Kaping Telu Menangi Pangubure Ratu Ngayogyakarta

29 Maret, 2006

Tekan seprene durung ana jurukunci Pajimatan Imogiri kang umure ngluwihi Mbah Wedono Jagatrenggana, abdidalem Astana Kasuwargan Ngayogyakarta. Miturut pengakuane umure saiki wis 103 taun. Putrane enem, putune 23, lan buyute 19. Sisihane wis umur 100 taun, isih aktif nyambutgawe ana kebon lan pawon.

Mbah Jaga kandha, ora ana resep khusus kanggo njaga umur dawa. Sing disiriki ngombe lan mangan panganan panas utawa anyep (es). Ora mangan daging, luwih-luwih daging wedhus.

Mbah Jaga sing omahe ana ing desa salore makam seniman (Saptohudoyo) iki seminggu ping pindho sowan caos ana makam Kasuwargan kanthi mlaku tekenan. Dhek isih enom biyen seneng pasa lan kerep turu ana makame para ratu. Kandhane, laku kaya ngono iku sing marakake dheweke awet urip.

“Aku tau nyekseni pangubure ratu telu, yaiku Ingkang Sinuwun Hamengku Buwana VII, kaping VIII, lan sing pungkasan iki sing kaping IX,” Mbah Jaga miwiti crita. ”Sing pungkasan iki mula luar biasa. Sing ngeterake tekan pasareyan ewon cacahe, klebu wong-wong manca. Kabeh padha matuhi peraturan makam, yaiku ngagem klambi pranakan, jarikan, lan blangkonan. Rupane lucu-lucu. Sing kaping sanga iki mula onjo dhewe. Pethine wae gedhe lan abot banget, bobote udakara patang kwintal. Sing nggotong wiwit undhag-undhagan sepisan nganti tekan dhuwur saliyane para abdidalem uga para prajurit RPKAD (Kopassus). Sing nguntapake kurang luwih ana wong rong yuta.”

Mbah Jaga uga kandha tau nyekseni pembangunan Astana Saptarengga, pasareyan ratu kang wetan dhewe. Dheweke ora ngira yen jurang sawetane astana Besiyaran sing maune jurang jero banget kurang luwih 50 meter lha kok bisa ditableg. Sadhuwure diyasani kraton. Ing lempeng jurang kuwi biyen ana guwane sing critane tau kanggo tapa Kyai Senthong (Kyai Ageng Giring III). Pembangunane Saptarengga iki mula suwe banget, pitung taun lawase wiwit taun 1902.

KPH Mandakusuma nate ngendika menawa ragade pembangunan astana kasebut luwih saka 200 ewu gulden. Urugan pasir ditekakake saka Kali Opak. Kabeh payoning bangsal nganggo watu lei (sabak) sing wektu semana uga ora murah. Kabeh gaweyan mau dipandhegani Raden Riya Prawirayuda, abdidalem Wedana Jurukunci. Sanadyan panjenengane ora nate sinau sekolah arsitek bangunan, nanging asil karyane gawe gawoke insinyur-insinyur Landa.

Ratu sepisanan kang sumare ana Saptarengga ya Ingkang Sinuwun Kangjeng Sultan Hamengku Buwana VII kang seda ana kraton Ambarrukma (30 Desember 1921). Sabanjure Ingkang Sinuwun kaping VIII, lan sing pungkasan kaping IX taun 1988.

Mbah Jaga ora ngerti apa Ingkang Sinuwun kaping X iki uga arep yasa astana kaya eyang-eyange biyen. Ndahiba prabeyane bakal entek pira menawa yasa kraton kanggo pasareyan maneh.

Ature: Suwarsono L.
JB 31/LX, 2 April – 8 April 2006


Rara Mendut-Pranacitra Iku Dongeng Apa Nyata

29 Maret, 2006

Dongeng Rara Mendut-Pranacitra tekan seprene isih dadi lakon kethoprak sing nengsemake. Sing dadi pitakone wong akeh, lelakon sing mirip Romeo-Juliet iku kedadeyan tenan apa mung khayalane para pujangga jaman Mataram Sultan Agungan?

Ana kang kandha jare iku mung dongeng sanepan. Kedadeyane nyata nanging para paragane digawe wadi (jalaran Rara Mendut lan Pranacitra iku isih krabat ratu). Pak Iman Sobro, jurukunci kuburane Rara Mendut ing Gandhu, Sendhangtirta, Berbah, nalika sugenge uga ngendika menawa panjenengane ora percaya yen Rara Mendut iku mung wong pidak pedarakan (wong cilik). Mesthi isih trahe ratu.

