Gusti Kang Murbeng Jagat, kudu bisa njupuk hikmahe, lan tansah nyuwun pangayoman-E.

JB: Apa dosane bangsa kita?

Mas Ninok: Dosane bangsa iki ora kompak. Golek benere dhewe-dhewe. Musibah-musibah iki supaya didadekake pelajaran yen kita kabeh kudu tansah eling marang Gusti, lan waspada ing satindak-tanduke.

JB: Apa bakal ana musibah maneh?

Mas Ninok: Dideleng saka mitologi Jawa, yen ana musibah tiba dina Setu bakal ana musibah sing bakal nyusul. Kita kabeh kudu ndedonga supaya ora nganti kedadeyan temenan.

JB: Kanggo nangkal musibah, piye carane?

Mas Ninok: Sing akeh ndedonga sebab bakal akeh musibah maneh. Yen kuwat dongane muga-muga kita ora sampek kena musibah kuwi. Sebab kedadeyan lindhu iki tiba dina Setu lan akeh sing tilar donya. Biasane kaya ana sing narik. Artine arep ana musibah maneh sing nyebabake kematian. Mulane kita kudu bali nyang kiblat. Sing Islam kudu ndedonga sing bener klawan cara Islam. Sing Kristen ya cara Kristen sing bener, sing Kejawen ya semono uga, lan liya-liyane.

Ature: Endang Irowati
JB 41/LX, 11-17 Juni 2006

Tinggalkan Balasan