16 Januari, 2007
Amarga perang Israel karo negara-negara Arab kaya tanpa kendhat, wong mesthi pengin weruh piye ta mula bukane Israel dadi musuh bebuyutane bangsa Arab. Pranyata kuwi kawiwitan saka taun 1000 SM (sadurunge Masehi).
Baca entri selengkapnya »
& Komentar |
Sejarah |
Permalink
Ditulis oleh Titah
16 Januari, 2007
“Lamun huwus kalah Nusantara isun amukti palapa; lamun kalah ring Gurun, ring Seran, ring Tanjungpura, ring Haru, ring Pahang, Dompo, ring Bali, Sunda, Palembang, Tumasik, samana isun amukti palapa.”
Iku Sumpah Nusantara utawa Sumpah Palapa den ucapke dening Mahapatih Gajah Mada. Dening Mr. M. Yamin ditegesi: Lamun Nusantara wis tundhuk; aku bakal leren (“istirahat”); yen Gurun (Lombok), Seran (Seram), Tanjungpura (Kalimantan), Haru (Sumatra Utara), Pahang (Malaya), Dompo, Bali, Sunda, Palembang=San-fo-ta’I, lan Tumasik (Singgapur), nalika iku “istirahat”.
Baca entri selengkapnya »
& Komentar |
Sejarah, Tokoh |
Permalink
Ditulis oleh Titah
14 September, 2006
Wis akeh wong sing ngerti menawa secang mono salah sawijining omben-omben sing bisa kanggo njaga kasarasan. Awak ora kepenak, rada masuk angin, yen diombeni wedang secang anget-anget bisa seger waras.
Baca entri selengkapnya »
& Komentar |
Jamu |
Permalink
Ditulis oleh Titah
14 September, 2006
Iwit si bajing sing manggon ing wit klapa pinggir dalan gedhe sedhih atine. Geneya? Sebab dheweke durung duwe pasedhiyan pangan senajan mung sethithik. Kamangka sedhela engkas wis mangsa rendheng.
Baca entri selengkapnya »
& Komentar |
Dongeng |
Permalink
Ditulis oleh Titah
8 Agustus, 2006
Mula banjur kandha, “He Pisaci upama aku bisa weruh bojomu aku ya saguh nggoleki lan nekakake mrene”.
Pisaci matur yen dheweke duwe lenga pranawa kang khasiate yen ditetesake ing mripat bisa weruh ing gaib lan yen ditetesake ing kuping bisa ngrungokake omongane bangsa lelembut.
Baca entri selengkapnya »
1 Komentar |
Campursari, Petung, Tradhisi |
Permalink
Ditulis oleh Titah
7 Agustus, 2006
Sing dikarepake BAB yaiku “buang air besar” utawa bebuwang. Wong sing ora lancar anggone bebuwang jenenge bebelen, sembelit, utawa istilah kedokterane konstipasi.
Yen normal saben dina wong mesthi bebuwang kanthi lancar, sethithike sepisan. Nanging ana kalane anggone bebuwang ora lancar, angel banget. Anggone ndhodhok neng WC meh sak jam meksa ora bisa bebuwang.
Baca entri selengkapnya »
& Komentar |
Campursari, Jamu |
Permalink
Ditulis oleh Titah
1 Agustus, 2006
Uwong yen wis darbe samubarang tur rumangsa digdaya kerep-kerepe banjur takabur. Semono uga Prabu Kalimantara, ratu saka nagara Nusantara utawa Cempaka Kawedhar iki. Wujude buta, sekti mandraguna. Isih enom, gegayuhane ngrabi widadari lan nguwasani tribawana.
Baca entri selengkapnya »
& Komentar |
Blencong, Campursari, Crita Wayang |
Permalink
Ditulis oleh Titah
1 Agustus, 2006
Bung Karno piyambak sejatine ora ngaku yen iku ramalan. Nanging ramalan apa nujum, Bung Karno ngetung, nganalisa, mungguh tan kena ora, sawijining dina Indonesia bakal uwal saka imperalis Walanda. Bung Karno ngendika ngono iku dhek taun 1929. Manut analisane Bung Karno, bakal kedadeyan perang gedhe sing diarani Perang Pasifik. Ing Samodra Pasifik, Lautan Teduh antarane benua Asia lan benua Amerika, samodra sing paling jembar, ing kana bakal kedadeyan perang gedhe antarane imperalis karo imperalis. Yen perang iku bener kelakon, ngendikane Bung Karno dhek taun 1929 kuwi, ing wektu kuwi Indonesia bakal mardika.
Baca entri selengkapnya »
1 Komentar |
Campursari, Sejarah, Tokoh |
Permalink
Ditulis oleh Titah
1 Agustus, 2006
Kanggo nggayuh supaya wong urip bisa “muksa” kaya kang diaturake ana JB No. 40/Minggu I/Juni/2006, syarat mutlak kang kudu dilakoni yaiku kudu cedhak karo Gusti Kang Murbeng Dumadi. Jalaran “muksa” iku tegese bisa mbalekake barang-barang silihan saka Gusti, utawa yen wong Islam ngarani marang Allah SWT.
Baca entri selengkapnya »
& Komentar |
Campursari, Olah Rasa |
Permalink
Ditulis oleh Titah
1 Agustus, 2006
Tumrape wong Jawa, kedhayohan kuwi padha karo nampa rejeki. Mula yen ana tamu ora tau nglirwakake gupuh, lungguh lan suguh. Sapa wae yen kedhayohan mesthi gupuh olehe mbagekake tamune, ngaturi lenggah, terus gawe wedang kanggo suguhan.
Baca entri selengkapnya »
Tidak ada komentar » |
Campursari, Unggah-Ungguh |
Permalink
Ditulis oleh Titah
1 Agustus, 2006
Tanduran iki asale saka manca nanging wis urip ing Indonesia wiwit jaman penjajahan biyen. Merga kembange apik, mula ditandur ing latar kanggo pasren. Wite cendhek wernane abang tuwa, godhonge lancip cawang telu, ana sing pinggire ringgik-ringgik ana sing alus. Kembange wernane abang, kaya woh, tengahe ana isine. Sejatine iki kelopak bunga. Iya kelopak bunga iki sing nduweni kasiyat njaga kasarasan lan metabolisme awak.
Baca entri selengkapnya »
& Komentar |
Campursari, Jamu |
Permalink
Ditulis oleh Titah
1 Agustus, 2006
KALA DITE
Kala Dite yaiku dina Dite kang lumrahe diarani dina Ahad miturut penanggalan Jawa lan yen miturut penanggalan Masehi diarani dina Minggu. Kala Dite kalebu dina kang perlu disingkiri, awit nalika iku lagi jaya-jayane Kala Sengkala lan Kala Singha. Tembung Singha iku sabenere jejuluke Bathara Kala. Nalika Kala Dite wong ing dalem kahanan mutawatiri, luwih-luwih wong kang lair wektu julung, awit nalika iku Bathara Kala lagi nggoleki manungsa kang dadi mangsane.
Baca entri selengkapnya »
Tidak ada komentar » |
Campursari, Petung |
Permalink
Ditulis oleh Titah