Ana maneh kang duwe panduga menawa Rara Mendut iku mula ana tenan, dadi selire Tumenggung Wiraguna. Dene kang aran Pranacitra iku mung jeneng silihan. Tenane bedhangane Rara Mendut iku putra mahkota kang ing tembe dadi Amangkurat Agung (Seda Tegalarum). Dene kang dikubur bareng Rara Mendut iku abdine putra raja mau. Ana babad mula dicritakake nalika putra mahkota kuwi njupuk selire Wiraguna, kabeh abdine diukum pati. Putra mahkota iki dibuwang menyang Alas Lipura. Kanggo nutupi lingseme Kangjeng Sultan Agung, jenazahe Rara Mendut dikantheni abdine putra mahkota.

Sing marakake kodhenge para ahli sejarah, kok makame Rara Mendut iku ana telu. Sing siji ing Gandhu, sijine ana Kajor Wetan, Kelurahan Selapamiara, Imogiri, sijine maneh ana Desa Blambangan, Kelurahan Jagatirta Berbah, Sleman. Sing aneh maneh, sadurunge dilarang ing taun 1965, pejiarah sing kepingin kasil panyuwune kudu nindakake saresmi (hubungan sex) karo pasangan sing dudu muhrime. Kapercayan iku anane mung ing makam Gandhu.

Makam tetelune duwe dongeng turun-tumurum sing meh padha. Yaiku sabubare Pati ditelukake (taun 1627) Tumenggung Wiraguna oleh putri boyongan ayu rupane, jenenge Rara Mendut. Kanggo ngisi wektune garwa selir tumenggung iki diwenehi kebebasan dodol rokok “ndika” (rokok sampeyan).

Ndilalah ana jaka bagus kang senengane dolan-dolan tanpa tujuwan. Ing dalem katumenggungan weruh Rara Mendut sanalika “jatuh cinta”. Wong loro mau padha pepasihan. Nuju sawijine dina kekarone duwe tekad mlayu saka katumenggungan. Playune mengidul. Lagi arep nyabrang Kali Oya ing Desa Dogongan ketungka tekane prajurite Wiraguna. Wong loro banjur diaturake marang Wiraguna.

Saiba dukane senapati kang wis tuwuk kridhaning perang iki. Masiya Pranacitra wis nyuwun ngapura lan ndheprok ana sikile Wiraguna, nanging ora bisa nyabarake atine. Pranacitra dikon lunga. Lagi entuk rong jangkah Wiraguna kelingan yen harga dirine disewiyah. Pranacitra disuduk saka buri tembus dhadha. Rara Mendut kang nyekseni kedadeyan iki banjur nubruk kekasihe. Ora wurung keris kang tembus jajane Pranacitra uga nyubles dhadhane Rara Mendut. Sakala padha uga palastra.

Kangjeng Sultan Agung nalika midhanget prastawa iki banget trenyuhe. Panjenengane banjur dhawuh supaya kekarone dikubur ana bumi gadhuhan tunggal saluwang. Kuburan Gandhu iki saiki dijaga karo Pak Bachroen (65), pensiunan guru SMP Muhammadiyah Putri Ngayogya. Makam iki sanadyan terbuka siang malam nanging ora kena diinepi. Nitik saka tilase kembang lan bakaran menyan, makam Gandhu iki kerep disambangi peziarah. Sing akeh, asale saka jaba Yogyakarta.

Ature: Suwarsono L.
JB 31/LX, 2 April – April 2006


Basa Jawa Tau Dadi Basa Modern

29 Maret, 2006

Tokoh sastra Jawa Suparto Brata ngakoni wong sing bisa maca lan nulis nganggo Basa Jawa saiki saya kurang. Sebabe, Basa Jawa wis ora dadi basa tulisan maneh. Pathokaning Basa Jawa dadi ora baku, banjur ilang tanpa cathetan. Sing dadi panutan Basa Jawa kari basa pocapan, siji lan sijine ora padha, gumantung saka pangrungu. Apa maneh yen sing dadi panutan kuwi seje-seje.

Pathokane basa dadi owah gingsir. Generasi putu wis ora kaya generasi embah. Bisa bae embahe biyen ngerteni tembung Jawa cacah 600 tembung. Tiba ing generasi putu kari 400 tembung. Upama si bapak isih bisa muni “boten”, nanging putune ora bisa maneh ngucap “boten”, tembung sing dingerteni kari “ora”.

Ing taun 1960 nalika cacahe wong Indonesia 60 yuta, wong sing ngomong Jawa udakara 35 yuta. Tembung Jawa sing dienggo padinan udakara 2.000 tembung. Taun 1980 wong sing ngomong Jawa watara 60 yuta, ning tembung Jawa sing dienggo padinan mung udakara 400 tembung. Tembung-tembunge, unggah-ungguh lan paramasastrane wis padha owah.

