Katresnan kuwi mulya. Dudu barang sepele. Mangkono wewarah kang bisa kita jupuk saka lelakone Dewi Ambika, putrane Prabu Darmamuka, narendra ing Giyantipura. Kadhung nibakake tresnane marang Dewabrata, kok satriya iku arep ninggal mlayu. Mesthi wae ora trima, nganti kapan wae Ambika nedya nagih kesaguhane Dewabata. Baca entri selengkapnya »
Mangsa Tanem
28 Juni, 2006Sanajan manungsa dereng saged ngowahi mangsa kajawi ing salebetipun wates ingkang katamtokaken (upami adamel jawah damelan), nanging sampun saged nata tata tanem ingkang cocog kaliyan mangsa ingkang wonten. Pancen radi ewet manawi badhe ngawontenaken garis ingkang tegas ing babagan ulah tetanen. Pramila wonten saenipun manawi kita nambah seserepan bab mangsa lan kawontenan siti. Kangge nyekapi katerangan ing nginggil, kula cobi ngaturaken taneman punapa ta ingkang cocog kaliyan mangsa ingkang sampun nate kaserat, nanging namung winates ing babagan pantun, kacang-kacangan, pala kependhem, sarta sayur-sayuran. Baca entri selengkapnya »
Sintren
28 Juni, 2006Sintren iku salah sijine kesenian rakyat kang mekar ing Indramayu lan Cirebon. Saperangan ana sing ngarani ronggeng buyung (ronggeng=joged, buyung=bocah). Pancen sintren iki pemaine kudu prawan kencur sing durung nggarapsari. Saiki kesenian iki uga ana ing Jawa Tengah, wiwit Brebes, Tegal, Pemalang, nganti Batang, lan ngidul tekan Cilacap. Malah dhisik ing Blora uga tau ana. Baca entri selengkapnya »
Ditya Kala Marica
28 Juni, 2006DITYA Kala Marica iku abdi kinasihe Prabu Dasamuka. Wujude buta lemu, nanging praene rada ana mempere karo Buta Cakil. Lire, matane mata kriyipan, tutuke mrenges, untune lancip-lancip kaya parang curi, siyunge modot sagedhang emas ngrenggani pojok tutuke kiwa lan tengen. Untune sing ngarep iya nyongat kaya Cakil. Rambute gimbal, diore tumumpang pundhak kiwa lan tengen. Wetenge mlenthus. Baca entri selengkapnya »
Panca Wewarah
28 Juni, 2006
Wewarah Jawa kang adiluhung asring karacik awujud tembang kang edi peni. Kejaba minangka karya sastra kang endah, kanthi wujud tembang bisa luwih rumesep ing ati. Minangka conto, Serat Kalatidha karyane pujangga agung RNg Ranggawarsita (1802-1874 M) diracik wujud tembang Sinom, dumadi saka sapupuh pambuka lan 12 pupuh isine. Pupuh kapitu Serat Kalatidha iki, katelah ‘Zaman Edan’. Baca entri selengkapnya »
Terapi Ion Ora Bisa Ngetokake Racun!
28 Juni, 2006Apa panjenengan wis tau melu terapi ion? Tumindake terapi iki kanthi ngekum sikile pasien ing jero bak isi banyu, kang banjur diwenehi arus listrik. Jare, gunane kanggo ngetokake racun saka jero awak liwat sikil (detoksifikasi). Sawise udakara setengah jam, banyu ing bak kang maune bening malih buthek, munthuk, utawa malih wernane, jare merga racun sing metu saka jero awak. Baca entri selengkapnya »
Lapindo Ngebor Kraton Jenggala?
27 Juni, 2006
Senajan ora ana kurban nyawa, ning musibah sing disebabake mbludage endhut saka sumur pengeborane PT Lapindo Brantas, Sidoarjo, nuwuhake kapitunan gedhe tumrap masyarakat. Omah sing wis dibangun apik ujug-ujug rusak keluberan endhut. Akibate 4.000 pendhudhuk saka patang desa ing wewengkon Kecamatan Porong, Kabupaten Sidoarjo, Jatim diungsekake. Akeh warga sing kelangan penggawean. Kena penyakit lan uripe ora tentrem. Baca entri selengkapnya »
Sawunggaling, Sapa Kuwi?