Suparto Brata olehe kandha ngono kuwi ing sarasehan sastra lan basa Jawa sing diadani dening Taman Budaya Jawa Tengah ing Surakarta Juni 1993. Manut pengalamane Suparto Brata, ing taun 1960 ana sawijining majalah Basa Jawa sing tiras/oplage bisa ngancik 80.000 nganti 120.000 eksemplar. Mangka wektu kuwi racake penerbitan layang kabar/majalah Basa Indonesia mung watara 7.000 nganti 10.000 eksemplar. Paling top 20.000 eksemplar. Apa maneh taun 1950-1956, koran Basa Walanda oleh terbit ing Indonesia. Koran-koran ing Surabaya, Semarang, Bandung pasarane kasedhot koran-koran basa Walanda kuwi, sing tirase bisa ngancik 20.000 eksemplar. Nanging tirase majalah Basa Jawa nglancangi adoh banget nganti 120.000 eksemplar kaya kasebut ing ngarep.

Apa sebabe majalah Basa Jawa nalika kuwi bisa luwih narik kawigatene para maos tinimbang sing Basa Indonesia lan Walanda? Pak Parto ngarani nalika kuwi wong Jawa sing sugih lan kuwasa isih durung prigel ngasah lan ngudal pikiran nganggo Basa Indonesia. Tumrap wong-wong kuwi Basa Jawa luwih pepak lan luwih sreg kanggo medhar rasa lan pikiran tinimbang Basa Indonesia. Yen ana tembung Jawa sing ora trep kanggo ngudal pikiran, banjur enggal nyilih Basa Walanda.

Bareng tulisan Jawa kari mung diwulangake ing sekolahan nanging ora kanggo gawe ing bebrayan padinan, lan wong-wong wis pinter migunakake basa saliyane Basa Jawa, baka sethithik ora krasa yen basa dhaerah wis ora kopen maneh. Wektu kuwi swargi Bapak Roeslan Abdoelgani minangka Menteri Penerangan uga ngaku wis ora kulina nganggo basa dhaerah. Senajan asli Plampitan, Surabaya, Basa Jawa-ne grothal-grathul.

Basa Jawa diarani ora kopen dening Pak Suparto Brata awit wong Jawa ora gage nggunakake basa Jawa kanggo medhar pikiran-pikiran anyar, mbabar kemajuane jaman sarana nulis lan njarwakake buku-buku sastra, kawruh, lan teknologi marang Basa Jawa. Merga ora trampil Basa Jawa dadi kurang pepak, wagu minangka tulisan lan wacan. Para maos saya suda cacahe. Pers Jawa sing kulina ngladeni para maos sing setya kuwi kepeksa milih isi, kabar, informasi sing cocog karo ketrampilan basane para maos generasi anyar. Senajan sing caturan nganggo Basa Jawa saya akeh, nanging ora sinau sinau maca lan nulis nganggo Basa Jawa. Apa maneh tulisan Jawa, generasi anyar wis ora gelem nyinau sebab dianggep ora kanggo.

Bareng karo majune jaman lan tekane teknologi anyar sing mahanani bebrayan gupuh golek sandhang pangan, kabeh kaya wis ora kober maneh memaca sing ora ana gepok senggole karo pangupajiwa. Budaya maca klebu barang mewah lan angel kelakon kanggone wong Indonesia. Wong Indonesia modern luwih dhemen nampa ilmu, kawruh, kabar apa bae sarana ngrungokake radio utawa nonton televisi tinimbang maca.

Mangka tekan seprene iki, durung ana sing nandhingi ampuhe tulisan kanggo ngisi bobot menepe kawruh ing ati lan pikiran. Wegah maca nyebabake wong kalah maju karo wong sing dhemen maca.

Sejatine Basa Jawa ora mung dadi basa budaya, basa pocapan, basa rasa. Basa Jawa uga tau dadi basa modern mandhegani lan madhahi pikirane wong Jawa dadi maju. Sabanjure tumangkar lan lestarine basa Jawa kari gumantung marang wong Jawa dhewe. Arep digawe basa apa? Basa tulis, pers, basa tehnik, sakarepe. Arep diumbar ora kopen ya bisa bae. Nanging Pak Suparto Brata sing lair ing “jaman emas”-e sastra Jawa, kandha, basa Jawa ora bakal mati senajanta mung kari dadi basa pocapan.

Ature: Anie Soemarno
JB 31/LX, 2 April – 8 April 2006


Ikuti

Get every new post delivered to your Inbox.