14 Juni, 2006Sing rumangsa dadi wong Surabaya mesthine kenal karo Sawunggaling, pahlawan Surabaya kang tansah nglawan Landa. Pesareyane ing Jl. Lidah Wetan Gang III, Kecamatan Lakarsantri Surabaya dikramatake, ning emane, ora ana cathetan sing cetha sapa sejatine dheweke kuwi. Baca entri selengkapnya »
Nresnani Basa Ibu
14 Juni, 2006Saking tresnane marang basa ibu (basa negarane), Presiden Prancis Jacques Chirac kepeksa walk out, ninggalake Pertemuan Tingkat Tinggi Uni Eropa (UE). Soale, Ketua UICE (Federasi Pengusaha Eropa), Ernest Antoine Seilliere, pidhatone nganggo basa Inggris. Mangka Seilliere kuwi wong Prancis, kok milih pidhato ora nganggo basa ibune. Kuwi sing marahi Chirac ora sarujuk. Baca entri selengkapnya »
Cak Kandar, Ora Manut Isme-Isme
14 Juni, 2006Apa sesambungane pelukis karo pasien rumah sakit jiwa? Mbokmanawa sabrebetan pancen ora ana. Mung wae, ana panemu kang ndeleng saka sudut ilmu psikologi, “seni” bisa digunakake minangka salah sijine “terapi penyembuhan”. Kanggo mbuktekake iki, ing dina Senen 12 Mei 2006, Cak Kandar, salah sijining pelukis Surabaya sing wis hijrah menyang Jakarta, blusukan ing Rumah Sakit Jiwa (RSJ) Menur, Surabaya, saperlu ngajari nglukis pasien ing kana. Baca entri selengkapnya »
Transliterator Reksapustaka, Seneng lan Ikhlas
7 Juni, 2006Perpustakaan Reksapustaka duweke Pura Mangkunagaran ing Surakarta kena diarani nganti saiki tetep madeg lestari, kanthi koleksi buku kuna ora kurang saka 10.000 buku. Madeg ing taun 1867 jaman sugenge KGPAA Mangkunagara IV, perpustakaan iki mapan ana gedhong dhuwur sawetane pendhapa ageng Pura Mangkunagaran, awor karo kantor utawa bebadan liyane kayadene Kantor Wedana Satriya, Kantor Reksa Budaya, lan liya-liyane. Baca entri selengkapnya »
Aksara Jawa Lan Perang Dunia
7 Juni, 2006Aksara Jawa mono, manut dongengane, mula bukane saka paraga kang asma Aji Saka, asale saka tanah Hindustan. Ewa samono Dr. Purwadi, MHum ing buku Asal Mula Tanah Jawa, nulis yen ana dedongengan liya ngenani aksara Jawa iki, yaiku asale saka Dewa Panyarikan kang memba sawijining brahmana, aran Brahmana Srita. Tumurun saka kahyangan menyang tanah Hindustan kang sabanjure tumuju Tanah Jawa. Tindake menyang Tanah Jawa kakanthen dening brahmana cacah wolu. Ing Jawa para brahmana mau mulangake tulisan Jawa. Baca entri selengkapnya »
Kue Leker, Crepe Jawa
7 Juni, 2006Jajanan sing jaman kepungkur tau kondhang lan saiki wis arang ditemoni yakuwi kuwe leker. Kaya srabi sing dilempit ananging pinggirane kripik tipis. Saiki sing ana mung kutha-kutha gedhe Jakarta, Sala, Jogja, Semarang, lan Surabaya. Baca entri selengkapnya »
Merapi Lagi Mbobot Sepuh
3 Juni, 2006Lindhu ing DIY lan Jateng dhek Setu 27 Mei 2006, sadurunge wis diramal dening Gusti Pangeran Haryo Suryo Wicaksono (Mas Ninok), kanthi sebutan “bakal ana layon agung”. Ana apa sabenere? JB nlesih marang Mas Ninok, putrane Susuhunan Pakubuwana XII saka Kraton Sala. Baca entri selengkapnya »
Mangsa Sawutuhe Dadi Manungsa
3 Juni, 2006Kalamangsane pancen ana, wong –pegawe apadene pejabat—kang wedi menawa ngancik mangsa pensiun. Wedi yen bakal kelangan panguwasa, utawa pengasilan kang maune gemrojog bakal kari ithir-ithir utawa malah ilang. Wose ngancik jagad pensiunan mono kaya-kaya mlebu luweng kang peteng. Jagade wong buwangan. Ora ngerti maneh apa kang bakal ditindakake. Baca entri selengkapnya »
Rujak Curek Dikrokoti
3 Juni, 2006Yen mlaku-mlaku menyang Sumenep (Madura) akeh pemandangan sing bisa dideleng. Ana Kraton Sumenep, pesareyan raja-raja Sumenep Astana Siti Inggil, uga pantai Lombang sing endah. Aja lali ngincipi masakan khase sing neng kutha liyane ora ana.Salah siji panganan khas Sumenep sing wis suwe disenengi wargane yaiku rujak curek. Baca entri selengkapnya »
Ditulis oleh Titah
Ditulis oleh Titah
Ditulis oleh Titah